Anda di halaman 1dari 3

Assalamu'alaikum Wr.Wb.

Alhamdulillahirobbil a 'alamin, wabihi nasta'inu 'ala umuriddunya waddin, wassolatu


wassalamu 'ala sayyidina mursalin, wa'ala alihi waashabihi ajma'in amma ba'du.
Para tamu ingkang kinurmatan.
Puji syukur kita aturaken dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring rahmat
lan hidayah dhumateng kita sedaya, satemah kita saged rawuh ing adicara aqiqah
putranipun Bapak Radyan Artha kaliyan Ibu Kintani kanthi sehat wal afiat.
Shalawat sarta salam ugi kita aturaken dhumateng junjungan kita, Nabi
Muhammad SAW. Mugi mugi kita sedaya saged pikantuk syafaat ing yaumil akhir.
Aamiin.
Para tamu undangan ingkang kula urmati.
Aqiqah menika, kalebet ing salah satunggaling syariat kangge umat Muslim.
Ingkang sampun dipuntuladhani saking Nabi Muhammad SAW, kagem kita sedaya Umat
Muslim. Hukum aqiqah inggih menika sunnah. Menawi bayi ingkang lair inggih menika
putri, dipunsyariatken mbeleh setunggal mendha. Menawi bayi ingkang lair nggih
menika kakung, kedhah mbeleh kalih mendha. Menawi dereng kiat setunggal mawon
ugi mboten menapa. Aqiqah menika salah satunggaling wujud rasa syukur dhumateng
Gusti ingkang Maha Kuwaos, lan uga donga supados anak ingkang nembe lair menika
saged dados anak ingkang shaleh, bekti marang wong tua, migunani marang bangsa,
negara, lan agama.
Para rawuh ingkang kula urmati
Mangga sesarengan kita donga kangge putranipun Bapak Radya Artha kaliyan
Ibu Kintani,







,







,







.













.



.












. . .












,

.


.


Matur nuwun, mugi mugi dongakita sedaya saged dipunijabah dening Allah SWT. Aamiin
Kula cekapi semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta klentunipun atur, kula
nyuwun pangapunten.
Billahitaufiq wal hidayah.
Wassalamu'alaikum Wr,Wb.

Sesorah minangka Ustadz ing adicara Aqiqah


Rizal Nandi Pradita
XII IPA 2
25

Anda mungkin juga menyukai