Anda di halaman 1dari 10

Sumpah Palapa = Pasa Mutih?

“Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa; lamun kalah ring Gurun, ring
Seran, ring Tanjungpura, ring Haru, ring Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palembang,
Tumasik, samana isun amukti palapa.”

Iku Sumpah Nusantara utawa Sumpah Palapa den ucapke dening Mahapatih Gajah Mada.
Dening Mr. M. Yamin ditegesi: Lamun Nusantara wis tundhuk; aku bakal leren
(“istirahat”); yen Gurun (Lombok), Seran (Seram), Tanjungpura (Kalimantan), Haru
(Sumatra Utara), Pahang (Malaya), Dompo, Bali, Sunda, Palembang=San-fo-ta’I, lan
Tumasik (Singgapur), nalika iku “istirahat”.

Tembung amukti palapa dening Mr. M. Yamin ditegesi ngaso utawa istirahat (pensiun?).
Sajak-sajake para ahli sejarah durung sapanemu ngenani tegese palapa utawa “amukti
palapa”. Ana tembung Jawa sing cedhak banget karo tembung palapa, yaiku tembung
“plapah”. Manut bausastra W.J.S. Poerwadarminta 1939 plapah ditegesi (enggon-
enggonan) bumbu olah-olahan = bumbu pawon.

Enggon-enggonan mau sajake kalebu Tulungagung. Awit ing Pasar Wage Tulungagung
ana bango (los) sing ditulisi “plapah”. Tegese bango mau kanggo wong dodolan plapah.
Kamangka nyatane los mau kanggo wong dodolan bumbu olah-olahan. Dudutanku
“amukti palapa” daktegesi dhahar dhaharan sing nganggo bumbu. Dadi sasuwene
Nusantara durung manunggal karo Majapahit, Gajah Mada ora dhahar dhaharan sing
dibumboni.

Ing bebrayan Jawa tirakat utawa riyalat kaya ngono kuwi jenenge pasa mutih. Yaiku
mung dhahar sega putih, ora nganggo lawuh sing dibumboni. Nalika kelakon Nusantara
wis nyawiji karo Majapahit, Gajah Mada mesthine ya leren anggone pasa mutih.

Sejatine sing negesi amukti palapa padha karo “istirahat” iku ora mung Mr.M. Yamin
bae, sanajan Ki J. Padmapuspita uga mengkono. Bab iki kacetha ing buku Pararaton
karyane Ki J. Padmapuspita babaran Taman Siswa Jogjakarta tahun 1966.

Tembung palapa pancen wis kondhang, malah kanggo jeneng satelit komunikasine
Indonesia. Mung bae durung dimangerteni makna sing sabenere. Upama palapa iku
padha karo plapah kayu atur ing dhuwur, kok ya mathuk yen tan amukti palapa ditegesi
ora dhahar bumbon, ateges padha karo pasa mutih. Bab iki dak kondurake marang para
maos lan para nimpuna. Oncek-oncekan iki thukul ing sawijining wektu nalika aku melu
biyunge anakku blanja nyang pasar Wage Tulungagung lan weruh ana los kanthi krepyak
“plapah”.

Tembung palapa mesthi digandhengake karo Gajah Mada tokoh pamersatu Nusantara.
Awit sumpah palapa iku pancen sumpahe Mahapatih Gajah Mada. Mung emane nganti
saiki durung disumurupi sejarahe. Gajah Mada iku lahire dhek kapan, ana ngendi, putrane
sapa? Mr. M. Yamin sing nulis buku mligi Gajah Mada ya ora nyebutake jati dhirine
pahlawan iku. Buku Pararaton sajake mengkono uga. Ora beda karo tokoh Ken Angrok
sing ora disebutake jati dhirine.

Ana sing crita yen Gajah Mada iku lair saka woh klapa. Ken Angrok iku turune bathara
Syiwa karo Ken Endok. Sajake merga tokoh loro mau wijiling kawula cilik, ora dicathet
dening pujangga. Para pujangga mung nyathet tedhak turun ngawirya, turuning ratu;
nganti sawise seda diemba titisane dewa sapa. Recane digawe persis kaya dewa ing
kahyangan sing nitisi.

