Anda di halaman 1dari 8

BAB PEWAYANGAN

Ringgit Purwa Angka 1

set=am[ihp[sj

Wayang punika salah satunggaling kabudayan ingkang dumadi saking wewayangan ingkang
sinungging, wayang wiwit wonten ing samadyaning jagad tiyang Jawi udakawis abad kaping-11 rikala
jaman Prabu Airlangga kados ingkang sinerat salebeting kakawin Arjuna Wiwaha, pada 59 ingkang
suraosipun salebeting basa Kawi (Jawi Kina) mekaten ;

?a[no[nTonRi=gitMnN=zisHsekelM|faifepnHuwusÅWh w(h

[towivJnWlul=ain×ki/[molhazucpHtu/ni=w=t}

[sN=wisymlhatnWiaiknNrittWvJnMysannNi=

*wsilumn\.
"Hanonton ringgit manangis asekel muda hidepan huwus wruh wruh towin jan walulang inukir
molah angucap hatur ning wang tresnèng wisaya malaha tan wihikana ri tatwan jan maya
sahananing bhawa siluman".
Tegesipun ;
"Mirsani ringgit ngantos nangis, bombong sarta kingkin manahipun, sanajan sampun wikan bilih
kang dinulu namung lulang sinunggingan manungsa lan kados saged tata jalma, ingkang mirsani
wayang (ringgit) kados déné tiyang ingkang kataman hardaning kanepson satemah kesupèn, lan
boten nginten bilih sedaya kalawau namung wewayangan ingkang maya."
Mula bukanipun wonten wayang ngantos dinten punika taksih kirang terwaca awit kathahipun
sarjana-sarjana mancanagri ingkang ngawontenaken panalitèn bab asal-usulipun wayang satemah
kathah pemanggih antawisipun kadosta ing ngandhap punika ;
1. Golonganipun sarjana ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asalipun saking hindustan,

pranyatan punika dipunjalari kaliyan wontenipun tetembungan Sansekerta Cyanatk


(Chayanataka) ingkang tegesipun wewayangan ingkang kinanthi dolanan. Pramila saking punika
lajeng sarjana manca kadosta; Krom, Pischel, Poensen lan Ras, ngendikaaken bilih wayang
punika asal-usulipun saking tanah India.
2. Golonganipun sarjana ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asalipun saking Tiongkok,
pranyatan punika dipunjalari kaliyan wontenipun tetembungan Ying-hé ingkang mengku teges
wewayangan mawi dolanan, ugi wonten tetembungan malih bilih wayang punika saking
tetembungan basa Cina wayaah, basa Mandarin woying lan basa Kanton woyong. Pramila
saking punika Gosling lan Kwee Kek Beng nggadhahi pemanggih bilih wayang asalipun saking
Tiongkok.
3. Golonganipun sarjana manca ingkang ngendikaaken bilih wayang punika asli saking tanah
Jawa, pranyatan punika dipunjalari maneka warna sebab antawisipun sejarah kasusastran Jawi
ingkang sampun sepuh yuswanipun, ugi wontenipun tatacara tiyang Jawi kina ingkang pitados
kaliyan roh arwahipun para luhur lajeng dipunsembah kanthi ndamel wewayanganipun. Wondéné
sarjana manca ingkang nggadhahi pemanggih mekaten kadosta Brandes, Hazeu, Rentse, Kats
lan Kruyt.

Bahan Ajar Basa Jawa SMA 2 Wonosobo | 1


Saking pemanggih tigang perkawis ing nginggil mracihnani bilih wayang punika boten namung
dipunmangertosi lan sinaoni déning tiyang Jawi kèmawon malah kepara para sarjana manca kathah
ingkang kepéncut nyinaoni bab punika. Wayang punika wiwit saking dipunwontenaken ngantos dumugi
dinten punika sampun kathah ingkang dipunowahi. Wondéné cak-cakanipun wayang kados ing ngandhap
punika;
1. Jaman Mataram kina, Kediri, wandanipun wayang taksih arupi gambar ingkang sinungging
ing lulang, wondéné cariyosipun mendhet cariyos saking lampahan-lampahan para
pepundhèn lan leluhur tiyang Jawi.
2. Jaman Majapahit, wandanipun wayang taksih sami kaliyan jaman Mataram punapadéné
Kediri namung sampun langkung pepak gegambaranipun, cariyosipun kathah mendhet
saking lampahan Panji.
3. Jaman Demak, wandanipun wayang sampun dipunukir kadosdéné wayang-wayang jaman
sakpunika. Ingkang dipunwiwiti déning para wali.
4. Jaman Mataram Islam, Kartasura, Surakarta lan Ngayogyakarta, wandanipun wayang
sampun pepak kados ingkang saged dipunpirsani ngantos dumugi sakpunika.

