Anda di halaman 1dari 30

BAB XI.

LIMPUT-LINIMPUTAN UTAWA URUP-


INGURUP : SAHIR KABIR KARO SAHIR KABIR :
TUMRAP ALAM SIJI LAN SIJINE
March 17, 2011 by Mas Kumitir

a. BAB SIHIR

Yen kang maca iki wis ngerti KANTHI TERANG sarta bisa ngrasakake KANTHI
MEMET marang kareping andharan kang kasebut mau kabeh, mesthi bisa nyandhak
marang karepe pratelan ing ngisor iki.

1. Bab tegese URIP ING ALAM DONYA (1)

Tetembungan wong urip ing ALAM DONYA iku tegese : rasa dhiri kang lagi
kalimputan ing rasa kajasmanian, jalaran rasa kajasmaniane kang lagi dadi
peranganing rasa dhiri  KANG KANDEL DHEWE. Sarehne kandel dhewe, banjur
ngurupi (nglimputi) marang rasa kaswargan lan rasa kanerakan.

Awit dening rasa kaswargan kalimputan ing rasa kajasmanian, wekasane kabiring
kaswargan (yaiku jagad kang aran swarga) sirna wujude, mung kari : RASANE bae.
Sirnaning jagad swarga mau sabab kalangkib (ketutup) dening wujuding jagad donya.
Kang mangkono mau angen-angen banjur ngira : awang-uwung kang tanpa wates
jembare mung isi donya thok. Iku kena kaupamakake kacaning buku kang kalangkib,
katutupan ing kaca liyane, mesthi kaca kang katutupan mau kaling-kalingan dening
kaca kang nutupi. Ewa dene senajan kabire katutupan, nanging SAHIRE (RASANE)
isih dirasakake uga, kayata : yen wong donya mau pinuju ngrasa : SENENG, AYEM,
TENTREM, WELAS, ASIH, TRESNA, BEKTI, SUKA SUKUR, RILA,
LEGAWA…….. sapanunggalane, iku kabeh RASA KASWARGAN, dudu rasa
kajasmanian. Mung bae, mesthi ora kandhel kaya yen ngalami kabiring kaswargan.
Mulane rasa kaswargan ing alam donya : tipis, awit saperangan gedhe rasa
kajasmanian kang kandel mau. Wuwuh-wuwuh sabab sahiring kajasmanian korup
marang kabire. Lire sahir korup marang kabir iku kayata : rerupan dianggep
sajabaning pandulu, swara dianggep sajabaning pangrungu, asin dianggep ana ing
uyahe.
———–

(1) Tegese urip ing kene : MAKARTI, dudu  KANG MAKARTI.

Kang bisa mikir dianggep dimak. Kang bisa ndulu dianggep si-mripat kasar. Rasa
dhirine dianggep badane kang wadhag ………. sapanunggalane, kang ateges : BADAN
WADHAG DIANGGEP BISA MIKIR LAN NGRASAKAKE SARTA DUWE
KAWRUH (ngorakake ananing wujud kang alus) mangkono iku tak tembungake :
sahire korup marang kabire.

Ing dhuwur mau mratelakake rasa kaswargan luhur sok mencungul ana ing donya.

BAB RASA KANERAKAN


KANG SOK MENCUNGUL ANA ING DONYA
Awit dening rasa kanerakan kalimput ing rasa kajasmanian, dadi KABIRING
kanerakan, (jagad kang sinebut naraka) sirna wujude, mung kari RASANE bae.
Sirnaning jagad naraka mau ya sabab kalangkib, katutupan ing wujuding jagad donya.

Ing awang awung kang tanpa wates jembare digolekana, ora bakal tinemu karo kang
aran naraka, kabeh-kabeh donya. Iya kena kapindhakake kacaning buki kang mawa
gambar naraka : kelangkib, ketutupan ing kaca kang kebak gambar donya. Ewa dene
sanajan kabire katutupan, nanging : SAHIRE (RASANE) isih sok dirasakake, yaiku
yen wong donya pinuju muring, nesu, gegething, sesatron, jail, drengki, panasbaran,
mangkel, maeka, nindakake kadurjanan, ngresula, susah, bingung, ketir-ketir, nar-
naran, sapanunggalane. Rasa kang mangkono iku wewengkoning rasa kanerakan, dudu
kajasmanian. Amung bae tumrap ing donya mesthi ora kandhel kaya yen  ngalami
kabiring kanerakan. Mulane rasa kanerakan ing donya : tipis, awit saperangan kang
gedhe saka rasa dhirine : dianggo ngrasakake rasa kajasmanian kang kandel iku.
Wuwuh-wuwuh rehne sahir iku lumrahe korup marang kabir.

BAB RASA KASWARGAN MADYA,


KANG SOK MENCUNGUL ING DONYA

Ait dening rasa kaswargan madya kalimput ing rasa kajasmanian, kabiring kaswargan
madya (yaiku kang aran swarga kamukten, swarga ning jin peri sarta kaendran) sirna
wujude, mung kari rasane bae. Iku ya sabab kelangkib, ewadene senajan kelangkib
kabire, nanging rasane (sahire) ora melu sirna, isih sok dirasakake, yaiku : yen wong
donya pinuju krasa dhemen, lam-lamen, seneng, gandrung, ngrasakake laguning
gendhing utawa tembang, nyawang wewangunan kang adi endah utawa milangoni,
sengsem nonton wayang, nikmat nalika mbegsa, ngrasakake marang endahing kagunan
adi  (kunst) ……. sapanunggalane, kang aran ngrasakake marang rasa kaendahan
(schoonheidsgevoel), nges-ngesaning samubarang kang mawa nges. Rasa kang
mangkono iku dudu rasa kajasmanian, nanging rasa kaswargan madya. Panunggalane
rasaning jin peri. Mungguhe : marang rasa ka-endran, kang banjur sambung karo rasa
kadewatan. Aluse maneh sambung karo kaswargan luhur. Nanging tumrape wong
donya, mung ngrasakake saperangan cilik utawa pucuke bae, tur wis prasasat malih
rasane, dene kakehan momorane.

BAB RASA KASWARGAN ASOR


KANG SOK MENCUNGUL ING DONYA

Rasa kaswargan asor kang sok mencungul ing kajasmanian, yaiku : rasa bungah kang
tinggal eling, rasa kamurkan, pangangsa, penginan lan kemilikan barang donya,
bungah sabab nglakoni ngabotohan, bungah sabab mbedhang, ugal-ugalan,
sesembranan utawa gawe guyon marang liyan, klejingan, cremedan, ngapus, nyolong,
sapanunggalane, cekake kabungahan lan kamareman kang asor lan remeh, sarta kang
gandheng karo panggawe maksiyat, katindakake tinggal nalar. Sarehne iku kalebu
ewoning kabungahan lan kamareman, sanajan tanpa nges, ya ewoning rasa kaswargan
uga, nanging kaswargan jlomprongan. Kabiring kaswargan jlomprongan meksa luwih
endah katimbang donya. Sabab, bebakalane luwih alus klatimbang donya kang wadhag
iki.

Rasa kaswargan asor iki, sarehning kadadeyan saka napsu kang kasar, mulane
gampang bisane sambung karo rasa kanerakan. Lire, yaiku : napsu supiyah kang kasar
cepak amore karo napsu amarah. Jalaran saka iku, makhluk kang padha ngalami
swarga panasaran, watake akeh kang kamomoran watake kasetanan, yaiku : tegelan
lan dhemen gawe kapitunan marang sapadha-padhane tumitah.

1. BAB JASMANI KANG ALUS BEBAKALANE

Kang maca layang iki aja ngira yen sawerna-wernaning bebakalan kang kasebut mau
CETHA WATESE tumrap siji lan sijine, kang banjur diemper-emper lelapisan utawa
sapsapan.

Antaraning jenis siji karo jinis liyane, mesthi ana panggandhenge kang awujud
momorane jinis siji karo jinis liyane.

Momorane iku mujudake bebakalan kang seje maneh, sing kahanane ngemperi marang
karo-karone.

Badan wadhag karo badaning napsu luamah, ana antarane, dak arani : JASMANI
ALUS NYEDHAKI KADONYAN.

Badan wadhag karo badaning napsu amarah, ana antarane, dak arani : JASMANI
ALUS NYEDHAKI KASETANAN.

Badan wadhag karo badaning napsu supiyah, ana antarane dak arani : JASMANI
ALUS NYEDHAKI KAJIMAN.

Badan wadhag karo badaning napsu mutmainah, ana antarane dak arani : JASMANI
ALUS NYEDHAKI KASUKMAN.

Kang disebut RAHSA, dening layang iki, yaiku BADANING nepsu patang prakara
kang kasebut ing dhuwur iku dalah RASANE pisan.

Kang diarani, ANGEN-ANGEN, yaiku : sunaring Budi kang wis tumiba marang
sadhengah badan. Sarhne sadhengah badan mesthi ana RASANE, mangka RASA mau
kasorotan ing pepadhang, ing kono rasaning badan mau banjur NGRASAKAKE
marang PADHANGE.

RASA rasaning padhang kang rinasa dening badan ka aranan : angen-angen. Awit
saka iku, banjur ana sebutan angen-angen peteng, angen-angen padhang, angen-angen
luwih dening padhang (angen-angen luhur).

Padhang lan petenge iku sejatine, gumantung ing DHASARE kang nampa sorot.

Kang doarani angen-angen SUMEBAR, yaiku : sunar kang tumiba ing JASMANI
ALUS utawa NAPSU KASAR.

Ananging aja kinira yen angen-angen iku tanpa bebakalan. Sawarnane kang aran
badan alus mesthi ana bebakalane.

Bebakalane iku wong Jawa ngarani : wujude. Wong Arab ngarani : jisime. Wong
Walanda ngarani Staf, (wujud, tegese : ANA).
Bebakalan, (kawujudan, jisim utawa staf) iku, tumrap ing kajaten : mung KEDHER.
Kedher iku kaya daya pangwasaning kajaten. Pangwasa iku makarti kanthi
kawicaksanan.

Wujud disebut SIRNA, iku tumraping kasunyatan, mung kedhere kang LEREN. Dadi
kang sirna : kedhere (kedherane).

Kanggo nggampangake panalaran mangkene, pangwasa mau upamakna :electriciteit”,


dayane nganakake DAYA PANGGENDENG ing wesi brani, nganakake PAPADHANG
ing diyan, nganakake GENI ing pamasakan, nganakake SWARA lan KILAT ing hawa,
nganakake KAROSAN ing mesin-mesin……… lan liya-liyane. Nanging ora ana kang
weruh wujude electriciteit, mung weruh dayane utawa kedhere bae.

Dhiri kang kalimput ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KADONYAN iku, kadadeyan
saka kandeling napsu luamah (ngegungake dhahar guling lan syahwat). Engetane
peteng, awit kang madhangi : angen-angen kang wis sumebar. Dhiri kang kalimputan
ing luamah mangkono iku, lawas enggone kandheg ing jagad peteng, malah terkadhang
isih momor karo donya, sabab butuh karo pepanganan. Alame ana kang ngarani De
donker (jagad peteng).

Dhiri kang kalimput ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KASETANAN, kadadeyan


saka kandeling napsu luamah lan amarah, (ngegungake luamah lan amarah), engetane
remeng-remeng. Dhiri kang kalimputan ing amarah mangkono iku lawas enggone
kandheg ing jagad lelara lan pepanas. Malah terkadhang momor wong donya, prelu
mung gendhak sikara, ndusiri jail, cengilan, panastene. Alame ka-aranan : naraka
utawa Hel.

Dhiri kang kalimputan ing JASMANI NYEDHAKI KAJIMAN, kadadeyan saka


kandeling napsu luamah lan supiyah, (ngegungake luamah lan kesenengan warna-
warna). Engetane kalebu padhang. Dhiri kang kalimputan ing kandeling supiyah
mangkono iku lawas enggone kandheg ing jagad madya, malah terkadhang momor
karo wong donya, karanan bangsa jin utawa peri, nanging satemene isih tetep
manungsa kang nyamleng karo wong donya, malah akeh sing becik watake tetulung lan
ngudi kawruh kasunyatan, nindakake agama lan sapanunggalane. Alame karanan
rohiyah utawa Lotering, yaiku alaming swarga madya perangan ngisor. Manawa tipis
luamahe enggal marang perangan luhur.

Dhiri kang kalimputing ing  JASMANI ALUS NYEDHAKI KASUKSMAN kadadeyan


saka kandeling napsu luamah lan mutmainah (ngegungake luamah nanging bebudane
alus), lawas enggone ngalami swarga luhur perangan ngisor. Terkadhang ya momor
karo wong donya, prelu tetulung, ngopeni manungsa, mbantu marang kodrat. Alame
kaaranan kadewan, nanging perangan ngisor. Manawa ora kandel luamahe, enggal
marang perangan luhur.

KATRANGAN

Kang aran k a d e w a n (DEWATJAN), iku pratitising tembung : alaming angen-angen


luhur, yaiku : swarganing angen-angen, dudu alaming mutmainah (swarga
katentreman) nanging  WIS PRASASAT ORA ANA BEDANE kadewatan, karo swarga
luhur iku, awit tansah lira-liru, butuh-binutuhan, lire mangkene : rasa katentreman
mematuh marang padhange angen-angen luhur, angen-angen luhur butuh marang rasa
katentremaning mutmainah. Mulane butuh-binutuhan, saba sawarna-warna ora ana
kang bisa madeg dhewe, yen ora karo liyane. Karo-karone ing basa Walanda ka-aranan
“Negatiefvorm” tegese : kang siji ora bisa madeg dhewe yen ora karo sijine. (1) Yen
rong warna wis awor, lah iku lagi MADEG. Yen madeg, ing kono banjur ana DHIRI.

Dhiri tegese, ADEG utawa DEG-DEGAN, oleh-olehaning DEG (berdiri). Kang madeg,
dhapukaning adon-adon.

Swarga madya ing perangan luhur; gandhenge karo kadewatan, alantaran angen-
angen luhur. Dene gandhenge karo swarga katentreman, lantaran alusing rahsa.

Dadi tetela, badan alus iku, sangsaya alus sangsaya gampang bisane amor (weruh
wineruhan) marga sangsaya nyedhaki marang kasunyatan.

Nyedhaki marang kasunyatan iku ateges nyedhaki marang manunggal.

Nyedhaki marang kasunyatan iku ateges nyedhaki marang JEJERING sakabehe


KAHANAN, yaiku KANG DITUNGGALI dening kabeh kahanan.
—————————

(1) Katembungake Jawa : Tetep-tinetepan.

2. TEGESE MUNGGAH ING SWARGA

Tetembungan ANA ING SWARGA iku, tembung ANA ING, sajatine ora ateges
manggon. Tetembungan MUNGGAH SWARGA iku tembunge MUNGGAH, ora ateges
marani panggonan sing ana sa-dhuwure. Tetembungan TUMURUN ING DONYA, iku
tumurune ora ateges teka saka ing panggonan kang dhuwur menyang panggonan sa-
ngisore.

Ana ing swarga iku ateges kang sejati : dhiri kang lagi kalimputan ing rasa kaswargan
(rasa adhem lan padhang), jalaran rasa KASWARGANE kandel banget, ngorupi
(nglimputi) marang rasa kajasmanian.

Rasa kajasmanian kalimputan ing rasa kaswargan, iku tegese : rasa kajasmanian mau
ya isih rinasakake ALUSE, nanging mung rinasa DADI UBARAMPENE utawa
WEWENGKONE bae, ora rinasa dadi LUGUNING AWAK (DHASARE). Kang rinasa
dadi BAKUNING BADAN, yaiku rasa adhem lan padhang (adheming ati, padhanging
engetan).

Terange prekara iku, nganggo tuladha mangkene :

Ngupamakna wong nganggo tesmak abang, samubarang kang dinulu katone abang
kabeh, warna abang iku DHASARING PANDULUNE, iku upamakna dhasaring rasa
kaswargan. Sanajan dhasare mau ABANG nanging ora ateges ndulu godhong katon
abang thok, isih ana ijone, nanging ijone semu abang. Barang kang putih dadi putih
semu bang. Kang kuning dadi kuning semu abang. Mangkono sapiturute, sebab
dhasaring pandulu : ABANG. Rasa dhasar tansah kasaklira tanpa pegat, nanging rasa
liya-liyane, mung kala-kala krasane, kaya dene abang mungguhing wong nganggo
tesmak abang : ora pegat-pegat rinasuk, nanging : ijo, putih, kuning, biru, wungu,
mung kala-kala, tur mesthi kaworan abang.

Nganggo tuladha maneh :

Wong ngrasakake enaking panganan utawa omben-omben iku, lugune dhasare :


PAKARTINING RASA ILAT, dudu pakartining pangganda, pandulu, pangrunggu
sapanunggalane. Nanging sangsaya wuwuh enake yen kaworan PAKARTINING SANG
GANDA ing sawatara, kayata : binarengake karo ngrasakake GANDANE kang arum
utawa sedhep. Wuwuh maneh enake yen kawuwuhan PAKARTINING PANDULU
kang weruh beciking wadhahe utuwa beciking rupane panganan mau. Wuwuh maneh
yen kawoworan PAKARTINING PANGRUNGU kang ngrunggu swaraning untu sing
muni kriyuk-kriyuk, …. Rasa kaswargan (adhem padhang) upamakna RASA ILAT.
Rasa liya-liyane kayata : kajasmanian, kadewan, kajiman lan liya-liyane, upamakna
rasaning pandulu, pangganda, pangrungu, pangenyam.

Rasa kaswargan, kadewan, kajiman, kanerakan….. kabeh diaku dening rasa


kajasmanian, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kadonyan, dening WONG
DONYA.

Rasa kajiman kadewan, kajasmanian …. kabeh iku diaku dening rasa kaswargan,
tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kaswargan dening WONG SWARGA.

Rasa kaswargan, kanerakan, kajasmanian, kabeh diaku dening rasa kajiman, tegese :
dianggep dadi UBARAMPENING rasa kajiman, dening WONG JIM.

Rasa kajiman, kajasmanian, kadwan sathithik, ……. kabeh diaku dening rasa
kanerakan, tegese : dianggep dadi UABARAMPENING RASA KANERAKAN, dening
WONG NARAKA.

Saliring rasa kang kasebut ing dhuwur mau kabeh KAWENGKU dening kajaten.

DIAKU karo DIWENGKU,  ora padha, bedahe kapratelakake ing buri.

KATRANGAN

Rasa kaswargan luhur ora kanggonan rasa kanerakan sathithik-thithika. Rasa


kanerakan ora kanggonan rasa kaswargan luhur sathithika. ***

b. BAB KABIR

ing dhuwur mau lagi mratelakake bab ka-SAHIRAN, saiki mratelakake KAKABIRAN.

Awit dening rasa kajasmanian kalimputan ing rasa kaswargan wekasan kabiring
kajasmanian (jagad donya) sirna wujude, mung kari ALUSING RASANE (sahire) bae.
Sirnaning jagad donya mau sabab kelangkib (katutupan) dening jagad swarga. Awang-
uwung kang tampa wates jembare, mung isi kaswargan, ora ana kadonyane. Nanging
…. sarehning sahir kabiring kaswargan iku alus (bening) dadi kena kaupamakake
kacaning buku kang ngemperi kacaning jandhela (gedhah). Kaweningane (pepadhange)
marakake ORA MAIDO marang ananing jagad donya. Iku lire : jagad donya ana
kalane katon tinonton saka jagad swarga, samangsa ana prelune, katone ana amaya-
maya.

Kanggo nggampangake kanalaran iki, mangkene : ngupamakna wong ngilo nganggo


kaca jendhela, ngadeg sajabane jendhela, wong mau weruh ayang-ayanganing awake
dalah ayang-ayangane sakehing kahanan saburine, kayata : plataran, wit-witan, sawah,
gunung. Nanging wong mau ya weruh kahanan sajroning omahe, kayata : peturon,
meja, kursi, sapanunggalane, kang katone amor dadi siji karoplataran, wit-witan,
sawah, gunung. Iku : yen wong mau maspadakake kahanan sajroning omah bae, mesthi
ayang-ayanganing kahanan sajabaning omahe, sirna. Dene yen mung maspadakake
ayang-ayange bae, mesthi kahanan sajroning omah sirna (ora katon). Kahanan
sajroning omahe upamakna : BAKUNING KAHANAN ing swarga, dene ayang-
ayangane ing gedhah upamakna jagad donya, tumrap panrawanganing wong swarga.

Sarehne sawiji-wijining wong swarga iku ORA PADHA PEPADHANGE, mulane ana
kang cetha, ana kang maya-maya panrawangane marang jagad donya, malah ana uga
ora weruh babar pisan, kagawa saka kurang weninge tingaling rasane (pramanane),
yaiku kang ngalami kaswargan perangan ngisor (kasar).

Sanajan kabiring jagad donya katon mung kaya ayang-ayangan ing gedhah kang tanpa
rasa, utawa katutupan ing kacaning buku, …. nanging sahire (rasa kajasmanian)
dirakake uga ALUSING JASMANINE. Iku tegese mangkene : rasa adhem mau ora
mung kaya adheming  ATINE wong donya, nanging ngiras kaya adheming awake wong
donya, nanging iku aluse, ora kasar kaya rasaning jasmani kasar.

Rasa kapenak, ya ora mung kepenaking ATI, uga kepenaking RASA JASMANI ALUS
kang reraketan lan rasa ati. Rasapadhang ya ora mung padhanging ENGETAN bae,
nanging ngiras dadi padhanging PANDULU kang waspada. Pepadhange engetan kang
ngiras dadi padhanging tingal mangkono iku, ka-aranan : Pramana.

Ringkese : Rasa kaswargan ora kelangan rasa kajasmanian. Jagad swarga ora
kelangan jagad donya. Nanging rasa kajasmanian lan jagad donya ora nguripi
(nglimputi), malah korup kalimputan marang sahir-kabiring kaswargan.

