Anda di halaman 1dari 14

GEGURITAN

Pengertian

geguritan
Geguritan menurut kamus
yaikugeguritan iku uran uran utawa
karangan kang pinathok kaya
tembang,nanging guru gatra,guru
wilangan,lan guru lagu ora ajek,dene
miturut
subalidinata(1994:45)geguritan yaiku
iketaning basa kang memper syair.

Tengeran utawa ciri-ciri


Geguritan :
1. Cacahe gatra ora ajeg ( sithike
4 gatra )
2. Cacahing wanda padha
3. Tibaning swara runtut
4. Ngemu piwulang

Geguritan kapirang dadi 2 :


1. Geguritan gagrak anyar uga diarani
puisi jawa model anyar, ora kaiket
dening patokan kaya geguritan gagrak
lawas,Titikane gagrak anyar :
- Pilihan tembung kang mentes lan
ringkes
- Busananing basa (purwakanthi,
Dwipurwa, Dwiwasana, Seselan, lsp ).
- Wirama

2. Geguritan gagrak lawas Titikane


geguritan gagrak lawas :
- Dumadi saka 4 gatra /6 gatra / 8
gatra
- Cacahe wanda saben gatra padha
- Guru lagune padha
- Diwiwiti nganggo tembung sun
nggurit

Carane gawe geguritan


- Nemtokake topik geguritan. Topik
bisa pengalaman, gagasan, lamunan,
gegayuhan, katresnan, lsp.
- Milih tembung-tembung kanggo
nglairake gagasan.
- Wiwit nulis geguritan kanthi larik
baka larik.
- Geguritan digawe kanthi ringkes lan
mentes.
- Nliti geguritan sing wis ditulis,
didandani supaya luwih becik.

Unsur sajroning geguritan


Unsur unsur geguritan ing bahasa jawa,
Unsur kang kakandhut ing geguritan
yaiku unsur intrinsik. Kang kagolong
unsur intrinsik ing geguritan yaiku :
1. Tema
2. Citraan
3. Diksi
4. Gaya Bahasa
5. Latar

1. Tema
Mujudake gagasan pokok kang
disuguhake dening panganggit. Tuladha
tema yaiku: Ketuhanan, kemanusiaan,
patriotisme, demokrasi lan tema
keadilan sosial. Sawijining geguritan
terkadhang ngandhut kabeh tema mau,
jalaran geguritan pancen linuwih ing
makna.

2. Citraan
Gambaran angen angen utawa
imajinasi panganggit kang
kalairake liwat indra. Gambaran
angen angen iku ana kalane
kasil liwat indra pandeleng,
indra pangrungu, indra
pangecap, indra pangrasa, lan
indra pangganda.

3. Diksi
Pilihan tembung uga diarani Diksi,
kanggo ngasilake geguritan kang trep,
panganggit mesthi mikirake pilihan
tembung kang mathuk. Dene tembung
tembung kang digunakake ana kang
duwe teges lugu utawa apa anane
(denotatif), tembung kang duwe teges
entar utawa ora sabenere (konotatif),
gambaran utawa pralambang.

4. Gaya Bahasa
Liwat asil karyane panganggit uga
kepingin ngandharake rasa
pangrasane. Kanggo nggayuh
pepinginan kasebut, panganggit
mbudidaya kanthi milih tembung
tembung kang dironce saengga
mujudake ukara kang ngandhut
lelewaning basa utawa lumrah diarani
gaya bahasa.

Tuladha lelewaning bahasa


utawa gaya bahasa:
a. Personifikasi
Gaya bahasa personifikasi
mujudake tumindake
samubabrag kadidene
manungsa, bisa ngrasakake
bungah utawa seneng, gumuyu,
lumake, gegojegan, lan
sapanunggalane

b. Metafora
gaya bahasa metafora, minangka srana
tumaping panganggit kanggo mbudidaya
supaya para maos kanthi gamblang
anggone mbayangake gegambaran kang
kinandhut ing sajroning geguritan.
Mbandingake sawijining barang marang
barang liyane kang nduweni sifat padha.

c. Repetisi
gaya bahasa repetisi
digunakake dening panganggit
nalika kepingin njelasake
maksud ing sajroning geguritan,
kanthi mbolan mbaleni
tembung.

5. Latar
Latar kanggo ngambarake
panggonan, wektu, lan kahanan
kang bisa narik kawigaten kang
maca utawa ngrungokake
geguritan

Anda mungkin juga menyukai