Anda di halaman 1dari 66

DAFTAR ISI

 Unggah-Ungguhing  Tembung Entar


Bahasa jawa.  Tembung Camboran
 Aksara Jawa  Cangriman
 Tokoh-Tokoh  Karatabasa
Pewayangan  Rurabasa
 Ukara Tanduk lan  Geguritan
Tanggap.
 Pidhato Sambutan.  Tembang Macapat
 Pribasan.  Tuladha Tembang-
Tembang Macapat
 Sanepa.
 Tembung Saroja
Unggah-ungguhing Basa Jawa
Guneman nganggo bahasa Indonesia karo
wong tuwa, karo kanca, utawa karo sapa
bae, cak-cakane padha, ora ana bedane.
Nanging nek ngunaake basa jawa, kita
kudu manut tatanan, kang sejatine,
guneman nganggo basa jawa iku ora
angel, angger kita gelem nggateake
tatanane.
Menurut cak-cakane basa jawa iku diperangi
dadi 3, yaiku :

Basa Ngoko

Basa Krama

Basa Krama
Inggil
Basa Ngoko
1. Ngoko Lugu 2. Ngoko Alus
Ngoko Lugu Ngoko Alus
Kanggone : Kanggone :
• Omongane bocah karo • Ibu marang Bapak
bocah sing wis kulina • Adhi marang kangmase
utawa marang mbakyune,
• Omongane wong tuwa
bisa uga kang mas utawa
karo wong enom mbakyu marang adhi kang
• Yen lagi ngunandika diajeni marga pangkate
luwih dhuwur.
• Anak marang wong tuwa
Tuladha :
Ngoko lugu Ngoko Alus
 Omongane bocah marang  Ibu marang Bapak
bocah. “Pak, yen arep dahar wis
“Aku mengko dak dolan daktata ana ing meja.”
menyang nggonmu ya?”  Adhi marang kang mase
utawa marang mbakyune,
 Omongane wong tuwa
utawa sebalike marang adhi
marang wong enom. kang diajeni.
“Ton, apa koe wis “Mas, yen kersa mengko
sembahyang?” dakampiri mriksane bioskup.”
 Yen lagi ngunandika.  Anak marang wong tuwa.
“Kapan ya aku duwe sepeda “Ibu apa gerah, kok aras-
mini?” arasen?”
Basa Krama
1. Krama Lugu 2. Krama Alus
Basa krama lugu iku Krama alus iku
kanggone: kedadean saka
• Guneme wong tuwa krama lugu lan
marang bocah krama inggil.
kangdurung ditepungi.
• Kanggone gudeman
• Guneme bocah karo
bocah sing durung karo sapa bae kang
kulina. kudu diajeni.
Tuladha:

