Anda di halaman 1dari 4

PIDATO NASEHAT PERNIKAHAN

.

:

.

Poro Bapak Kiyai, poro pini sepuh, poro tamu undangan ingkang kulo hormati, poro
hadirin, lan hadirot ingkang kulo hormati.
Sepindah kawulo muji syukur dateng ngarsanipun Alloh SWT ingkang sampung paring
rohmat, taufik shoho hidayah dateng kito sedoyo, sahinggo kito saget pepanggihan wonten ing
puniko majlis, dalam rangka menyambut hari kebahagiaan, utawi hari resepsi pernikahan
ingkang sanget keramat meniko
Mugi-mugi kerawuhan kito sedoyo meniko kalian Alloh dipun catet dados amal sholeh kito
sedoyo. Amien.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Ingkang kaping kalih mugiho rohmat tadzim dan salam bahagia Alloh tansah dipun
limpahaken dumateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW, soho poro ahli keluarga lan
sohabatipun.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Berbicara tentang nikah meniko sampun mboten terpandang asing di kalangan umat Islam.
Kranten menurut ajaran agama Islam, melaksanakaken nikah meniko dipun catat sebagai amal
ibadah. Sebab nikah meniko derek sunnahipun kanjeng Nabi, soho ngamalaken dawuhipun
kanjeng Nabi :

Ingkang artosipun :
Podo nikaho siro kabeh lan podo duweho keturunan siro kabeh, krono besuk ingsun ing dino
qiamat akeh-akehan umat lantaran siro kabeh
Shoho Islam didalam nikah meniko dados syarat syahipun nikah. Menurut Islam, nikah
boten dados syah kejawi mboten Islam. Dados kanti meniko saget kito simpulaken, bilih Islam
lan nikah, meniko merupakan hal ingkang selalu berhubungan, mboten kenging dipun pisahaken.
Sebab nikah di dalam Islam meniko dados amal ibadah. Dene Islam didalam nikah meniko,
dados syarat syahipun nikah.
Poro rawuh ingkang kulo hormat !
Salajengipun menurut sebagian Ulama, wonten ingkang jelasaken bilih tembung nikah
meniko asalipun tembung arab ingkang terdiri saking tigang huruf. Inggih meniko :
Huruf Nun, Huruf Kaf lan Huruf Ha (Nikah )ing tigang huruf kolowahu anggadahi
singkatan utawi anggadahi arti piyambak-piyambak. Nomer setunggal huruf Nun meniko
singkatan sangking kata Nimat, tegesipun tiang dados manten utawi tiang nikah meniko
ngraosaken nikmat lahir lan batin.
Nomer kaleh huruf Kaf, meniko singkatan saking kata Karomah utawi keramat. Tegesipun
dados manten meniko selalu dipun mulyaaken selalu keramat, sehinggo panggonan lenggahipun
meniko dipun utamaaken wonten ngajeng piyambak kados dene palenggahanipun raja lan
permaisuri.
Nomer tigo Huruf Haa meniko singkatan saking kata Hikayah. Ingkang artosipun cerito
tegesipun tiyang menawi sampun nikah, meniko maleh saget cerito-cerito kaleh garwanipun,
benten kaleh tiang taksih bujangan, menawi wonten kamar tilem piambek kleasak-klesik,
glimpang-glimpung, kaleh bantal guling, tapi menawi sampun nikah, yen teng kamar saget
cerito-cerito kaleh garwane
Poro rawuh ingkang kulo hormati !!

Kajawi saking meniko taksih wonten malih kewajiban-kewajiban ingkang kedah dipun
laksanaaken. Antara suami lan istri. Dene kewajibanupun tiang jaler sebagai suami, meniko
kedan mulang dumateng istrinipun ingkang sahe. Shoho perintah ngamalaken dawuh-dawuhipun
Alloh kados dene : puoso, sholat, sesuci, adus jinabat, lan sanesipun. Kranten tiang jaler meniko
ingkang bertanggung jawab dumateng tiang istri lan putro-putrinipun.
Alloh sampun dawuh wonten Al-Quran


Artosipun :
Bilih tiang jaler meniko ingkang jemenengi/mimpin dateng tiang estri
Dene kewajiban tiang estri dateng tiang jaler, ing antawisipun inggih meniko, menawi
dipun sawang ingkang jaler, kedah tansah bingahaken. Lan menawi dipun perintah kedah selalu
toat, utawi manut, selagi perintahipun kolo wahu mboten perkawis maksiat. Shoho menawi
dipun tinggal kesah ingkang jaler, tiang estri kedah selalu anjagi dirinipun (utawi badanipun) lan
njagi bandanipun, kados dawuhipun kanjeng Nabi, ingkang dipun riwayataken dening shohabat
Abi Hurairah, ingkang dawuhipun mekaten :



Ingkang artosipun :
Sak apik-apike wong wadon sing naliko siro sawang, deweke tansah bungahake marang siro,
lan naliko siro perintah tansah manut lan naliko siro tinggal lungo, tansah jaga awake lan
bondo siro
Porp Bapak poro Ibu kintenipun namung mekaten atur kawulo, lintu wekdal Insyaa Allah
saget dipun sambung malih.
Kupat lepet taline janur

Lepat luput tetep dadiho sedulur


Akhiripun sedoyo kelepatan kulo awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten.



Suka
Be the first to like this.

Anda mungkin juga menyukai