Anda di halaman 1dari 1

Bismillahirrohmaanirrohim

Assalaamu 'alaikum Wr. Wb.


Nuwun. Hawiyosipun serat punika sesulihing badan kawula sowan wonten ing ngarsa panjenengan
sekaliyan.
Mbok bilih Gusti Allah SWT hangganjar wilujeng ing samudayanipun, kula sebrayat badhe
hanggadhahi niat ningkahaken yoga kula ingkang nami,

PUTRI INDRASWARI DEVIE


binti SUDARMADJI

pikantuk,

ANGGER DANANG WISNU DARPITO


bin SUWADJININGRAT

Ugi hangajab rawuhipun para sutresna, hangestreni khajat nikah ingkang bade rinakit mbenjang ing,

Dinten : Minggu Kliwon


Surya kaping : 19 September 2010
Wanci : tabuh 11:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun.
Panggenan : Gedung Graha Bhayangkara Kabupaten PACITAN

Mbok menawi panjenengan sekaliyan wonten dhanganing penggalih sarta mboten pikantuk alangan
sak tunggal punapa, kula aturi anyekseni lan angrawuhi khajat lan niat kula kasebat.
Awit saking rawuhipun para sutresna, keparenga kula nelak aken agunging panuwun.

Cekap semanten atur serat ulem punika.


Tuhu langgeng trisno.
Wassalaamu 'alaikum Wr. Wb.

Atur Taklim Kula,


Kulawarga Bapak lan Ibu SUDARMADJI (Pacitan)

Kulawarga Bapak lan Ibu SUWADJININGRAT (Ngayogyakarta)

DEVIE & DANANG

Anda mungkin juga menyukai