Krama Lugu Krama Alus


 Wong tuwa marang bocah  Kanggo wong sapa bae kang
sing durung ditepungi. kudu diajeni.
“Nak, sampeyan ngertos “Bu, panjenengan dipun
marganipun dhateng dhawuhi Embah sowan
ketandan?”
mrika sakpunika.”
 Bocah karo bocah sing
durung kulina. “Pak, kala wau Pak Lurah
“Bapak sampeyan menapa tindak mriki madosi
saestu nyambut dhamel panjenengan.”
wonten ing bingkil?”
Basa Krama Inggil
Krama inggil iku dhisik kanggone ana ing kalangan
bangsawan. Basane meh pada karo basa krama alus
nanging ditambahi dalem-dalem.
Upama abdhi menyang bendarane darah ratu:
• “Gusti, abdi dalem kawula badhe munjak wonten
ngarsa dalem.”
• “Panjenengan dalem dipun timbali rama nandalem.
• “Raka nandalem tindak mangetan nitih kuda.”
Penget
Saiki cak-cakan basa krama inggih akeh kang ora trep.
Krama inggil iku ora kena kanggo awake dhewe.
AKSARA JAWA
Kelengkapan Aksara Jawa
Huruf Jawa
Pasangan Aksara Jawa
Pandawa
Punakawan
Arjuna, Purwa, Batarayudha
Rama lan Shinta
Wayang Golek
Ukara Tanduk lan Tanggap
a. Ukara Tanduk b. Ukara Tanggap
Ukara tanduk yaiku ukara sing Ukara tanggap yaiku ukara
jejere nindakake pagawean. sing jejere ketaman
1. Ukara Tanduk tanpa lisan pakaryan / pegawean.
Tuladha: Tuladha:
• Bapak kondur. • Adik didukani Pak Guru.
• Aku mangkat. • Pitike digusah Tana.
• Wanda nangis. • Potlotku kokbujelake ta?
2. Ukara tanduk mawa lisan
Tuladha:
• Wisnu maca layang kabar.
• Ratna ngirimi layang kancane.
• Simbah ngunjuk kopi.
PHIDATO
SAMBUTAN
Pidhato Sambutan
Nulis naskah pidhato ateges gawe
karangan kang saprelu diandharake
marang wong liya. Dene sing prelu
digatekake menawa arep gawe pidhato
yaiku:
 Uluk salam
 Purwaka basa
a. Atur pakurmatan
b. Atur puja-puji
c. Atur panuwun
 Surasane basa (isi pidhato)
 Panutup
PARIBASAN
Paribasan yaiku unen-unen gumathok,
ajeg panggonane, tegese wentah
Tuladha:
 Criwis cawis  Tulung mentung
Yaiku: sugih omong, nanging ugo Yaiku: menehi pitulungen
mrantasi. nanging malah gawe rekasa
 Benceng ceweng sing ditulungi.
Yaiku: wong kang mikir rong  Ora tedeng aling-aling
prakara utawa lewih. Yaiku: omong blak-blakan.
 Sapa salah saleh  Becik ketitik ala ketara
Yaiku: wong kang tumindak luput Yaiku: kabeh pegawean kang
bakal konangan. becik lan kang ala bakal
 Jalukan ora wewehan keton dhewe.
Yaiku: menehi.  Garing-garing anggere
 Keplok ora geleme mung garang
njaluk, emoh tombok Yaiku: sanajan mlarat nanging aja
nganti ngisin-ngisini
Yaiku: melu seneng-seneng ora
gelem melu cucul ragad.  Nyolong pethek
Yaiku: ora padha karo pengirane
SANEPA
Sanepa yaiku unen-unen bangsane pepindhan,
ngemu surasa mbangetake, nanging nganggo
tembung sing tegese kosok balen karo karepe.
• Tuladha:
1. Ambune arum jamban = bacin banget
2. Awake kuru semangka = lemu banget
3. Balunge atos debog = empuk banget
4. Bobote abot kapuk = entheng banget
5. Dedege dhuwur kencur = cendhek banget
6. Cayange abang dluwang = pucet banget
7. Eseme pait madu = manis banget
8. Utange arang wulu kucing = akeh banget
9. Kawruhw jero tapak meri = cethek banget
10.Pikirane landhep dengkul = bodho banget
Tembung saroja yaiku tembung loro
padha tegese digandeng dadi siji, ngemu
surasa akeh utawa mbangetake.
Tuladha :
a. Adi luhur = apik banget
b. Angkat junjung = bab angkat-angkat
c. Arum wangi = sarwa wangi
d. Angkara murka = murka banget
e. Babak bundhas = akeh banget tutune
f. Colong jupuk = bab cecolongan
g. Dana driyah = akeh banget danane
h. Ewuh aya = ewuh banget
i. Gagah prakosa = gagah banget
j. Gandhes luwes = luwes banget
k. Kapok kawus = kapok banget
l. Nungsang jempalik = niba tangi
TEMBUNG ENTAR
Tembung entar yaiku tembung sing
tegese dudu teges selugune.
Tuladha :
o Adus luh = nangis
o Cekak budhine = gampang nesu
o Dawa tangane = clemer
o Dawa ususe = sabar
o Enteng tangane = cengkiling
o Nggedekake puluk = nengenake pangan
o Kepancal sepur = kasep, telat
o Lara atine = serik
o Lunyu ilate = mencla-mencle
o Mogel ilate = mangan kudu sarwa enak
o Nekak gulu = prihatin
o Peteng jagade = susah
TEMBUNG CAMBORAN
Tembung Camboran
Tembung camboran iku :
tembung loro utawa lewih kan dijejerake,
mung nduweni teges siji.
Tembung camboran dibedakake dadi loro,
yaiku:
a.Camboran wutuh
b.Camboran tugel
a. Camboran wutuh
 Tembung loro ngarep mburi padha tegese. Ateges
mbangetake.
Tuladha : Lara lapa: rekayasa ngelu mules: lara
 Tembung loro ngarep mburi kosok balen, tegese utawa
Tuladha : gedhe cilik, nom tuwa, adoh cetak
 Tembung loro ngarep buri sebangsa, tegese lan, karo.
Tuladha : kebo sapi, beras pari, sandhang pangan
 Tembung loro sing mburi nerangake sing ngarep.
Tuladha :klambi kuning, buku waosan, meja dhahar
 Tembung loro sing ngarep nerangake sing mburi.
Tuladha : trisula, Pancasila, janaloka, Surabaya
b. Camboran tugel
Tuladha :
 Bangjo : abang ijo
Dhelik : gedhe cilik
Ndekwur : cendhek dhuwur
Lunglit : balung kulit
Botsih : abot sisih
CANGKRIMAN
Cangkriman
Cangkriman iku unen-unen kang njaluk
dibatang.Ana kang asale mung saka
anggone nggathuk-ngatukake wandane
tembung sawetara.Nanging ana kang
awujud irib-iribaning barang.
a. Kang awujud gethuke wancaning
tembung
Tuladha:
 Gowang pelot
Yaiku: jagone ana lawang, cempene mencolot
 Les-mba-dhonge karwapete
Yaiku: teles amba godhonge cikar dhawa tipene
 Manuk biru
Yaiku: pamane punuk, bibine kuru
 Pothel kidi
Yaiku: tompo cementel kaki wedi
 Sagara beldhes
Yaiku: segane pera sambele pedhes
b. Kang awujud irib-iribaning barang

