Anda di halaman 1dari 17

http://www.setyawara.

tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

Teater Tradisional

ANDHÉ - ANDHÉ LUMUT

Adegan I
Padhukuhan nyi Randha Kleting
Kondisi rumah menunjukkan agak kaya.Penghuni Nyi Randha Klething beserta anak-
anaknnya ( Klething Abang.Ijo ,Biru ,dan Kuning ).Yang menjadi bahan pembicaraan adalah
bahwa ketiga anak perawannya belum berumah tangga walau sudah masanya.Mereka (
para Klething akan meminang Andhe-anhde Lumut )
Ilustrasi musik : Ldr Slamet.

1. Randha Klething : Suta dlongooop……. Réné tak kandhani!


2. Suta Dlongop : La niki, ngendikané ngersakaken geni
3. Randha Kleting : O..oooo ndilalah, wong ki nèk..!
4. Suta Dlongop : Ha nggih panci mekaten nyi..
5. Randha Kleting : Dlongop… kowé ki janjané krungu apa ora ta ?
6. Suta Dlongop : La..la..kersané pripun ta nyi ?
7. Randha Kleting : Klething Kuning undangen mréné ..!
8. Suta Dlongop : Nggih nggih nggih ..nyi
Genderan Ladrang Pangkur Pl Br Kleting Kuning masuk
9. Klething Kuning : Wonten punapa nyi kok sajak duka…
10. Randha Kleting : Lèhmu umbah-umbah, asah asah ro strika wis mbok mèk kabèh ?
11. Klething Kuning : E..e. dè..dè.dèrèng nyi
12. Randha Kleting : Kepiyé…,? Durung..!
13. Klething Kuning : Sabab é.. sabab …badan kula sa..sa sakit nyi…
14. Randha Kleting : Kowé ki pancèn wong sing ra ngerti becik kok.
http://www.setyawara.tk | 1
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

Uripmu kedharang-dharang tak tulungi ,bèn kowé bisa urip


lumrah kaya kanca - kancamu nanging endi piwalesmu ,..endi..?
15. Klething Kuning : Nyuwun..pangapunten…nyi…
16. Randha Klething : Nyuwun..pangapunten…lakok pènuk , hé.. Klething Kuning,,,!
saiki cawisna ageman kanggo mbakyu-mbakyumu wis gèk
ndang..kana..!
Klething Kuning keluar , Klething Abang,Ijo,Biru masuk
Ilustrasi musik :
17. Klething Abang : Piyé lèhku dandan iki mbok..?
18. Klething Ijo : Wow cetha ayu aku yo..mbok..?
19. Klething Biru : Wis ta pokoké anaké simbok ki sing paling ayu cèn aku kok..!
20. Randha Klething : Wis..wis rasah dha rebutan ayu..kowé ,kowé.kowé kuwi, ayu ayu
kabèh wis ta percaya baé ro mbokmu , priya ngendi baé bakal
kepranan yèn nyawang ayumu.
21. Klething Abang : Luwih luwih yèn nyawang ayuku ya mbok?
22. Klething Ijo : Hem. Cetha sing ayu ki aku kok… piyéé…
23. Klething Biru : Alah wong loro kok lé dha gegedhèn rumangsa , sejatiné sing
ayu tur kewès ki rak aku ,ya mbok…?
24 Randha Klething : Dha isa meneng ora, . …ha…!
25 Kelting A,I, I : Iya mbok aja nesu.
26 Randha Klething : Klething Abang, Klething, Ijo lan kowé Klething Biru, nyedhaka
mréné tak kandhani
27 Kelting A,I, I : Iya …
28 Klething Biru : Ana apa mbok kok sajak mengku wigati ?
29 Klething Ijo : Gèk-gèk ana sing nglamar aku ya.. mbok..?
30 Klething Abang : Hemm mesthiné aku ta ,..dudu kowé uuu.uu..!
31 Randha Klething : Ndhuk…k anut tembang rawat – rawat ujaré bakul sinambiwara,
ing dhukuh Dhadhapan dul kali kana kaé ana priya jaka tumaruna
aran Andhé –andhé Lumut.Piyayiné sigit lan wis wayahé diladèni

http://www.setyawara.tk | 2
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

déning sifating wanita minangka garwa.


