Anda di halaman 1dari 1

Asal-usul Rembang

Miturut asal-usule, nama Rembang mono kaya sing dingendikakake mBah Guru ing Sejarah Rembang. Dene mula bukane nama Rembang mangkene Watara nalika taun syaka : 1336, ana wong Cempa Banjarmlati watara wolung brayat sing padha pinter nggawe gula-tebu nalika ning negarane. Wongwong mau padha pindhah misah nedya ngudi ngawe gula tebu abang sing ora kepokil-kemisil kuwi, mangkate liwat segara ngener mangulon nuli ndharat ring sungapane kali kang gisike serta kanan kirine nuli thukul nggenggeng lebeng wit Bongaow ( Ind : Bakau = Jaw : Bengkat ). Nggone pindhah kuwi disesepuhi dening Kakek Pow Ie Din. Sawise ndharat si Kakek nuli nganakake mantram lan semadi, banjur wiwit nebang wit bongaow mau kang banjur diterusake dening wong-wong liyane. Bumi bubukan kuwi banjur digawe pategalan lan pekarangan sarta teba, ing sabnajure teba kuwi dijenengake, teba : KABONGAN ; njupuk tembung saka arane wit Bongaow, dadi Ka-Bongaow-an (Kabongan) Nuju sawijining dina wayah pajar pagat raina ing sasi Waisaka ; wongwong mau areo miwiti ngrembang ( nebang = mbabat ) tebu. Sadurunge miwiti ngrembang dianakake Upacara Suci Sembahyang lan Semadi neng panggonan tebu sedhapur kang wiwit/sakawit arep dikepras rong wit, minangka kanggo tebu Penganten. Upacara pangeprasan kuwi arane : ngrembang sakawit Mengkono mau asal mula bukane tembung : ngrembang nganti didadekake jenenge kutha REMBANG tumekane wektu saiki iki .

Anda mungkin juga menyukai