Anda di halaman 1dari 1

Jenise Tanduran (tetuwuhan) 1. Pala Gumantung Woh-wohan sing gumandhul ana wit lan umure nganti puluhan taun.

Pelem, nangka, duren, dhondong lan sapanunggalane. 2. Pala Kependhem Woh-wohan kang wohe kependhem ing bumi: uwi, gadhung, tales. 3. Pala kirna/pala kitri Woh-wohan kang gumatung ing wit umure cendhak/ora suwe, ing pekarangan. Gedhang, lombok, tomat, terong. 4. Palawija Tanduran ana sawah liyane pari, nandure ora dielebi banyu, kang diceblokake/diwur wurake bisa uga ing tegalan. Jagung, kedhele, kacang brol, kacang ijo, wijen, telo. 5. Pala kesimpar Woh-wohan kang wite mrambat ana lemah lan lumrahe wohe gumlethak ing lemah. Semangka, timun, waluh, krai, melon. Arane anak wong/bocah sukerta 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. 9. 10. Lola (yatim piatu): bocah sing wis ora duwe bapak lan ibu. Wuyungan: bocah laire pinuju ana perang. Sumala: bocah cacat awit lair. Kalung usus: bocah lair pusere mbubet gulu. Julung caplok: bocah sing laire pas srengenge angslup. Yatim: bocah laire ora menangi bapakke. Sungsang: bocah laire sing sikile dhisik. Thok-thing: bocah laire sing sirahe cilik. Anggana: anak pirang-pirang, sing kari siji. Sumendhi: kakange wuragil.

Anda mungkin juga menyukai