Mula…dha nyedahakka mrana ngunggah –unggahi tembungé
sapa ngerti salah siji antarané kowé ana sing dikersakaké
déning Andhé - Andhé Lumut.
Setttt…poma dipoma Klething Kuning ja nganti weruh bab
iki,ngerti…!( agak berbisik )
32 Klething Biru : Yèn ngono aku tak nyedhak mrana sapa ngerti mengko Andhé -
andhé Lumut kepincut ayuku
33 Klething Abang : Wah..kok le umuk..kowé , rung mesthi aja –aja aku malah
singdikersaké…!
34 Klething Ijo : Aku tak nyang ndhadhapan ya mbok..
35 Randha Klething : É..éé..é. arep ngendi …kowé sabar dhisik….
Tak kandhani…. Aja kandha-kandha ro klething kuning yèn
kowé kabèh bakal ngungggah-unggahi Andhé - andhé Lumut
ing Dhadhapan.
36 Klething Abang : Pamit ya mbok..?
37 Klething Biru : Aku ya iya mbok nyuwun pamit..
38 Klething Ijo : Nadyan aku ya…nyuwun pangèstu mbok…?
39 Randha Klething : Wis..wis. wis..gèk ndang mangkat…
Klething Abang dan saudaranya keluar dengan hati yang berbunga-bunga.Klething Kuning
masuk dengan busana siap untuk bepergian.Melihat kondisi klething Kuning seperti itu Nyi
randha Klething curiga. Kemudian nyi Randha Klethingpun marah terhadapnya,Namun
Klething Kuning meninggalkan tempat itu dan berhasil bertemu dengan Andhe-andhe lumut
walau melalui rintangan yang cukup berat.(berperang dengan Yuyu Kangkang sakti )
Ilustrasi musik :
40 Klething Kuning : Nyi……kula..kula nyu..nyu..nyu…
41 Randha Klething : Nyak..nyuk..nyak..nyuk apa ..?
42 Klething Kuning : Kula nyuwun pamit nyi badhé dhateng dhadhapan.
42 Randha Klething : Arep nyang Dhadhapan..? ( suara sreng..ng.. )
43 Klething Kuning : Inggih nyi..
44 Randha Klething : Arep apa kowé nèng dhadhapan Kuning …?

http://www.setyawara.tk | 3
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

45 Klething Kuning : Inggih badhé…, badhé..


46 Randha Klething : Ngunggah-unggahi, ngono…?
47 Klething Kuning : Inggih nyi, mila kula nyuwun pamit.
Mendengar kata pamitan Klething Kuning nyi Randha Klething melamun.Dalam lamunannya
Ia berguman,” Wé lha..kojur iki aja-aja Klething Kuning mau krungu lèhku rembugan .Yèn
bisa tak penggak aja nganti Klething Kuning mèlu ngunggah –unggahi, nanging yèn ra bisa
ya kepiyè manèh, mbok menawa pancèn ngono nasibé anak-anakku mengko "

48 Klething Kuning : Lo..nyi…kok..mèndel…, wonten punapa nyi..?


49 Randha Klething : O..o..ra..pokoké kowé aja lunga…!
50 Klething Kuning : Mboten nyi kula tetep nyuwun pamit
51 Randha Klething : Kuning,,,! Kowé kuwi mbok ngilo githokmu hem, kowé kuwi
sapa gèk rupamu waé ra mbejaji. Kuning kowé kuwi mung
wong kléyang kabur kanginan ra duwé dunung ra duwé
dhangka kok wani waniné kowé arep ngunggah-unggahi Andhé
andhé Lumut, Hemmm gèk anak- anakku sing cetha ayu-ayu
tur anaké wong sugih waé rung karuwan ditampa, apa manèh
mung sak kowé thing…thing.
52 Klething Kuning : Mangga sak kersa panjenengan anggènipin ngundhamana
dhateng kula.Jer kula sampun ageng tékad kula bebasan
palangana mlumpat ranténana kula medhot. Nyi kula tetep
badhé ngunggah- unggahi, lan babar pisan kula nyuwun pamit
saking papan mriki.
53 Randha Klething : Kana ..kana mangkata gèk ndang. Nya tak pacaki wedhak pupur(
sambil dibedaki warna yang menjijikkan ) sing becik, rasakna
….masa klakona kowé……!
54 Klething Kuning : Sampun nyi sampun siya-siya dhateng kula oohh…h..
55 Randha Klething : Mbuh ra urus lunga kono ra kono…emangnya gua pikirin….!
Dengan hati sedih penuh harap Klething Kuning meninggalkan rumah Randha Klething

http://www.setyawara.tk | 4
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

Ilustasi : Palayon…..

