Anda di halaman 1dari 6

ADEGAN 1

Enjang menika wonten istana, Raden Putra lan Permaisuri nembe geguyon
wonten sawijining taman kang asri. Mboten dangu selir dugi nyindir permaisuri
ingkang kandutan sampun ageng.
Raja : Adinda, mugi-mugi putra kita medal kanthi selamet.
Permaisuri : Kawula inggih mboten supe kaliyan donga supados
putra kita medal kanthi selamet.
Raja : Sangking menika Dinda kedah njagi kendutan
menika.
Permaisuri : Dinda janji ing saben wekdal kedah njagi kendutan
dumugi putra medal.
Selir : Kanda ampun terus menjaaken permaisuri, mangkeh
piyambake gumede.
Raja : Lha menika kan nembe kendutan, pantes to yen
ingsun gawe manja.
Selir : Kula inggih kandutan Kanda, tapi menapa linuwih
dateng permaisuri?
Permaisuri : Selir kirang paham Kangmas, inggih sami.
Selir : Awakmu raksah gaya apik!
Raja : Wis-wis permaisuri menika leres, kanda mboten
mbedaaken sira kabeh.
Permaisuri : Kanda, mungkin selir menika ndamel geguyon
menawi mboten sah lebotaken ati.

ADEGAN 2

Ing sawijining wekdal sawekdal selir gerah. Raja katon kabingungan lan cepet-
cepet merintah patih supados numekaaken tabib. Ewo semono ing sanjabane
pangertosanipun Raja. Jebule tabib menika tiyange selir kangge mitnah dumateng
Permaisuri.
Raja : Nduk, sira punapa? Patih age tabib tumekakno mrene
(kaliyan omomo keras).
Patih : Inggih tuan.
(Ora suwe patih sampun kondur kaliyan tabib)
Patih : Tuan, niki tabib ipun
Raja : Bib, njaluk tulung dadosaken malih menika selirku…
aku ora pengen ono opo-opo nang deweke lan putra
wonten ing kandutane.
Tabib : Inggih tuan. Kula badhe ngusahaaken sak
kemampuan kula piyambak.
(Tabib mriksa selir)
Tabib : Ngapunten tuan, koyo-koyo selir panjenengan
tumeken racun sangking dhaharan.
Raja : Nduk, sira mau mangan opo koq bisa kaya ngene kie?
Selir : Kula mboten dhahar menapa-menapa, kula wau mung
dhahar dhaharan sangking permaisuri.

ADEGAN 3

Raja murka besengut kaliyan Permaisuri lan perintah Patih supados dipun beto
ing alas lan mejahi. Namung Patih mboten mejahi amargi Patih ngertos yen
Permaisuri mboten lepat lan didamelna gubug ing alas wau.
Raja : Patih mreneya
Patih : Kula tuan, pripun tuan
Raja : Awakmu gawanen Permaisuri mau ning alas lan
patenano sebab wis gawe racun marang selirku.
Patih : Tuan, Permaisuri menika mboten lepat, nopo malih
Permaisuri lagi kandutan ageng tuan.
Raja : Wis gawanen raksah kakean alasan, buaka ning alas,
aku rak peduli karo wong sing licik kaya kae.

ADEGAN 4

Sak sampunipun dumugi ing alas Patih matur kaliyan Permaisuri supados gawe
selamet awake ing panggenan kang aman.
Patih : Ngapunten Permaisuri kula mboten saged mejahi
panjenengan
Permaisuri : Punapa Patih, siro ora gelem nglaksanaake tugas
mau?
Patih : Kula mboten tega amarga panjenengan mboten lepat.
Prayogane panjenengan tindak dumateng simbah
kang wonten sapinggire alas.
Permaisuri : Yo Patih, matur nuwun
Sakwise pirang-pirang dino ning gubug, permaisuri nglahirake anak lanang
sing gagah lan bagus rupane, jenenge Cindelaras.

ADEGAN 5
Sakwise pirang-pirang tahun, Cindelaras dadi gedhe umur 8 tahun. Cindelaras
nemoki endok pitik alas lan digawa mulih.
Ibu : Seko endi kowe Le lan kowe nggawa apa?
Cindelaras : Sangking alas bu, kula mbeta endog ayam bu.
Kakek Tua : Entuk endog seka endi Cinde?
Cinderalas : Sangking alas mbah.
Kakek Tua : Endogke meh dikapakake?
Cindelaras : Badhe dipun tetesaken dados pitik Mbah.
3 minggu meneh endog pitike netes dadi pitik.

ADEGAN 6

Sakwise pirang-pirang tahun Cindelaras maleh gedhi dadi joko sing bagus lan
deweke mesthi karo pithik jagone sing ajaib ing tempat latihan Cindelaras lagi
diwarahi ilmu-ilmu.
Mbah : Sediluk meneh kowe nguasani ilmu kanuragan sing
diajari mbahmu.
Cindelaras : Inggih mbah.
Mbah : Tapi eling Cinde, kowe kudu migunakake kanuraga
iku kanggo perkara sing apik.
Cindelaras : Inggih mbah, kula ngertos.
Mbah : Wes wektune kowe nggoleki bapakmu Le, kowe
kudu nyadarke pakmu seko raksasa 3.
Cindelaras : Inggih mbah kula wajib nyadarke bapak sangking
tiga raksasa.
Ngenjang kula badhe pangkat.
Mbah : Iyo apik, saiki leren ndisek.
Cindelaras : Inggih mbah.

ADEGAN 7

Ngesoke Cindelaras wis siap-siap lunga nemoni bapak.


Cindelaras : Bu, mabah, kula badhe nyuwun pamit.
Ibu : Iyo nak, sing ati-ati ning ndalan.
Cindelaras : Inggih bu.
Mbah : Ojo lali pesene simbah wingi!
Cindelaras : Inggih mbah.

ADEGAN 8

Ing tengah dalan Cindelaras ketemu karo pawongan wadon ayu sing kesasar
ning alas lan Cindelaras nulungi cah wadon kasebut.
Cindelaras : Lagi opo do nengkene ki?
Anjang : Kula badhe kondur, kita kesepen tumujuning dusun.
Mirfa : Saderange, asma kula Mirfa lan niki rencang kula
Anjang.
Cindelaras : Kula Cindelaras, ow yen ngoten kula inggih badhe
wangsul menyang dusun.
(Lajeng Cindelaras lan 2 wanita sesarengan tumuju
dusun)
Anjang : Lha sampeyan sangking pundi? Lan badhe napa ten
dusun?
Mirfa : Kayane kita nembe mawon sumerep jenengan.
Menapa sanes warga dusun mriki?
Cindelaras : Kula sangking dusun seberang. Kula ngriki badhe
ngedu pitik.
Anjang : Cinde, kayane kita kedah pisahan ten ngriki… thank
you. Sampun sesarengan kita.
Cindelaras : Sami-sami
Anjang : Lha sakniki jenengan badhe ten pundi?
Cindelaras : Kula badhe ten panggenan adon pitik.
Mirfa : Muga-muga kabejanan tumekening awakmu.
Anjang : Nuwun ….
(Cindelaras mung ndingkluk)

ADEGAN 9

Ing dalem panggonan adonan pitik, Cindelaras ketemu kaliyan Selir lan putrane
kang remen sanget kaliyan adonan pitik. Ten mrika Cindelaras nantang adu pitik
Selir lan putranen.
Selir : Kie cah cilik, meh ngapa kowe mrene?.
Cindelaras : Adu meh ngedu pitik marang awakmu.
Selir : Apa sing kok kowe nduweni kok wani-wani karo aku.
Cindelaras : Aku pancen rak duwe apa-apa sing pak nggo taruhke.
Selir : Pitikmu apik meni, pitikmu nggo aku wae piye?
Cindelaras : Nak aku menang piye? Kowe meh ngaki apa?
Selir : Sakarepmu apa sak njalukmu.
Cindelaras : Piye, nak aku menang separo sangka bandamu dadi
wek ku, yen lamuno kalah penggalo guluku.
Selir : Wani kowe cah, yen ngono tak enteni tekanmu sesok
nang kene.
(Patih kang mireng menika sedaya ngaturaken
marang ratu)

