Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni

Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan

Para wali murid kelas VI kuta kinurmatan ugi

Kanca-kanca ingkang kula tresnani

Kaping setunggal, sumangga sesarengan ngunjukaken puja


pudyastuti katur dumateng ngarsanipungusti Allah ingkang maha
Agung ingkang sampun paring rahmat saha hidayah dhumateng kita
sedaya. Saenggah kita dipun paring kesehatan kangge ngempal
sesarengan ing wonten dinten punika.

Dinten punika kita sedaya saget ngempal wonten ing acara


perpisahan ugi kalian acara perayaan kelulusan murid kelas VI. Para
guru ugi kanca-kanca sedaya.

Saestu nipun wedal mlampah ngantos mboten kraos. Sampun


enem taun kita para siswa kelas VI belajar ugi nyuwun paring ilmu
wonten ing sekolah punika. Kathah sanget pelajaran ugi pengetahuan
ingkang saget kita pendet, ingkang manfaat kangge para siswa sedaya.

Wedal punika wanci nipun kelulusan sampun dugisak sampun


nipun enem taun kita lampahi sedaya kathah nimbi ilmu saking bapak
ibu guru, kula minangka wakil siswa siswi kelas VI ngaturaken matur
suwun ingkang sanget dhumateng para guru ingkang kita tresnani mugi
sedaya ilmu lan wejangan saking bapak lan ibu guru ingkang kita trami
badhe kula inget-inget.

Kula lan sak kanca nyuwun pangapunten ingkang kathah


dumateng bapak saha ibu guru ingkang kita tresnani. Salami kita
sekolah wonten ing mriki, mboten langkung kula ngaturaken matus
suwun dumateng tiang sepuh kula ingkang kula tresnani ing wedal
punika ugi rawuh, lan ingkang paring pitutur ugi dorongan supados kita
saget berhasil lan saget ngrayakaken kelulusan ing dinten punika.
Kangge kanca-kanca sedaya ingkang kita lampahi wonten ing sekolahan
seneng, sedih, lan bahagia. Badhe kita inget-inget wonten ing sekolah
ingkang kita tresnani. Sak sampun nipun punika kita kedah tetep rajin
nimbi ilmu supados kita sageto dados tiang ingkang sahe lan migunani.

Tumrap keluarga masyarakat bangsa lan Negara. Wasono


cekap semantem atur kula menawi wonten leres lepetipun atur kula,
nyuwun gunging pangaksani

Wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuh

NAMA: NABILA IHZA ALMAWADDAH

KELAS: 6 UMAR BIN KHATTAB

NO ABS: 27

Anda mungkin juga menyukai