Adegan 2
Kali
Digambarkan bahwa keadaan kali lebar airnya dalam tak dapat diseberangi tanpa
menggunakan sarana penyeberangan .Di Kali itu ada dua sosok makhluk ciptaan Tuhan
berupa yuyu.Konon yuyu yuyu tersebut mempunyai kesaktian yaitu bisa berkomunikasi
dengan manusia.Yuyu sakti itu ceritanya tengah dimabuk asmara ingin memperistri seorang
wanita cantik .
Ilustrasi musik : Gemuruh suara ombak kali
Ketaman Asmara (back sound )

56 Yuyu Kangkang :Kaya ngéné ta rasané yuyu sing lagi kasmaran


Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora bisa turu
Tansah kèlingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Bingung rasaning atiku
Arep sambat nanging karo sapa
Nyatané ora kuwawa
Krasané atiku sangsaya nelangsa
(menirukan syair ketaman asmara yang terdengar )
57 Yuyu Kemburan : O..alah kang..kang…
Mbok ngilo githokmu, aja mung waton duwé angen angen…
Aku kowé ki rak titahing bethara kang awujud kewan
58 Yuyu Kangkang : Alah..cramah kaya lurah.,..ngomongi kaya kyai
59 Yuyu Kemburan :Tak rasak-rasakaké kowé kaya sipating manungsa sing lagi
Kasmaran
60 Yuyu Kangkang : Mbur. Kowé ki rasah ngridhu wewayangan kang mbéda atiku ..!
61 Yuyu Kemburan : Kang, kowé ki mung yuyu, kok kepingin diladèni sipating

http://www.setyawara.tk | 5
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

pawèstri mokal klakoné..kang . hemm.. impossibel……


62 Yuyu Kangkang :Jajali impossibel ki apa…..?
63 Yuyu Kemburan :Lombok, uyah, digerus dadi siji kang
64 Yuyu Kangkang :Kuwi jenengé sambel plo… koplo..!
65 Yuyu Kemburan :Ah..sambel rak logam sing kena nggo matri ?
66 Yuyu Kangkang :Kuwi jenenge timbel thuk , pethuk…. Hai kembur.nadyan awaké
dhèwè ki yuyu , ning rak yuyu kekasihing Bathara..
67 Yuyu Kemburan :Ah…h..h buktiné apa kang …?
68 Yuyu Kangkang :Buktiné, awaké dhéwé ki bisa tatajalma kaya lumrahé manungsa.
Mula aku percaya mbur, yèn aku bisa sambung katresnan karo
bangsaning manungsa
69 Yuyu Kemburan :Sengara kang yèn kowé bisa . Yuyu ya jodhoné yuyu, ora ana
jamaké yuyu duwé bojo manungsa
70 Yuyu Kangkang :Hayah..ngecuprus kaya kritikus…upama aku klakon arep apa
kowé….?
71 Yuyu Kemburan :Ya,…ya…ya.. embuh.
Tiba-tiba terdengar suara ombak air yang menandakan bahwa ada sesuatu di pinggir kali
tempat yuyu mangkal
72 Yuyu Kangkang :Mbur, rungokna ..aku krungu ombak banyu lan mambu
gandaning manungsa

73 Yuyu Kemburan : Wah yèn ngono , yo kang dha menthungul… saka dhasaring kali
74 Yuyu Kangkang : Yo, sapa ngerti pepujaning atiku mréné..oh….
75 Yuyu Kemburan : Gandrung manèh , gandrung manèh.

Tak lama kemudian Klething Abang,Ijo dan Biru tiba di pinggir kali,kemudian mereka
terkejut dan sedih.Tertkejut karena sungai lebar serta dalam airnya .Sedih karena tak tak
bisa menyeberang .

76 Klething Abang : Wahh..piyé iki awaké dhéwé kepalang kali…


77 Klething Ijo : Mangka gèk ra ana tukang satang sisan..!
http://www.setyawara.tk | 6
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

78 Klething Biru : Aku tak nékad nyabrang pa yu..!


79 Klething Ijo : É..é..aja…mengko , mengko…
80 Klething Abang : Wah upama ana pawongan utawa wujud apa baé bisa
nyabrangaké o..bakal dak ganjar….
Yuyu Kangkang mendekat setelah Klething Abang meyatakan siap memberi hadiah…
81 Yuyu Kangkang : Tenan ……n, kéna tak ugemi kandhamu wong ayu .
82 Klething Abang : Klething Ijo, kowé krungu swara apa..?