Ing bukune Mr. M.Yamin mung nyritakake yen Gajah Mada iku lair ing pegunungan,
pethite kali Brantas, tlatah Malang. Gedhe lan misuwur ing kutharaja lan muksa ing
samodra. Ing Probolinggo ana papan sing karan Madakaripura, kaya pidalemane Gajah
Mada nalika wis sepuh. Nanging iki perlu panaliten sing temenan supaya luwih dipercaya
kadidene sejarah. Dudu dongeng sing dipaido ora mengeng.

Sawetara iku pendhudhuk Bali padha percaya yen Gajah Mada iku laire ing pulo Bali
banjur pindhah lan misuwur ing Majapahit. Nyumanggakake.
Iwit Bajing lan Tikus Cilik
Iwit si bajing sing manggon ing wit klapa pinggir dalan gedhe sedhih atine. Geneya? Sebab dheweke
durung duwe pasedhiyan pangan senajan mung sethithik. Kamangka sedhela engkas wis mangsa
rendheng. Nanging apa sing dialami Iwit iki ya merga saka kesede dhewe. Kamangka, wit klapa sing
dipanggoni turu wis ora nguwoh maneh jalaran saking tuwane umure.
Sasuwene mangsa ketiga Iwit turu wae. Emoh nyambutgawe. Mulane, saiki Iwit munyeng mikirake
tekane mangsa rendheng mengko, piye bisane ing mangsa iku dheweke panggah mangan kaya biasane.
Ora kaliren.
Ing dhuwur wit, Iwit duwe tangga jenenge Kiki Tikus.
“Rewangana aku ya, supaya bisa golek pangan ing mangsa rendheng mengko….” kandhane Iwit
marang Kiki Tikus.
“Iya, aja kuwatir,” wangsulane Kiki.
“Carane, wiwit saiki kudu nyambutgawe sing mempeng, golek wit-wit sing nguwoh akeh. Ben bisa
nglumpukake pangan.”
Krungu kandhane Kiki ngono mau, Iwit mencep. “Apa? Aku kudu nyambutgawe? Huhh… wegah…
wegah..!” Iwit gebes-gebes, banjur molet lan angop. Let sedhilut wis turu nglepus. Sauntara iku kanca-
kancane, kaya prenjak lan dara, padha ibut nyambutgawe.
Sawijining dina, nalika lagi enak-enak turu, dumadakan Iwit krungu swara tangis. Dheweke banjur
nggoleki asale swara mau. Tibake ana tikus cilik lagi nangis ing ngisor wit cemara cedhak wit klapa
panggonane Iwit turu.
“Geneya kowe kok nangis?” pitakone Iwit.
Tikus cilik iku nyawang Iwit, banjur ngelapi eluhe nganggo sikil ngarep.
“Aku sumpeg, sedhilut engkas mangsa rendheng. Nanging aku ora duwe papan kanggo ngeyub. Aku
bisa mati katisen yen ora nemu papan kanggo ngeyub sasuwene mangsa rendheng,” wusana kewetu
sambate.
“Aku ya sumpeg…. wis meh rendheng durung duwe pasedhiyan pangan blas. Bisa-bisa aku mati
kaliren mengko,” Iwit genti sambat.
Kekarone banjur meneng. Lungguh sangga uwang, mikir nasibe dhewe-dhewe. Suwe-suwe Iwit angop
amba lan turu nglepus. Dene tikus cilik, rumangsa oleh kanca senasib, marani panggonane Iwit. Banjur
mlungker ing buntute Iwit sing empuk lan kandel. Tikus kuwi turu nglipus ing kono nganti Iwit nglilir.
“Buntutmu anget, kandel, lan empuk. Angler banget olehku turu ana buntutmu mau,” kandhane Kiki
Tikus bareng Iwit nglilir.
“Iya ta? Nek ngono, kowe wis nemokake papan kanggo turu selawase mangsa rendheng iki.”
“Ing endi?” pitakone tikus cilik ora ngerti.
“Ing buntutku….”
“Tenan? Kowe ora kabotan?”
“He’em.”
“Matur suwun Wit, matur suwun,” kandhane si tikus cilik seneng banget. Ing batin dheweke janji arep
mbales kabecikane Iwit Bajing. Lan dheweke ngerti, yen Iwit Bajing rada males nglumpukake pasedhiyan
pangan.
Tikus cilik iku banjur sengkud nyambutgawe nglumpukake pasedhiyan pangan mangsa rendheng
kanggo dheweke dhewe lan Iwit Bajing kancane. Kaya apa bungahe Iwit weruh gudhange wis kebak
panganan. Ana cuwilan klapa, cuwilan roti, pohung, lan liya-liyane. Ateges dheweke bisa mangan wareg
ing mangsa rendheg mengko.
“Kowe ora kabotan ta Kus, nggolekake pangan aku?”
“Ora. Pancen aku pengin males kabecikanmu kok.”
“Matur nuwun, matur nuwun banget. Aku….”
“Ora angel kok nglumpukake pangan kuwi, Wit. Sing penting mung gelem nyambutgawe
mempeng….”
Iwit mesem isin. ”He’em, pancen kudune aku nyambutgawe mempeng kaya kowe lan kanca-kanca
liyane.” Iwit banjur ngrangkul tikus cilik kancane kuwi. “Sesuk aku arep golek pangan bareng kowe, ora
bakal turu wae. Matur nuwun Kus, kowe wis nyadharake aku….”
Kancil Lan Merak
Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep
kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak
saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni
sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang
tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah
ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh.
“Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku
marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya
wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran
kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana
saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana
ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”

Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?”
Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku
letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah
nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute
Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya
ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane
ora ana sing padha!”

Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil
nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya
aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.

Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko
kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani!
Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging
mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke
kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune
wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil
banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe
kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane,
ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk
uthuk-uthuk Kancil
wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki
wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing
wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu
wis mlumpuk, malah
wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga
wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“
Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake
Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. Bareng
kawawas
wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu
gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut
uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu
wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon,
ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing
dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling
endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung
aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye?
Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha
bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “
Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin
mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake
Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge
digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu
sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem,
mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap
Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,”
ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau
garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel
diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung!
Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu
pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel
diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe
gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing
wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah
disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa
mbilaheni.

Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing


wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut
thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah
merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.
Prabu Kalimantara
Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa digdaya kerep-kerepe banjur takabur.
Semono uga Prabu Kalimantara, ratu saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar
iki. Wujude buta, sekti mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan
nguwasani tribawana.

Ana ing negarane sing gedhe lan jembar laladane, Prabu Kalimantara mbawahake
wadyabala raseksa kang seneng ulah kaprajuritan, prigel-prigel nggunakake sanjata lan
kedhotan. Para nayakane prasasat ora ana kang ora duwe kasekten.

Para agul-aguling praja mau, ing antaraning kaya ta Arya Sarotama, Ardadhedhali,
Tunggulnaga, lan Karawelang. Sang nata uga kagungan titihan garudha yaksa aran
Banarata, ndadekake Prabu Kalimantara saya diwedeni dening para ratu saindenging
ndonya.

Ringkesing crita lelakone Prabu Kalimantara iki, nuju sawijining dina sang prabu nglurug
perang menyang Suralaya ngirid bala yaksa sagelar-sapapan. Sang Prabu nedya nyuwun
widadari sajodho kang bakal dikarsakake minangka garwa prameswari.

Para wadya dorandara maune iya padha nyoba arep mbalekake bala raseksa kang
nggunggahi kahyangan iku. Nanging wadya dorandara tetela ora kongang nadhahi
yudane para manggala perang wadyabalane Prabu Kalimantara sing racak-racake padha
dhugdheng kuwi.

Wadya dorandara keseser perange, dhinawuhan padha mundur. Kori Selamatangkep age-
age ditutup. Para raseksa ngepung rapet Repatkepanasan. Bathara Guru lan Bathara
Narada banjur nganakake pirembugan, netepake manawa perlu golek jago kanggo
ngundurake para raseksa Prabu Kalimantara sawadya iku.

Untung dene wadya raseksa kang ngepung Repatkepanasan kuwi isih bisa disemayani.
Bathara Narada banjur golek sraya marang Wukir Retawu padhepokane Begawan
Manumayasa.

