Anda di halaman 1dari 6

PETENG

Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan, gegancangan, kekarepan iku kabeh


hamung wujud panyuwune jalma manungsa. Rikala ati ing sajroning ragane manungsa
nembe nggrantes, perih utawa nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes saka netra kiwa
apa dene tengen, kasuntak byah bebasan megung ing bumi. Kosok baline kalamangsane
pinaringan rejeki utawa kabungahan kang mbanyu mili, wus jamake girang gumuyune
para manungsa sinandhing ana ing kahanan alam donya iki.
Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah
amarga ana kang nggarisake. Jiwa ragane manungsa kagiring uga kaobahake dening
kang hakarya jagat. Dhokter umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti lan mbagasake
lelara, tangeh lamun nguripake jalma kang wus tilar donya.
Ing ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning aturku. Pangemut babagan kasunyatan
anane Pangeran kang nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT. Anggonku bebrayan
wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus pat belas taun. Ing semono taun,
tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi kaantu-antu, mbesuk kapan
bisa mecah sepining atiku sakloron, aku lan bojoku. Setaun yen anane dina 365, wus
bisa kaetung sepira dawane dina-dinaku ngetutake lurung-lurunging lelakon anggonku
urip. Ing semono taun iku, kalamangsane katiban bungah amarga katone bisa
reruntungan ngalor ngidul memantenan, amarga durung digondheli buntut. Ananging
kang nora kena kapaido, mesthine uga nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit
saka cilik utawa pacoban entheng nganti wujud prahara bebasan katerak angin lesus.
Ngenani babagan kahanan uripku kang bisa dak cuplikake, menawa bab
pasinaon kaya-kayane aku lan sisihanku nora kebangetan anggone ketinggalan. Ala-ala
senadyan rampung rada sauntara, aku kasil lulus kanthi titel sarjana S1. Apa maneh
sisihanku luwih komplet, anggone klumpuk-klumpuk kulakan titel, S1, akta IV, uga S2.
Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel uga trengginas anggone tumandang
samubarange tansah cukat.
Ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang awake dhewe, nanging
ya rada mrina yen diwastani ala. Kinanthi sangu pasinaon kang cukup, lumrahe nora
kabingungan menawa ngadhepi urip. Ananging kasunyatane urip mono dudu ilmu

matematika, yen loro tambah loro gunggunge papat. Urip sawijining ilmu kang nora
bakal kena kaduga, nora kena kajlentrehake, nora kena katebak babagan pungkasane
crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing madya isih pinaringan bungah, ing pungkasan
bisa wae kadunungan nelangsa.
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung,
niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban
ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut. Byuh mbuncah anggonku
nampa bebungah, byuh makcles garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh
mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake kabungahan atiku sakloron.
Harus istirahat total ya, bed rest! ngendikane dhokter, banget anggone wanti-wanti.
Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter rebutan anggonku sumaur.
Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing wetenge
bojoku. Emas gedhe kang kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti
tumekaning ngeremake netra.
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi
ngejak rerembugan karo bakal anake, Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta?
Apa selak kepingin ketemu karo Pake Buke?
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake
manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku
kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah. Cekake samubarang kudu diati-ati, banget
anggone ngati-ati, kabeh kaluwarga ngesokake sih katresnan.
Ngancik pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya tambah
cedhak

pangantu-antuning

pepinginan

momong

anak

bakal

kelakon.

Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi caesar wae
ya, amarga ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis sepuh, sing
pengalamane wis akeh ya Mas, panjaluke bojoku.
Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut, cekake sarwa iya, sarwa
manut.
Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah nglakoni
dina-dinaku. Apa maneh calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku wus
padha

katon

bungahe,

anggone

ngantu-antu

jumedhule

bakal

wayahe.

Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara tanggal

25 Maret. Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk bakal operasi caesar,
dhokter mertikelake bisa kaleksanan milih kawiwitan tanggal 11 Maret. Mathuk, operasi
katentokake ing tanggal 11 Maret. Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep
anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa
dhokter.
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange
katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup,
normal.
Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung, dhoktere ngendika.
Ya dokter, aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam
lima bojoku dak gugah saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara anggonku siap-siap,
jam enem sida budhal menyang ndhokteran. Jam pitu tumeka ing ndhokteran, banjur
ndaptarake cek laborat karo cek jantung. Asile kabeh normal apik nora nana kang kudu
di was sumelangi. Sawise perabot lapuran cek darah karo jantung rampung, aku
sakloron

leren

leyeh-leyeh

nyranti

rawuhe

dhokter

kandungan.

Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku
tinimbalan mlebu kamar priksan.
Selamat pagi dokter aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
Pagi silakan besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa 11?
Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter
Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus ayo kita lihat di
USG, dhoktere ndhawuhi bojoku munggah bed saperlu niti pirsa kahanan kandhungan.
Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh, sawise rata banjur
ditutul-tutul nganggo alate.
Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
Lho kok tidak ada denyut jantung Dheg, mak jenggirat aku njumbul.
Kringet adhem wiwit tumetes.
Dhoktere

katon

tansaya

tambah

bingung,

lan

pungkasane,

Bayinya

meninggal!
Glaaaarrrr. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh
peteng ndhedhet lelimengan.

UNSUR INSTRINSIK CERKAK PETENG

A. TEMA : BEBRAYAN
B. ALUR : MAJU
Paraga aku anggone bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga
wus 14 taun. Ing semono taun tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah
diimpi-impi diantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah sepining atine paraga aku lan
bojone.
14 taun wareg anggone paraga aku kesondhang-sandhung, niba-nangi nglakoni
critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihane
paraga aku katiti dening dokter positif ngandhut.
Wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsulyasi lan priksa menyang
dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dokter. Tanggal 10 Maret, paraga aku lan
bojone menyang kedokteran saperlu priksa. Nalika bojone paraga aku dipriksa,
dumadakan raine dokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
Doktere kandha yen ora ana denyut jantjng kang bisa dideteksi. Dheg, mak jenggirat
paraga aku jumbul. Keringet adhem wiwit tumetes.
Doktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane dokter kandha yen bayine
meninggal, glaarrr.... dumadakan peteng, peteng langite peteng panyawange paraga
aku.
C. LATAR :
1. Latar panggonan : Rumah Sakit
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki
Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan
priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.Tanggal 4
Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti
becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup,
normal.
Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung, dhoktere ngendika.
Ya dokter, aku sakloron rebutan sumaur maneh.
2. Latar Suasana
: Trenyuhake

Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki


Dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti
dening dhokter positif ngandhut. Byuh mbuncah anggonku nampa bebungah,
byuh makcles garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh mongkog,
bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake kabungahan atiku sakloron.
3. Latar wektu : Esuk
Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam
papatan. Jam lima bojoku dak gugah saperlu kareben cepak-cepak.
D. PENOKOHAN :
1. Aku : Sabar, pangerten
Bukti tokoh aku duwe watak sabar lan pangerten ana ing penggalan cerkak ing
ngisor iki
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung,
niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan
ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut.
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake
manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake,
mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah.
2. Bojoku : Penyayang
Bukti tokoh bojoku duwe watak penyayang ana ing penggalan cerkak ngisor
iki
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene
lagi ngejak rerembugan karo bakal anake, Dhik, aja nakal ya, kok mancalmancal ta? Apa selak kepingin ketemu karo Pake Buke?
3. Dokter : Ramah / sumeh
Bukti tokoh dokter duwe watak tegas lan bijaksana ana ing penggalan
cerkaking ngisor iki
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku
karo

bojoku

Selamat
Pagi

pagi

silakan

tinimbalan
dokter
besok

pagi

aku
jadi

mlebu

kamar

priksan.

sakloron

aruh-aruh

dhoktere.

operasi

ya?

Jam

berapa

11?

Terserah

dokter

saja,

silakan

jam

berapa

dokter

Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus ayo kita lihat di
USG,
E. SUDUT PANDANG : Wong kapisan, amarga tokoh utaman ana cerkak uga
penulis cerkak.
F. AMANAT : Kudu sabar anggone ngadepi cobaning urip.
G. GAYA BAHASA
Gaya bahasa ana cerkak PETENG migunakake basa Jawa ngoko kacampuran
basa Indonesia
Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange
katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani
cukup,

normal.

Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung, dhoktere ngendika.
Ya dokter, aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Uga migunakake tembung mbangetake
Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Glaaaarrrr. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh
peteng ndhedhet lelimengan.
http://ersitahandayani.blogspot.com/2013/09/cerkak-bahasa-jawa-unsurintrinsik.html

Anda mungkin juga menyukai