83 Klething Ijo : Kaya ana wong nyaut kandhamu Yu…


84 Klething Biru : Iya..Yu aku ya krungu, aja-aja ana dhemit nèng kéné.hi..hi..
85 Yuyu Kangkang : Ora ana sétan ra ana dhemit sing ana aku cah ayu..
86 Klething Abang : Mengko dhisik kowé ki mung yuyu kok bisa tatajalma kaya aku
sapa jenengmu hemm… ?
87 Yuyu Kangkang : Jenengku Yuyu Kangkang, kowé…?
89 Klething Abang : Aku Klething Abang mburimu..?
90 Yuyu Kermburan : Aku Yuyu Kemburan …..aku sih ijèn rung de bojo…
91 Yuyu Kangkang : Mbur…. semingkira kana..!
92 Yuyu Kemburan : Aku tak mèlu ngumbah mata sedhéla waé..kang
93 Yuyu Kangkang : Ra gelem semingkir tak capit tugel sikilmu…!
94 Yuyu Kemburan : Ya… ya…kono…untalen.
95 Yuyu Kangkang : Klething Abang , kowé lan adhi-adhimu arep menyang ngendi..?
96 Klething Abang : Aku arep nyang Dhadhapan
97 Klething Ijo : Yuyu Kangkang ..aku ya nunggal karep ro sedulurku
98 Klething Biru : Aku ya ngono Yuyu Kangkang.
99 Yuyu Kangkang : Ra sah dha kuwatir aku saguh nulungi kowé kabèh.
100 Klething A,I,B : Ha…a..! ( kaget )

101 Yuyu Kangkang : Lo kok kagèt apa dikira aku ora bisa tetulung hem…1
102 Klething Abang : Tenan kowé bisa nulungi aku…?
103 Klething Biru : Ya aja-aja kowé mengko gawé cilaka
104 Klething Ijo : Wis ta yèn bisa nulungi aku … arep njaluk apa bakal tak
http://www.setyawara.tk | 7
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

udanèni..
105 Yuyu Kangkang : Ha..ha..ha..sida kasembadan aku…
106 Klething Biru : Dijak rembugan malah nyekakak
107 Klething Abang : Iya arep njaluk opah apa kowé, yèn bisa nyabrangaké aku?
108 Yuyu Kangkang : Aku ora arep njaluk opah apa-apa
109 Klething Biru : Terus apa opahé..?
110 Klething Ijo : Iya apa sing cetha dadi ora gawé bingung
111 Yuyu Kangkang : Opahé..opahé.. e..e.. sun sing swé piyé..?
112 Klething A,I,B : Ha…a..! ( kaget )
113 Klething Abang : Piyé iki ….yèn kaya ngéné lakoné..
114 Klething Biru : Yuyu Kangkang aku gelem….
115 Klething Ijo : Aku ya gelem ning sepisan baé ya..?
116 Klething Abang : Kangkang …wis gèk ndang yo..ra sah nggubris dulur-dulurku..!
117 Yuyu Kangkang : Tenan…. kowé… gelem tak tulungi ning ya kuwi…..opahé.
118 Klething Abang : Iya-iya ning sedhéla baé, wis gèk ndang… ayo..!

Klething Abang segera diseberangkan oleh Yuyu Kangkang dengan resiko dicium pipi
kanan kirinya hingga ke seberang sungai.Seusai menyeberangkan Klething Abang, Yuyu
Kangkang mendekati dua klething yang tengah bertengkar berebut giliran untuk
diseberangkan.

119 Klething Ijo : Yuyu Kangkang…..cepeeet aku mbok sabarangaké…!


120 Klething Biru : Aku dhisik….dhing…. sing mbok sabarangaké…!
121 Klething Ijo : Aku uuh…h
122 Klething Biru : Iiii… aku ndhisik
123 Yuyu Kangkang : Ha.ha…ha… sida panèn pipi tenan aku….,
Kéné-kéné..ning ya kuwi ja lali opahé..ya thing…!
124 Klething Ijo : Aku..!
125 Klething Biru : Aku..!
126 Klething Ijo : Pokoké aku…!
127 Klething Biru : Piyéé…é..kowé aku..!
128 Yuyu Kangkang : É..é.. ra sah dha rebutan nèk cèng ro baé piyé..?

http://www.setyawara.tk | 8
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