Dadi ing alam swarga iku, sahir kabire ora korup marang sahir kabiring kajasmanian,
malah ngorup sahir kabiring kajasmanian. Ewadene sanajan kaswargan pisan, sahir
iku lumrahe sok korup marang kabire.

Mung dhiri kang wus bisa sambung karo kajaten, kang sahire ora korup marang
kabire. Tumrap dhiri kang wus gathuk karo kajaten, saliring kabir iku ora ngorupi,
malah korup marang kajaten.

KATRANGAN

Dhiri kang wis ngalami swarga luhur, sarehne ora kanggonan ing saliring kanerakan,
ora bisa nonton marang kabiring kanerakan.

Bisane nonton, mung yen banjur ngrasuk bebakalan kasar (katembungake tumurun)
kayata ngrasuk bebakalaning napsu supiyah utawa jasmani. ($)
Sarehning sawarna-warnaning bebakalan ORA CETHA WATESE tumrap jinis siji
karo jinis liyane, dadi antaraning ka-mutmainah-an karo kadewan, kajiman, tuwin
kajasmanian : mesthi ana bebakalan minangka panggadhenge, kang awujud
momoraning ka-mutmaina-an karo liyane. Momor-momorane mau mujudake rasa
dhiri kang beda sesipatane, nanging akeh empere sarta gampang bisane weruh-
wineruhan. Uga padha ana kabire, kang sawarna-warnane gampang bisane gegayutan.
Jalaran saka iku, badan alus kang luhur-luhur mau ana warna-warna jenenge, nanging
yen prakara iku dipratelakake ing kene, layang iki dadi karoncen.
—————————-

($) Tumurun mau ana kang pancen saka karsa, ana kang sabab pineksa.

3. BAB TEGESE KECEMPLUNG NERAKA

KECEMPLUNG naraka, tegese : dhiri kalimputan rasa kanerakan (panas, lara)


jalaran : rasa kanerakane kang lago dadi peranganing rasa dhirine kang kandel dhewe.
Rasa kaswargan, kadewan, kajasmanian lan kajiman, kalimputan rasa kanerakan.

Iku tegese : rasa kajasmanian lan liya-liyane isih dirasakake, nanging rinasa dadi
ubarampene bae. Apa maneh rasa kaswargane kang banget sethithike, ya banget
kalimpute, kongsi ilang sipate. Luguning rasane : rasa ati LARA LAN PANAS.

Prekara iki ya kena diupamakake dhasaring pandulu kang ABANG : anggone ndulu
rerupan warna-warna. Warna abang minangka rasa kanerakan, warna liya-liyane :
kang minangka rasa kajiman, kajasmanian, kadewan lan kaswargan, rasa
kaswargane : upamakna warna PUTIH, dinulu karo tismak abang, mesthi sirna babar
pisan sipating putih.

Uga kena kaupamakake RASANING ILAT dibumboni rasaning pandulu, pangrungu,


pangganda sapanunggalane.

Terang mangkene : rasa lara mau LUGUNING LARA : Laraning ati, tegese : susah,
panas, bingung, muring kawatir, pegel, gemes, gething……. sapanunggalane, marga
ora pegat-pegat enggone, OLEH JALARAN kang marakake tuwuhing rasa kang kaya
mangkono, ing atine. Nanging aja kinira mung mligi rasaning ATI kang kaya rasa atine
wong donya ya ngiras rasa lara kang kaya laraning AWAKE wong donya. Iku rasa lara
kang tumraping JASMANI ALUS NYEDHAKI KANERAKAN,  kang kasebut ing
dhuwur mau. Rasa rasaning jasmani alus kang lara mau, silara dadi ubarampining
larane ati, raraketan amor dadi siji. Ora beda kahanane karo wong donya, yen atine
panas, badane melu lara. Nanging tumrape kadonyan, durung sapira dayaning amarah
enggone nggandeng marang rasa jasmanine, balik tmumrap kanerakan, iku rasaning
amarah nglimputi marang rasa jasmanine. Rasa kaswargan asor (penginan marang
kang remeh-remeh utawa bungah remeh enggal eling) iku mung kanggo nylundhingi
ing sawatara marang rasane lara, lire : bungahe mung sedhela, banjur susah maneh
kaworan muring lan ngresula kongsi lawas. Tur nalika bungah sadhela kaworan susah.
Kala-kala dewe penginan kang banget sarta adreng. Nanging saking adreng lan
bangeting kepinginan, kongsi krasa panas lan pegel, sarta sarehne tinggal nalar, banjur
ora kaleksanankang dadi karepe, ndadekake cuwa, gela lan manglah kongsi
lawas……… tansah mangkono bae salawase ngalami jagad naraka utawa “HEL”. Ora
tau bisa nyandhet marang atine enggone KUDU-KUDU NGRASAK-NGRASAKAKE
SING GAWE ORA KEPENAKING ATINE,  kudu-kudu muring, kudu-kudu pegel
sarta gemes jalaran saka thukuling pangagas kang ala banget, nganggep ala marang
kang linakonan marang sapadha-padhane tumitah. Nganggep ora adil marang
pepesthen kang tumiba ing awake. Nganggep ara adil marang pepesthen kang tumiba
ing awake nuli krasa kuwatir ketir-ketir utawa bingung nar-naran, jalaran
nguwatirake kadadeyan kang ora prelu dikuwatiri. Dadi salawase ngalami kanarakan,
sajege tansah golek-golek kanggo disusahi, golek-golek kanggo dipegeli lan digethingi,
golek-golek kanggo dikuwatiri, golek-golek kanggo dipanasi, golek-golek kanggo dilara
ateni ($).
—————————-

($) Kang golek mau ora padha ngrumangsani yen golek.

Mangkono bae selawas-lawase, ora lega yen ora golek-golek, mangka saben golek
mesthi olehe, ora tau ora oleh, marga : sadhengah kang dicandhak utawa dinulu : gawe
gela, susah, muring lan bingung. Rasa kadewan sethithik (angen-angen peteng) kang
dumunung ing rasa kanerakan, uga rinasa mung DADI UBARAMPENING RASA
kanerakan, lire mangkene : apa kang rinungu lan pinikir; mung nuwuhake gwla, susah,
muring lan lara ati. Apa-apa kang dielingi dening angen-angen, mung nuwuhake
panggagas sing ala, sing marakake gegethingan, cekake : tansah dirung kesusahan,
lelara, pepanas, sesedih, bebingung…….. kang tanpa kendhat (aluwung ORA
KELINGAN utawa ORA WERUH katimbang KELINGAN sarta WERUH, awit
kaelingan lan kawruhe mau pakolehe mung nangekake SILARA lan SI PANAS), kabeh
disengguh saka sa-jabaning rasa dhirine, ora rumasa pisan-pisan yen kabeh mau mung
saka BONGGANE DHEWE. Mulane mangkono, awit kedhering bebakalan Amarah
mau angel diendheg, tansah kudu makarti terusan, kang pakartine mujudake rasa lara
lan panas.

Apa perlune rasa lara lan rasa panas mau digoleki ?

Apa sabab kepenak. Iku, ora sabab lara mau kapenak, mung sabab duwe watak kang
ora cocog karo kapenak. Sing dicocogi rasa lara. Ora sabab panas iku krasa kapenak,
mung sabab ora cocog karo adhem-adheman. Cocoge : panas-panasan. Ora sabab
gegethingan iku nyegeri, mung sabab saka ora bisane nyandhet enggone KUDU-KUDU
ngethingi apa-apa ing candhak-candhake. Ora sabab rasa kuwatir lan susah iku
maremake, mung sabab saka EMOHE DIPENGING susah lan kuwatir. Jalaran ora
cocoge karo watake.

Kajaba iku, ora nganggo NGELINGI MARANG PRELUNE. Aja maneh ing jagad
naraka, yen wonge ngelingana marang kapreluan, sanajan ing jagad endi bae, akeh
banget pakarti kang ora kanthi eling marang prelune. Mung kaswargan lan ing
kadewan ING PERANGAN LUHUR kang tansah eling marang preluning panggawe
(pakarti) kang linakon, awit wis sambung karo kajaten (tukang eling).

Wong naraka mau ora mung ngira awake dhewe kang nandhang lara, pangirane wong
sajagad nandgang lara lan panas kabeh, sarta wong sajagad padha gegethingan lan
kiyanatan. Kajaba duwe panganggep mangkono, ya duwe panganggep yen wong
sajagad kudu digethingi kabeh, jalaran kinira kalakuwane ala-ala, drengki-drengki,
jail-jail.
Wong naraka ora ngreti pisan-pisan yen swarga iku ana, ora ngerti pisan-pisan yen
wong becik atine iku, ana. Prakara kang mangkono iku upamakna : pangrungu ora
ngerti pisan-pisan yen rerupan iku ana. Pandeleng ora ngerti pisan-pisan yen rupa lan
swara iku ana. Uga padha karo wong donya kang akeh-akeh, ora ngerti pisan-pisan
manawa swarga lan naraka iku ana, ora ngira sathithik-sathithika yen ajagad ka-
alusan iku ana, nglimputi jagad donya. Sangsaya banget ora ngretine jagad donya iku
bisa sirna wujude; kalimputan ing ananing jagad ka-alusan.

Muga-muga wong urip ing donya padha nggraita marang prakara kang kaya
mangkono, supaya kadunungan ing RUMASA tuwin WEWEKA. Wasana nuwuhake
pamarsudi marang nalar kabecikan.

Sarehne sawarna-warnaning bebakalam iku ORA CETHA WATES TUMRAP JINIS


siji karo jinis liyane, dadi antaraning RASA KANARAKAN karo KADEWATAN lan
KAJIMAN sarta KAJASMANIAN, apa dene KASWARGAN,  ya ana bebakalan
minangka panggandhenge, kang wujud momorane kanerakan karo liyane. Momoran-
momoran mau mujudake dhiri kang beda-beda sesipatane, nanging kaeh empere sarta
gampang bisane weruh-wineruhan. Uga padha ana kabire, kang sa-warna-warnane
gampang bisane gegayutan (momor). Jalaran saka iki, badan alus kang asor-asor mau
ya warna-warna jenenge, kayata : dhemit, hantu, banaspati, wewe, cepet, lampor,
thethekan, bajag angkrik, nyai blorong, keblek, janggitan, ilu-ilu……. akeh banget
jinise. Kabeh kanggonan rasa kanerakan (kadunungan ing jail, drengki, panasten,
dhemen gendhak sikara).

Kang nyedhaki kadonyan, watake momor karo wong donya, sabab kemelikan pangan
kang arupa sarining pepanganan. Kang nyedhaki kajiman awujud jin asor kang
dhemen gendhak sikara. Kang nyedhaki kadean awujud gandarwo luhur utawa
bangsane dewa kang asor.

KATRANGAN

Ana stan kang salugu, ana kang mung pawakan bae, kang sabenere ya wong tunggale
wong donya. Ana jim tulen, ana kang mung pawakan ( wong kajiman abadan alus).

