Anda di halaman 1dari 1

DAVID CHEKAT J.

/XI MIA F/09

Assalamualaikum wr. wb
Bapak-bapak, ibu-ibu saha sadherek-sadherek ingkang kinurmatan
Innalillahi wainnailaihi rajiun
Kula minangka wakilipun para mitra kerja wonten SMA Harapan Bangsa, nderek
bela sungkawa dhateng ahli waris keluarga Bapak Sugi Raharjo ingkang tembe pikantuk
pacobaning Gusti kanthi konduripun Bapak Sugi Raharjo wonten ngayunaning pangeran
ingkang Maha kuwasa.
Salajengipun ingkang kita suwun arwahipun almarhum Bapak Sugi Raharjo
angsal berkah rahmating pangeran ingkang Maha agung. Pinaringan jembar kuburanipun
saha pinaringan pajar marginipun, saged dipunapunten sedaya kelepatan saha dosadosanipun.
Mugi-mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar pinaringan sabar, tawakal saha
pinaringan darmaning agesang wonten alam bebrayan. Mugi-mugi pinaringan manah
ikhlas mila saha narima ing takdir. Jer manungsa punika namung nampi punapa ingkang
dipunkersakaken pangeran. Manungsa menika namung titipaning pangeran ingkang
sawanci-wanci kapundhut. Kita sedaya namung sadremi nglampahi asumarah wonten
ngersanipun.
Wusana cekap semanten kemawon atur kula. Mbok bilih wonten klenta
klentunipun rembak kula ingkang kirang mranani kula tansah nyuwun agunging
pangaksami.
Wassalamualaikum wr. wb

Anda mungkin juga menyukai