Anda di halaman 1dari 4

1

Tema: PELADOSSIPUN GUSTI INGKANG NGENER, BENER lan PENER


1. Salah satunggalipun pendeta sepuh ingkang kondang tilar donya. Nalika
badhe lumebut swarga dipun alang-alangi dening Malaikat Swarga.
Malaikat menika dangu pendeta:Pak Pendeta, panjenengan pareng
mlebet swarga bilih panjenengan saget ngempalaken 100 point... Pendeta
menika bingung lajeng nyuwun katrangan: kados pundi supados kula
saget pikantuk

100 point ?

Gampil,

ingkang kedah pak pendeta

tindhakaken inggih menika panjenengan nyariosaken sedaya kesaenan


panjenengan nalika gesang ing donya.
2. Pendeta menika lajeng ngemut-emut tumindhak sae menapa kemawon
ingkang sampun katindhakaken. . Kula menika bapak ingkang estu
ngorbanaken diri murih kasaenanipun anak kula. Pramila kula menika
bapak ingkang sae... Malaikat mangsuli:inggih panjenengan pikantuk 5
point...Pendeta menika kaget hah...??? namung 5 point ? Kula menika
sampun 50 tahun dados garwanipun semah kula lan kula mboten nate
selingkuh Malaikat mangsuli prayogi menika panjenengan pikantuk 7
point... Sepindah malih anggenipun kaget pendeta menika. Kula sampun
30 tahun dados pendeta, sampun damel program mboten kaetang lan kula
asring khotbah dateng pundi-pundi... Pak pendeta panjenengan pikantuk
2 point Lho kok langkung alit ? Malaikat menika mangsuli panjenengan
ingkang pirso...
3. Krana rumaos bilih sedaya kesaenan ingkang pinunjul mboten jangkepi
100 poin pendeta menika saweg lesu lan kanthi lirih dawuh:walah yen
mengkene kapan aku iso mlebu swarga yen ora krana sih mirmanipun
Gusti

Yesus...

Malikat

menika

lajeng

kanthi

bingah

dawuh :lha...panjenengan sak mangke mlebet swarga....


4. Sedherek kinasihipun Gusti Yesus, estunipun kathah tiyang Kristen ingkang
keblingering pemanggih tumrap peladosan. Awit kathah tiyang Kristen
ingkang

gadahi

pemanggih

bilih

peladosan

menika

sami

kaliyan

ngumpulaken point. Tumindhak sae menika sami kaliyan ngempalaken


point lan point menika dados karcisipun mlebet swarga. Krana dipun
anggep syarat mlebet swarga pramila tiyang sumedya tumindhak sae,

peladosan krana mburu swarga. Ketawisipun sae menika ananging boten


bener.
5. Ingkang bener inggih menika: (1 Korintus 7:35)
Bilih kita sedaya menika katimbalan dados abdinipun Gusti ingkang
kajibah mengku peladosan lan kedah nindhakaken kasaenan.
Krana kita menika abdinipun Gusti pramila arahipun sedaya ingkang kita
tindhakaken kedah katuju dumateng Gusti mboten kagem diri kita.
Krana sedaya tumindhak kita katuju dumateng Gusti pramila Gusti
piyambak ingkang bade nggatosaken diri kita.
6. Bilih peladosan, tumindhak sae menika katujuaken pados poin murih saget
mlebet swarga estunipun sedaya lelampahanipun gesang kita menika
anamung katuju kagem kita. Ingkang leres bilih sedaya lelampahan
gesang kita menika kedah tumuju kagem Gusti.
7. Gesang ingkang tumuju dumateng Gusti menika ingkang kawastanan
gesang ingkang BENER lan PENER. Lan tiyang ingkang gesang bener lan
pener ing ngarsanipun Gusti menika ingkang badhe saget mujudaken
timbalanipun Gusti. Ahli Toret wanci tiyang-tiyang ingkang bener ananging
boten pener anggenipun nindakaken dawuhipun Gusti krana ahli Toret
taksih kamomotan diri pribadi. Pramila anggenipun ngudipaya kawibawan
saran sandangan inggih menika rasukan, donya lan wicantenan ingkang
lamis. Bilih diri pribadi menika sampun dados momotanipun gesang
anggen mujudaken timbalanipun Gusti, estunipun daya lan yoninipun
gesang badhe sirna saking manungsa. Menapa ingkang dipun aturaken
benten kaliyan ingkang dipun tindhakaken. Saget mawon paring piwucal
ananging mboten saget nindhakaken piwucalipun menika.
8. Benten sanget kaliyan Gusti Yesus. Gusti Yesus paring piwucal lan
piwucalipun menika anggadahi kuwaos. Kuwaos piwucalipun Gusti Yesus
menika mboten krana kadigdayan lan kekiyatan supranatural ananging
krana piwucalipun menika estu bener lan menika pener (tepat) kagem
sedaya tiyang.

9. Estunipun tiyang ingkang mekaten menika tiyang ingkang kawastanan


nabinipun Gusti Allah. Awit nabinipun Allah tansah andap asor lan
sumedya mijilaken dawuhipun Gusti Allah sanes kersanipun pribadi.
Pramila wonten ing pangandaring Toret Gusti Allah paring dawuh bilih
wonten Pangandaring Toret 18: 18-20. Ananging bilih wonten tiyang
ingkang paring piwucal ananging boten saking dawuhipun Gusti tamtu
Gusti Allah bade nyedani (ay 20)
10.

Para kinasihipun Gusti, cetha lantaran dawuh menika kita saget sinau

bilih soksinten ingkang saget gesang BENER LAN PENER menika estunipun
tiyang ingkang tansah NGENER dumateng dawuhipun Gusti. Sanes ngener
pikajengipun piyambak
11.

Gesang kita menika gesang ingkang BENER lan PENER awit ingkang

mekaten menika mratandani bilih kita estu dados ABDINIPUN Gusti ALLAH.
12.

Kados pundi kuncinipun supados gesang ing ngarsanipun Gusti Allah

menika

saged

bener

lan pener

estunipun

kita

kedah

ngeneraken

dawuhipun Gusti. Wujudipun anggen kita ngeneraken dawuhipun Gusti


inggih menika bilih wonten gesang kita menika GESANG TANPA WAS
KUWATIR. GESANG TANPA WAS KUWATIR inggih menika kedah musataken
lelampahanipun kagem mbingahaken pihak sanes inggih menika Gusti
Allah lan brayatipun. Gesangipun kedah tumuju lelados Gusti mboten
saget dipun aling-alingi kaliyan menapa kemawon. Estunipun menika
mboten ananging sae tata tutur kita ananging ugi estu kita lampahi.
Kawibawan dalah panguwaos kita menika krana kita nindhakaken menapa
ingkang kita ucapaken. Ananging bilih tumindhak kita lan pocapan kita
benten estunipun menika gesang ingkang boten bener lan pener.
13.

Kocap kacarita wonten ing ara-ara samun wonten singa ingkang ganas

sanget. Saben wonten ingkang langkung panggenan mriku tamtu dipun


sirnakaken lan dipun pejahi dening singa. Salah satunggalpiun wekdak
singa menika mireng wonten tiyang ingkang sae sanget. Lajeng singa
menika mratobat lan matur mekaten:wiwit saiki aku ora kate mangan
manungsa sing diarani manungsa Kristen... Aku krungu yen wong kristen
kuwi apik-apik lan mulyakake Gusti Allah... Wonten sanes wekdal, singa
menika manggihi konco-kancanipun. Ketawis sanget bilih singa menika

nembe mangan tiyang. Lajeng konco-kancanipun sami ngolok-olok...Jare


wis tobat bro...lha kok saiki kumat maneh...opo maneh sing mbok pangan
iku kang wong Kristen ? Singa lanang menika mendel, ancen aku wis
tobat, sing ora tak pangan kan wong Kristen sing wis kondan apike...lha
mau ana wong liwat, tak ambet-ambet ora mambu blas kaapikane...lha jur
tak pangan lha kuwi perangan awake sing apik yo tak ingah kok...opo
perangan apike? Lha kae mung lambene wae.
14.

Kita katimbalan dados abdinipun Gusti Allah ingkang estu-estu bener

lan

pener

pramila

kasaenan

kita

kedah

jobo-jero

mboten

krana

ngempalaken poin awit kita sumedya ngeneraken dawuhipun Gusti. Amin.

Anda mungkin juga menyukai