Kang aran setan salugu iku kang BLEGERING BADANE awujud bebakalaning napsu
amarah tulen. Kang aran jim lugu iku kang BLEGERING AWAKE wujud
bebakalaning napsu supiyah tulen.

Kang mung pengawak badan bae, ora rumasa dadi setan utawa jin, pangakune ya
manusa. Apa maneh wong kajiman kang ngedohi kanerakan sarta nyedhaki kadonyan,
ora pisan-pisan rumasa jin utawa weri, jalaran sabarang prakarane ora beda karo
wong donya. Malah wong kajiman kang luhur, rumasa luwih luhur lan mulya
katimbang wong donya, marga kadunungan ing kaluwihan, kasekten lan panrawangan.

Kabeh kang mung pawakan bae : kadadeyan saka manungsa ing donya, kang isih
kandheg. (1).
—————————-

(1). Durung tutug lelakone.


Ing dhuwur mau mratelakake bab kanalaran utawa sabab-sababe manungsa ngalami
kadonyan, kaswargan lan kanerakan.

Kang ngalami kajiman, jalarane ya marga kanggonan ing bebakalan napsu supiyah
kang kandel. Kang ngalami kadewan, sabab kadunungan ing bebakalaning angen-
angen luhur kang kandel, banjur ngranggoni kawicaksanan, kawaskitan lan
kawaspadan apa dene kasekten.

Manungsa kang ngalami jagading jin, ora ana bedane karo manungsa ing donya. Ya
wujude, ya engetane, ya watek-wateke, ya kasenengane lan liya-liyane : nyampleng
wong donya, sarta kahanane ing saben bangsa ya miturut kabangsane wong donya ing
kono. Kabeh ora rumangsa ngalami alaming jin, apa maneh yen gelema diarani jin.

Dene kang ngalami kadewan bedane karo kang ngalami jin iku mung sabab luwih
luhur, marga luwih padhang nalare.

Bangsa dewa kang akeh-akeh rumeksa marang kaslametane manungsa ing donya,
sabab rumangsa dadi leluhur utawa pepundhene. Apa maneh kang dewa kang luhur
sarta kandel ka-mutmainahane. Aja maneh kang ngalami kadewan, sanajan kang
ngalami jin, akeh kang padha becik bebudene, rumeksa marang wong donya, sabab
rumasa dadi leluhur utawa pepundhene.

Nanging…… sarehne momoran-momoran mau ana kaduk kamutmainah-an sarta ana


kang kadhuk kanerakan (ora beda karo wong donya), dadi dewa utawa jin-a, ya mesthi
ana luhur ana asor.

Dewa luhur kang lugu ngenggoni sajatining dewa; ginambar ing wayang kang aran
Bathara Guru. Kang sambung lan budi : ginambar ing wayang aran Bathara Narada.
Kang wis nunggal misah karo kasunyatan, ginambar : SANG HYANG WENANG
utawa SANG HYANG TUNGGAL. Kang kandel ka-mutmainahane sarta sambung
karo rasa sejati, gimabar : Bathara Wisnu. Kang sambung lan kaswargan madya,
ginambar : Bathari Durga (kang ngerehake lelembut ing pasetran ganda mayit). Kang
sambung lan ka-lumawahan gunambar : Bathara Kala. (2) ……….. lan liya-liyane.
—————————-

(2). Bathara Kala – Dewa kang kadadeyan saka luwamahing Dewa.

RASA LELIMA

Angka 1 :
Ing alam donya : dhasaring rasane : RASANING JASMANI. Dene rasa liya-liyane
kang papat, (kadewatan, ka-mutmainahan, kajiman, kanerakan) uga mecungul ing
donyo sarta dadi ubarampening rasa kajasmanian, nanging ORA DIANGGEP
WUJUDING BADANE dening wong donya. Kang dianggep wujuding badane :
bebakalaning Jasmani.

Angka 2 :
Ing swarga, dhasaring rasane : RASA ATI adhem padhang. Rasa liya-liyane kang
papat uga mecungul ing swarga sarta dadi ubarampening rasa kaswargan, nanging 
ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong swarga. Kang dianggep wujude
: bebakalaning Mutmainah.

Angka 3 :
Ing naraka dhasaring rasane : RASA ATI lara lan panas. Rasa liya-liyane kang papat
ung mancungul ing naraka, sarta dadi ubarampening rasa kaneraklan, nanging ORA
DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong naraka. Kang dianggep wujude :
bebakalaning Amarah.

Angka 4 :
Ing jagading jin, dhasaring rasane : RASA ATI seneng utawa bungah. Rasa liya-liyane
kang papat uga mencungul ing jagading jin, sarta dadi ubarampening rasa kajiman,
nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE, dening wong jin. Kang dianggep
wujude : bebakalaning Supiyah.

Angka 5 :
Jagading dewa, rasa dhasare : RASANING ENGETAN. Rasa liya-liyane kang papat
uga mancungul ing jagading dewa, sarta dadi ubarampening rasa kadewan, nanging
ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong dewa. Kang dianggep wujude :
bebakalaning Angen-angen. (1)

Rasa limang warna ing duwur mau, dak arani PANCAINDRIYA, tegese : rasa lelima.
Ing sabanjure yen ing layang iki ana tembung “pancaindriya”, karepe : rasa lelima
kang kasebut ing duwur mau dalah bebakalane.
————————–

(1). Bebakalan warna-warna kang kasebut mau tumraping kajaten : dudu wujud, mung
kedher (panguwasaning kajaten) kang bisa maujud dadi bebakalan (stof = anasir).

BAB ALAM TETELU

Alaming RASA JASMANI (kang alus lang kang kasar) arane : ndonya, janaloka utawa
Aarde.

Alaming RASA ATI tetelu (kang alus lan kang kasar) arane : rohiyah, endraloka,
utawa Asraal.

Alaming ANGEN-ANGEN utawa ENGETAN (kang alus lan kang kasar) arane :
huluhiyah, guruloka, utawa Dewacan.

Pamerangan dadi telu ing dhuwur iku prelune mung murih ringkes.

Telung warna mau : I. Alaming Jasmani; II. Alaming Ati; III. Alaming Engetan. ….ka-
aranan TRILOKA.

Yen ing basa Arab, tetelu mau ka-aranan Betal-makmur, Betal-mukaram, Betal-
mukadas.

Bebakalan warna telu iku rinasuk dening kang maca lan nulis layang iki.
Marga saka iku, kang maca lan kang nulis layang iki, manawa ngudi kalawan temen-
temen, bisa manjing ajur-ajer marang endi bae.

KATRANGANE KANG ARAN BEBAKALAN

Kang sinebut : KAJATEN, yaiku : KANG bisa makarti. Yaiku awak kang mesthi
anane, ora wiwitan ora wekasan. Ing basa Arab sinebut : D A T.

BISANE makarti PAKARTINE ka-aranan : sipat.

BISANE ka-aranan : sipat maknawiyah.

PAKARTINE ka-aranan : sipat mangani.

MAKARTI ka-aranan : apngal.

BISA MAKARTI ka-aranan : urip.

MAKARTI ateges : NGANAKAKE utawa MUJUDAKE.

PAKARTINE ateges : ANANE utawa WUJUDE.

Endita ANANE utawa WUJUDE, kang diwujudake sarana MAKARTI mau. Yaiku SA-
LIR-ING – BE-BA-KAL-AN kang alus lan kang kasar.

Kang diarani kawujudan, ya iku KAHANANING PAKARTI tegese MAUJUDING


pakarti.

Olehe ANA utawa olehe MAUJUD, ya sajroning wektu lagi makartekake wujud iku.
Lire : enggone ANA sawenehing kawujudan, iya mung sajroning wekru kaalane
pangawasa makartekake wujud iku.

Sirnaning pakarti : salerening makarti. Iku lire : sirnaning kawujudan : salerening


makarti.

Sirnaning kawujudan ateges sirnaning bebakalan, yaiku : yen pakarti mau leren.

Makarti, uga ateges nganakake kekedher (trilling).

Pakartine uga ateges kedhere.

Pakartine uga kedhere, uga ateges : bebakalan, tembunge Walanda “staf”, tembunge
Arab “anasir”.

Marga saka iku, tetela, saliring wujud, bebakalan, utawa stof iku, enggone ANA, mung
nalika isih ana KEDHERING ETHER, kang durung leren. Yen kedher mau leren,
genine milu leren enggone maujud.

Molah-malihing kahanane RASA, uga ateges molah-malihe kahanane bebakalan, uga


ateges molah-malihing carane pangedher.
PENGET Kanalaran kang mangkono iku, bisane tinampa, sarana rinasa kang sabar
sareh kanthi kaweningan. @@@

GAMBUH

Samengko ingsun tutur, sembah catur : supaya lumuntur. Dhihin : raga, cipta, jiwa, rasa,
kaki; ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon. (Wedhatama Winardi).

…@@@…
Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

Posted in SERAT WEWADINING RASA | 7 Comments »

BAB X. TERANGE KANG ARAN SAHIR KABIR


March 14, 2011 by Mas Kumitir

A. Pandulu iku duwe rasa. Rasaning pandulu, jenenge : weruh.

Oleh-olehane weruh jenenge : kawruh. Kawruhing pandulu, aran : rerupan, kayata :


warna abang ijo, cahya padhang peteng, rupaning manungsa, kewan sapanunggalane.

Sipandulu ngira yen rerupan (wawernan) iku dumunung  sajabaning pandulu, ora
ngira (kelalen) yen iku mung rasaning pandulu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasa rasaning pandulu (weruh) ing kono pandulu banjur nganggep, yen
sajabaning mripat ana apa-apa. Mungguh kang dak sebut apa-apa mau : ya rerupan
iku (elinga wong ngilo, pandulunengira ana rerupan saburine pangilon, marga krasa
kedhering cahya).

Rerupan utawa wawernan iku kabir tumrap alaming pandulu. Dene pandulu iku, sahir
tumrap alaming rerupan.

B. Pangrungu iku duwe rasa. Rasaning pangrungu jenenge : krungu.

Oleh-olehane ngrungu, arane ya kawruh, yaiku : rerungon. Wujude : swara, kayata :


kumrincing, jumlegur, ngrangin lan sapanunggalane.

Si pangrungu ngira yen swara iku dumunung sajabaning pangrungu, ora ngira
(kelalen) yen iku mung rasaning pangrungu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasaning pangrungu (krungu), ing kono pangrungu banjur nganggep, yen
ing sajabaning kuping ana apa-apa. Kang daksebut apa-apa mau, yaniku kang aran
swara. (Elinga : kuping gumrebeg manawa ditutupi. Lebar nguntal pil, banjur ngira
ana swara nging-nging sajabaning kuping, rehne rasa).

Swara iku kabir tumrap alaming pangrungu. Pangrungu iku sahir tumrap alaming
swara.
C. Pangambu iku duwe rasa. Rasaning pangambu, jenenge : ngambu.

Oleh-olehane ngambu arane ya kawruh, yaiku : ambon-ambon, kayata : wangi, sengit,


basin sapanunggalane.

Si pangambu ngira yen ambon-ambon iku dumunung sajabaning pangambu. Ora ngira
(lali) yen ambon-ambon iku mung rasaning pangambu. Terange mangkene :

Jalaran saka rasaning pangambu, ing kono pangambu banjur duwe panganggep, yen
ing sajabaning irung ana apa-apa. Kang dak arani apa-apa mau, yaiku kang aran
ambon-ambon. (Elinga wong pileg), ambon-ambon sajabaning irung dikira malah
sirna.

Ambon-ambon iku kabir tumraping alaming pangambu. Pangambu iku sahir tumrap
alaming ambon-ambon.

D. Legi asin sapanunggalane : dianggep sajabaning ilat, dening pangrasa ilat. Lire :
kang ditetepake legi iku si gula. Kang ditetepake asin iku uyah. Si ilat ora ngira
(kelalen) yen kang marakake ana legi-legi utawa asin-asin mau rasane dhewe. Elinga
wong lara, sega dikira pait, iwak dikira ora enak.

Legi-legi lan asin-asin iku kabir tumrap pangrasane ilat. Dene pangrasane ilat iku kabir
tumrap legi-leginan utawa asin-asinan.

E. Panas-adhem alus-kasap sapanunggalane : dianggep sajabaning badan. Kang


ditetepake panas si geni. Kang ditetepake adhem si banyu. Mangkana anane rasa kang
aran panas utawa adhem iku saka pakartining rasa badan. Si geni lan si banyu sejatine
mung wujud geter (kedher). Geter iku bisa gawe panas utawa ora (elinga wong lara,
kabeh sajabaning badan dikira ora ngepenakake badan).

Kabeh kang kasebut ing dhuwur : pinikir-pikira kaya ing aksara E.

Adhem panas sapanunggalane mau kabir tumraping pangrasa badan. Pangrasa badan
iku sahir tumrap alaming adhem panas.

F. Sarehne pandulu duwe kawruh kang aran : rerupan, pangrungu nduweni kawruh
kang aran : swara, pangganda duwe karuh kang aran : ganda, ambon, pangrasa ilat
duwe kawruh kang aran : legi, asin, pangrasa badan duwe kawruh kang aran : adhem
panas, saka kumpulane kabeh mau ……. ing kono dhiri banjur nduweni panganggep,
yen sakjabane rasa dhiri ana apa-apa.

Dene kang dak arani apa-apa sakjabane dhiri mau : yaiku kang ka-aranan jagad,
kayata : donya.

Ndonya iku kabir tumraping rasa dhiri, dene rasa dhiri iku sahir tumraping ndonya.

Kang dak arani rasa dhiri iku rasa siji kang kadadeyane saka campure sakabahing rasa
pangrasa, kacekak : rasaning pancadriya. Ka-anggep : siji.
Wong kabeh duwe kawruh bab anane lan kahanane jagad iku jalaran anane rasa dhiri
dudu ananing rasa dhiri saka kawruh ananing jagad. Nanging dumadine barang.

Sirnane kawruh bab ananing jagad, saka sirnane rasa dhiri. Nanging enggone sirna
bareng.

Katerangane maneh mangkene :

Dhiri iku duwe rasa. Rasaning dhiri, arane : weruh. Oleh-olehane weruh diarani :
kawruh.

Kawruh dhiri, kayata : rerupan warna-warna gegandan warna-warna + rasa gepokane


kulit + rasa bungah susah sapanunggalane + rasa angen-angen kang aran pikiran (kaya
: weruh = ngerti) yen telu ping pat ana rolas sapanunggalane, = iku kabeh karingkes
kawruhing dhiri (kawruh kalairan).

Si dhiri ngira yen kang kasebut iku mau kabeh dumunung sajabaning rasa dhiri. Ora
ngira (kelalen) yen iku mau mung rasaning dhiri. Terange mangkene : Jalaran saka
rasaning dhiri (weruh, ngerti, ngrasa), ing kono dhiri banjur duwe panganggep, yen ing
sajabaning dhiri : ana apa-apa. Dene kang dak arani apa-apa mau, yaiku : jagad
gumelar.

Gumelaring jagad iku kabir tumrap rasa dhiri, dene rasa dhiri iku sahir tumrap
gumelaring jagad.

G. ALUSING nafsu mutmainah, katumusan padhanging angen-angen, iku mujudake


rasa. Rasane iku iya ka-aranan : weruh.

Oleh-olehane ngawruhi ya ka-aranan : kawruh. Kawruhing mutmainah awor


kawruhing engetan padhang, yaiku kang aran : rasa kaswargan, kayata : gumelaring
swarga kang nyenengake, ngayemake, manis dinulu lan rinasa, gawe lega lan dhangan
sarta bombong. Manungsa ing swarga, melas asih ndhemenake …….. sapanunggalane.

Dene kawruhe angen-angen kang padhang, yaiku : kahanane ing swarga enggone sarwa
terang sarwa cetha, ora ana kang mbingungake pikiran laras sarta runtut saka karo
lakuning nalar (pikir). Kang mangkono mau iya marga saka dayaning rasa dhiri kang
seneng, ayem, manis, welas asih, lega, dhangan, bombong apa dene rasaning engetan
kang terang, bening, nrawang, waskitha, wicaksana. Kabeh-kabeh kang dinulu, kang
pinikir lan kang rinasa : katon endah, edi, peni, manis, nyenengake, ngadhemake ati,
nemtremake. Jalaran ya saka rasaning mutmainah dhewe.

Dadi kang edi, kang endah, manis, kang seneng sapanunggalane mau : mutmainah!!
Bebakalan kang nganakake rasa mangkono iku kedhere nunggal laras karo kedhering
njaba, kang dayane nggugah rasa kang mangkono iku.

Sadhengah kang dielingi ing kaswargan, gawe terang marang engetan, iku ya marga si
engetan dhewe kang pancen terang. Apa kang dinulu katon cetha nrawang, iku sabab
saka si pandulu dhewe kang dhasar waspada.

Mangkono sapiturute (muga pinikir-pikira kang wening lan rinasa-rasaa kang memet).
Jiwa-jiwa kang rasane nunggal laras (nunggal alam) ya padha weruh-wineruhan,
seksen sineksenan, marang anane kahanan kang dialami, uga wani sumpah ngakoni ing
anane.

Jiwa-jiwa kang nunggal rasa kaswargan, watake padha sih-sinisihan, tresna-


tinresnanan, marga padha katon mrak ati lan ndhemenakake, tur budene lurus, jujur-
jujur lan melas asih, ora ana ulat mrengut utawa nyengit, ora ana tindak-tanduk kang
kasar, ora ana rasa rubet, pakewuh lan sumelang, padha pracaya-pinracaya terus ing
ati sanubari, kaya sadulur tunggal welat kang padha tresnane ( bocah cilik kang manis,
melas asih, marak ati lan ndhemenakake, iku mulane duwe sesipatan kang mangkono,
sabab isih akeh tilase watak-watak kang saka kaswargan, durung akeh momore kang
saka supiyah, amarah lan aluamah).

Sarehne alus kasaring mutamainah tuwin angen-angene siji-sijining wong : ora padha,
mulane kang aran swarga iku ya ana tatar-tatarane.

Kang aran swarga tataran ngisor (kasar), yaiku : rasa dhiri kang mutmainahe isih
kaworan ing supiyah sawatara.

Swarga iku kabir tumrap alaming rasa dhiri alus. Dene rasa dhiri alus iku sahir
tumrap alaming swarga.

Rasa kaswargan ngira yen swarga iku dumunung sajabaning rasa-pangrasa, kalalen
yen anane kaswargan mau gumantung marang pakartining angen-angen lan rahsane.

Iku lire mangkene : kang ditetepake nyenengake, endah, gawe ayem sapanunggale mau
kahanan sajabaning rasa pangrasane. Ora ngelingi yen anane kahanan mangkono iku
gumantung marang rasa pangrasane dhewe. Dene kang dumunung ing sajabaning rasa
pangrasane iku sajatine geter kang urip (daya urip) kang pangwasane bisa nggugah
saliring rasa pangrasa. Muga lerena sadhela dhisik pamacane, kanggo mikir-mikir.

Ilmu Pengetahuan exakta (nyata) lan Ilmu abstrak (tanpa wujud), sakarone sinebut
kawruh, jalaran asale saka “tumanduking weruh”.

Sarehne kahanan kang kasebut ndhuwur mau : selehe ora gampang tinampa dening
sadhengah wong, mbokmanawa kang maca layang iki takon mangkene : APA KABEH
MAU GOROH (ORA NYATA) TA?? DENE TEKA DIARANI MUNG GUMANTUNG
ING RASA PANGRASA BAE.

Iku genahe mangkene :

Tumrape KANYATAN : pancen iya goroh, jer dudu kasunyatan (dudu kajaten), awit
saka iku, iya bener yen kaswargan lan sadhengah alam ing sajabaning kapangeranan
kaaranan dudu kajaten, awit dudu kahanan jati (dudu sajatining kahanan), enggone
kaaranan dudu kasunyatan iku tegese : dudu kahanan kang LUWIH DENING
NYATA.

Nanging sanajan mangkono, sing sareh ing pamikir, aja gumampang dhisik, becik
pinikir-pikira manehmangkene :
Apa kang maca layang iki ngorohake marang ananing rurupan, gagandan, swara
sapanunggalane, dupeh mung gumantung ing rasa pangrasa bae? Rak ora
ta……………..

Banjure : Apa kang maca iki nggorohake marang anane alam donya, dupeh mung
gumantung ing rasaning pancadriya? Mesthi ora. Marga akeh kang nekseni yen alam
donya iku pancen ana temenan, wani sumpahane.

Kang iki sawisi rinasa-rasa, banjur pinikir maneh mangkene :

Sawise aku (kang maca) netepake marang anane donya (rehne nyata), apa ya njur
netepake yen donya iku kahanan jati (kajaten)? Iya mesthi ora.

Sawise pinikir-pikir lan rinasa-rasa memet, banjur katimbang-timbang mangkene : La


iya selahine alam donya, kang tetela wadhag mangkene, aku ora bisa nggorohake ing
anane, apa maneh KASWARGAN KANG LUWIH NYATA KATIMBANG DONYA,
sarta kang luwih alus lan luhur katimbang ndonya, yen bisa nggorohake (nganggep
kahanan kang cidra). Harak sewe mokal yen bisa nganggep kahanan kang cidra.

Nimbang bae prakara kang adhakan dhisik, kayata : bab rurupan anggone ora
dumunung ing pandulu, utawa bab swara olehe ora dumunung ing kuping,
sapanunggalane. Lagi prakara kang mangkono bae, wis ribet selehing panampa,
kapriye maneh yen bisoa nggorohake marang anane alam luhur kang luwih nyata
katimbang ndonya kang dupeh pinikir mung saka rasa pangrasa bae. Rak tangeh
bisane ta??

Awit saka iku, ringkese gunem mangkene : angen-angen lan rahsa pancen ora
nggorohake marang anane alam maneka warna kang dialami. Nanging KAJATEN ora
nganggep kahanan kang nyata (sajati) marang kabeh mau.

