Anda di halaman 1dari 18

1.

Bab tegese URIP ING ALAM DONYA (1) Tetembungan wong urip ing ALAM DONYA iku tegese : rasa dhiri kang lagi kalimputan ing rasa kajasmanian, jalaran rasa kajasmaniane kang lagi dadi peranganing rasa dhiri KANG KANDEL DHEWE. Sarehne kandel dhewe, banjur ngurupi (nglimputi) marang rasa kaswargan lan rasa kanerakan. Awit dening rasa kaswargan kalimputan ing rasa kajasmanian, wekasane kabiring kaswargan (yaiku jagad kang aran swarga) sirna wujude, mung kari : RASANE bae. Sirnaning jagad swarga mau sabab kalangkib (ketutup) dening wujuding jagad donya. Kang mangkono mau angen-angen banjur ngira : awang-uwung kang tanpa wates jembare mung isi donya thok. Iku kena kaupamakake kacaning buku kang kalangkib, katutupan ing kaca liyane, mesthi kaca kang katutupan mau kaling-kalingan dening kaca kang nutupi. Ewa dene senajan kabire katutupan, nanging SAHIRE (RASANE) isih dirasakake uga, kayata : yen wong donya mau pinuju ngrasa : SENENG, AYEM, TENTREM, WELAS, ASIH, TRESNA, BEKTI, SUKA SUKUR, RILA, LEGAWA.. sapanunggalane, iku kabeh RASA KASWARGAN, dudu rasa kajasmanian. Mung bae, mesthi ora kandhel kaya yen ngalami kabiring kaswargan. Mulane rasa kaswargan ing alam donya : tipis, awit saperangan gedhe rasa kajasmanian kang kandel mau. Wuwuh-wuwuh sabab sahiring kajasmanian korup marang kabire. Lire sahir korup marang kabir iku kayata : rerupan dianggep sajabaning pandulu, swara dianggep sajabaning pangrungu, asin dianggep ana ing uyahe.
(1) Tegese urip ing kene : MAKARTI, dudu KANG MAKARTI.

Kang bisa mikir dianggep dimak. Kang bisa ndulu dianggep si-mripat kasar. Rasa dhirine dianggep badane kang wadhag . sapanunggalane, kang ateges : BADAN WADHAG DIANGGEP BISA MIKIR LAN NGRASAKAKE SARTA DUWE KAWRUH (ngorakake ananing wujud kang alus) mangkono iku tak tembungake : sahire korup marang kabire. Ing dhuwur mau mratelakake rasa kaswargan luhur sok mencungul ana ing donya. BAB RASA KANERAKAN KANG SOK MENCUNGUL ANA ING DONYA Awit dening rasa kanerakan kalimput ing rasa kajasmanian, dadi KABIRING kanerakan, (jagad kang sinebut naraka) sirna wujude, mung kari RASANE bae. Sirnaning jagad naraka mau ya sabab kalangkib, katutupan ing wujuding jagad donya. Ing awang awung kang tanpa wates jembare digolekana, ora bakal tinemu karo kang aran naraka, kabeh-kabeh donya. Iya kena kapindhakake kacaning buki kang mawa gambar naraka : kelangkib, ketutupan ing kaca kang kebak gambar donya. Ewa dene sanajan kabire katutupan, nanging : SAHIRE (RASANE) isih sok dirasakake, yaiku yen wong donya pinuju muring, nesu, gegething, sesatron, jail, drengki, panasbaran, mangkel, maeka, nindakake kadurjanan, ngresula, susah, bingung, ketir-ketir, narnaran, sapanunggalane. Rasa kang mangkono iku wewengkoning rasa kanerakan, dudu kajasmanian. Amung bae tumrap ing donya mesthi ora kandhel kaya yen ngalami kabiring kanerakan. Mulane rasa kanerakan ing donya : tipis, awit saperangan kang

gedhe saka rasa dhirine : dianggo ngrasakake rasa kajasmanian kang kandel iku. Wuwuh-wuwuh rehne sahir iku lumrahe korup marang kabir. BAB RASA KASWARGAN MADYA, KANG SOK MENCUNGUL ING DONYA Ait dening rasa kaswargan madya kalimput ing rasa kajasmanian, kabiring kaswargan madya (yaiku kang aran swarga kamukten, swarga ning jin peri sarta kaendran) sirna wujude, mung kari rasane bae. Iku ya sabab kelangkib, ewadene senajan kelangkib kabire, nanging rasane (sahire) ora melu sirna, isih sok dirasakake, yaiku : yen wong donya pinuju krasa dhemen, lam-lamen, seneng, gandrung, ngrasakake laguning gendhing utawa tembang, nyawang wewangunan kang adi endah utawa milangoni, sengsem nonton wayang, nikmat nalika mbegsa, ngrasakake marang endahing kagunan adi (kunst) . sapanunggalane, kang aran ngrasakake marang rasa kaendahan (schoonheidsgevoel), nges-ngesaning samubarang kang mawa nges. Rasa kang mangkono iku dudu rasa kajasmanian, nanging rasa kaswargan madya. Panunggalane rasaning jin peri. Mungguhe : marang rasa ka-endran, kang banjur sambung karo rasa kadewatan. Aluse maneh sambung karo kaswargan luhur. Nanging tumrape wong donya, mung ngrasakake saperangan cilik utawa pucuke bae, tur wis prasasat malih rasane, dene kakehan momorane. BAB RASA KASWARGAN ASOR KANG SOK MENCUNGUL ING DONYA Rasa kaswargan asor kang sok mencungul ing kajasmanian, yaiku : rasa bungah kang tinggal eling, rasa kamurkan, pangangsa, penginan lan kemilikan barang donya, bungah sabab nglakoni ngabotohan, bungah sabab mbedhang, ugal-ugalan, sesembranan utawa gawe guyon marang liyan, klejingan, cremedan, ngapus, nyolong, sapanunggalane, cekake kabungahan lan kamareman kang asor lan remeh, sarta kang gandheng karo panggawe maksiyat, katindakake tinggal nalar. Sarehne iku kalebu ewoning kabungahan lan kamareman, sanajan tanpa nges, ya ewoning rasa kaswargan uga, nanging kaswargan jlomprongan. Kabiring kaswargan jlomprongan meksa luwih endah katimbang donya. Sabab, bebakalane luwih alus klatimbang donya kang wadhag iki. Rasa kaswargan asor iki, sarehning kadadeyan saka napsu kang kasar, mulane gampang bisane sambung karo rasa kanerakan. Lire, yaiku : napsu supiyah kang kasar cepak amore karo napsu amarah. Jalaran saka iku, makhluk kang padha ngalami swarga panasaran, watake akeh kang kamomoran watake kasetanan, yaiku : tegelan lan dhemen gawe kapitunan marang sapadha-padhane tumitah. 1. BAB JASMANI KANG ALUS BEBAKALANE Kang maca layang iki aja ngira yen sawerna-wernaning bebakalan kang kasebut mau CETHA WATESE tumrap siji lan sijine, kang banjur diemper-emper lelapisan utawa sapsapan. Antaraning jenis siji karo jinis liyane, mesthi ana panggandhenge kang awujud momorane jinis siji karo jinis liyane.