129 Klething Ijo : Cèng ro apa kuwi..?


130 Klething Biru : Iya apa kuwi cèngro…?
131 Yuyu Kangkang : Boncèngan loro alias didobel, piyé…?
132 Yuyu Kemburan : Kang, kuwi jenengé nerak angger-angger , utawa melanggar
aturan lalu- lintas peryuyuan, kenèk perkara kowé mengko…!
133 Yuyu Kangkang : Kasatlantasé peryuyuan aku….arep apa kowé..?
134 Yuyu Kemburan : O…o..ya..wis,ning ya aja nganak cecak kowé kang..?
135 Yuyu Kangkang : Cara mbanyumasané kowé kuwi “BRISIK NGANA LUNGA !“
136 Yuyu Kemburan : Rasah adoh-adoh Banyumas Kang, kéné rak cedhak Bengawan
Solo..riwayatmu ini……!
137 Yuyu Kangkang : O ndilalah ..Brisik.. lunga, hé lunga..!
138 Klething Ijo : Di entèni kok malah padu dhéwé, piyé…iki..?
139 Klething Biru : Iya aku dhisik pa piyé..?
139 Yuyu Kangkang : Ngéné.., gelem ora gelem tak dobel kowé..!
140 Klething Ijo ,Biru : O..nasib,nasib..!
141 Yuyu Kangkang : Wis kéné mapan gegerku kéné…aja lali ya..opahé

Kedua Klething berhasil diseberangkan dengan resiko yang sama yakni mereka harus mau
dicium kedua pipinya oleh Yuyu Kangkang.Selepas menyeberangkan tiga klething hati Yuyu
Kangkang bagai tersiram air salju.Ia gembira bercampur bahagia.Namun kedatangan
Klething kuning akan menentukan nasib Yuyu Kangkang yang sombong itu .

142 Yuyu Kangkang : Mbur …beja tenan awakku dina iki.


143 Yuyu Kemburan : Alah kabegjan ka ngono we kok pamèr-pamèrké kang -kang
144 Yuyu Kangkang : Sasat panèn pipi aku.. ha..ha..ha..
145 Yuyu Kemburan : Ning ya kuwi ,adhakané bar bungah mesthi susah..
146 Yuyu Kangkang : hayah.. sapa sing kandha..?
147 Yuyu Kemburan : Lo..nèk percaya déné ora ya masa bodhoa
148 Yuyu Kangkang : Mbur ,mbur lo ana prabawa apa iki kok ra kepénak ?
149 Yuyu Kemburan : Aja –aja kowé bakal kepethuk sing jenengé susah..
Terdengar suara mengerikan yang mengisyaratkan akan adanya sesuatu .Besamaan dengan
http://www.setyawara.tk | 9
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

itu Klething Kuning sampai di pinggir kali kemudian …

150 Klething Kuning : O….wanguné dulur-dulurku klething mau liwat kali kéné..ta..?
Nitik jero lan ambané kali, sengara dulurku bisa nyabrang,
mangka gèk tukang satang baé ra ana. Njur sapa sing bisa
nyabrangaké selulurku..
151 Yuyu Kangkang : Hé..pawongan ala…!
152 Klething Kuning : Lo…Ana swara ning kok ora ana rupa, aja- aja ana belis nèng
kali kéné?
153 Yuyu Kangkang : Aku dudu belis , hé…wong ala..
154 Klething Kuning : O jebul kowé ta , yuyu, ning kok bisa tajalma njur sapa
jenengmu ?
155 Yuyu Kangkang : Aku Yuyu Kangkang.
156 Klething Kuning : Ya géné kowé mapan anèng kali kéné..?
157 Yuyu Kangkang : Dadia sumurupmu wong ala, aku kadhawuhan jaga kali kéné,
lan tetulung mbok menawa ana wong kang mbutuhaké
pitulunganku.
158 Klething Kuning : O..yèn ngono kowé sing nyabrangaké klething Abang lan
sedulur-sedulurku mau iya..?.
159 Yuyu Kangkang : Yèn iya arep apa kowé, njaluk disabrangaké, ra sudi aku..!