Saklajengipun jinising wayang lan lampahan ingkang ginelar wonten pagelaran wayang ;
1. Wayang beber, wujudipun lulang ingkang sinungging, mendhet lampahan cariyos Panji.
2. Wayang purwa, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet lampahan
cariyos Mahãbhãrata lan Rãmãyana.
3. Wayang madya, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran, mendhet lampahan
cariyos Jaman Jayabaya, Gendrayana, Yudhayana.
4. Wayang golèk, wujudipun saking kajeng ingkang inukiran, mendhet lampahan cariyos mènak
menawi ing Jawi lan Mahãbhãrata menawi ing tanah Pasundan.
5. Wayang kancil, wujudipun lulang ingkang sinungging lan inukiran mawi gegambaran sato
kéwan. Mendhet lampahan cariyos para kéwan.

Saking jinising wayang ingkang sinebut ing nginggil kalawau namung wayang purwa ingkang
kathah dipungandrungi déning tiyang Jawi, wayang punika mendhet lampahan saking babon
Mahabharat lan Rãmãyana ingkang sampun rinoncé déning para Pujangga Jawi satemah wonten
bèntenipun kaliyan babon aslinipun ingkang saking India. Awit wayang punika rumiyin minangka salah
satunggaling sarana dakwah para wali, pramila sarining cariyos India ingkang taksih mambet kaliyan
Hindu dipunkirangi sekedhik mbaka sekedhik ngantos boten ketingal Hindunipun. Babon aslinipun
ingkang saking India punika winastan kitab Mahãbhãrata lan Rãmãyana, Mahãbhãrata punika salah
satunggaling kitab suci tumrap tiyang Hindu India ingkang isinipun nyariosaken gumelaring jagad wangsa
Bhãrata ingkang dipunwastani pandava lan kaurava ugi nyariosaken gumelaring perang ageng Bhãrata
Yuddha (utawi perangipun darah Bhãrata) wonten ing cariyos punika kawontenanipun perang boten
namung dipunjalari rebatan negari namung ugi minangka pralambang tedhakipun avatar Wisnu minangka
Khrisna ingkang nedya nggulung kamurkan saha kliliping jagad lumantar Arjuna lan para Pandawa,
Mahãbhãrata punika ugi sinebut Asthadaça parva awit wujudipun wonten wolulas bab, saking wolulas
bab punika namung wolung parwa ingkang ngantos wekdal punika pinanggih sinungging mawi sastra
Jawi kina antawisipun wolung parwa punika;