Sang begawan iku apeputra loro, yakuwi Bambang Sekutrem lan Bambang Sriyadi utawa
Bambang Sriyati. Kekarone marisi sipat lan budi luhure kang rama.

Hyang Narada, sarawuhe ing Pratapan Wukir Ratawu banjur ngendika marang Begawan
Manumayasa yen ngersakake mundhut putrane Begawan Manumayasa, ya Bambang
Sekutrem, kinarsakake minangka jago kanggo munah satru sekti Prabu Kalimantara
sawadya kang ngunggahi Suralaya. Sadurunge budhal, dewa maringi nugraha sanjata
panah aran Pasopati marang Bambang Sekutrem.

Sawise matur sendika, Sekutrem banjur methuki Prabu Kalimantara sawadyabalane kang
kandheg ana jaba amarga gapura lawang seketheng Selamatangkep ditutup dening
Bathara Cingkarabala lan Bathara Balaupata, dewa loro kang tugase njaga gapurane
kahyangan.

Bareng weruh ana satriya ijen tanpa rowang marepegi, Prabu Kalimantara cingak. “We
lha dalah! Kok iki para dewa mung ngajokake jago manungsa lumrah. Sing jenenge para
dewa dhewe, kang padha nduweni kadigdayan wae wis ora ana sing kuwawa nandhingi
yadaningsun, kok iki.…” mangkono batine Prabu Kalimantara.

Prabu Kalimantara banjur ndhawuhi titihane, garudhayaksa Banarata supaya nladhung


Sekutrem. Ananging Sekutrem wis siap. Jemparing Pasopati linepasake ngenani Garudha
Banarata lan Prabu Kalimantara pisan. Prabu Kalimantara nggereng sarosane, banjur
ambruk ndhepani bantala, nemahi pati bebarengan karo titihane.

Kaget semu gumun weruh ratu-gustine tiwas, para manggalayuda, Arya Sarotama lan
Ardadhedali sawadya ngroyok Sekutrem. Ananging sing dikroyok iku satriya srayaning
dewa sing banget prigel ulah sanjata. Wadya raseksa padha sirna gempang tan mangga
puliha.

Lan eloking lelakon, dene kuwandane Prabu Kalimantara banjur malih dadi senjata
pusaka Jamus Kalimasada. Kuwandane para manggala uga dadi gegaman kang tembene
dadi pusakane Pandhawa.
Bung Karno Dikunjara Merga Ngramal
Indonesia Mardika
Bung Karno piyambak sejatine ora ngaku yen iku ramalan. Nanging ramalan apa nujum,
Bung Karno ngetung, nganalisa, mungguh tan kena ora, sawijining dina Indonesia bakal
uwal saka imperalis Walanda. Bung Karno ngendika ngono iku dhek taun 1929. Manut
analisane Bung Karno, bakal kedadeyan perang gedhe sing diarani Perang Pasifik. Ing
Samodra Pasifik, Lautan Teduh antarane benua Asia lan benua Amerika, samodra sing
paling jembar, ing kana bakal kedadeyan perang gedhe antarane imperalis karo imperalis.
Yen perang iku bener kelakon, ngendikane Bung Karno dhek taun 1929 kuwi, ing wektu
kuwi Indonesia bakal mardika.

Marga analisa kuwi, Bung Karno ditangkep polisi Belanda, di-landraad dening Mr.
Siegenbeej van Heukelom, kapatrapan ukuman kunjara patang taun lawase. Manut
penggalihane Bung Karno etungan bab bakal pecahe perang Pasifik iku etungan obyektif.
Imperalis karo imperalis jor-joran, bersaing, tansah jor-joran sing diarani innerlijk
confkicten. Konflik sajrone organ imperalisme iku dhewe. Imperalisme, kapitalisme tan
kena ora bakal pecah dhewe amarga innerlijk conflicten antarane imperalis karo
imperalis, antarane kapitalis karo kapitalis. Iku tan kena ora bakal nuwuhake paperangan.
Mulane ora maido yen Bung Karno uga nganggep mungguh kapitalisme is peperangan,
imperalisne is peperangan minangka wohe kapitalisme lan imperalisme iku dhewe.

Ing Ende, Flores, nalika dibuwang mrana Bung Karno nemu etungan maneh. Ngetung,
ngetung, ngetung, nganalisa, mengko taun 1945 Indonesia mesthi mardika. Ing tanah
buwangan iku Bung Karno dadi peramal kapindho.

Malah Bung Karno yasa crita tonil, judhule “Indonesia 1945” sing dadi peran utama
Ibrahim. Crita tonil yasane Bung Karno kang dipanggungake, kejaba sing kasebut mau
ana maneh, yakuwi “Doktor Setan”, “Kutkutbi”, “Aero Dinamika”, “Rahasia Kilimutu”,
“Rainbow”, “Doktor Djulianbodi”, lan “Sjanghai Rumba”. Crita-crita mau ora digawe
buku lan ora karuwan ing endi naskah-naskah lakone saiki. Bung Karno piyambak mung
nate ngendika, mungguh crita-crita mau diterbitake dadi buku, panjenengane bisa dadi
milioner.

Kepriye Bung Karno ngetung yen taun 1945 Indonesia bakal mardika? Maneh Bung
Karno ngarani iku etungan obyektif. Soale ing kene panas, imperalisme kene panas,
imperalisme kono panas, panas, panas, kana panas, panas, mengko kira-kira taun patang
puluh sijian bakal tabrakan kekuatan loro ing sajrone paprangan gedhe. Paprangan iku
bakal kelakon semene taun lawase, akibat saka paprangan iku ana imperalisme siji sing
tanpa daya.

Imperalisme iku saweneh hubungan internasional, mulane imperalisme iku mujudake


kekuatan internasional sing dayan-dinayan siji lan sijine wujud rante dawa reroncene ali-
ali sing akeh cacahe. Imperalisme Belanda ora madeg dhewe, Inggris ora madeg dhewe,
Amerika ora madeg dhewe, Perancis ora madeg dhewe.
Nalika Perang Donya I, kapitalisme meh ambruk babarpisan. Sabab saka ambruke
kapitalisme iku, wusana dening Hitler dianakake gerakan anyar sing jenenge National
Socialismus utawa Fascisme. Fascismer Hitler iku mungsuhe demokrasi parlementer.
Fascisme iku ing dalem basa manca diarani “Laatste reddingspoging van het
kapitalisme”. Jarwane: “saweneh budidaya kanggo ngangkat maneh, nguripake maneh,
nylametake maneh kapitalisme sing meh runtuh”, minangka akibat perang sawise perang
donya I taun 1914-1918.

Akibat kuwi uga bakal kelakon yen kedadeyan perang gedhe, perang donya II ing
Samodra Pasifik. Ora kena ora imperalisme mesthi tanpa daya kaya sawise perang donya
I. Ali-ali imperalisme ing dalem rante dawa iku sing paling tanpa daya yaiku imperalisme
Belanda. Sabab Belanda iku negara cilik, kurang kuwat industrine, ora duwe basis
grondstoffen, ora duwe bahan-bahan dasar. Mulane tan kena ora, yen rante iku pedhot,
ali-ali Belanda bakal coplok. Ing taun 1945, ali-ali iku paling tanpa daya, sawise perang
lumaku patang taun lawase. Imperalisme Belanda megap-megap, exhausted, tanpa daya
babarpisan.

Ing wektu kuwi etungan obyektif imperalisne Belanda paling tanpa daya, dene kekuatan
subyektif, kita sing pengin mardika, tumindak lumawan ngancur leburake. Mulane nalika
taun 1935 ing Ende Bung Karno ngendika, ing taun 1945 Indonesia mardika babarpisan.
Etungane Bung Karno iku etungan obyektif, dudu ramalan utawa nujum!

RAMALAN PUJANGGA

Sadurunge Bung Karno kagungan etungan sing meh kaya ramalan, sejatine wong Jawa
wis percaya bakal tekane Ratu Adil minangka kekuatan subyektif yakuwi pepenginan
mardika lan mentas saka urip sangsara.

Ratu Adil sing diarep-arep tekane iku tinemu ing dalem Jangka Jaya Baya. Kaum
pergerakan migunakake ramalan kasebut kanggo menehi semangat rakyat lumawan
penjajah. Ora nggumunake yen Pangeran Diponegoro uga diwedeni penjajah Walanda.