160 Yuyu Kemburan :Kang, nèk niat tetulung marang sepadha-padha aja mbok pilih-
pilih .
161 Yuyu Kangkang : Kutbah manè..èèh, Kutbah manè..èèh, kaya resik-resika kowé !
162 Yuyu Kemburan : Ha wong tetulung kok milih sing ayu, sugih,tumiba sing ora
mbejaji mlarat disepirakaké…tetulung model apa kuwi..
163 Yuyu Kangkang : Meneng,..! ora meneng tak pithes tenan kowé..!
164 Klething Kuning : Yuyu Kangkang , aja kumalungkung kowé, tekaku mréné ora

http://www.setyawara.tk | 10
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

mbutuhaké bahu sukumu, ayo sumingkir aja ngalang-alangi


lakuku..!
165 Yuyu Kangkang : Apa sumingkir, malah kowé sing kudu sumingkir saka kéné !
wis ala gèk ngreged-ngregedi kali sisan ,Hemm kana ra gelem
sumingkir tak capit tugel gulumu..!

Klething kuning terdiam sejenak kemudian terdengar suara Bathara Narada “ Hong
Prekèncong waru doyong, pak pak pong, pak pak pong ra ndé untu jenengé ompong,
Galuh Candrakirana, Yuyu Kangkang sing dadi pepalang laku kita , énggal sabeten
nganggo sada lanang dimèn bisa kasembadan sedya kita ngupadi pepujaning ati “

Klething Kuning segera menghampiri Yuyu Kangkang dan konon Yuyu Kangkang mati
terkena sabetan sada lanang dan sungaipun menjadi kering
166 Klething Kuning : Yuyu Kangkang,…rasakna sada lanang iki.( suara gong )
167 Yuyu Kangkang : A….h….a……. mati….aku…… a…….a…….a……a
168 Klething Kuning : Kaya wis ra ana pepalang kang ngridhu lakuku
Kang Mas Panji wonten pundi panjenengan,mbakyu ,…entènana
Aku….! ( Playon )

Adegan 3
Dadapan adalah sebuah desa yang aman tenteram serta sejahtera ,terlebih setelah Andhe-
Andhe Lumut berada di desa ini.Suatu hari canda tawa serta nyanyian bocahpun
melengkapi rona kedamaian desa itu.
Ilustrasi : 1.Suara burung serta hewan piaraan
2.Dolanan bocah Bangbang wis rahina
169 Jarana : Anaké sapa ya ngglenggeng,ning kok apik , seneng
aku….
170 Jarene : Wis rampung e..kang lé padha tetembangan
171 Jarana : O…aku arep mèlu nimbrung jé malah..
172 Jarene : Kowé arep nimbrung cah cilik –cilik kaé kang?

http://www.setyawara.tk | 11
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

173 Jarana : La nèk iya arep apa kowé..?


174 Jarene : Kang kowé ki upama krambil mono rak wis kiring.
175 Jarana : O iya ya..,nèk cah cah cilik kaé…isih bluluk ya.
176 Jarene : Nèk bendarané dhéwé ki klebu sing endi..?
177 Jarana : Bendara sing sapa..?
178 Jarene : Ya Andhé –andhé Lumut ta Kang..
179 Jarana : Ha nèk kaé klebu sumat
180 Jarene : Sumat ki apa kang..?
181 Jarana : Jare cah ndésa kok ora ngerti…kowé..!
182 Jarene : Ya kena baé ta, karang pancèn ra ngerti kok..piyé
183 Jarana : Laiki buktiné jawa ki pancèn sugih ing bab kagunan
Basa
184 Jarene : Ilmiah iki…cethané..?
185 Jarana : Contoné yèn basa Indonesiane krambil apa…?
186 Jarene : Buah kelapa.
187 Jarana : La nèk bluluk…?
188 Jarene : Ya buah kelapa sangat muda
189 Jarana : La nèk cengkir..?
190 Jarene : Ya buah kelapa muda..
191 Jarana : Ngandel ra, béda nèk basa Jawa sak krambil wé
jenengé limang werna…
192 Jarene : Limang werna piyé kang..?
193 Jarana : Krambil cilik sing kena nggo nyawat kirik kaé
jenengé…?
194 Jarene : Bluluk kang.
195 Jarana : Kakangné bluluk..?
196 Jarene : Cengkir kuwi..!
197 Jarana :Mula cok ana _tetembungan nyengkir gadhing,ngerti
karepé tembung kuwi..?

http://www.setyawara.tk | 12
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

198 Jarene : Ngerti kang..


199 Jarana : Coba sing nyengkir gadhing ki apané…?
200 Jarene : Bokongé kang
201 Jarana : La rak tenan ngawur ta, La nèk sing lagi enak-enaké
nggo rujak jenengé..?
202 Jarene : Wah degan kang
203 Jarana : La krambil tuwa ning garing tepesé kuwi diarani sumat.
204 Jarene : O kuwi…nèk ngono bendarané putri sepuh kaé
klebu sing endi kang…?