Tuladha:
 Bosok malah enak = tape
 Pitik walik saba kebon = nanas
 Wit adhikin who adhakah = semangka
 Wit adhakah who adhikin = waringin
 Kayu mati ginubet ula mati = gangsingan
 Sega sekepel dirubung tinggi = salak
 Tibane ngisor digoleki nduwur = gendeng
trocoh
KARATABASA
Karatabasa
Karatabasa yaiku cara njarwani (negasi)
tembung kanthi pangothakathik,
digathuk-gathukake murih mathuk
Tuladha:
 Batur = pangembete luhur
 Denawa = ngeden hawa
 Guru = digugu lan ditiru
 Garwa = sigaraning nyawa
 Kathok = diangkat sithok-sithok
 Kodhok = teka-teka ndodok
 Kuping = kaku njepiping
 Parut = panase urut
 Prawan = pepara wayah awan
 Rujak = kuru ajak-ajak
Tuladha
 Sega = yen wis nyeseg lega
 Simah = isining omah
 Sruwai = saru yen ngasi uwal
 Tarup = ditata supayamurup
 Tapa =tatane kaya wong papa
 Tandur = anggone nata karo
mundur
 Tebu = anteping kalbu
 Tuwa = ngenteni metune nyawa
 Wanita = wani ing tata
 Wedang = ngawe kadang
RURABASA
Rurabasa yaiku rakitaning tembung
kang luput nanging wis umum utawa
wis lumrah
• Tuladha:
 Adang sega = adang beras supaya dadi sega
 Negor gedhang= negor wit gedhang
 Nenun sarung = nenun benang supaya dadi sarung
 Ngenam klasa = ngenam mendong kanggo klasa
 Ngulek sambel = ngulek lombok supaya dadi sambel
 Menek krambil = menek wit krambil
 Mbatik jarit = mbatik mori kanggo jarit
 Nggiling tahu = nggiling dele kanggo tahu
GEGURITAN
Geguritan iku unen-unen saka sawetara
gatra, nengenake purwakanthi.
• Tuladha:

Dununging begja
Wus sue aku anglari
Ngumbara awira-wiri
Mlebu candi amemuji
Lelangen ing taman sari
Lagi iki aku ngreti
Begja neng sajroning ati
TEMBANG MACAPAT
Tembang Macapat

Tembang macapat iku ana


11.macapat kaiket ing guru lagu
lan guru wilangan utawa dhong-
dhing, lan uga ngemu watak
dhewe-dhewe.
Jeneng lan watak tembang macapat

Jeneng Wateke
• Maskumambang • Ngeres
• Pocung • Sembrana parikane
• Gambuh • Nggenah-nggenahake
• Megatruh • Nglangut
• Mijil • Prihatin
• Kinanthi • Asih
• Asmarandana • Gepyak, sengsem
• Durma • Galak
• Pangkur • Sereng
• Sinom • Ngresepake
• Dhandanggula • ngresepake
TULADHA
TEMBANG
MACAPAT
Maskumambang

Bambu runcing kang dadi gamaning jurit


Dene mungsuhira
Bedhil mriyem kadi thathit
Unggul wit karsaning Allah
Tuhu agung pangayomaning hyang widi
Tumrap bangsa kita
Kang suwe anandang kingkin
Linuwaran saking papa
Pocung
Warnanipun wonten putih wontwn jamus
Tindak tanpa pada
Kang jamus angatarani
Yen tan dangu arsa kumucur kang
waspa
Gambuh
Maneh-maneh welingku
Ngabektia maring rama ibu
Uga guru, kabeh paring suluh becik
Kanggo nata urip besuk
Paring taken miwah obor
Megatruh

Puluh-puluh wus begjane awakingsun


Wong tuwa mlarat kepati
Wus dadi anteping kalbu
Bisa mandireng pribadi
Chumadhok sihing Hyang Manon
Mijil

Yo, prakanca skolah kang sayekti


Dhawuhe Hyang manon
Wiwit lair tumeka patine
Kanggo nggayuh raharjaning urip
Gesang donya niki
Ayem tentrem niku
Kinanthi
Sesanti ingkang rumuhun
Ing ngarsa asuh palupi
Kaping kalih pepakennya
Ing madya amangun karsi
Dene ingkang katrinira
Tut ing wuri handayani
Asmaradana
Sareng kula dados murid
Dipun tuntut den gegulang
Ing guru dadi putrane
Kabeh asih tlaten sabar
Kraos selebeting tyas
Sayektros pakaryan luhur
Baya apa wales ingwang
Durma
Nggugu karsane priyangka
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis
Sinom
Sarati ken pamandana
Sang Wiraraja Dipati
Umathur dhateng rahadyan
Prayoganipun sang pekuk
Rayi paduka mangkin
Den bidalena rumuhun
Mindak ngribedi lampah
Ywa dangu-dangu neng ngriki
Dene tiyang Tatar ulun ingkang ngrembag
Dhandhanggula
Wus wancine ing mangsa punika
Kita samya cancut taliwanda
Gumreget gumregah age
Mbudidaya beciking nangri
Dimen enggal tumata
Anglis sigra mbangun
Sengkut anggennya priyangga
Tanna cicir lana ng wadon gedhe cilik
Leladi Nusa Bangsa

Anda mungkin juga menyukai