angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun bumi kang kapidak kebak sinengker anggawa ganda bacin manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore peteng kang gemuleng ing angganing manungsa
wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah kanggo kita sami jalma manungsa kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun amadhangi sakendhenging jagat raya mara gage kita sami tumenga ing angkasa mangayubagya rawuhipun sang pepadhang kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga mangestu nampi pepadhang .....
WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
jakarta 8 april 2009 rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene saklawase ora nate ketemu saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk
wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur ana cerita rinajut endah
dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae ana teja manther ing sela-selaning gegodongan lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene
saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen ***
PETENGING WENGI maymintaraga 19 april 2009
sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara nganti tekaning wengi sing nyenyet gawang-gawang katon pasuryanmu
gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara wengi bakal tumeka maneh bareng karo wewayanganmu kang bakal ngebaki impen petenging wengi
lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ? *** NYAWANG PUCUKING GUNUNG SUMBING maymintaraga 19 april 2009
sawah lan pategalan bawera
lumaku saktengahing kunang-kunang kumelip nggawa wisik saka pucuking gunung sumbing tak goleki ngendi panggonanmu
bapa biyung kang wus tumeka ing kasedan jati
anakmu isih nyawang pucuking gunung sumbing ana ing saktengahing sawah pategalan sing dadi pangeling
o, bapa lan biyung...
saiki panggonanmu ing pangayunaning pangeran isih bisa nyawang ana ing panggonan iki sawangen anakmu ***
KEKUDANGANKU maymintaraga 19 april 2009
o, ngger sang ponang jabang bayi
bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi sira wus lahir kanthi slamet nyawang gumelaring jagat raya
yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi kapurih sira bisa turu kanthi tentrem yen sira mesem tak kudang tak liling
o, ngger sang ponang jabang bayi
tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe ***
kanggo: fabian moreno setiawan lan rubi dirgantara
UDAN WAYAH SORE
maymintaraga 02 mei 2009
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles
sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung tak kanthi lakumu tumeka ngendi
mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati manuk kepodang wus mabur mangulon nanging tetep tak tunggu tekamu ***