Anda di halaman 1dari 1

ORET-ORETAN GESAH SEDILUT

SING AREP NYANG NARKOBA


OLEH : UNSA LAILIASARI KELAS : 6 A Assalamualaikum Wr. Wb. Bismillahir Rohmanir Rohiim.

Kang isun hormati kepala sekolah Kang isun hormati guru-guru dan karyawan Lan salam kanggo konco-konco kang magih demen nyang isun...

Kawitan ayo tah netepaken ndungo nyang Gusti Allah, wakne rika lan isun tetep dipomong ring Gusti Allah. Kang kapindune, aja lali netepaken maca selawat nyang Nabi Muhammad kang nduduhaken dalan kang apik nyang riko lan isun. Kanca-kanca kabeh kang magih demen memengan nyang isun, ring Al-Quran Surat AlMaidah Ayat 90, diucapaken ring Gusti Allah, yaiku artine gediki : Hai orang-orang yang beriman, sesungguhnya (minuman) khamr, judi, (berkorban untuk) berhala, mengundi nasib dengan anak panah adalah perbuatan keji termasuk perbuatan syetan. Maka jauhilah perbuatan-perbuatan itu agar kamu memperoleh keberuntungan ( QS. Al-Maidah, 5 : 90 ) Mari maca artine ayat iku riko lan isun weruh, kadung paran bain kang diomongaken Gusti Allah iku mula sing ana benere kadung riko tandangi, kaya kang kawitan iku; khamr utawa umben-umben kang gawe mendhem, iku arep ngerusak pikiran, polae wong kang demen umben-umben utawa saiki kang terkenal Narkoba / Napza iku saraf-sarafe pating rusak, serto wis gebasahan ngumbe utawa nganggo Narkoba/Napza suwi-suwi dadi linglung. Wong-wong kang wis tuwek mbesuk pating mati terus lare-lare cilik saiki dadi tuwek, kadung lare cilik saiki demenane Narkoba/Napza kang akibate linglung, sing luput kadung dadi pimpinan kang jelas dadi pimpinan kang linglung, terus rakyate dijak linglung pisan, terus kelendi dunya iki dulur ? Yo ro ajur sing kakaruwan wis yuh ?. Jeh, mulane sakat saiki ayo tah riko lan isun aja sampek katut nyang aran Narkoba/Napza polae nggawe urip sing bener, dadine negarane ajur sing kakaruan. Sun kira cukup sak mene bain gesah gesahan iki, kapan-kapan diterusaken maning, nawi ana salah lupute isun njaluk sepuro. Wassalamu Alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai