Anda di halaman 1dari 1

Nama : Suhartono

Kelas : XII-IPA 2
No. : 34

PRAKTIK BAHASA JAWA


Tahun pelajaran 2010/2011

Nuwun…
Assalamualaikum, wr. Wb……

Pujo miwah puji syukur sumangga kita aturaken marang Gusti ingkang Maha
Agung. Saha shalawat dalah salam kita aturaken dumatheng junjungan kita Rosulullah
Muhammad SAW.
Ingkang kinurmatan Bapak-bapak saha ibu-ibu, saha
Para kadhang sedaya ingkang kula tresnani
Keparengna kula paring atur ing dinten kamardikan punikakawiwitan saking
saben 17 Agustus sadaya rakyat Indonesia tansah mengeti dinten ingkang ageng
inggih punika Dinten Kamardikan.
Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun mardika, meniko
pinten-pinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening
Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia gesang ing
ngandapipun kaum penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !


Kados kala rumiyin ing Jl. Pegangsaan timur 56 Jakarta ing surya 17 Agustus
1945, Bangsa Indonesia memproklamirkan dinten Kamardikan Republik Indonesia.
Ing mriko nate dipunwaosaken Teks Proklamasi ingkang dados cikal bakal
kamardikan Indonesia inggih menika kaliyan Ir Soekarno. Ing sakmenika dados
Presiden kapisan RI, saha wakilipun Drs. Moh. Hatta, ingkang kekalih menika sakniki
dipun kenal dados bapak proklamator RI.
Kanthi rahmating Gusti bangsa Indonesia sakniki bebas saking penjajah utawi sampun
merdika.

Poro rawuh ingkang kinurmatan !


Sedaya kamardikan menika kadadiyan saking semangatipun para pejuang RI
ingkang tansah maringaken jiwa saha raganipun kagem negari.
Pramila sumangga sesarengan nglajengaken punapa ingkang dados
perjuanganipun para pahlawan. Ing saklebetipun Indonesia merdeka, kita taksih
berjuang mboten kangge merangi penjajah, ananging kangge merangi kemiskinan lan
kebodhohan ing negari Indonesia
Saking punika mboten wonten awonipun, kangge ngenget jasanipun para
pahlawan, sumangga kita neladani saha paring donga kangge para pahlawan ingkang
sampun gugur ing medan peperangan, mugi-mugi amal kesaenanipun katampi ing
sisihing Gusti.
Menika atur saking kula,
Kula cekapi rumiyin, bilih wonten kiranging atur utawi wonten klinta-
klentunipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Nuwun…
Wassalamualikum wr. wb

Anda mungkin juga menyukai