Anda di halaman 1dari 7

Panglaris

Anyar ya mas nang kene, aku bola bali liwat kene lagi wae ngerti ana angkringan nang papan
kene?
Paimin sing lagi ndingkluk ngantuk-antuk mak jenggerat kaget. Sanajan isih sore nanging
thenguk-thenguk nunggu wong tuku ora teka-teka njalari ngantuk. Dadi dheweke kaget nalika
ana pawongan neng ngarep rahine lagi mangan cakar.
Ohhhh, nggih pak, nembe seminggu wonten mriki.
Kok sepi ngene mas. Iki, enak tenan iki cakare. Masak dhewe iki, Mas, pitakone karo ora leren
olehe ngrumuti cakar.
Masak piyambak, Pak.
Enak tenan iki mas, menawa akeh sing ngerti angkringanmu iki mesthi ramene. Cakar iki bisa
dadi jalaran ngramekake angkringanmu iki.
Niku rak cakar biasa tha Pak, cakar pithik. Sanes panglaris. Pundi saget ndadosake kathah
tiyang jajan mriki.
Maksudku kuwi ora ngono mas. Sinten asmane sampeyan?
Kula, Paimin, Pak.
Maksudku ora ngono, Mas Min. Cakar iki enak. Aku kawit cilik seneng mangan cakar amarga
mangane kudu telaten. Digrumuti siji-siji iki sikil pithik sing cilik-cilik iki. Merga sikil pithik
kuwi ujude kaya oyot wit-witan, ngendikane ibuku biyen, mengko menawa wis gedhe sikilku
bakal pengkuh. Kaya wit- witan kae. Janjane ora bener. Mung dhek jaman aku cilik, ibuku bisane
nukokake lawuh mung sikil pithik kaya ngene iki. Kuwi sebabe aku seneng mangan cakar nganti
umurku samene. Nganti aku dadi dosen saiki, isih seneng mangan cakar. Menawa arep nemu
cakar lungaku menyang akringan. Ngono, Mas Min, he he he, bapak kuwi mau cerita akeh-akeh
karo guyonan.
Paimin, seneng ngrungokake. Guneme bapak kuwi mau isi lan sajake wong pinter. Katon seka
nyandange lan tindak tandhuke.
Terus niku wau Pak, bab cakar sing dados panglaris niku wau. Cakare dinapakake, Pak? Napa
dijur alus terus disebarke sekitar mriki napa pripun?
Ha ha ha ha, bapake malah ngguyu seru. Paimin dadi bingung dhewe.
Ora ngono, Mas Min. Menawa mangkono kuwi mau panglaris jamane simbah-simbah. Saiki
wis bedha. Panglarise kudu nututi jaman, wangsulane bapake.

Saiki ngene wae, Mas. Panglaris sik tak omongke kuwi mau, bakal tak jlentrehake marang Mas
Min. Nanging ora sepisanan wengi iki. Tak omongke sethithik-sethitik ning lakonana. Mengko
tak jamin angkringanmu rame. Piye, saguh ora?
Terus mangkih kula mbayar pinten, Pak? pitakone Paimin.
Ha ha ha ha, bapake ngguyu maneh. Malah tambah seru. Katon bungah atine.
Ora perlu mbayar. Nanging sampeyan kudu manut lan saguh nglakoni.
Nggih pak, kula manut. Pokoke lantaran dodolan kula laris, kula manut Bapak!
Ya wis. Menawa sampeyan manut karo aku.
Bapak sing sajake wong apik trus pinter iku banjur aweh pitutur marang Paimin. Jare syarate
sing sepisanan kudu dilakoni Paimin, Paimin yen bakulan kudu rapi. Klambi dilebokake,
nganggo sepatu. Setlikanan. Sanajan sandhangane ora apik banget ora ngapa-ngapa. Waton
kabeh katon resik lan apik. Ora semrawut. Rambute kudu Klimis. Sing saiki rada dawa awul
awulan kuwi dipotong ndisik. Diminyaki. Minyak murahan ora ngapa-ngapa, sing penting kena
dienggo ngatur rambute.
Uwis ngono, tambah nganggo wewangen, men sing padha tuku ora semaput mambu kringet
kecut. Bakul angkringan kuwi cedhak karo geni, panas, njalari kringeten. Mengko menawa sing
tuku akeh, kudu mlaku rana rene. Ngeterke wedang lan liya-liyane, mengko nek ambumu kuwi
ora mbetahi, sing padha tuku bisa-bisa bubar kabeh. Kabeh kuwi mau men sing padha tuku nang
angkringan iki ora jijik karo bakule. Disawang kepenak lan nyenengake. Wong bakulan menawa
katon kusut tur mbeyeyet, ora sumringah, njalari males wong sing arep mampir. Menawa wis
kebacut mampir kapok.
Kuwi mau syarat sing sepisanan. Paimin sing kepingin mbuktekake panglarise bapake uga
semangat banget. Esuke, sandhangan sing arep dienggo mengko sore, dikumbah. Awan garing
banjur disetlika. Sepatune sing katon wus rada elek diresiki resik. Dilap nganggo banyu wis
dirasa cukup, wong dheweke ora duwe semir sepatu. Kabeh kuwi mau dicepakake, siap dienggo
mengko sore, Ngendikane bapake arep teka maneh. Arep menehi syarat panglaris liyane.
Bar magrib bapake teka maneh. Ora mung dhewekan. Bapake nggawa kanca. Wong loro. Paimin
seneng wae, merga saya akeh kanca-kancane bapak kuwi sing diajak moro, berarti dodolane
sansaya akeh sing payu. Paimin mesem.
Bapake teka meneng wae, langsung mangan cakar, anteng. Sajak nikmati olehe mangan. Sing
ndeleng kana kene malah kancane sing loro kuwi mau. Banjur malah ngajak tetakonan marang
Paimin. Suwe-suwe kok tekan anggone Paimin nyandhang. Sampeyan bakul nyentrik, Mas.
Walah-walah, lagi saiki aku ketemu karo bakul angkringan sing rapi kaya ngene, ya ora Mas
No, karo noleh kancane sing siji. Pawongan kuwi kok sajak ngoda. Paimin meneng wae. Arep
wangsulan kok ora ngerti kudu wangsulan apa, kepriye. Nyandhang kaya mangkana dheweke