Terange mangkene : Angen-angen lan rahsa dhewe, ora kaanggep kahanan jati dening
kasunyatan, marga angen-angen lan rahsa mau barang anyar tumraping kajaten,
sabab iku kabeh kawujudan kang maune ora ana, nuli ana, kang banjur ora ana
maneh.

Dene kang aran kasunyatan utawa kajaten mau : ora tau ora ana, sarta : ora bakal ora
ana. Pathokane : samubarang kang anane nganggo kadhisikan ing ora ana, sarta
nganggo wekasan : ora ana, iku dudu kahanan jati mungguhing kasunyatan, nanginh :
temen mungguhing pancadriya 1). Kena kacekak : kanyatan nanging dudu :
KASUNYATAN.

Ora bisane makhluk ngorohake marang ananing pangalaman kang dialami :


tinembungake kawengku lan ing kodrat.
……………………………….
1)
Ana wong ngudi kawruh batin, rehne wis ngerti yen alam ndonya iku dudu kajaten, sarta
netepake yen enggone ana ing ndonya mung ngimpi bae, banjur ngemohi marang
kadonyan, niri lakuning pandhita kang kasebut ing dongeng jaman kuna. Nanging
bareng luwe, iya banjur mangan. Kang dipangan sega temenan, ora dianggep sego
gorohan. Nganggo lawuh, lawuhe lawuh temenan, dudu lawuh inpen. Mangkono mau
dadiya pratandha yen titah iku ora bisa nggorohake marang anane alam, sanajan alam
iku goroh mungguhing kajaten. Kang bisa nyatakake ing gorohe iku, mung kasunyatan.

Mbanjurake bab sahir lan kabir.

H. Napsu supiyah katumusan angen-angen,  iya banjur nganakake rasa (kawruh). Endi
wujuding rasane (kawruh), iya kaswargan uga, nanging kang kurang tentreme lan
kurang elinge katimbang swarganing mutmainah kang kasebut ing dhuwur.

Sanajan endah ngungkuli kwadhagan (donyo) nanging kurang elinge marang kajaten,
dening kalimput ing bebungah lan pepinginan. Dayaning angen-angen kang amor ing
supiyah : dadi kurang padhange.

Swarganing mutmainah lan angen-angen alus, kang kasebut ing dhuwur mau, dak
arani : swarga luhur, dene swargane supiyah dak sebut swarga madya.

Rasaning kaswargan madya iku kurang tentrem lan kurang eling marga kekurangan
ing rasa bekti (kang ndadekake kurang suci, kurang jujur, kurang legawa, isih
kareridhu ing dayaning kamelikan lan kekarepan). Ewa dene , rehning rasa kaswargan
kang mangkono iku iya isih ana kang kamoran mutmainah, dadi ing bageane kang
luhur : uga akeh kang ngemperi kaswargan luhur (kamutmainahan). Sarta banjur bisa
sambung (daya-dinayan) karo kaswargan luhur mau. Dene ing bagean ngisor (lire,
bageaning rasa karsa) sambung karo rasa pangrasaning jim peri, marakake sambung
karo jagading jin peri.

Ing bagean ngisor maneh (kang kalimputan ing pangrasa asor) sambung karo
kaswargan asor, yaiku swarga panasaran, swargane dhemit utawa brakasakan, dening
wiwit kamoran rasa kasetan (amarah).

Swargane supiyah (swarga madya) ana kang ngarani astraalgebied, iku ing bageane
kang luhur, sambung lan kahyangane Bathara Endra, banjur aran Endraloka.

Manawa mutmainahe mung sawatara (meh mligi dayaning angen-angen luhur)


mujudake rasa kadewan, yaiku rasa kang mung meh mligi ngegungake kawicaksanan,
kawaskithan lan kawaspadan, iku kaaranan kadewan (Dewatan) sambung lan
kahyangane Bathara Guru, mula sinebut Guruloka.

Satemene iku meh padha bae karo swarga luhur kang kasebut ing ngarep mau, sarta
gampang bisane sambung sinambung, malah kerep amor alira-liru (rasane), apa maneh
karo kaendran.

Mulane alam luhur gampang bisane amor lan lira-liru, awit sang saya luhur, sangsaya
alus lan luwes bebakalane (staf-e).

Swarga luhur mau, kadadeyan saka maligining mutmainah katumusan ing luhuring
angen-angen, iku swargane manungsa kang ngegunake RASA BEKTI marang
Pangeran, gedhe kasukurane, ngegungake rasa welas asih marang sapadha-padha, iku
ing bageane kang luhur, sambung lan alaming para Malaikat (pambantu kodrat
Rasulullah).
Rasa kaswargan luhur kena katembungake : bongkote sambung karo pucuke RASA
JATI.

Mungguh Rasa kaswargan luhur warna-warna kang kasebut mau kabeh : gampang
bisane sambung-sinambung (weruh-wineruhan) sak uga padha kadunungan ing
Mutamainah. Kang ketipisen mutmainahe, mung bisa sambung karo kaswargan
madya! (swarganing jin peri). Dene kang mutmainahe ketipisen, mung sambung karo
swarga panasaran, marga mutmainahe kalimput banget.

Ora mung bisa sambung karo jagad ka-alusan bae, malah uga bisa sambung karo jagad
kawadhagan (donya), sapanunggalane uga ana bageane rasa pangrasa kang nunggal
laras. Malah-malah kasunyatan bisa sambung karo kawadhagan, sak uga angen-angen
lan rahsa banget aluse kongsi ana bageane kang bisa gathuk karo kajaten.

I. mBanjurake bab sahir lan kabir maneh.

Napsu amarah katumusan ing angen-angen peteng, iku iya mujudake rasa utawa
kawruh. Kawruh ing amarah yaiku : weruhe marang ing rasaning gething, muring,
drengki, jail, panas, pegel, susah, bingung, ngresula, mesgul, ngigit-igit, anyel, mangkel,
njetong, lara ati ……… sapanunggalane. Karingkes : Kang ora ngepenakake, utawa
LARA. Iku kabeh iya jeneng kawruh, nanging kawruh bab alaning jagad utawa
alaning sapadha-padhaning tumitah. Yaiku rasa pangrasane eblis (setan).

Mungguh rasa kasetanan iku, rasa lara kang ora pegat-pegat, sinandhang ing ati. Ora
pegat-pegat enggone kudu muring lan panas, marga kabeh isining jagad rinasa padha
megelake, agawe sangsaraning atine, kabeh rinasa nindakake panggawe ala, disengguh
nganiaya (kiyanat) marang dheweke, iku kagawa saka kleruning rasane (salah rasa).

Ora mung disengguh nganiaya marang dheweke bae, malah disengguh padha alan-
ingalanan, drengken-drengkenan, siji lan sijine. Dadi kinira pancen wis carane, ing
jagad padha kaya mangkono kabeh. Makhluk saisining jagad, kinira susah, bingung,
lara, gegethingan lan cilaka kabeh. Rumangsane awang-uwung kang tanpa waten
jembare : diubresa, ora ana enggon sak elenge semut kang ora isi lelara, kacilikan lan
kasusahan. Angen-angen banget petenge, lire : banget kliru nalare. Lakune engetane
tansah sulaya karo pranataning kodrad, kang wewatone ora dingerteni babar pisan.
Ora ngerti babar pisan marang kang aran wewatoning kodrad. Kahananing jagad kang
mangkono mau disengguh sajabaning dhirine, (sajabaning amarah lan angen-angen
kang peteng). Ora ngira (klalen) yen kang mangkono mau saka rasane dhewe kang
kliru lan sasar. (Kosok balen karo rasa ka-Pangeranan).

Jagad kang rinasa nglarani lan mbingungake mau kaaranan naraka-naraka iku kabir
tumrap napsu amarah. Dene rasane amarah iku sahair tumrap naraka.

Rasa kanarakan iku ya ana tatarane, awit ana kang kamomoran supiyah lan rasa
kajasmanian (Luamah). Kang akeh momorane supiyah : sambung lan jagading jin peri
ing bagean kasar. Kang akeh momorane kajasmanian (roh jasamani) sambung karo
kadonyan, iku kang sok disebut : dhemit utawa brekasakan, kang padha ambeg jail
muthakil angendhak sikara.
Jagad panasaran (jagading brekasakan) uga ana kaswargane, nanging luwih goroh
katimbang swarga madya. Kena katembungake swarga jlomprongan utawa sulapan.

Swarga madya luwih nyata katimbang swarga panasaran.

Swarga luhur luwih nyata maneh katimbang swarga madya.

Dene kajaten iku kang sanyata-nyatane kaaranan kasunyatan.

Wong kang ngaji ngelmu panggorohan (sulapan) iku tumibane nuntun rasa pangrasane
dhewe marang jagad panasaran. Mulane mangkono awit iku ateges sinau nyambung
rasa lan angen-angene dhewe karo rasa jlomprongan.

Wong urip perlu banget sinau rumarasa lan wewekan, murih aja kesasar
(kajlomprong).

KATRANGAN

Tembung kasasar, tegese : kleru dalane.

Kesasar tumraping kebatinan, tegese : kliru lakuning angen-angene anggone nggoleki


wataking Budi.

Tembung kajlomprong, tegese : kliru lakuning rahsane anggone nggoleki wataking


Rasa.

Kabeh mau ateges : gawe kliru, tumindak korup, gawe luput, tumindak peteng, marang
rasa dhirine dhewe. Marga ora rumangsa kliru, ora rumangsa korup, ora rumangsa
luput, ora rumangsa peteng, malah ngukuhi (nganggep bener) marang rasa dhirine
kang luput mau.

Tembung : luput, tegese : nagen-angen nyulayani wataking Budi.

Tembung : ala, tegese : angen-angen cocok lan wataking Budi.

Tembung : bener, tegese : angen-angen cocok lan wataking Budi.

Tembung : becik, tegese : rahsa cocok lan wataking Rasa.

Kang aran : Budi, iku : tukang tuduh marang bener.

Kang aran : Rasa, iku : tukang tuduh marang becik.

Tembung : Karem, tegese : rahsa ngungkurake Rasa.

Tembung : Kerem, tegese : angen-angen ngungkurake Budi.

Tembung : korup, tegese : ngungkiri kang sajati, ngakoni kang dudu.

Padhang, tegese : bisa weruh.


Peteng, tegese : ora bisa weruh.

Angen-angen, wajibe : nggoleki wataking Budi.

Budi, wajibe : tuduh marang angen-angen.

Rahsa, wajibe : nggoleki wataking Rasa.

Rasa, wajibe : tuduh marang rahsa.

Mikir, iku : pakartining angen-angen nggoleki wataking Budi.

Ngrasakake, iku pakartining rahsa nggoleki wataking Rasa.

Kang aran cahya iku : awaking pepadhang. (kang madhangi)

Kang aran Budi iku : rasaning pepadhang (rasa padhang)

Kang aran Rasa iku : dhasaring Budi.

Kang aran Budi iku : pepadhanging Rasa.

Tembung URIP, tegese :

1. bisa makarti, kosok baline : mati.