205 Jarana : Wah embuh kuwi…


206 Jarene : Apa ra klebu sing kambil bo….bo…
207 Rd Dhadhapan : Bosok aku…wong kok senengé dha…
208 Jarene : Nyuwun pangapunten kula,kula nyi…
209 Jarana : Rasakna kono…mula2 suk mbèn ki aja…
210 Rd Dhadhapan : Alah kowé ya padha baé kok mejang kancané…
211 Jarene : Mangga,mangga nyi…ngersakaken…
212 Jarana : Utusan kula tiyang kalih punapa kados pundi nyi..?
213 Rd Dhadhapan : Ora ..ora pumpung Andhé –andhé lumut gèk
menyang sendhang tak kandhani
214 Jarana : Wonten putri ngunggah- ungahi malih napa nyi..?
215 Jarene : Punapa kados pundi nyi..?
216 Rd Dhadhapan : Ora.. aku gumun,ya géné Andhé-andhé Lumut kok
ora gelem nampa klething Abang dhèk embèn kaé

217 Jarana : Jané upama klething Abang niku purun kalih kula,
wah ajeng kula mulyakaké. tenan pun ta..
218 Jarene : Na.kowé kuwi nglindur ning ora turu la wong sak kowé kok
kepingin diladèni klething Abang.

http://www.setyawara.tk | 13
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

219 Jarana : ya jenengé baé angen-angen kena baé ta..?


220 Rd Dhadhapan : Klething Abang mugkur , klething Ijo teka
221 Jarene : Ngih sami ngunggah –unggahi nyi..?
222 Rd Dhadhapan : Ya nunggal karep karo klething Abang..
223 Jarana : Ugi dipun tampik nyi…?
224 Rd Dhadhapan : Iya mangka yèn cara aku, Klething Ijo ki luwih….
225 Jarene : Ayu nggih nyi, ning Andhé-andhé Lumut kok ra kersa ki gèk
piyé hara..!
226 Jarana : Jarené ..wong bebojoan mono dudu bandha dudu rupa,amung
ati pawitané
227 Andhe-Andhe : Bener kandhamu paman,, wong jejodhoan mono kaya sing
Lumut mbok kandhakaké ngarep mau
228 Jarana : Mangga ndara…saking tindak pundi niki wau..?
229 Jarene : Inggih ndara kula kok mboten kepereng ndhèrèkaken..?
230 Andhe-Andhe : Jarana, Jaréné, aku tas nyang sendhang, nanging sing gedhé
Lumut pangapuramu aku ra ngajak kowé sekloron,paman..!

231 Jarana : Nanging kula ingkang dipun dukani..

232 Andhe-Andhe : Leres Bu,..penjenengan duka dhateng paman Jarana Jaréné


Lumut

233 Rd Dhadhapan : Ora, aku ora nesu ya mung nakokaké sliramu baé kok

Percakapan No 237 sampai No 242 diiringi Ketawang Subakastawa Winangun


(Umpak-umpak )
234 Andhe-Andhe Lumut : Ibu ,penjenengan mboten perlu kuwatos kula
amung kepéngin ngraosaken indahing sesawangan ing
Dhadhapan mriki kok

http://www.setyawara.tk | 14
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

235 Rd Dhadhapan : Nggèr..aja nesu aku takon, ya géné kowé,…kowé…


236 Andhe-Andhe Lumut : Ibu,… cobi penjenengan priksani..!
237 Rd Dhadhapan : Sliramu nyawang apa wong sigit..?
238 Andhe-Andhe Lumut : Cobi Bu .., punika lo
Méga pethak ingkang mayungi gunung-gunung katingal
éndah akarya suka bombonging manah.
239 Rd Dhadhapan : Nggèr, ditakoni kok wangsulanmu nggladrah ora genah.
piyé…é..iki…?
240 Andhe-Andhe Lumut : Pancuranipun ketingal wening tirtanipun mili mintir
ngoncori sabin sabin, pari ,jagung téla pohong, kacangé,
canthèlé, grojoganipun….
241 Rd Dhadhapan : Adhuh..piyé ..é…iki….
242 Andhe-Andhe Lumut : Ibu , ing sabin ngrika kula mireng swanten piranti
panggusahing peksi.. tan pantara dangu byur…r..peksi
miber nilaraken sabin wau oh..upami kula saged
sesandhingan kaliyan….
243 Rd Dhadhapan : Karo sapa wong sigit , Klething Abang utawa Klething Ijo ?
244 Andhe-Andhe Lumut : O…sanès punika Ibu…nadyan ayu nanging rak sisané Yuyu
Kangkang
245 Rd Dhadhapan : Banjur sapa sing bisa nyidra thelenging asmaramu.. ?