wis krasa ora bebas. Rasane wagu, saknyatane ya apik. Mau dheweke sempat ngaca nalika liwat
omah sing kacane riben. Jebul kok dheweke kuwi bagus.
Ora, Mas, ora apa apa. Apik kok. Aku seneng ana bakul nyenengake disawang kaya sampeyan
niku. Resik, apik.
Paimin wangsulan semu mesem, niki rak kangge nampi panglaris saking Pak niku tho pak,
Paimin karo ngarahke dagune marang bapake sing lagi anteng mangan sate. Bapake meneng
wae. Kancane sing pitakonan karo Paimin kuwi mau mung ngguya ngguyu, noleh marang
bapake karo nepuk-nepuk pundhake.
Nalika bapake arep muleh, kancane wis mlaku ngadoh, dheweke nyedhaki Paiman. Apik mas,
seneng aku. Sampeyan wis manut. Saiki tak kandhani panglaris sawise sampeyan nglakoni sing
sepisan niku. Bapak kuwi mau banjur ngendika sethithik tapi diturut tenan karo Paimin, sebab
dheweke mikir, mesthi sesuk dheweke teka maneh, tur nggawa kanca.
Wiwit sesuk, menawa Paimin dodolan, kabeh kudu resik. Panganane, uga piring lan piranti
liyane.Ngendika mangkana bapake langsung lunga nyusul kanca-kancane. Eh mas, natane sing
apik, Wis karo mlaku, bapake isih merlokake noleh marang Paimin. Paimin mikir mbokmenawa
resik kuwi mau dienggo syarat kanggo nampa panglaris, dilakoni wae dening Paimin. Sesuke,
angkringane Paimin kinclong tenan. Kabeh barang resik. Ngature barang uga apik. Ora
semrawut. Rada wengi, bapake teka maneh nggawa kanca. Ora suwe disusul karo kancane sing
wingi, kancane kuwi mau ya nggawa kanca liya. Paimin seneng banget. Dodolane mesti cepet
enthek.
Bengi kuwi bapake ngendika maneh marang Paimin. Mas, Min, iki sesuk angkringanmu mesti
bakal rame. Mas Min mesti butuh papan sing luwih jembar. Mas Min pindah wae, kae rada
ngalor kana kae. Sisih kana kae lho, tembunge karo nduduhi panggon sing dikarepake. Papan
jembar kae sapunen, resikana. Sesuk, menawa dodolan karo nggawa klasa. Mengko klasane
digelar. dienggo lesehan sapa-sapa sing tuku nang kene. Bapake njelaske karepe marang
Paimin.
Sawise tetembungan sing miturut Paimin aji panglaris kuwi, bapake ora langsung melu kancakancane. Malah ngajak Paimin, dudu, dudu ngajak rembukan. Wong sing dingendikaake ora
ajeg. Ngalor ngidul ora ana judule. Dasar Paimin, dheweke ya ngrungokake, malah bisa cerita
akeh bab sabendinane lan pengalamane. Wong loro padha omong-omongan nganti suwe.
Sampeyan dasare grapyak kok, Mas Min, kuwi kudu Mas Min patrapake nang sapa wae sing
tuku nang kene. Kabeh sing tuku disapa. Menawa wis kenal, menawa teka takoni kabare. Uwis,
mung kuwi. Kabeh sing wis dilakoni karo Mas Min kawit tak omongi kae aja ditinggalke.
Diugemi terus, saklawase bebakulan, pituture bapake. Paimin manthuk-manthuk sinambi
mesam mesem, ning ora kumecap.
Terus kapan kula nampi panglarise, Pak? pitakone Paimin.

