Anda di halaman 1dari 9

Nama : Tanzia Mulia Wati

Kelas : 4D

NPM : 09430160

HARI PENDIDIKAN NASIONAL

(HARDIKNAS)

Pendidikan inggih punika usaha sadar lan kasusun kangge mujutaken suasana sinau
lan proses pasinaonan siswa saged aktif kangge ngembangaken potensi nipun ingkan
ngadahi kekuatan sepiritual, kegamaan, pengendalian diri, kepribaden, kecerdasan, ahklak
mulia,sarta kaprigelan ingkang dipun betahaken kangge awakipun piyambak lan bebrayan.
pendidikan kawiwiti nalika bayi punika lahir ing donya lan kalampahi nalika kita taksih
gesang ing donya. Pendidikan punika kalampahi minimal 9 taun wajib belajar. Wiwit
pendidikan dasar, pendidikan menengah, pendidikan atas, lan pendidikan perguruan tinggi.
Bapak pelopor pendidikan nasional inggih punika Soewardi Suryaningrat (Ki Hajar
Dewantara).

Perjuangan Ki Hajar Dewantara lan kanca-kanca seperjuanganipun kangge ndukung


perkembangan pendidikan ing Indonesia punika patut dipunhargai, dipunkenang, lan dipun
lestarikaken. Kados ingkang dipun lampahi Raden Ajeng Kartini lan dr. Cipto Mangunkusumo
ingkang ngabdikaken awakipun kangge keprihatinan dhateng pendidikan ing Indonesia.
Supados pendidikan ing Indonesia saged maju lan ngadhahi perkembangan kados negara
sanes. Ki Hajar Dewantara punika miyos surya kaping 2 Mei 1889 lan seda surya 26 April
1959. Ki Hajar Dewantara dipuntetepaken dados Menteri Pendidikan Nasional Republik
Indonesia ke-1, kanthi masa jabatan 2 September 1945-14 november 1945. Miyosipun Ki
Hajar Dewantara dipun peringati dados dinten Pendidikan Nasional, bagian saking
semboyan ciptaanipun lan Tut Wuri Handayani dados slogan Kementrian Pendidikan
Nasional Indonesia.
Dinten Pendidikan Nasional punika salah satunggaling dinten ingkang ngadhahi
sejarah lan dipunpengeti saben taunipun, wiwit sedanipun Ki Hajar Dewantara ingkang
sampun ditetepaken dening surat keputusan Presiden RI No. 305 th 1959. Ki Hajar
Dewantara punika dipunkukuhaken dados Pahlawan Nasional ingkang ke-2 dening Presiden
RI, Soekarno nalika surya 28 November 1959. Saben dinten Pendidikan Nasional sedaya
warga Indonesia turut nganakaken upacara lan ugi ingkang wonten nganakaken lomba.
Sahingga, kita sedaya warga Indonesia saget tetep iling lan nglestarikaken dinten Pendidikan
Nasional supados mboten ical lan perjuangan Ki Hajar Dewantara ngenani pendidikan tetep
dikenang dening negara Indonesia. Ngantos sakniki, saben dinten pendidikan nasional
sedaya warga Indonesia kedah mengeti lan budaya ngawontenaken upacara nalika dinten
Pendidikan Nasional tetep wonten. Amargi, sedaya warga Indonesia tetep ngenang
jasanipun Ki Hajar Dewantara ingkang sampun merjuangake pendidikan ing Indonesia
ngantos saget maju lan berkembang kados negara-negara sanes.
Nama : Nelly Andhika P

Kelas : 4D

NPM` : 09430176

PENDIDIKAN NASIONAL YANG BERMORAL.

Dinten pendidikan ingkang dipun peringati surya 2 Mei kedah kita mangertosi dinten
pendidikan menika kagem kita sedaya generasi muda ingkang peringati. Generasi muda
sakniki ingkang gampil emosi lan luwih ngutamakaken otot mboten mbeta akal pikiran. Sak
menika tumindakipun korupsi, kolusi lan nepotisme ingkang ndamel bangsa niki morat-marit
kaliyan sedaya masalah sae ing bidang keamanan, politik, ekonomi, sosial budaya sarta
pendidikan. Kathah dipunlampahi kaliyan tiyang-tiyang ingkang gadhahi pendidikan inggil.
Era Reformasi dipun mboten kirang namung dados tambah kita dados generasi muda
perihatin kaliyan keadaan generasi peerus ingkang bermoral, beretika, sopan, santun,
beriman lan bertaqwa dumateng Tuhan Yang Maha Esa.

Hubungan Pendidkan Nasional lan nasib generasi penerus ingih punika alat kagem
nylapaken sumber daya manungsa ingkang bermoral lan berkualitas. Pendidikan Nasional
sakpunika sampun mengeyampingaken kathah hal. Kedahipun Pendidikan Nasional kita
mampu nyiptakaken pribadi (generasi penerus) ingkang bermoral, mandiri, matang lan
dewasa, jujur, berakhlak mulia, berbudi pekerti luhur lan mboten arogan sarta mentingaken
kepentingan bangsa mboten pribadi utawa kelompok. Tapi kenyataanipun pejabat ingkang
nglampahi korupsi. Sak punika proses pendidikan kedah saged mbeta peserta didik kearah
dewasa, tanggung jawab sehingga sedayanipun mboten gumantung dumateng keluarga,
masyarakat utawi bangsa. Tapi sedayanipun sagewd mbangun bangsa niki kaliyan kekayaan
ingkang kita gadhahi lan dihargai ing dunia internasional. Proses transformasi ilmu
pengetahuan dumateng peserta didik kedah dipunlampahi kaliyan gaya lan cara ingkang
bermoral. Pendidikan kedah jujur, bertakwa, berakhlak mulia, mboten curang. Sak menika
kita pengen nyetak generasi penerus ingkang mandiri, bermoral, dewasa lan tanggung
jawab. Sedaya ingkang terlibat ing dunia pendidikan Indonesia kedah mampu maringi suri
tauladan ingkang saged dados panutan generasi muda. Mboten namung nuntut generasi
muda mawon. Inggih saking dirinipun piyambak.
Nama : Noor Khuriyah P.

Kls : 4D

NPM : 09430178

PELOPOR PENDIDIKAN NASIONAL

Tanggal 2 Mei 2011 anggadhai arti penting ing nglebet kanca Pendidikan Nasiomal
Indonesi. Mlebet ing abad 21 menika. Pendidikan anggadhai arah, ancas, ingkang gamblang,
inggih punika dinten sangking jati diri bangsa ing pundi dinten pendidikan saged
gambaraken utawi ruh, sangking bangsa kita. Bangsa ingkang ageng inggih punika bangsa
ingkang wigatos kalihan pendidikan, lan pendidikan merupaaken modal awal saking
perkembangan bangsa. Perkembangan teknologi langkung berpengaruh dumateng siswa –
siswi ing masa sakpunika. Ingkang pangembangaken teknologi sakmenika ugi merupaaken
produk pendidikan tahun 60-80 an. Sehingga saged dipun ngendikaaken mbok bilih siswa
ing wedal nika langkung brilian tinimbang siswa sapunika.

Pangandikan babagan pendidikan pasti kita mengenal sosok Ki Hajar Dewantara,


kanthi menika kula badhe ngupas babagan Ki Hajar Dewantara lan pendidikan Nasionalipun,
pripun lan kados undi pendidikan Nasional dipun pandang dumateng Ki Hajar Dewantara.

Ki Hajar Dewantara, sinten boten kenal sosok tokoh pandidikan bapak Ki Hajar
Dewantara, tokoh ingkang berjasa memajuken pendidikan ing Indonesia. Ki Hajar
Dewantara ingkang anggadhai asma asli Raden Mas Soewarji Soerjaningrat ingkang lahir ing
2 Mei 1889 Soewarji berasal saking lingkungan keluarga keraton Yogyakarta. Tiyambakipun
menamatken pendidikan dasar ing ELS (Europeesahe Lagere School, sekolah dasar eropa/
belanda). Tiyambakipun ngelanjutaken sekolah ing Stovia (School tot opleiding voor indisce
artsen, sekolah dokter bumi putra), nangin mboten dugi tamat amargi gerah lajeng
tiyambakipun nyambut damel penulis lan wartawan ing pinten-pinten kalawarti utawi surat
kabar kadasto sedio tomo, Nlidden Java Isp. Aktivitasipiun ugi kalihan EFE Doues Dekker
mengelola Diekspress ki Hajar ugi aktif dados pengurus Buedi Oetomo lan serikat islam. Sak
lajengipun kalihan Cipto Mangun Kusumo lan EFE Doues Dekker dipun juluki “Tiga
Serangkai”. Tiyambakipun ndiriaken Indisce Partij, sebuah organisasi politik ingkang sepisan
ing Indosesia, ugi ingkang kalihan tegas menuntut Indonesia merdeka ing jaman jepang,
peran Ki Hajar tetep menonjol. Sareng Suekarno Hatta lan Mas Mangsur tiyambakipun
dijuluki “Empat serangkai”, memimpin organisasi putra, ing wedal merdeka. Ki Hajar dados
Mentri pengajaran sepisan ingkang pertama ing Indonesia. Ing tahun 1967 tiyambakipun
pikantuk gelar doktor kehormatan (Doktor H0noris Causa, Dr.H.C) sangking Universitas
Gajah Mada. Tiyambakipun mengenal dunia ing Yogyakarta tanggal 26 April 1959, lan
kalihan jasanipun ing bidang pendidikan menika tiyambakipun dipun angkat dados
pahlawan Nasional lan dinten kelahiranipun dipun peringati dados dinten pendidikan
Nasional.

Ajaran kepemimpinan Ki Hajar Dewantara ingkang langkung populer ing kalangan


maysarakat inggih punika “Ingngarso Sun Tulodho, Ing Madiyo Mangun Karso, Tut Wuri
Handayani”. Ingkang intinipun mbok bilih tiyang pemimpin kedhah anggadhai tigang sifat
kasebut supados saged dados panutan dumateng bawahan utawi anak buahipun.

Ing Ngarso Sun Tulodho artosipun Ing Ngarso menika Ing ngajeng utawi ing muka,
Sun berasal sangking tembung “Ingsun” ingkang artosipun kula (saya). Tuladha berarti
tauladhan. Dados makna Ing Ngarso Sun Tulodho inggih punika dados tiyang pemimpin
kedhah saged maringi suritauladhan. Dados pemimpin utawi komandan kedhah anggadhai
sikap lan perilaku ingkang sahe ing nglebet sedoyo langkah lan tindakanipun supados saged
dados panutan dumateng anak buah utawi bawahanipun. Sami halipun kalian ing Madyo
Mangun Karso, Ing Madyo artosipun ing tengah-tengah, mbangun berati mbangkitaken
utawi menggugah lan Karso dipun artosaken dados bentuk kemauan utawi niat. Dados
makna sangking tembung menika inggih punika tiyang pemimpin ing tengah kesibukanipun
ugi kedhah mampu mbangkiatken utawi menggugah semangat makarya anggota
bawahanipun. Mekaten ugi kaliyan tembung Tut Wuri Handayani, Tut Wuri artosipun
nderekaken sangking wingking lan handayani berarti maringi dorongan moral utawi
dorongan semangat, sahingga artosipun Tut Wuri Handayani inggih punika tiyang
komandhan utawi pemimpin kedhah maringi dorongan moral menika sanget dipun
betahaken dumateng bawahanipun.
Kagem mengenang jasa beliau, nalika PERINGATAN Hari Pendidikan Nasional 2 Mei
mboten saged dipun pisahaken sangking sosok Ki Hajar Dewantara. Tokoh ingkang berjasa
majuaken pendidikan ing Indonesia.

Perkawis dinten Pendidikan Nasional antawis ing wekdal nika ugi sak punika saged
dipun ngendikaken utawi dipun pendhet dudutan mbok bilih panci pendidikan ing negeri
Indonesia Raya tercinta menika ingkang sampun merdeka langkung sangking 63 tahun (17
Agustus 1945 nganti 64 tahun) dereng leresleres sesuai kalihan ancas pendidikan menika.
Ancas kagem nuntut ilmu, nambah pengetahuan, ningkataken kualitas ingkang berguna
kagem dirinipun piyamba, Keluarga lan ugi masyarakat, ilmu inkang bermanfaat ingkang
dipun aplikasiaken ing nglebet kehidupan saben dinten sesuai kalihan peran lan spesialisasi.
Masing-masing individu ingkang dipun harapaken sangking ilmu ingkang bermanfaat menika
inggih punika tercipatanipun bangs ingkang cerdas berppendidikan sahingga saged
nunjuaken kehidupan bangsa Indonesia menika sesuai kalihan amanat undang-undang
dasar.

NAMA : Apriliana Wahyu p.d

NPM : 09430148
KELAS : 4D

AYAHAN : Penulisan Kreatif

PAGELARAN SINDRATARI

Budaya jawi ingkang adiluhung kedah dipun uri-uri supadhos boten kasilep jaman.
Amargi ing Indonesia kathah budaya-budaya kilen ingkang mlebet lan misuwur. Tiyang
enom langkung bombong saged ngginakaken budaya kilen katimbang budaya piyambak.
Mliginipun tiyang enom asli jawi ananging boten jawani. Ateges tiyang jawi rumaos kuno
yen ngginakaken budaya jawi. Ajrih yen wonten pamanggih “ketinggalan jaman”. Yektosipun
budaya jawi punika saged dados identitas Indonesia ingkang saged bentenaken kalian
bangsa sanesipun. Amargi Indonesia smapun misuwur maneka warni budayanipun salah
satunggaling budaya punika budaya jawi ingkang kathah titiknipun lan paranganipun.
Ananging tiyang jawi piyambak larang mangertosi babagan budayanipun piyambak.

Saking kahanan kasebut, mila YPLP PERGURUAN TINGGI PGRI SEMARANG, IKIP PGRI
SEMARANG lan PEPETRI (Persatuan Pelatih Tari Semarang) sami sareng damel pagelaran
sendratari “Sandaya Kalaning Majapahit” ingkang kalaksanan sabtu, 21 Mei 2011 mapan ing
Gedung Pusat lantai 7. Paraga sendratari punika saking PEPETRI ugi para mahasiswa IKIP
PGRI Semarang lan iringan gamelan punika para dosen program studi bahasa dan sastra
jawa serta mahasiswa IKIP PGRI Semarang. Adicara punika sae sanget kangge nguri-uri
kebudayaan jawi. Lumantar adicara punika mahasiswa IKIP PGRI saged mangertosi babagan
bahasa jawi. Amargi adicara punika sampun dipunsiapaken kanthi temen supados saged
kalaksanan kanthi gancar lan sae.

Adicara punika kalaksanan kangge mengeti HARDIKNAS ategesipun adicara punika


saged maringi kawruh (pendidikan babagan budaya jawi ingkang minangka identitas
nasional bangsa Indonesia. Ugi kangge mengerti Harkitnas (Hari Kebangkitan Nasiaonal)
ingkang kateges lumantar adicara kasebut dipun pikajengaken saged nggigah raos
rasionalisme, bombong dumatheng budaya bangsa Indonesia. Adxicara punika kelaksanan
ing IKIP PGRI Semarang landipun sengkuyung kalian PEPETRI (Persatuan Pelatih Tari
Semarang) ingkang dadosake adicara kasebat minangka adicara ingkang nengsemake. Ing
adicara kasebat mboten namung bebet lakon lan beksan, anangin wonten dagelan ingkang
saged maringi pepeling ugi panglipur. Wancine dagelan, poro pamirso sami gemuyu ngantos
papan adicara rame kebak suara anggegunyu.

Milo kita minangka tiyang enom jawi kedah nguri-nguri kabudayan jawi ingkang
adiluhung supados mboten kasilek jaman ingkang sampun majeng lan kata budaya-buday
asing ingkang mlebet ing Indonesia. Kita kedhah saged bentenaken pundhi budaya ingkang
trep jumbo kalian budaya bangsa kita lan pundhi budaya asing ingkang mboten trep kalian
budaya bangsa Indonesia. Kita kepareng mengertosi budaya sanesipun, ananging ampun
ngantos anggribawa kita lan nglirwarakaken budaya kita piyambak.

Anda mungkin juga menyukai