Anda di halaman 1dari 2

Matilda Stella Pradnya

XIC / 19

ANOMAN OBONG

Ana carita saka Keraton Ayodya sing aman, ayem, lan tentrem dene duwe raja yaiku
Prabu Rama. Prabu Rawa Wijaya duwe garwa sing ayu banget jenenge Dewi Shinta. Nalika
iku dianakake sayembara kanggo nentuke sapa sing dadi bojone Dewi Shinta. Sayembara
kasebut dimenangke marang Prabu Rama. Nanging, Prabu Dasamuka raja negari Ngalengka
uga kasengsem marang Dewi Shinta. Dewi Shinta itu titisane dewa, sapa bae kang garwane
titisan dewa bisa nguwasani jagad sawutuhe. Mulane Prabu Dasamuka golek cara kanggo
ngrebut Dewi Shinta saka tangane Prabu Rama.

Sakwijining dina Prabu Rama Wijaya mbebedhag ing wana dikancani marang Dewi
Shinta lan Lesmana, adhine Prabu Rama. Mulane, Prabu Dasamuka golek cara manfaatke
kahanan kasebut kanggo misahake Dewi Shinta saka Prabu Rama. Prabu Dasamuka ngutus
Kala Marica supaya dadi kidang emas. Sawise iku jenenge Kala Marica diganti dadi Kidang
Kencana. Dewi Shinta ndeleng kidang emas kasebut liwat. “Wow, kidang emas punika apik
sanged. Aku kepingin duwe kidang iku. Mas Rama tulungin aku kanggo nyekelke kidang
emas iku.” panjaluke Dewi Shinta marang Prabu Rama. Amarga tresna marang garwane,
Prabu Rama mbedhag kidang emas kanggo nyenengke atine Dewi Shinta. Sadurunge
mbedhag, Prabu Rama kandha, “Dik, aja lali supaya ora metu saka garis sing ngubengi iki.
Garis iki kanggo kaslametan kowe dik.”

Prabu Rama nggole kidang emas iku nganti tekan adoh mlebu ing daleme alas. Dewi
Shinta wedi amarga bojone ora mbalik-mbalik.

“Dik, kakang masmu kok suwi yo? Tulung nggoleki masmu bae. Wedine yen ana apa-apa.”

“Nggih, mbakyu.” wangsulane Raden Lesmana.

Nalika Dewi Shinta wis dhewekan, ana wong tuwa njaluk tulung. Amarga mesakake, Dewi
Shinta metu saka garis sing digawe Prabu Rama mau. Sejatine wong tuwa kasebut yaiku
Prabu Dasamuka. Banjur Dewi Shinta diculik lan digawa menyang negari Ngalengka.
Nanging ing dalan Prabu Dasamuka ketemu karo Manuk Jatayu. Awale padha salam-
salaman, banjur Manuk Jatayu kaget ndeleng ana Dewi Shinta.

“ Dasamuka kenapa kowe nggawa Dewi Shinta?”


Matilda Stella Pradnya
XIC / 19
“Dewi Shinta bakal dadi garwaku.” wangsulane Prabu Dasamuka

“Nanging Dewi Shinta wis duwe bojo Prabu Rama. Aja ngono to.”

Manuk Jatayu nyoba nyelametke Dewi Shinta. Prabu Dasamuka dadi nesu lan akhire ana
perang antarane Manuk Jatayu karo Prabu Dasamuka. Manuk Jatayu kalah lan wulune
dibubuti nganthi ora isa mabur. Prabu Dasamuka neruske lakune menyang Ngalengka.

Prabu Rama sing ngoyak kidang emas mau akhire dipanah. Kidang emas kuwi malih
wujud dadi Kala Marica maneh. Prabu Rama kaget. Prabu Rama cepet-cepet lunga marang
kahanane Dewi Shinta lan ora nemukake Dewi Shinta. Sadurunge uga ketemu Raden
Lesmana ing dalan. Prabu Rama lan Raden Lesmana banjur nggoleki Dewi Shinta. Bejone
ing dalan ketemu Manuk Jatayu. Manuk Jatayu nyritake kejadian mau dene Dewi Shinta
digawa Prabu Dasamuka. Prabu Rama lan Raden Lesmana bali menyang Ayodya kanggo
ngutus Anoman nyelametke Dewi Shinta. Anoman digawani ali-aline Prabu Rama kanggo
tanda supaya Dewi Sintha percaya yen Anoman utusane Prabu Rama.
Anoman iku kethek sing wulune putih lan sekti mandraguna. Tekan ing Ngalengka
Anoman menek wit nagasari ndeleng ing ngisori ana wadon kang ayu parase nanging kuru
aking lan ketok yen stress banget. Jebule wadon iku Dewi Shinta, banjur diparani Anoman.
Dewi Shinta kaget amarga ora ngerti ana kethek putih. Anoman banjur ndelengake ali-aline
Prabu Rama lan akhire Dewi Shinta percaya iku utusane bojone. Ujug-ujug Trijata,
putrinipun Raden Gunawan Wibisana utawa rayinipun Prabu Dasamuka dateng. Biasane
Trijata mbujuk Dewi Shinta supaya gelem dadi garwane Prabu Dasamuka. Dewi Shinta tetep
ora gelem. Sawise ndeleng ana kethek putih memplak kados kapas, Dewi Trijata sanget
kasengsem. Anoman lan Dewi Trijata omong-omong lan ketawa-tawa banter banget. Prajurit
ngrungoke ana suara-suara ribut lan lapor marang Prabu Dasamuka. Anoman dicekel lan
ngongkon prajurite ngobong Anoman. Amarga sektimandraguna, Anoman diobong nanging
ora mati malah metu saka geni lan ngobong-obong Ngalengka. Dewi Shinta banjur cepet-
cepet dislamatke.

Anda mungkin juga menyukai