Bahan Ajar Basa Jawa SMA 2 Wonosobo | 2


1. Ãdiparwa, nyariosaken yajna sarpa (ngurbanaken sekabèhing naga saklumahing jagad)
déning Raja Janaméjaya putranipun Prabu Parikesit buyutipun Arjuna. lan asal usulipun
Pandhawa – Kurawa ngantos dumugi dhaupipun Arjuna kaliyan Sembadra.
2. Wirãtaparwa, nyariosaken lelampahanipun para Pandhawa ing nagri Wirata
3. Udyogaparwa, nyariosaken lampahan kresna duta.
4. Bhiçmaparwa, nyariosaken jumenengipun resi Bhisma minangka sénapati perang Kurawa
lan Bhagawad Gita sarta perang ageng Bhãrata Yuddha.
5. Ãśramawãsaparwa, nyariosaken lampahan saksampunipun perang Bhãrata Yuddha ingkang
dipunmenangaken para Pandhawa.
6. Mosalaparwa, nyariosaken lampahan sirnaning bangsa Yadu kawulanipun prabu Kresna.
7. Prasthanikãparwa, nyariosaken jumenenganipun Parikesit minangka ratu ing nagri Astina.
8. Swargarohanaparwa, nyariosaken sédanipun para Pandhawa lan kawontenanipun ing
Jaman kelanggengan
Mekaten ugi Rãmãyana, menawi salebeting Mahãbhãrata Wisnu tedhak ing ngalam donya
minangka Khrisna salebeting Rãmãyana Wisnu tedhak ing donya minangka Rãmã ingkang kagungan
jejibahan nggulung angkara murkanipun Rahwana ratu ing Aléngka. Kitab Rãmãyana wonten pitung
kandha (bab) antawisipun;
1. Balakãnda, nyariosaken lelampahanipun prabu Dasarata.
2. Ayodhyakãnda, nyariosaken lelampahan alitipun Rãmã ngantos sayembara Sintha lan
dhaupipun Rãmã kaliyan Sintha.
3. Aranyakãnda, nyariosaken lelampahan Rãmã, Sintha, lan Laksmana ing madyaning wana,
lan cariyos Rahwana nyulik Sintha.
4. Kiskhindhyakãnda, nyariosaken lelampahanipun Subali lan Sugriwa.
5. Sundarakãnda, nyariosaken lampahan Rãmã tambak lan cariyos Anoman obong.
6. Yuddhakãnda, nyariosaken lampahan perang antawisipun Rãmã lan Rahwana (Dasamuka).
7. Uttarakãnda, nyariosaken lampahan saksampunipun perang lan cariyos Sintha obong.

Punika warnanipun kitab kalih ingkang dados babon lampahan ringgit ing pagelaran wayang
purwa Jawi, nanging sinaosa babonipun punika cariyos saking kitab kekalih sampun dipun entha lan
ronce miturut raos Jawi ingkang sampun salin rasuk agama rasul inggih punika Islam ingkang dinakwah
déning para wali sanga saking kasultanan Demak Bintara.
Wondene urut-urutanipun cariyos punika ngantos dados pakem ing pagelaran wayang purwa;

MAHÃBHÃRATA RÃMÃYANA

8 parwa ingkang sinebut ing Kakawin Ramayana


nginggil

Serat Bratayudha Serat Pustaka Raja Purwa Serat Rama Jarwa

PAKEM
PEDHALANGAN
RINGGIT PURWA

Bahan Ajar Basa Jawa SMA 2 Wonosobo | 3


Ubarampé salebeting pagelaran wayang purwa punika wigatos sanget awit lumantar punika
wayang utawi ringgit saged dipunbabar lan tingali, wondéné ubarampénipun antawisipun;
1. Layar/Geber
Kelir kadamel saking bahan tekstil warni pethak pinalipit warni abrit utawi cemeng.
panjangipun 12 mèter.
wiyaripun 1.5 – 2 mèter.
2. Bléncong
suluh (cara kinanipun) deles kapuk lenga klentik. Nanging sakpunika blèncong dipungantos
mawi lampu bolam ( 200 W ).
3. Wayang / ringgit wacucal
Piranti baken ingkang kadamel saking lulang titatah lan sinungging utawi ginambar manut
lakonipun.
4. Cempurit piranti ingkang kangge nggapit wayang kadamel saking sungu kebo.
5. Simpingan kiwa lan tengen
Wayang ingkang tinancepaken ing gedebog jèjèr - jèjèr minangka paès. Ingkang siring tengen
Brataséna (wayang ageng ) ngantos dumugi satriyan ( wayang ingkang alit ). Ingkang siring
kiwa Buta Raton ngantos dumugi wayang alitan.
6. Kothak wadhah wayang
Kothak kadamel saking kajeng ;
Panjang : 190 cm / 170 cm
Wiyar : 85 cm / 85 cm
Kandel : 12- 15 cm /12 cm
7. Cempala asta ( saka kayu )
kajeng binubut endah panjang udakawis 1,25 jengkal ( kilan ), ginanipun kanggé ndhodhog
kothak paring sasmitha tumrapipun para niyaga.
8. Cempala suku
Wesi gligèn binubut éndah panjang 1/2 kilan ( jengkal ) jinepit ing jempol suku kanggé nuthuk
keprak.
9. Keprak ( saking wesi )
10. Niyaga lan Pesindhèn
Tukang nabuh gamelan cacahipun wonten 12 – 15 tiyang utawi langkung ndhèrèk
kabetahanipun.
Pesindhèn / waranggana ingkang nglaras tetembangan.
11. Gamelan
Gamelan ugi dipunwastani gangsa, punika piranti ingkang kanggé ngiring lampahanipun ringgit.
Wondéné gamelan punika wonten kalih warnanipun;
a. Gamelan Sléndro
b. Gamelan Pélog
1. Ricikan Gamelan baku ( kedah wonten )
⇒ Kendhang :

