Anda di halaman 1dari 2

Pendidikan Kita sing Nrenyuhake

Yen ditilik, negara kita iki wis luwih saka 64 tahun mardika. Negara-negara liya sing kamardikane
luwih keri, malah akeh sing bidhang pendidikane luwih maju tinimbang negara kita sing kaya-kayane
mandheg ngenggon, maju ora mundur ya ora. Rakyat golongan manengah mengisor rekasa
nyekolahake anak-anake jalaran ragad kanggo sekolah saiki saya akeh masiya wis ana program
sekolah gratis saka pamarentah.
Pancen, nganakake pendidikan liwat sistem sekolahan ora murah. Jer basuki mawa beya. Nanging
apa jagad pendidikan wis sapantese didadekake objek komoditas kanggo golek bathi? Ora sethithik
cacahe ahli pendidikan sing kandha menawa fakta pendidikan liwat sekolahan didadekake barang
dagangan sing saiki wis saya ngrembaka ing negara kita iki. Mula, ora nggumun yen ngepasi Hari
Pendidikan Nasional tanggal 2 Mei kepungkur dipengeti kanthi anane gugatan sing maneka warna.
Pancen ora kabeh lembaga pendidikan kahanane kaya mengkono, nanging nyatane sekolahan-
sekolahan sing luwih ngunggulake sisi komersiale malah saya akeh cacahe.
Sekolahan-sekolahan sing mengkono kuwi tembe mburine banjur luwih ngabotake masalah nyang-
nyangan rega, memper kaya wong dagang ngono kae. Pas pendhaftaran murid anyar, nyang-nyangan
rega dadi kesibukan utama antara pihak sekolahan karo wong tuwane calon murid anyar. Yen wis kasil
mlebu sekolah, isih ditambah nyang-nyangan rega buku, seragam, iuran sekolah saben sasine, lan
ubarampe saliyane. Durung maneh yen dijaluki sumbangan semesteran utawa akhir taun alesane
kanggo ngijoli ragad ujian. Nyang-nyangan rega mau kaya-kaya ora ana mandhege nganti bocah-bocah
kuwi padha lulus kabeh. Sasuwene iku sekolahan kaya-kayane ora nate sepi saka urusan dhuwit. Suwi-
suwi urusan dhuwit iki bisa nggeser urusan pokok sing luwih wigati, apa maneh yen dudu proses
belajar-mengajar.
Kabeh mau satemene mujudake fenomena sing dumadine luwih amarga didhesek dening pihak-
pihak tertamtu sing darbe modhal, sing adeg sekolahan, utawa sing duwe lembaga pendidikan mau.
Tindhakan mau tujuwane luwih nyasar menyang segi bisnis katimbang pepinginan melu cawe-cawe,
melu urun, utawa udhu ing babagan pendidikane para generasi mudha.
Wis lumrah yen barang dagangan mono kudu apik lan menarik. Wondene kareben ketara luwih
menarik, sekolahan-sekolahan sing tujuwane mung bisnis mau nawakake fasilitas-fasilitas sing kena
diarani sarwa mewah. Awewaton fasilitas-fasilitas mau, wis mesthi bae wong tuwane calon murid
anyar kudu wani mbayar larang. Prinsip pangetungan ragad operasional lan mlebune dhuwit
ditindakake kanthi titi lan ngati-ati. Mangka kabare, bayarane guru-gurune dhewe ya ora gedhe-gedhe
temen. Banjur, menyang ngendi playune dhuwit-dhuwit kuwi mau? Panjenengan mesthine wis bisa
mbedhek dhewe.
Kahanane pendidikan ing Indonesia ing taun-taun iki wis ping bola-bali kapacak ing kalawarti-
kalawarti lan koran-koran, ngabarake sekolahan-sekolahan sing padha ambruk, murid-murid sing sinau
ing plataran merga kelase wis ora ana payone, guru-guru bantu sing sering “klalen” ora nampa
bayaran, bocah-bocah sing cucut raga amarga isin wong tuwane ora bisa ngragadi sekolahe, sarta saya
akehe anak-anak jalanan sing kepeksa ora sekolah amarga ora entuk kalodhangan. Kosok baline,
kabar-kabar ing media massa ngenani korupsi ing kalangan anggota DPR, DPRD, lan ing
pamarentahan uga ora nate sepi.
Pendidikan sing ngrembaka dadi barang dagangan, piye-piyea mung njalari bingunge wong sing
kacingkrangan. Pendidikan sing mengkono mau ibarate mung kaya etalasene toko mewah sing
dagangane bisa dideleng saka njaba sasuwalike kaca. Ya yen sing ndeleng wong sugih, mesthi banjur
dituku. Dene yen sing ndeleng wong mlarat, mung bisa nonton lan ngarep-arep kanthi ngeleg idu.
Apa tumon, pendidikan kok dipadhakake karo barang dagangan?

(kajupuk saka Panjebar Semangat No. 21/2005; diedhit dening Nurahmat Agustianto)
Asal-Usule Kalender

Asal-usul kalender manut panaliten jaman biyen kuwi saka cathetane wong utang, ngetung anakan
saka awal sasi. Dene tembung kalender kuwi asale saka basa Latin, calendarium, sing ngemu teges
cathetan utang. Ana uga sing nyebut tanggalan. Sing nyebut tanggalan iki mujudake kalender padinan
sing saben dina disuwek banjur ditanggalake, dene kalender kuwi sasen umure. Kanggo ngirit ragad
utawa kertas, kalender ana sing salembar isi rong sasi, telu, papat, nganti rolas sasi.
Petungan kalender gegayutan karo ilmu astronomi sing nemtokake kalender kanthi lakuning
srengenge lan rembulan. Kalender akeh sing awujud sasen. Biyen malah ana kalender setaun digawe
salembar, malah dipepaki karo pranatamangsa barang, kasebut almanak.
Kalender sing dipigunakake nganti saiki mono asil petungane Paus Gregorius XIII taun 1582.
Kalender iki mujudake kalender reformasi amarga sadurunge ana sing nulis yen setaun kuwi ana 2.442
dina. Kanthi petungan sing njlimet lan adhedhasar lakune srengenge uga kalender gaweane Julius
Caesar, Paus Gregorius XIII nemtokake yen setaun kuwi mung ana 365 dina, kajaba ing taun kabisat
sing dinane ana 366. Kalender Paus Gregorius mau digawe sakawit tanggal 4 Oktober 1582, banjur
wiwit dipasarake tanggal 15 Oktober 1582. Mula iku, kalender iki uga kasebut kalender Gregorian
kanggo ngurmati jasane Paus Gregorius XIII.
Kaisare bangsa Romawi, Julius Caesar, sadurunge Masehi uga nggawe kalender sing setaun cacahe
ana 365 dina. Saliyane kuwi, bangsa Arab uga nduwe kalender dhewe, semono uga karo bangsa Cina.
Sultan Agung uga nyipta tanggalan Jawa.
Sapa wong sing ora nyemak kalender kaya-kayane kurang pas amarga yen nyemak kalender bakal
maneka warna surasane. Endi sing wis cepak bayarane, endi sing preiane wis cedhak, nanging ya ana
sing banjur mrengut amarga semayane kok wis ndang tekan.
Kalender uga mujudake misi kabudayan bangsa, dadi rerenggan sing ajine cukup unggul. Apa
maneh seni cetak lan disain grafis saiki wis saya modern saengga bisa ngasilake jenis kalender sing
apik.

(kajupuk saka Panjebar Semangat No. 18/2005; diedhit dening Nurahmat Agustianto)

Anda mungkin juga menyukai