ADEGAN 10
Enjinge nalika badhe tanding tumeko ratu lan patih kang pengen dadi juri lan
dumadakan pitike Cindelaras kluruk kaliyan suara aneh.
Selir : Jebule kowe wis teka Le?
Cindelaras : Aku ora bakal cidra ing janji.
Putra Selir : Wis raksah ngende-ngende wektu, mulai wae saiki.
Cindelaras : Ayo, aku mesthi menang.
(Bareng wis ditarungke nyatane jagone Panjilaras
menang)
Keluarga raja pada seneng, bakal ngetok gulune anake Selir. Pitike Panjilaras
kluruk unine BAK, BUK KUKU RUYUK JAGONE CINDELARAS OMAHE
TENGAH ALAS, PAYONE GODONG KLARAS, PUTRANE RADEN PUTRA,
OMAHE ING JENGGOLO.
Bareng kluruk, jagone Cindelaras menang.
Cindelaras : Aku meh nagih janjimu !
Pokoke kowe kudu lungo seko kene!
Keprabon dadi wekku.
Putra Selir : Yo, ora opo – opo, karang aku wis janji.
Cindelaras : Yo, aku meh muleh disek.
Raja : Sek ojo bali disek, aku arep takon karo kowe.
Cindelaras : Badhe ngendika napa ?
Raja : Ingsun mireng jagomu kluruk suarane aneh, apa
nyata temenan suara kuwi?
Cindelaras : Kulo mboten mangertos rumiyen kula manggihi tigan
tengah alas lajeng kula tetesaken.
Raja : Kowe lunga tujuan arep ningndi?
Cindelaras : Badhe madosi bapak kula, amargi kula dipun critani
kalihan ibu. Ngendikanipun ibu garwanipun Raden
Putra.
Raja : La omahmu ngendi ?
Cindelaras : Griyo kula sami kluruk ipun jago.
Raja : Yo, ingsun kepengen weroh panggonanmu.
Cindelaras : Inggih mangga, nanging kula badhe madosi kekasih
kula rumiyen.
Raja : Iyo.
Cindelaras muleh marani kekasihe arep dijak sowan ibune.
Cindelaras : Ayo dhik takjak sowan ibuku.
Kekasihe : Iyo kang Mas, aku gelem
Cindelaras Bu, kula ngejak calon bojokula.
Kekasihe Bu, nepangaken nami kula Anjang.
Ula badhe dipun bebrayan kalihang kang mas
Cindelaras.
Ibu : Iyo, ora apa – apa. Angger padha sarujuk.
Ibu : Le, kowe apa wis mantep temenan anggonmu
bebrayan ?
Cindelaras : Sampu bu? Amargi kula sampu gadah griyo sak
kapuratannipun.
Ibu : Saka ngendi, olehe kowe nduwe omah?
Cindelaras : Kula wau adu jago wonten njenggolo, jago kula
mimpang. Lajeng kula pikantok totohan griyo sak
prabotanipun.
Ibu : Ana ngendi ?
Cindelaras : Raden putra ana ing njenggolo.
Ibu : Mengko gek – gek bapakmu.
Kekasihe : Kok iso nganti tekan kono kie piye kang mas ?
Cindelaras : Aku mau krungu woro – woro yen ono saimboro adu
jago.
Kekasihe : La totohane opo kang mas ?
Cindelaras : Raden Putra notohi istana.
Kekasihe : La sampeyan totohane apa?
Nak mengko kalah piye?
Cindelaras : Kalah ora opo – opo, wis ning kene disek yo! Kang
mas meh marani Raden Putra.
Cindelaras : Mangga kabare badhe nyatakeken wonten panggonan
kula.
Raja : Iyo, yo dang mangkat!
Cindelaras : Bu, bu, bu! Mangga medal wonten tamu.
Ibu : Yo le!
Kekasihe : Bu, bu kula ajreh kaleh tiyangipun
Raja : (kaget preso, ibune Cindelaras)
Oh jebule diajeng to?
Ibu : Kanda kok tega sanget kalihan dinda!
Raja : Aku ora ngerti, percoyo karo omonge selir.
Ibu : Le, iki panden bener, iki bapakmu!
Cindelaras : Alhamdulillah saget kepanggih kalihan bapak.
Kekasihe : Jebule kang maski putrane Raden Putra, mengkone
aku piye kang mas ?
Cindelaras : Yo ora apa – apa, kowe tetep dadi permaisuriku. Ayo
monggo Rama, Ibu kalihan dimas sareng – sareng
wonten istana.
Akhire Cindelaras kepanggih kalihan ramanipun. Kalihan gesang bebrayan
rama ibu wonten istana.

Anda mungkin juga menyukai