2. kang bisa makarti, kodsok baline : pati.

Tembung ELING, tegese :

1. weruh marang anane, kosok baline : lali ora eling.

2. kang weruh marang anane, kosok baline : lali (dudu eling).

ELING MARANG URIPE, tegese :

1. weruh marang anane sing makartekake.

2. weruh bisane makarti.

LALI MARANG URIPE, tegese :

1. ora weruh marang anane sing makartekake.

2. ora weruh yen bisa makarti.

NGUDI KAWRUH KASUNYATAN, tegese : ngudi bisane weruh marang anane sing
makartekake.
KAWRUH KASUNYATAN, tegese : oleh-olehaning ngawruhi kahanan kang luwih
dening nyata.

NGELMU, tegese : wewatoning nggoleki.

NGELMU RASA, tegese : wewatoning nggoleki kasunyatan.

Kabeh kang aran NGELMU iku bubuhane angen-angen.

Tembung Rasa (kang panulise nganggo R), tegese : wujud alus dalah rasaning wujud
mau.

Tembung rasa (kang panulise aksara cilik kabeh), karepe : mung rasaning wujude bae,
ora ateges wujude (awaking wujud), dadi karepe : tumrap sadhengah wujud, iya
rasaning wujud kang alus, iya rasaning wujud kang kasar.

Tembung rahsa, ateges : wujud alus dalah rasane pisan, nanging kang luwih kasar
katimbang Rasa.

mBanjurake bab sahir lan kabir.

J. Rasa kajasmanian, iya duwe kawruh. Wujude, yaiku : bisa weruh marang rasaning
lagi lan pait.

Weruh marang ambon-ambon.

Weruh marang penggepoking kulit karo barang wadhag krunguning swara saka
kedhering kuping.

Weruh padhanging srenggenge saka kedhering swasana.

Weruh marang rasa lan kapenak, mungguhing kwadhagan lan sapanunggalane.

Iku kabeh dak arani : rasa kajasmanian, yaiku kang marakake dhiri duwe panganggep,
manawa alam donya iki ana.

Jiwa-jiwa kang ngalami rasa kajasmanian, enggone nekseni yen donya pancen ana, ya
ora liya nganggo rasa kajasmanian mau. Upama ora duwe rasa kajasmanian, mesthi
nggorohake marang anane donya (awit kacupetan piranti kanggo nekseni ing anane).

Rasa kajasmanian iku iya ana kaswargane lan kanarakane, kayata : rasaning awak
kang pinuju enak lan kapenak (kaswargan), dene kanarakane yen pinuju lara.

Donya iku KABIR tumraping alam rasa kajamanian.

Dene rasa kajasmanian iku SAHIR tumrap alam donya.

KINANTHI
Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku dalaning kasidan, sinuba
saka sathithik. Pamothahing napsu hawa, linalantih mamrih titih. (Wedhatama Winardi)

Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.


Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

Posted in SERAT WEWADINING RASA | 5 Comments »

BAB IX. DAYA TUNGGAL


March 10, 2011 by Mas Kumitir

Manawa gambang wilahane gulu : ditabuh, gender kang ana sacedhake kono : wilahane
gulu milu muni mbrengegeng. Wilahan liyane kang dudu gulu : ora muni, sabab ora
sarujuk larase. Yen kang ditabuh wilahan nem, ya wilahan gender nem kang muni,
sabab nunggal laras.

Musik radio kang nunggal laras, sanajan pepisahan adoh, manawa kang siji diunekake,
liyane milu muni, kayata : ing nagara Inggris ngunekake musik radiom, wong-wong
nagara Darwis utawa Jerman terkadhang padha dansa, sabab musike milu muni
(stelane nunggal pamancar).

Dewa ing Suralaya bisa aweh sasmita marang manungsa ing Ngarcapada, yen
manungsa kang disasmitani mau rasa pangrasane bisa gathuk (nunggal laras), karo
Dewa kang nyasmitani.

Wong ana ing Surakarta bisa ngosikake atine wong ana ing Surabaya yen wis padha
aluse lan nunggal laras.

Manungsa sajati (Rasa) bisa nyasmitani marang pancadriya (wonge), yen pancadriya
kang rinasuk ing kajaten mau : wis akeh bageane kang alus, yaiku yen bongkoting
angen-angen lan rahsa wis nunggal laras karo pucuking Rasa.

Dadi tetela : kedher kang nunggal laras watake nunggal daya, bisa dayan-dinayan
utawa weruh-wineruhan, ora peduli adoh.

Dayaning pandulu : weruh marang padhanging srengenge lan rurupan warna-warna,


kang mencorong, kang abang ijo sapanunggalane.

Pandulu netepate yen pepadhanging srengenge lan rurupan iku : ana. Nanging ora
nganggep marang ananing swara, (ngorakake marang ananing swara).

Pangrungu netepake yen swara iku ana (ngiyakake marang ananing swara). Nanging
ora nganggep marang ananing cahya lan wewernan.

Besuk kapan pandulu bisane weruh marang swara, iku babar pisan ora kena diarep-
arep, sabab mesthi ora bisa kelakon salawas-lawase, jer ora ana  swara dumunung ing
alaming pandulu. Wiwit ANA nganti SIRNA : sipandulu mau tansah dadi pandulu bae,
mangka – salawase isih dadi pandulu : dienas ora aweh weruh swara.
Besuk kapan sipangrungu bisane weruh marang rurupan, iku babar pisan ora kena
diarep-arep, sabab mesthi ora bisa kelakon salawas-lawase, jer ora ana rurupan
dumunung ing alaming pangrungu. Wiwit ANA nganti SIRNA : sipangrungu mau
tansah dadi pangrungu bae. Mangka – salawase isih dadi pangrungu; dienas ora aweh
weruh rerupan.

Pandulu karo pangrungu ka-aranan ora nunggal alam, ora nunggal daya.

Pangambu, seje maneh dayane utawa alame. Ing alaming pangambu ana maneh
kahanan kang ora bisa dumunung ing alaming pandulu tuwin pangrungu, yaiku kang
aran ambon-ambon. Kayata : wangi, sengir, langu sapanunggalane. Pandulu lan
pangrungu padha netepake yen wangi, sengir, iku ora ana. Pangambu netepake yen
wengi, sengir, mesthi anane, nanging abang, ijo : ora ana, mangkono uga : kumrincing
jumlegur ya ora ana.

Cekake, indriya tetelu mau paido-pinaido, tambuh-mitambuhi. Mung bisa netepake


marang kayakinane dhewe bae.

Pangrasa ilat, kapriye?? Ing dhuwur mau kabeh dipaido anane, dening pangrasa ilat.
Pangrasa ilat netepake yen ing jagad iki kang ana mung : legi, pait, gurih
sapanunggalane. Ora ana rerupan, ora ana swara, ora ana gegandan. Awit ing jagading
rasa ilat mau : diubresa, ora tinemu karo kang aran abang, ijo, kumrincing, jumlegur
tuwin wangi, sengir.

Pangrasa badan kepriye?? Kabeh mau dipaido anane dening rasa badan. Kang
ditetepake anane mung : kasap alus, adhem panas, gatel, keri sapanunggalane.
Oraweruh dhong-dhinge marang kang aran abang, ijo sarta mencorong, kelip-kelip.
Ora weruh jawane marang kang aran wangi, bacin, ora wanuh kang diarani legi pait.

Piranti lelima mau dak arani lawananing pancadriya, sabab gunane kanggo nglawani
(nglawehi) dayaning pancadriya.

Piranti lelima mau diratoni (diwengku) ing angen-angen.

Angen-angen luwih alus tinimbang piranti lelima mau, mulane bisa momot lan mengku
marang kawruh-kawruh oleh-olehaning piranti lima mau. Sanajan limang warna mau
paido-pinaido utawa tambuh-mitambuhi marang siji lan sijine, nanging angen-angen
ngakoni marang kayakinaning siji-sijine, nanging angen-angen ngakoni marang
kayakinaning siji-sijine piranti, ora ana kang di-orakake. Mulane mangkono, sabab
angen-angen luwih alus.

Sadhengaha kang luwih alus, bisa momot marang kang kasar.

Samubarang kang kasar : watake cupet, mung ngengkoki marang kayakinane dhewe
bae, maido kayakinaning liyan, sarta karepe : ngajak pepisahan.

Samubarang kang alus, watake jembar, mengku lan momot, bisa gathuk manjing ajur-
ajer marang kayajinaning liyan kang luwih kasar, sarta watake : ngajak nunggal, ora
ngajak pepisahan. Mangkono iku wataking kodrat.
Sarehning angen-angen iku mengku lan momot marang kawruh saka piranti lelima
kang kasebut ing dhuwur, mulane angen-angen simpen kawruh akeh saka enggone
ngimpuni oleh-olehaning pangalamane piranti lelima.

Apa angen-angen iku wis alus banget?? Durung.

Kang luwih alus saka angen-angen yaiku : Budi utawa Rasa Jati (manungsa sajati).

Manungsa sajati bisa momot sarta ngimpuni kawruh-kawruh kang saka


pangalamaning angen-angen lan rahsa.

Pangalamaning angen-angen lan rahsa, ana kang aran swarga, kadewatan, ka-endran,
jagading peri, jin, bekasakan, sapanunggalane. Sanajan sawarna0warnane padha
paido-pinaidho, mung ngengkoki kayakinane dhewe bae, nanging kabeh diakoni benere
dening Manungsa sajati, malah Manungsa sajati banjur oleh kawruh kan tanpa wates
kehe lan gedhene, kaimpun saka pangalaman ing alam manekawarna. Impunan mau
dadi srana nggayuh marang kasampurnan utawa panunggal.

Pandulune si Suta sanajan cedhak karo pangrungune dhewe, nanging ora weruh-
wineruhan karo pangrugune dhewe, ora weruh-wineruhan karo panggandane si Suta
dhewe. Iku arane : ora nunggal alam.

Pandulune si Suta, sanajan adoha karo pandulune si Naya nanging padha weruh-
wineruhan karo pandulune si Naya. Iku arane nunggal alam. Mangkono uga
pangrungune si Naya nunggal alam karo pangrungune si Suta lan si Dhadap.

Weruh-wineruhan iku tegese : seksen-sineksenan marang anane kahanan kang dialami.

Pandulune Suta, Naya, Dhadap, Waru, ………… padha seksen-sineksenan yen


padhanging Srengenge lan wawernan iku ana.

Pandulune Suta, Naya, Dhadap, Waru, ………… padha seksen-sineksenan yen swara
iku ana.

Mangkono sapiturute, dene kabeh sineksenan dening angen-angen. Wasana wong


banjur nekseni yen alam donya : ana.

Swarga diakoni anane dening makhluk kang kadunungan rasa kaswargan (Mutmainah
lan angen-angen kang bener). Makhluk kang ngalami padha seksen-sineksenan wani
sumpah : ngakoni ing anane. Naraka diakoni anane dening makhluk kang kanggonan
rasa kasetanan (Amarah lan angen-angen kang peteng). Alaming jin diakoni dening
makhluk kang kaduk rasa kajiman, (Supiyah lan angen-angen kang kurang padhang).
Alam donya diakoni dening makhluk kang kaduk rasa kuwadhagan (rasa
kajasmanian). Alam panasaran utawa brekasakan, diakoni dening makhluk kang
kaduk roh kasatoan, (angen-angen kang banget petenge = de donker).