Momorane iku mujudake bebakalan kang seje maneh, sing kahanane ngemperi marang karo-karone. Badan wadhag karo badaning napsu luamah, ana antarane, dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KADONYAN. Badan wadhag karo badaning napsu amarah, ana antarane, dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KASETANAN. Badan wadhag karo badaning napsu supiyah, ana antarane dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KAJIMAN. Badan wadhag karo badaning napsu mutmainah, ana antarane dak arani : JASMANI ALUS NYEDHAKI KASUKMAN. Kang disebut RAHSA, dening layang iki, yaiku BADANING nepsu patang prakara kang kasebut ing dhuwur iku dalah RASANE pisan. Kang diarani, ANGEN-ANGEN, yaiku : sunaring Budi kang wis tumiba marang sadhengah badan. Sarhne sadhengah badan mesthi ana RASANE, mangka RASA mau kasorotan ing pepadhang, ing kono rasaning badan mau banjur NGRASAKAKE marang PADHANGE. RASA rasaning padhang kang rinasa dening badan ka aranan : angen-angen. Awit saka iku, banjur ana sebutan angen-angen peteng, angen-angen padhang, angen-angen luwih dening padhang (angen-angen luhur). Padhang lan petenge iku sejatine, gumantung ing DHASARE kang nampa sorot. Kang doarani angen-angen SUMEBAR, yaiku : sunar kang tumiba ing JASMANI ALUS utawa NAPSU KASAR. Ananging aja kinira yen angen-angen iku tanpa bebakalan. Sawarnane kang aran badan alus mesthi ana bebakalane. Bebakalane iku wong Jawa ngarani : wujude. Wong Arab ngarani : jisime. Wong Walanda ngarani Staf, (wujud, tegese : ANA). Bebakalan, (kawujudan, jisim utawa staf) iku, tumrap ing kajaten : mung KEDHER. Kedher iku kaya daya pangwasaning kajaten. Pangwasa iku makarti kanthi kawicaksanan. Wujud disebut SIRNA, iku tumraping kasunyatan, mung kedhere kang LEREN. Dadi kang sirna : kedhere (kedherane). Kanggo nggampangake panalaran mangkene, pangwasa mau upamakna :electriciteit, dayane nganakake DAYA PANGGENDENG ing wesi brani, nganakake PAPADHANG ing diyan, nganakake GENI ing pamasakan, nganakake SWARA lan KILAT ing hawa,

nganakake KAROSAN ing mesin-mesin lan liya-liyane. Nanging ora ana kang weruh wujude electriciteit, mung weruh dayane utawa kedhere bae. Dhiri kang kalimput ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KADONYAN iku, kadadeyan saka kandeling napsu luamah (ngegungake dhahar guling lan syahwat). Engetane peteng, awit kang madhangi : angen-angen kang wis sumebar. Dhiri kang kalimputan ing luamah mangkono iku, lawas enggone kandheg ing jagad peteng, malah terkadhang isih momor karo donya, sabab butuh karo pepanganan. Alame ana kang ngarani De donker (jagad peteng). Dhiri kang kalimput ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KASETANAN, kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan amarah, (ngegungake luamah lan amarah), engetane remeng-remeng. Dhiri kang kalimputan ing amarah mangkono iku lawas enggone kandheg ing jagad lelara lan pepanas. Malah terkadhang momor wong donya, prelu mung gendhak sikara, ndusiri jail, cengilan, panastene. Alame ka-aranan : naraka utawa Hel. Dhiri kang kalimputan ing JASMANI NYEDHAKI KAJIMAN, kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan supiyah, (ngegungake luamah lan kesenengan warna-warna). Engetane kalebu padhang. Dhiri kang kalimputan ing kandeling supiyah mangkono iku lawas enggone kandheg ing jagad madya, malah terkadhang momor karo wong donya, karanan bangsa jin utawa peri, nanging satemene isih tetep manungsa kang nyamleng karo wong donya, malah akeh sing becik watake tetulung lan ngudi kawruh kasunyatan, nindakake agama lan sapanunggalane. Alame karanan rohiyah utawa Lotering, yaiku alaming swarga madya perangan ngisor. Manawa tipis luamahe enggal marang perangan luhur. Dhiri kang kalimputing ing JASMANI ALUS NYEDHAKI KASUKSMAN kadadeyan saka kandeling napsu luamah lan mutmainah (ngegungake luamah nanging bebudane alus), lawas enggone ngalami swarga luhur perangan ngisor. Terkadhang ya momor karo wong donya, prelu tetulung, ngopeni manungsa, mbantu marang kodrat. Alame kaaranan kadewan, nanging perangan ngisor. Manawa ora kandel luamahe, enggal marang perangan luhur. KATRANGAN Kang aran k a d e w a n (DEWATJAN), iku pratitising tembung : alaming angen-angen luhur, yaiku : swarganing angen-angen, dudu alaming mutmainah (swarga katentreman) nanging WIS PRASASAT ORA ANA BEDANE kadewatan, karo swarga luhur iku, awit tansah lira-liru, butuh-binutuhan, lire mangkene : rasa katentreman mematuh marang padhange angen-angen luhur, angen-angen luhur butuh marang rasa katentremaning mutmainah. Mulane butuh-binutuhan, saba sawarna-warna ora ana kang bisa madeg dhewe, yen ora karo liyane. Karo-karone ing basa Walanda ka-aranan Negatiefvorm tegese : kang siji ora bisa madeg dhewe yen ora karo sijine. (1) Yen rong warna wis awor, lah iku lagi MADEG. Yen madeg, ing kono banjur ana DHIRI. Dhiri tegese, ADEG utawa DEG-DEGAN, oleh-olehaning DEG (berdiri). Kang madeg, dhapukaning adon-adon.

Swarga madya ing perangan luhur; gandhenge karo kadewatan, alantaran angenangen luhur. Dene gandhenge karo swarga katentreman, lantaran alusing rahsa. Dadi tetela, badan alus iku, sangsaya alus sangsaya gampang bisane amor (weruh wineruhan) marga sangsaya nyedhaki marang kasunyatan. Nyedhaki marang kasunyatan iku ateges nyedhaki marang manunggal. Nyedhaki marang kasunyatan iku ateges nyedhaki marang JEJERING sakabehe KAHANAN, yaiku KANG DITUNGGALI dening kabeh kahanan.
(1) Katembungake Jawa : Tetep-tinetepan.

2. TEGESE MUNGGAH ING SWARGA Tetembungan ANA ING SWARGA iku, tembung ANA ING, sajatine ora ateges manggon. Tetembungan MUNGGAH SWARGA iku tembunge MUNGGAH, ora ateges marani panggonan sing ana sa-dhuwure. Tetembungan TUMURUN ING DONYA, iku tumurune ora ateges teka saka ing panggonan kang dhuwur menyang panggonan sa-ngisore. Ana ing swarga iku ateges kang sejati : dhiri kang lagi kalimputan ing rasa kaswargan (rasa adhem lan padhang), jalaran rasa KASWARGANE kandel banget, ngorupi (nglimputi) marang rasa kajasmanian. Rasa kajasmanian kalimputan ing rasa kaswargan, iku tegese : rasa kajasmanian mau ya isih rinasakake ALUSE, nanging mung rinasa DADI UBARAMPENE utawa WEWENGKONE bae, ora rinasa dadi LUGUNING AWAK (DHASARE). Kang rinasa dadi BAKUNING BADAN, yaiku rasa adhem lan padhang (adheming ati, padhanging engetan). Terange prekara iku, nganggo tuladha mangkene : Ngupamakna wong nganggo tesmak abang, samubarang kang dinulu katone abang kabeh, warna abang iku DHASARING PANDULUNE, iku upamakna dhasaring rasa kaswargan. Sanajan dhasare mau ABANG nanging ora ateges ndulu godhong katon abang thok, isih ana ijone, nanging ijone semu abang. Barang kang putih dadi putih semu bang. Kang kuning dadi kuning semu abang. Mangkono sapiturute, sebab dhasaring pandulu : ABANG. Rasa dhasar tansah kasaklira tanpa pegat, nanging rasa liya-liyane, mung kala-kala krasane, kaya dene abang mungguhing wong nganggo tesmak abang : ora pegat-pegat rinasuk, nanging : ijo, putih, kuning, biru, wungu, mung kala-kala, tur mesthi kaworan abang. Nganggo tuladha maneh : Wong ngrasakake enaking panganan utawa omben-omben iku, lugune dhasare : PAKARTINING RASA ILAT, dudu pakartining pangganda, pandulu, pangrunggu sapanunggalane. Nanging sangsaya wuwuh enake yen kaworan PAKARTINING SANG GANDA ing sawatara, kayata : binarengake karo ngrasakake GANDANE kang arum

utawa sedhep. Wuwuh maneh enake yen kawuwuhan PAKARTINING PANDULU kang weruh beciking wadhahe utuwa beciking rupane panganan mau. Wuwuh maneh yen kawoworan PAKARTINING PANGRUNGU kang ngrunggu swaraning untu sing muni kriyuk-kriyuk, . Rasa kaswargan (adhem padhang) upamakna RASA ILAT. Rasa liyaliyane kayata : kajasmanian, kadewan, kajiman lan liya-liyane, upamakna rasaning pandulu, pangganda, pangrungu, pangenyam. Rasa kaswargan, kadewan, kajiman, kanerakan.. kabeh diaku dening rasa kajasmanian, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kadonyan, dening WONG DONYA. Rasa kajiman kadewan, kajasmanian . kabeh iku diaku dening rasa kaswargan, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kaswargan dening WONG SWARGA. Rasa kaswargan, kanerakan, kajasmanian, kabeh diaku dening rasa kajiman, tegese : dianggep dadi UBARAMPENING rasa kajiman, dening WONG JIM. Rasa kajiman, kajasmanian, kadwan sathithik, . kabeh diaku dening rasa kanerakan, tegese : dianggep dadi UABARAMPENING RASA KANERAKAN, dening WONG NARAKA. Saliring rasa kang kasebut ing dhuwur mau kabeh KAWENGKU dening kajaten. DIAKU karo DIWENGKU, ora padha, bedahe kapratelakake ing buri. KATRANGAN Rasa kaswargan luhur ora kanggonan rasa kanerakan sathithik-thithika. kanerakan ora kanggonan rasa kaswargan luhur sathithika. *** b. BAB KABIR ing dhuwur mau lagi mratelakake bab ka-SAHIRAN, saiki mratelakake KAKABIRAN. Awit dening rasa kajasmanian kalimputan ing rasa kaswargan wekasan kabiring kajasmanian (jagad donya) sirna wujude, mung kari ALUSING RASANE (sahire) bae. Sirnaning jagad donya mau sabab kelangkib (katutupan) dening jagad swarga. Awanguwung kang tampa wates jembare, mung isi kaswargan, ora ana kadonyane. Nanging . sarehning sahir kabiring kaswargan iku alus (bening) dadi kena kaupamakake kacaning buku kang ngemperi kacaning jandhela (gedhah). Kaweningane (pepadhange) marakake ORA MAIDO marang ananing jagad donya. Iku lire : jagad donya ana kalane katon tinonton saka jagad swarga, samangsa ana prelune, katone ana amaya-maya. Kanggo nggampangake kanalaran iki, mangkene : ngupamakna wong ngilo nganggo kaca jendhela, ngadeg sajabane jendhela, wong mau weruh ayang-ayanganing awake dalah ayang-ayangane sakehing kahanan saburine, kayata : plataran, wit-witan, sawah, gunung. Nanging wong mau ya weruh kahanan sajroning omahe, kayata : peturon, meja, kursi, sapanunggalane, kang katone amor dadi siji karoplataran, witwitan, sawah, gunung. Iku : yen wong mau maspadakake kahanan sajroning omah bae, mesthi ayang-ayanganing kahanan sajabaning omahe, sirna. Dene yen mung Rasa

maspadakake ayang-ayange bae, mesthi kahanan sajroning omah sirna (ora katon). Kahanan sajroning omahe upamakna : BAKUNING KAHANAN ing swarga, dene ayangayangane ing gedhah upamakna jagad donya, tumrap panrawanganing wong swarga. Sarehne sawiji-wijining wong swarga iku ORA PADHA PEPADHANGE, mulane ana kang cetha, ana kang maya-maya panrawangane marang jagad donya, malah ana uga ora weruh babar pisan, kagawa saka kurang weninge tingaling rasane (pramanane), yaiku kang ngalami kaswargan perangan ngisor (kasar). Sanajan kabiring jagad donya katon mung kaya ayang-ayangan ing gedhah kang tanpa rasa, utawa katutupan ing kacaning buku, . nanging sahire (rasa kajasmanian) dirakake uga ALUSING JASMANINE. Iku tegese mangkene : rasa adhem mau ora mung kaya adheming ATINE wong donya, nanging ngiras kaya adheming awake wong donya, nanging iku aluse, ora kasar kaya rasaning jasmani kasar. Rasa kapenak, ya ora mung kepenaking ATI, uga kepenaking RASA JASMANI ALUS kang reraketan lan rasa ati. Rasapadhang ya ora mung padhanging ENGETAN bae, nanging ngiras dadi padhanging PANDULU kang waspada. Pepadhange engetan kang ngiras dadi padhanging tingal mangkono iku, ka-aranan : Pramana. Ringkese : Rasa kaswargan ora kelangan rasa kajasmanian. Jagad swarga ora kelangan jagad donya. Nanging rasa kajasmanian lan jagad donya ora nguripi (nglimputi), malah korup kalimputan marang sahir-kabiring kaswargan. Dadi ing alam swarga iku, sahir kabire ora korup marang sahir kabiring kajasmanian, malah ngorup sahir kabiring kajasmanian. Ewadene sanajan kaswargan pisan, sahir iku lumrahe sok korup marang kabire. Mung dhiri kang wus bisa sambung karo kajaten, kang sahire ora korup marang kabire. Tumrap dhiri kang wus gathuk karo kajaten, saliring kabir iku ora ngorupi, malah korup marang kajaten. KATRANGAN Dhiri kang wis ngalami swarga luhur, sarehne ora kanggonan ing saliring kanerakan, ora bisa nonton marang kabiring kanerakan. Bisane nonton, mung yen banjur ngrasuk bebakalan kasar (katembungake tumurun) kayata ngrasuk bebakalaning napsu supiyah utawa jasmani. ($) Sarehning sawarna-warnaning bebakalan ORA CETHA WATESE tumrap jinis siji karo jinis liyane, dadi antaraning ka-mutmainah-an karo kadewan, kajiman, tuwin kajasmanian : mesthi ana bebakalan minangka panggadhenge, kang awujud momoraning ka-mutmaina-an karo liyane. Momor-momorane mau mujudake rasa dhiri kang beda sesipatane, nanging akeh empere sarta gampang bisane weruh-wineruhan. Uga padha ana kabire, kang sawarna-warnane gampang bisane gegayutan. Jalaran saka iku, badan alus kang luhur-luhur mau ana warna-warna jenenge, nanging yen prakara iku dipratelakake ing kene, layang iki dadi karoncen. -

($) Tumurun mau ana kang pancen saka karsa, ana kang sabab pineksa.

3. BAB TEGESE KECEMPLUNG NERAKA KECEMPLUNG naraka, tegese : dhiri kalimputan rasa kanerakan (panas, lara) jalaran : rasa kanerakane kang lago dadi peranganing rasa dhirine kang kandel dhewe. Rasa kaswargan, kadewan, kajasmanian lan kajiman, kalimputan rasa kanerakan. Iku tegese : rasa kajasmanian lan liya-liyane isih dirasakake, nanging rinasa dadi ubarampene bae. Apa maneh rasa kaswargane kang banget sethithike, ya banget kalimpute, kongsi ilang sipate. Luguning rasane : rasa ati LARA LAN PANAS. Prekara iki ya kena diupamakake dhasaring pandulu kang ABANG : anggone ndulu rerupan warna-warna. Warna abang minangka rasa kanerakan, warna liya-liyane : kang minangka rasa kajiman, kajasmanian, kadewan lan kaswargan, rasa kaswargane : upamakna warna PUTIH, dinulu karo tismak abang, mesthi sirna babar pisan sipating putih. Uga kena kaupamakake RASANING ILAT dibumboni rasaning pandulu, pangrungu, pangganda sapanunggalane. Terang mangkene : rasa lara mau LUGUNING LARA : Laraning ati, tegese : susah, panas, bingung, muring kawatir, pegel, gemes, gething. sapanunggalane, marga ora pegat-pegat enggone, OLEH JALARAN kang marakake tuwuhing rasa kang kaya mangkono, ing atine. Nanging aja kinira mung mligi rasaning ATI kang kaya rasa atine wong donya ya ngiras rasa lara kang kaya laraning AWAKE wong donya. Iku rasa lara kang tumraping JASMANI ALUS NYEDHAKI KANERAKAN, kang kasebut ing dhuwur mau. Rasa rasaning jasmani alus kang lara mau, silara dadi ubarampining larane ati, raraketan amor dadi siji. Ora beda kahanane karo wong donya, yen atine panas, badane melu lara. Nanging tumrape kadonyan, durung sapira dayaning amarah enggone nggandeng marang rasa jasmanine, balik tmumrap kanerakan, iku rasaning amarah nglimputi marang rasa jasmanine. Rasa kaswargan asor (penginan marang kang remeh-remeh utawa bungah remeh enggal eling) iku mung kanggo nylundhingi ing sawatara marang rasane lara, lire : bungahe mung sedhela, banjur susah maneh kaworan muring lan ngresula kongsi lawas. Tur nalika bungah sadhela kaworan susah. Kala-kala dewe penginan kang banget sarta adreng. Nanging saking adreng lan bangeting kepinginan, kongsi krasa panas lan pegel, sarta sarehne tinggal nalar, banjur ora kaleksanankang dadi karepe, ndadekake cuwa, gela lan manglah kongsi lawas tansah mangkono bae salawase ngalami jagad naraka utawa HEL. Ora tau bisa nyandhet marang atine enggone KUDU-KUDU NGRASAK-NGRASAKAKE SING GAWE ORA KEPENAKING ATINE, kudu-kudu muring, kudu-kudu pegel sarta gemes jalaran saka thukuling pangagas kang ala banget, nganggep ala marang kang linakonan marang sapadha-padhane tumitah. Nganggep ora adil marang pepesthen kang tumiba ing awake. Nganggep ara adil marang pepesthen kang tumiba ing awake nuli krasa kuwatir ketir-ketir utawa bingung nar-naran, jalaran nguwatirake kadadeyan kang ora prelu dikuwatiri. Dadi salawase ngalami kanarakan, sajege tansah golek-golek kanggo disusahi, golek-golek kanggo dipegeli lan digethingi, golek-golek kanggo dikuwatiri, golek-golek kanggo dipanasi, golek-golek kanggo dilara ateni ($). -

