Anda di halaman 1dari 1

Unggah ungguhing basa Jawa.

Miturut cak-cakane basa Jawa diperang dadi telu, yaiku :


A. Basa Ngoko
B. Basa Madya
C. Basa Krama
Kejaba telung werna iku, isih ana maneh, yaiku :
D. Basa Kedhaton
E. Basa Kasar.A. Basa Ngoko, ono rong werna, yaiku :
A.1. Ngoko Lugu
A.2. Ngoko Andhap
B. Basa Madya, wujude basa ngoko kacampuran basa krama, utawa krama campuran.
Basa madya iku pancen kurang taklim (kurang ngajeni) tinimbang basa krama.
Tetembungane luwih cekak lan luwih prasaja.
C. Basa Krama, yaiku basa kang taklim, tegese ngajeni marang wong sing diajak guneman.
Basa Krama kabedakake dadi limang warna, yaiku :
C.1. Mudha Krama
C.2. Wredha Krama
C.3. Kramantara
C.4. Krama Inggil
C.5. Krama Desa
D. Basa Kedhaton (Bagongan), basane para santana lan abdining ratu yen padha caturan ana ngarsane ratu ing sajroning
kedhaton.
Wujude basa kedhaton iku tembung krama kang kamomotan tembung basa kedhaton tanpa krama inggil tumrap wong
sing diajak guneman.
E. Basa Kasar, basane wong kang lagi nepsu, kanggo srengen, padu.
Wujude tembung basa kasar yaiku basa ngoko kewoworan tembung kasar tumraping kang dadi lelawane utawa sing
diunen-uneni.

Anda mungkin juga menyukai