Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum wr.

wb

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni , Bapak – Bapak saha Ibu – Ibu guru
ingkang satuhu kinurmatan , adik – adik kaelas X saha XI ingkang kula tresnani . Puji syukur
tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan , rahmat sarta hidayah
dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula ,katilik ing wekdhal menika saged kempal
manunggal kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Kadang kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani sekedap malih kula sak kanca kelas
XII badhe nilaraken pawiyatan ing SMA N 1 MINGGIR punika . Pramila saking menika ing
mbok bilih sak dangunipun kula sesrawungan kaliyan panjenengan sedaya kepanggih kalepatan
saha kekhilafan kula nyuwun agunging pangapunten .

Awrat sejatosipun kula perpisahan nilaraken bangkuning pawiyatan ing SMA mriki
nilaraken adik – adik kelas kula ingkang sampun kula anggep kadhos dene sederek piyambak .
Nanging kados pundi malih , jer kula panjenegan sedaya namung tita sawantah mboten kewawi
nyelai pepesthening gusti ingkang maha kuwaos . Adik – adik kula nderek pepenget dhumateng
panjenengan sedaya mugi – mugi sakmedhal kula saking pawiyatan mriki adik –adik sageta
dados siswa utawi siswi ingkang tansah mbangun miturut dhumateng Bapak saha Ibu guru lan
dados murid ingkang pinter tur kreatif .

Adik –adik kelas ingkang kula tresnani , kula tansah jurung donga lan pamuji mugi –
mugi ingkang tasih wonten ing pawiyatan mriki tansah pikantuk pangahyomanipun Allah SWT .
Lan semanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu dhumateng adik – adik kula mugi – mugi
kula saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil , wodene ingkang
nyambut damel sageta tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan ngelmi saha
kesagedanipun piyambak – piyambak .

Wasana naming semanten atur pamitan kula amakili sedaya kanca – kanca kelas XII ing
mbok bilih anggen kula matur kepanggih kalepatan kula tansah nyuwun lumunturing sih
samodra pangarsami .

Wassalammuallaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai