P. 1
Budaya Jawa Ing Indonesia

Budaya Jawa Ing Indonesia

|Views: 120|Likes:
Dipublikasikan oleh Faqieh FatOnix

More info:

Published by: Faqieh FatOnix on Dec 10, 2011
Hak Cipta:Attribution Non-commercial

Availability:

Read on Scribd mobile: iPhone, iPad and Android.
download as DOCX, PDF, TXT or read online from Scribd
See more
See less

01/19/2015

pdf

text

original

Budaya Jawa ing indonesia

Wayang wong, mujudaké salah sawijining budaya Jawa Budaya Jawa iku pranataning uripé wong Jawa nuju kasampuraning jalma manungsa. Pranatan iki tegesé pangertèn lan cara. Pangertèn bab urip nuduhaké sapa sejatinging manungsa iku, jejer lan kewajibané. Déné cara nuduhaké pakeming tumindak ing purwa, madya lan wusana ning kahanan. Uripé wong Jawa tansah njaga larasing swasana. Dadi kabèh pérangané urip kaya ta pribadiné dhéwé, liyan, alam lan apa waé sing ana sakliyané dhèwèké kudu isa nampa lan nyengkuyung budiné sing nuju marang kasampurnaning urip. Sajarah Budaya utawa kabudayan Jawa iku salah siji kabudayan sing wis mapan, amarga wis suwé banget anané. Budaya Jawa ora madeg dhéwé. Animisme, Dinamisme miwiti ananing Budaya Jawa. Hindhu, Budha, Nasrani lan Islam ya akèh banget pasumbangé marang Budaya Jawa. Budaya Jawa wiwit mula bukané gampang nampa lumebuné bab-bab anyar saka njaba angger ora sisip sembir karo pokok ugerané. Budaya Jawa urip bebarengan karo Agama lan Kapitadosan sing ana. Wataking Budaya Jawa sing tansah nggolèki larasé swasana gampang nampa ananing budaya liya. Sub Budaya Jawa

Jawa Wétanan Sub budaya Jawa Wétanan iku sing umumé ana ing provinsi Jawa Wétan. Sub budaya iki sebagéyan dipengaruhi budaya Madura lan sebagéyan manèh isih nganut budaya Jawa kuna, Tuladhané kaya déné sing dianut suku Tengger. Jawa Tengahan

Sub budaya Jawa Tengahan iku ana ing sisih wétan provinsi Jawa Tengah lan sisih kulon Jawa Wétan. Umumé dipengaruhi budaya sing urip ning kratonan. Jawa Banyumasan Sub budaya Jawa Banyumasan iku ana ing sisih kulon provinsi Jawa Tengah. Sub budaya iki luwih prasaja lan nganut nilai-nilai egaliter, cablaka lan baworan.

Tradhisi lan Adat Nyadran Nyadran iku salah siji prosèsi adat budaya Jawa awujud kagiatan setaun sepisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik makam leluhur, masak panganan tinamtu kaya déné apem, ater-ater lan slametan utawa kendhuri. Jeneng nyadran iki asal saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, terus dadi nyadran. PJ Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakaké bab upacara sraddha kanggo mèngeti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ana ing tahun 1350. Upacara sraddha minangka pèngetan raja-raja síng wís puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba rampé wujud baita (prau) síng digawé saka kembang (puspa, sekar). Tradisi nyadran pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahít nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isíh lestari lan dipepetri déníng masyarakat, khususé ing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwah nduwèni surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan élíng marang leluhur.[1]

Pengantenan Adat Jawa Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwé rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalèmé penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane. Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:

Lamaran
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.

Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.

Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

Ijab kabul

yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang ngendi kwi di delok karo wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe sah.

Mitoni Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki diselenggarakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi, tujuane kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala. Ing dhaérah tinentu, upacara iki uga diarani tingkeban. Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwé raga sing sampurna. Dadi miturut pengertian wong Jawa,

wêtêngan umur 7 sasi iki proses penciptaan menungsa iku wis nyata lan sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati.Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutane yaiku siraman, nglebo'ake endhog pitik kampung neng jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebo'ake kelapa gading enom), memutus lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan terakhir kendhuren. Acara siraman mung diselenggara'ake kanggo mitoni anak pertama.Miturut adat Jawa mitoni iku kudhu diselenggara'ake neng dina sing bener-bener apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuah awan nganti mbengi.

Mendhem ari-ari Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing.

Ing Jawa ana kapercayaan seulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina (selapan). Tata cara Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ariari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.

Aqeqah Aqeqah meniko nggih budoyo saking basa Arab, artinipun aqeqah piyambak meniko gadah arti rambut ingkang wonten kepalanipun bayi ingkang nembe lahir, lan aqeqah saged diartiken pemotongan. Aqeqah meniko piyambak menurut syariah Islam nggih memotong domba kange bayi ingkang nembe lahir. Kangge bayi ingkang putro dipotongaken mendho kalih, manawi dingge bayi putri dipotongaken mendho setunggal. Aqeqah meniko diagem kangge syukranipun putra-putri nipun piyambak.

You're Reading a Free Preview

Mengunduh
scribd
/*********** DO NOT ALTER ANYTHING BELOW THIS LINE ! ************/ var s_code=s.t();if(s_code)document.write(s_code)//-->