Anda di halaman 1dari 1

JAGADKU

Sodaramu sing lagi lara Wayah saiki Wong cilik sing nggero-gero Urip sengsara Mati nelangsa Nyambut gawe kanggo anak bojo Nganti tuwek lan jompo Wis biasa ing jagadku Eling.. Ora usah kemaki lan kemlinti Opo meneh kepinter lan keblinger Uripmu mung saka ngapusi lan korupsi Nanging.. Ana pejabat sing cekakakan Urip ora kangelan Mati tetep ajen Duit yutanan Pating tlecek ing plataran Wis ora gumun ing jagadku Dening : Dewangga P. P. (x-3/07) Dosamu sumebyar, ambyar ing sajagading donyaku Mung kanggo nutupi alamu Koruptor, awakmu pangrusak jagadku Aja mung gumedhe Ora tau tepa slira

Jajal rungokna swara iki Iki dudu swara angin Iki dudu swara kewan Iki swara sodaramu Sodaramu sing lagi luwe

Anda mungkin juga menyukai