Bahan Ajar Basa Jawa SMA 2 Wonosobo | 4


⇒ Gendèr :

⇒ Gambang

⇒ Slenthem

⇒ Demung lan saron sarta peking

⇒ Bonang barung

⇒ Kenong

Bahan Ajar Basa Jawa SMA 2 Wonosobo | 5


⇒ Kethuk kempyang

⇒ Kempul lan gong

2. Ricikan tambahan
⇒ Suling

⇒ Rebab

Bahan Ajar Basa Jawa SMA 2 Wonosobo | 6


⇒ Siter / clempung

Wayang purwa Jawi, ingkang mendhet lampahan cariyos saking babon kitab Mãhabhãrata lan
Rãmãyana Sansekerta India, nanging wiwit bedhahipun kraton Majapait lan adeging kraton Demak,
cariyos Mãhabhãrata lan Rãmãyana punika sampun dipunéntha malih déning para Wali lan pujangga
Jawi satemah dados cariyos Mãhabhãrata lan Rãmãyana versi Jawa ingkang sampun bènten kaliyan
versi aslinipun ingkang saking India, awit wayang kanthi cariyos Mãhabhãrata lan Rãmãyana punika
kadamel dakwah Islam déning para Wali ing Tanah Jawa. Ing ngandap punika sarasilahipun Pandawa
lan Kurawa manut versi India lan versi Jawa ;

SARASILAH KAURAVA lan PANDAVA (INDIA)


Puru
Dushamanta
YADAVA BHARATA

Hasti

Kuru

Gangga + Santanu + Satyavati + Parashara

Bhishma Chitrangada Vyasa


Ambika + Vichitravirya + Ambalika
(Vyasa)

Vasudéva Kunti………………………………………….Kunti + Pandu + Madri


Gandhari + Dhritarashtra

Balarama Krishna Subhadra

Kaurava Yudhisthira Bhima Arjuna Nakula Sahadéva


(Duryodhana & 99 rayinipun)
Abhimanyu

Pariksit

Bangsa Yadava musnah Janamejaya

Bahan Ajar Basa Jawa SMA 2 Wonosobo | 7


SARASILAH KURAWA LAN PANDAWA (JAWA)

Bathara Guru
Brama Wisnu
Basurata (Wirata)
Bremani……………..+………………Déwi Srihunon

Parikenan Basupati

Manumayasa

Sekutrem Basukesthi

Sakri Basukiswara

Parasara……………….…+………………………Durgandini Durgandana

Ambika….+…… Abiyasa (Kresna Dwipayana)…..+…..Ambalika

Drestrarastra…+…Gandari Kunti...+... Pandu…………………..+…………….Madrim

Kurawa Pandawa
(Duryodhana lan 99 rayinipun)

Yudistira Werkudara Arjuna Nakula Sadéwa

Abimanyu

Parikesit

Janamejaya

Pustaka :
Carita, Dwijo P, 2000. Ringkasan Pengetahuan Wayang. Solo : Penerbit Cendrawasih.
Marwanto & Moehanto, Budhy. R, 2000. Apresiasi Wayang. Surakarta : Cendrawasih.
Purwaka, W.Dkk. Tanpa Tahun. Sekar Rinonce ; Kawruh Basa Jawa. Surakarta CV. Cendrawasih.
Sujamto, 1992. Wayang dan Budaya Jawa. Dahara Prize. Semarang : Effhar Offset.
Susilo, Bambang.Dkk, 1994. Senang Wayang 1. Semarang : Media Wiyata.
Zoetmulder, P.J. 1994. Kalangwan : Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang. Penerjemah, Dick Hartoko. –
Cet. 3. – Jakarta : Djambatan.

Bahan Ajar Basa Jawa SMA 2 Wonosobo | 8

Anda mungkin juga menyukai