Bapake sajak kaget, banjur ngguyu kepingkel-pingkel. Nanging banjur bapake ngedika, Wis,
Mas Min, wis tak turunke. Panglaris iku mau ya kabeh sing tak omongke marang Mas Min, ya
kuwi kunci bebakulan.
setelah sekian lama , akhirnya bisa update kumpulan cerpen bahasa jawa kali saya akan tambah
satu koleksi lagi silahkan di baca:
"PETENG"
Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan, gegancangan, kekarepan iku kabeh hamung wujud
panyuwune jalma manungsa. Rikala ati ing sajroning ragane manungsa nembe nggrantes, perih
utawa nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes saka netra kiwa apa dene tengen, kasuntak byah
bebasan megung ing bumi. Kosok baline kalamangsane pinaringan rejeki utawa kabungahan
kang mbanyu mili, wus jamake girang gumuyune para manungsa sinandhing ana ing kahanan
alam donya iki.
Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah amarga ana kang
nggarisake. Jiwa ragane manungsa kagiring uga kaobahake dening kang hakarya jagat. Dhokter
umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti lan mbagasake lelara, tangeh lamun nguripake jalma
kang wus tilar donya.
Ing ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning aturku. Pangemut babagan kasunyatan anane Pangeran
kang nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT.
Anggonku bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus pat belas taun. Ing
semono taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi kaantu-antu, mbesuk
kapan bisa mecah sepining atiku sakloron, aku lan bojoku. Setaun yen anane dina 365, wus bisa
kaetung sepira dawane dina-dinaku ngetutake lurung-lurunging lelakon anggonku urip. Ing
semono taun iku, kalamangsane katiban bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul
memantenan, amarga durung digondheli buntut. Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga
nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit saka cilik utawa pacoban entheng nganti wujud
prahara bebasan katerak angin lesus.
Ngenani babagan kahanan uripku kang bisa dak cuplikake, menawa bab pasinaon kaya-kayane
aku lan sisihanku nora kebangetan anggone ketinggalan. Ala-ala senadyan rampung rada
sauntara, aku kasil lulus kanthi titel sarjana S1. Apa maneh sisihanku luwih komplet, anggone
klumpuk-klumpuk kulakan titel, S1, akta IV, uga S2. Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel
uga trengginas anggone tumandang samubarange tansah cukat.
Ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang awake dhewe, nanging ya rada mrina
yen diwastani ala. Kinanthi sangu pasinaon kang cukup, lumrahe nora kabingungan menawa
ngadhepi urip. Ananging kasunyatane urip mono dudu ilmu matematika, yen loro tambah loro
gunggunge papat. Urip sawijining ilmu kang nora bakal kena kaduga, nora kena kajlentrehake,
nora kena katebak babagan pungkasane crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing madya isih
pinaringan bungah, ing pungkasan bisa wae kadunungan nelangsa.
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi
nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti
dening dhokter positif ngandhut. Byuh mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh makcles
garinging telak katetes banyu saclegukan, byuh mongkog, bombong lan sapiturute tembung
kang nuduhake kabungahan atiku sakloron. Harus istirahat total ya, bed rest! ngendikane
dhokter, banget anggone wanti-wanti.

Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter rebutan anggonku sumaur.
Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing wetenge bojoku. Emas gedhe
kang kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti tumekaning ngeremake netra.
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan
karo bakal anake, Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta? Apa selak kepingin ketemu karo
Pake Buke?
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake manut. Pokoke
manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone
jumangkah kapapah. Cekake samubarang kudu diati-ati, banget anggone ngati-ati, kabeh
kaluwarga ngesokake sih katresnan.
Ngancik pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya tambah cedhak
pangantu-antuning pepinginan momong anak bakal kelakon.
Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi caesar wae ya,
amarga ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis sepuh, sing pengalamane wis
akeh ya Mas, panjaluke bojoku.
Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut, cekake sarwa iya, sarwa manut.
Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah nglakoni dina-dinaku. Apa
maneh calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku wus padha katon bungahe,
anggone ngantu-antu jumedhule bakal wayahe.
Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara tanggal 25 Maret.
Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk bakal operasi caesar, dhokter mertikelake bisa
kaleksanan milih kawiwitan tanggal 11 Maret. Mathuk, operasi katentokake ing tanggal 11
Maret. Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang
dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik,
normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung, dhoktere ngendika.
Ya dokter, aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku dak
gugah saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara anggonku siap-siap, jam enem sida budhal
menyang ndhokteran. Jam pitu tumeka ing ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek
jantung. Asile kabeh normal apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise perabot lapuran
cek darah karo jantung rampung, aku sakloron leren leyeh-leyeh nyranti rawuhe dhokter
kandungan.
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan
mlebu kamar priksan.
Selamat pagi dokter aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
Pagi silakan besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa 11?
Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter
Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus ayo kita lihat di USG, dhoktere
ndhawuhi bojoku munggah bed saperlu niti pirsa kahanan kandhungan.
Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh, sawise rata banjur ditutultutul nganggo alate.
Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
Lho kok tidak ada denyut jantung Dheg, mak jenggirat aku njumbul. Kringet adhem wiwit
tumetes.

Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, Bayinya meninggal!


Glaaaarrrr. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng
ndhedhet lelimengan.

"SUPOYO NGIRIT"
Glendhoh, wong sugih sing kondhang medhit ing salah sijining kampung pinggiran ing Kutha
Solo saiki kerep nesu karo rewange sing jenenge Klithuk. Prekarane sajane amung sepele.
Yakuwi prekara sogok untuk sing kanggo ngilangi sliliden ing untu sawuse rampung mangan.
Dina kuwi kaya biasane, Glendhoh muring-muring amarga meruhi sogok untuk sak wadhah sing
lagi esuk mau dituku ing supermarket wus entek gusis, amung kari wadhahe.
Glendhoh: ThukKlithuk. Mrenea!!
Klithuk: Wonten dhawuh punapa juragan.
Gledhoh: Karepmu kuwi kepriye ta! Yen tak kandhani mbok rungokake apa ora ta??
Klithuk: Lhahwonten punapa nggih? Kula kok mboten sumerep.
Glendhoh: Kowe ki pancen seneng gawe aku nesu. Coba eling-elingen. Aku wus kaping pira
ngandhani kowe, supaya ngirit nalika nganggo sogok untuk. Saben-saben mesthi mbok entekke.
Sajane caramu nganggo kuwi piye ta??
Klithuk: Ooo..nuwun sewu juragan. Makaten, untu kula punika nembe sakit. Wonten ingkang
krowok. Saben bibar nedha, mesthi kathah ingkang nyangkut. Mila, kula kathah ngangge sogok
untuk lan sasampunipun inggih kula buwang, Ngertos-ngertos isinipun sampun telas.
Glendhoh:Ning caramu ya aja ngono kuwi. Marai boros, ngerti po ra??
Klithuk: Inggih juragan, kula janji mboten nelasaken sogok untu malih.
Liya dina, Glendhoh sing lagi wae mulih saka kantor lan mlebu ruang tamu meruhi wadhah
sogok untune isih apik. Disawang tenanan, isine ya isih akeh, ora kaya adate. Glendhoh banjur
jupuk siji lan dianggo cuthik-cuthik untune.
Klithuk: Sugeng rawuh juragan.
Glendhoh: Eh Thuk. Aku seneng meruhi kahanan iki. Saiki kowe pinter dikandhani lan nurut
omonganku. Sogok untune isih akeh. Kayane kowe wus bisa ngirit anggone nganggo sogok untu.
Ora kaya sing mbiyen-mbiyen. Apa untumu wus mari? Ora krowok maneh?
Klithuk: Mboten juragan. Untu kula taksih krowok.
Glendhoh: Lhah? Dadine kowe ya isih prelu sogok untu? Terus, seprene iki nganggo apa? Kok
sogok untuk ing meja adate tak sawang isih wutuh?

Klithuk: Nggih taksih ngangge punika juragan. Namung sasampunipun ngangge kula
wangsulaken malih wonten wadhah. Supados ngirit.
Glendhoh: Lhah?? Dadine sing tak anggo iki sisamu??

Anda mungkin juga menyukai