Baru sampai di sini percakapan mereka kemudian terputus oleh kedatangan Sadirana
Sadirene tergopoh gopoh melaporkan bahwa Dhadhapan ada tamu..

246 Sadirana : Nyi ,nyi..adhuh nyi wonten,…wonten..ta..ta


247 Sadirene : Wonten tamu nyi…
248 Rd Dhadhapan : Tamuné..?
249 Sadirana :Tiyang èstri ,nyi..!
250 Sadirene : Inggih inggih tur ta ayu nyi…

http://www.setyawara.tk | 15
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

251 Rd Dhadhapan : Ya…aya..konen mlebu…


252 Sadirana & Sadirene : Inggih nyi..

Klething Biru masuk disambut sebagamana tamu biasanya..


253 Rd Dhadhapan : Kéné, kéné, kéné lungguh dhisik cah ayu..
254 Klething Biru : Inggih ,inggih nyi…
255 Rd Dhadhapan : Sak uwisé lungguh, cah ayu banjur sapa asmamu lan
kersamu..?
256 Klething Biru : Kula Klething Biru nyi…kula badhé ndhèrèk ….ndhèrèk....
257 Rd Dhadhapan : Ya..ya.. ngerti aku…diprayogakna aku tak sarembug karo
Andhé - Andhé Lumut
258 Klething Biru : Inggih nyi..
259 Rd Dhadhapan : Putraku si Andhé - andhé Lumut
Tumuruna ana putri kang ngunggah –unggahi
Putriné kang ayu rupané Klething Biru iku kang dadi asmané
260 Andhe-Andhe Lumut : Bu sibu kula mboten purun
Kang putra mboten badhé mudhun
Nadyan ayu sisané Si Yuyu Kangkang
261 Rd Dhadhapan : Kepiyé nduk, kowé rak ya wis mireng dhéwé apa kang dadi
wangsulané andhé – andhé lumut putraku.

262 Klenthing Biru : Inggih nyai, menawi mekaten, kepareng nyuwun pamit
dinten punika.
263 Rd Dhadhapan : Ya ya sing prayitna ngati – ati ya nduk……………………………….

Setelah beberapa saat kepergian Klenthing Biru, Kleting Kuning datang,

264 Kleting Kuning : Kulanuwun nyai,………


265 Rd. Dhadhapan : Hus…….napa kuwi……wis kana ngadoh saka ngarepanaku.
266 Kleting Kuning : Nanging nyai…..kula ugi badhé nyobi nginggah – inggahi.
267 Rd Dhadhapan : Kepiyé……………, ya wis…..coba tak takokaké putraku…….wong
sing ayu – ayu baé padha ditampik aja manèh mung kowé.

http://www.setyawara.tk | 16
http://www.setyawara.tk
The Official Site of Bahasa Jawa SMA 2 Wonosobo
E – Learning Bahasa Jawa

268 Rd Dhadhapan : Putraku si Andhé - andhé LumutTumuruna ana putri kang ngunggah
– unggahi Putriné kang ala rupané Klething Kuning iku kang dadi
asmané.
269 A. Lumut : Aduh ibu kula inggih purun, kang putra inggih badhé mudhun,
nadyan ala punika kang putra suwun.
270 Rd. Dhadhapan : Aduh nggèr anakku kepiyé ta nalarmu, bocah kaya ngono kok sira
tampa…….?
271 A. Lumut : Ibu sampun kuwatos….rumiyin …..cobi ibu pirsani sinten ta laré èstri
punika sayektosipun.
272 A.Lumut : Yayi Galuh Candrakirana, mrénéya yayi,……wus sakwetara
anggonku ngantu – antu praptanira yayi……………..
273 Klenting Kuning : Aduh……kakangmas…….punapa leres panjenengan kangmas Panji
Inu Kertapati…….
274 A. Lumut : Salinana wujud sedina kaping pitu aku bakalé ora pangling karo
sliramu diajeng….Galuh Candrakirana.
275 Kleting Kuning : Kangmas…………………………………………………..

http://www.setyawara.tk | 17

Anda mungkin juga menyukai