Manungsa sajati luwih alus katimbang angen-angen lan rahsa kang kasebut mau
kabeh, mulane bisa momot marang kawruh-kawruh kang dialami dening makhluk
meneka warna ing alam kang beda-beda mau. Malah manungsa sajati enggone ngrasuk
badan maneka warna mau, prelune supaya bisa ngalami pangalaman warna-warna
mau sumimpen ana ing sarira kang langgeng.

Gedhe banget paedahing sugih kawruh saka pangalaman maneka warna, awit dayane
ngluhurake darajating manusa sajati, kongsi bisa nggayuh marang panunggal.

Wong turu lan melek, wong urip lan mati, sanajan WONGE ora ngakoni marang anane
alam-alam mau, nanging MANUNGSANE SAJATI : ngakoni, sarta tansah oleh
kawruh bae saka enggone tumimbal lair rambah-rambah sarta ngalami pangalaman
warna-warna, kang alus lan kasar, kang luhur lan kang asor, kang padhang lan kang
peteng, kang mulya lan kang sangsara.

Kawruh-kawruh mau durung dikabar-kabarake marang wonge (pancadriya kang


rinasuk) iku ora sabab saka sungkan, mung sabab pancadriya (wonge) durung bisa
nampani kabar, dening isih kasar.

Yen pancadriya sangsaya alus, marga tlaten lan lastari ngudi kawruh kabatinan, iku
sangsaya lawas sangsaya bisa nampani kabar saka sathithik, ing batine dhewe.
Mundhak aluse ya mundhak cetahne enggoni nampani kabar.

Kang diarani kabar iku, thukuling Budi (Rasa) ing sanubarine.

***

NGERTI mono “daya kodrating manungsa”, yaiku : ngerti marga mikir (pamikir), ngreti
marga krasa (ngrasakake, nggraita).

NGERTI ya bisa marga “daya gaibing Gusti” (tunarbuka).

…@@@…
Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

Posted in SERAT WEWADINING RASA | 6 Comments »

BAB VIII. NUNTUN NGRASAKAKE MARANG LIRE


GATHUK LAN AWOR
March 5, 2011 by Mas Kumitir

Ing ndhuwur mratelakake bab pisah lan gathuking angen-angen karo Budi. Uga bab
pisah lan gathuking rahsa karo Rahsa. Lan maneh mratelakake woring Budi lan Rasa.

Sarening Budi karo Rasa wis amor dadi siji, ing sabanjure yen ing layang iki ana
tembung Budi, terkadhang karepe : wis karo rasa. Mangkono uga yen ana tembung
Rasa, terkadhang karepe wis karo Budi.

Budi lan Rasa karo-karone karingkes maneh : Kajaten.


Ing saiki mratelakake terange kang aran gathuk, murih bisa ngrasakake.

Nganggo tuladha mangkene : Wong maca layang karo memangan, yen enggone maca
mau banget enggone nggatekake marang surasaning layang, mesthi ora ngrasakake
marang rasaning panganan kang dipangan. Terkadhang salebare mangan manawa
ditakoni rasane : ora bisa mratelakake. Iku mulane mangkono, sabab angen-angene ora
gathuk karo pangrasa ilat. Angen-angene ora nekseni marang pakartining pangrasa
ilat, sabab lagi nuju marang layang, wekasan angen-angen benggang utawa pisah lang
pangrasa ilat.

Dene yen angen-angen nuju marang rasaning panganan, iku angen-angen gathuk lan
pangrasa ilat. Yen mangkono, pangrasa ilat dadi sa-awak karo angen-angen.
Pakartining pangrasa ilat dening angen-angen. Wasana oleh-olehaning pangaweyane
pangrasa ilat ya diaku dening angen-angen. Lire : angen-angen duwe kawruh saka ilat,
mulane salebare mangan, angen-angen nyimpen kawruh saka ilat.

Wong kang drijine lagi nggrayangi sawijining narang kanthi diematake, kayata :
nggrayangi bludru, otot utawa keketeg, sanajan wong mau ngadhepake ratan karo
melek, ewadene ora sumurup kahanan kang ana ing ratan. Iku sababe angen-angene
ora gathuk karo pandulune, lagi gathuk karo pangrasaning driji. Dadi ing wektu iku,
angen-angen ora duwe kawruh kang saka pandulu, mung oleh kawruh kang saka
pangrasa driji.

Pandulu, pangrungu, pangganda, pangrasa ilat lan pangrasa badan, kabeh yen makarti
kang ora disekseni ing angen-angen, (ora gathuk karo angen-angen, tegese : angen-
angen ora oleh kawruh saka piranti lelima mau.

Wong ngimpi kang angen-angen ora gathuk karo engetan kasatoan (khewani, roh
jasmani) iku satangine turu : lali kabeh marang impene. Kayata : ngimpi kang durung
nganti nglilir banjur turu maneh, sanajan sawengi natas ngimpi bae, nanging esuke lali
kabeh marang impene. Mulane mangkono, sabab pakartining roh khewani (engetan
kasatoan), ora gathuk lan angen-angen, lire : panggawe kang linakonan dening engetan
kasatoan (de donker) ora disekseni ing angen-angen. Dadi angen-angen ora ngakoni
marang oleh-olehing kasatoan, sasuwene pisah lan angen-angen. Dene yen kasatoan
gathuk karo angen-angen, kayata : ngimpi kang katungka nglilir, iku satangine turu :
kelingan marang impene, sabab engetan kasatoan ketungka tekane angen-angen,
banjur gathuk dadi saawak (bongkoting kasatoan jumbuh karo pucuking angen-
angen).

Aja sing turu, sanajan melek pisan, yen kasantoan tumandang ninggal angen-angen,
mesthi angen-angen ora ngakoni. Kayata : solahing anggota lan pangucap kang aran
bendana utawa saradan, iku panggawe tanpa seja lan ora krasa. Dadi mesthi ora diaku
(ora dirumangsani) dening angen-angen.

Ora kurang wong ngimpi utawa nglindur melek-melekan, iku sabab kasatoane
tumangkar, ora kereh ing nagen-angen.

Wong kang lagi O R A ngrasakake kasukuran lan panarima, ing wektu iku angen-
angen O R A gathuk karo Mutmainah sabab lagi gathuk karo Amarah lan Supiyah.
Kosok baline : kang lagi ngrasakake kasukuran lan panarima, angen-angen oleh
kawruh kang saka Mutmainah.

Wong kang nengenake kasukuran, angen-angen raket supeket karo rasa  kanerakan,
sugih kawruh babagan kanerakan.

Angen-angen iku  bisa gathuk karo kadonyan, bisa gathuk karo kaswargan, bisa
gathuk karo kajaten.

Wong kang angen-angene ora tau gathuk karo kajaten (Budi Rasa), ya ora duwe
kawruh kasunyatan.

Kang mung GATHUK bae karo kajaten, kawruhe ya WEWEKONING kajaten.

Kang wis AWOR karo kajaten, ya MALIGINING kajaten.

Turu, iku tegese : angen-angen ora makarti (ora nyambut gawe). Melek iku tegese :
angen-angen nyambut gawe (ngawruhi).

Turu lali, iku tegese : angen-angen ora gathuk karo apa-apa, ora gathuk karo kajaten
lan ora karo kadonyan. Mulane ya ora ngawruhi apa-apa.

Turu eling, iku tegese : angen-angen gathuk karo kajaten, ora gathuk karo kadonyan.

Melek lali, tegese : angen-angen ora gathuk karo kajaten, mung gathu karo kadonyan.

Melek eling, tegese : angen-angen gathuk karo kajaten sarta kadonyan.

Sing sapa wis bisa melek eling, ya bisa turu eling, sabab angen-angene wis bisa gathuk
mrana-mrene, oleh kawruh kasunyatan lan kadonyan.

Rasajati, Budi utawa Manusa sajati, iku tansah sugih kawruh kabatinan kang tanpa
pedhot, tansah ngrasa marang wates gedhene, sarta tansah eling tanpa pedhot, tansah
ngrasa marang gaibing rasa. Emane dene asring binuntel ing wong, kang angen-angen
durung bisa gathuk karo kajatene, marga isih kasar  RAHSANE lan isih KESIT angen-
angene. Pancadriya durung ana bageyane kang alus, kang bisa salaras karo
wewengkoning kajaten.

Manawa angen-angen kulina ditajemake sarta rahsa kulina dileremake, mesthi


sangsaya lawas sangsaya laras karo kajatene, angen-angen sangsaya laras karo Budi,
rahsa sangsaya laras karo Rasa.

Yen pancadriya (angen-angen lan rahsa) wis ana bageane kang alus utawa laras karo
kajaten, ing kono, bongkoting angen-angen bisa gathuk karo pucuking Rasa. Ringkese :
pancadriya (wonge) gathuk karo kajaten, ka-aranan NGUNGAK KAJATEN.

Manawa aluse wis banget, salaras kabeh karo kajaten ka-aranan : jumbuh lan kajaten,
tegese : wor karo kajaten. Ing kono angen-angen lan rahsa raket utawa kumpul karo
Budi.
Rehne angen-angen wis bisa nunggal karo Budi, mangka Budi duwe kajaten, dadi
angen-angen ya milu duwe kawruh kajaten uga. Dadi sanajan dianggowa melek utawa
turu, angen-angene nggawa kawruh kajaten. Wong mangkono iku ka-aranan wong
akawruh, karepe wong akawruh kajaten, tembunge Arab wong makripat.

Wong turu lali : iku sahir kabire sirna, nanging angen-angene ora duwe kawruh
kajaten, marga ora gathuk karo Budi.

Wong turu eling, iku sahir kabire sirna, nanging duwe kawruh kajaten, marga angen-
angene gathuk karo kajaten.

Wong mati lali, iku sahir kabire ora sirna, nanging sahir lan kabire mau salin kang
luwih alus bebakalane.

Wong mati eling, iku sahir kabire sirna dadi kajaten, sarta banjur mengkoni marang
saliring sahir kabir.

Wong mati kang ngalami kaswargan iku sahir kabire ora sirna, nanging dadi luwih
runtut lan laras katimbang kuwadhagan.

Wong mati kang ngalami kanarakan iku, sahir kabire ora sirna, sarta luwih alus
babakalane katimbang kuwadhagan, nanging malah ora runtut lan ora laras.

(Terange kang aran sahir lan kabir, kapratelakake ing bab 10).

***

KINANTHI

Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning tunggal, kang atunggil
rina wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.

Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti karasa, dudu ucape
pribadi, marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis. (Wedhatana Winardi).

…@@@…
Sumber : Buku Serat Wewadining Rasa, Cap-capan I Tahun 1985.
Penerbit : Yayasan Djojo Bojo SURABAYA.

Anda mungkin juga menyukai