Anda di halaman 1dari 2

ASAL USULIPUN

DUSUN KARANGTENGAH
Rikala jaman rumiyin, wonten piyantun saking Yaman ingkang asmanipun Mbah
Kertawangi rawuh ing laladan kilen Lepen Tambra. Mbah Kertawangi punika utusan
saking Sultan Agung (Raja Mataram ing wekdal punika) supados mbabad alas wonten
mriku kangge mbikak satunggalipun dusun kaliyan nggethok tularaken agami islam.
Wonten ing mriku, lajeng Mbah Kertawangi mbangun padepokan ingkang dipun
wastani Glagah Wangi. Saking pangembangan grumbul punika, sengsaya dangu
sengsaya kathah warganipun.
Ing satunggalipun dinten, rikala wonten perang ing Mataram, Mbah Kertawangi
ngutus Mbah Reksanegara kaliyan Mbah Panghulu Panunggangan supados ndherek
perang mbela Mataram, amargi tiyang kekalih punika kalebat murid ingkang nggadhahi
kapinteran ugi kasekten. Lajeng ing dinten Setu Paing, Mbah Reksanegara kaliyan
Mbah Panghulu Panunggangan tindhak dhateng Tlatah Mataram kanthi nitih turangga.
Sadumuginipun ing Tlatah Mataram, piyantun kekalih punika niat badhe
kepanggih lan nyuwun pangestu dhateng Sultan Agung. Nanging, turangga ingkang
dipuntitih punika mboten purun wonten kesultanan, ananging purunipun teras tindhak
wonten papan peprangan. Pramila saking punika, piyantun kekalih punika teras mawon
tindhak dhateng papan peprangan kanthi mboten saged ngaturi priksa rumiyin kalih
Sultan Agung.
Sesampunipun saged angsal kemenangan ing paprang punika, Mbah
Reksanegara kaliyan Mbah Panghulu Panungganan lajeng sowan dhateng Sultan
Agung. Kedhatengan piyantun kekalih punika dipuntampi kanthi bingahing penggalih,
nanging Sultan Agung ugi radi kirang mranani penggalih, amargi saderengipun perang
tiyang kekalih punika mboten ngaturi priksa rumiyin dhateng Sultan Agung. Pramila
saking punika, Mbah Reksanegara pikantuk jabatan demang namung sayuswa jagung,
kinten-kinten sekawan sasi.
Rikala piyantun kekalih punika kondhur, lajeng Mbah Reksanegara nggantos
wastanipun Glagah Wangi kalih Dusun Karangtengah, amargi Mbah Reksanegara saged
dados demang namung sekawan sasi lan kedhah kendel ing tengah margi.
Sadherengipun tilar dunya, Mbah Reksanegara nggadhahi wasiat dene warga
Dusun Karangtengah mboten angsal nuladha piyambakipun. Kayadene lungan dinten
Setu Paing, ndamel griya Bale Malang, saha ngingah jaran pancal lan jago wiring galih.
Kejawi saking punika, Mbah Panghulu Panunggangan ugi nggadhahi pepeling
sadherengipun tilar dunya, dene wonten satunggalipun panggenan ing dusun punika
ingkang mboten angsal dipun dadosaken pesarean. Amargi ing mriku wonten pendeman

kewan-kewan siluman. Pramila saking punika, Mbah Panghulu Panunggangan ugi


kasebat Mbah Kandang Larang. Miturut cariyosipun tiyang sepuh rumiyin, kewankewan punika asring ketingal ing Sasi Mulud.
Dumugi sapunika, padepokan Glagah Wangi sampun dados papan pesarean ing
Dusun Karangtengah, Kecamatan Kertanegara, Kabupaten Purbalingga.
Dening : Khusnul Khotimah
Kelas

: XI AK 1

Abs.

: 15

Anda mungkin juga menyukai