($) Kang golek mau ora padha ngrumangsani yen golek.

Mangkono bae selawas-lawase, ora lega yen ora golek-golek, mangka saben golek mesthi olehe, ora tau ora oleh, marga : sadhengah kang dicandhak utawa dinulu : gawe gela, susah, muring lan bingung. Rasa kadewan sethithik (angen-angen peteng) kang dumunung ing rasa kanerakan, uga rinasa mung DADI UBARAMPENING RASA kanerakan, lire mangkene : apa kang rinungu lan pinikir; mung nuwuhake gwla, susah, muring lan lara ati. Apa-apa kang dielingi dening angen-angen, mung nuwuhake panggagas sing ala, sing marakake gegethingan, cekake : tansah dirung kesusahan, lelara, pepanas, sesedih, bebingung.. kang tanpa kendhat (aluwung ORA KELINGAN utawa ORA WERUH katimbang KELINGAN sarta WERUH, awit kaelingan lan kawruhe mau pakolehe mung nangekake SILARA lan SI PANAS), kabeh disengguh saka sajabaning rasa dhirine, ora rumasa pisan-pisan yen kabeh mau mung saka BONGGANE DHEWE. Mulane mangkono, awit kedhering bebakalan Amarah mau angel diendheg, tansah kudu makarti terusan, kang pakartine mujudake rasa lara lan panas. Apa perlune rasa lara lan rasa panas mau digoleki ? Apa sabab kepenak. Iku, ora sabab lara mau kapenak, mung sabab duwe watak kang ora cocog karo kapenak. Sing dicocogi rasa lara. Ora sabab panas iku krasa kapenak, mung sabab ora cocog karo adhem-adheman. Cocoge : panas-panasan. Ora sabab gegethingan iku nyegeri, mung sabab saka ora bisane nyandhet enggone KUDU-KUDU ngethingi apa-apa ing candhak-candhake. Ora sabab rasa kuwatir lan susah iku maremake, mung sabab saka EMOHE DIPENGING susah lan kuwatir. Jalaran ora cocoge karo watake. Kajaba iku, ora nganggo NGELINGI MARANG PRELUNE. Aja maneh ing jagad naraka, yen wonge ngelingana marang kapreluan, sanajan ing jagad endi bae, akeh banget pakarti kang ora kanthi eling marang prelune. Mung kaswargan lan ing kadewan ING PERANGAN LUHUR kang tansah eling marang preluning panggawe (pakarti) kang linakon, awit wis sambung karo kajaten (tukang eling). Wong naraka mau ora mung ngira awake dhewe kang nandhang lara, pangirane wong sajagad nandgang lara lan panas kabeh, sarta wong sajagad padha gegethingan lan kiyanatan. Kajaba duwe panganggep mangkono, ya duwe panganggep yen wong sajagad kudu digethingi kabeh, jalaran kinira kalakuwane ala-ala, drengki-drengki, jailjail. Wong naraka ora ngreti pisan-pisan yen swarga iku ana, ora ngerti pisan-pisan yen wong becik atine iku, ana. Prakara kang mangkono iku upamakna : pangrungu ora ngerti pisan-pisan yen rerupan iku ana. Pandeleng ora ngerti pisan-pisan yen rupa lan swara iku ana. Uga padha karo wong donya kang akeh-akeh, ora ngerti pisan-pisan manawa swarga lan naraka iku ana, ora ngira sathithik-sathithika yen ajagad ka-alusan iku ana, nglimputi jagad donya. Sangsaya banget ora ngretine jagad donya iku bisa sirna wujude; kalimputan ing ananing jagad ka-alusan. Muga-muga wong urip ing donya padha nggraita marang prakara kang kaya mangkono, supaya kadunungan ing RUMASA tuwin WEWEKA. Wasana nuwuhake pamarsudi marang nalar kabecikan.

Sarehne sawarna-warnaning bebakalam iku ORA CETHA WATES TUMRAP JINIS siji karo jinis liyane, dadi antaraning RASA KANARAKAN karo KADEWATAN lan KAJIMAN sarta KAJASMANIAN, apa dene KASWARGAN, ya ana bebakalan minangka panggandhenge, kang wujud momorane kanerakan karo liyane. Momoran-momoran mau mujudake dhiri kang beda-beda sesipatane, nanging kaeh empere sarta gampang bisane weruhwineruhan. Uga padha ana kabire, kang sa-warna-warnane gampang bisane gegayutan (momor). Jalaran saka iki, badan alus kang asor-asor mau ya warna-warna jenenge, kayata : dhemit, hantu, banaspati, wewe, cepet, lampor, thethekan, bajag angkrik, nyai blorong, keblek, janggitan, ilu-ilu. akeh banget jinise. Kabeh kanggonan rasa kanerakan (kadunungan ing jail, drengki, panasten, dhemen gendhak sikara). Kang nyedhaki kadonyan, watake momor karo wong donya, sabab kemelikan pangan kang arupa sarining pepanganan. Kang nyedhaki kajiman awujud jin asor kang dhemen gendhak sikara. Kang nyedhaki kadean awujud gandarwo luhur utawa bangsane dewa kang asor. KATRANGAN Ana stan kang salugu, ana kang mung pawakan bae, kang sabenere ya wong tunggale wong donya. Ana jim tulen, ana kang mung pawakan ( wong kajiman abadan alus). Kang aran setan salugu iku kang BLEGERING BADANE awujud bebakalaning napsu amarah tulen. Kang aran jim lugu iku kang BLEGERING AWAKE wujud bebakalaning napsu supiyah tulen. Kang mung pengawak badan bae, ora rumasa dadi setan utawa jin, pangakune ya manusa. Apa maneh wong kajiman kang ngedohi kanerakan sarta nyedhaki kadonyan, ora pisan-pisan rumasa jin utawa weri, jalaran sabarang prakarane ora beda karo wong donya. Malah wong kajiman kang luhur, rumasa luwih luhur lan mulya katimbang wong donya, marga kadunungan ing kaluwihan, kasekten lan panrawangan. Kabeh kang mung pawakan bae : kadadeyan saka manungsa ing donya, kang isih kandheg. (1). (1). Durung tutug lelakone.

Ing dhuwur mau mratelakake bab kanalaran utawa sabab-sababe manungsa ngalami kadonyan, kaswargan lan kanerakan. Kang ngalami kajiman, jalarane ya marga kanggonan ing bebakalan napsu supiyah kang kandel. Kang ngalami kadewan, sabab kadunungan ing bebakalaning angenangen luhur kang kandel, banjur ngranggoni kawicaksanan, kawaskitan lan kawaspadan apa dene kasekten. Manungsa kang ngalami jagading jin, ora ana bedane karo manungsa ing donya. Ya wujude, ya engetane, ya watek-wateke, ya kasenengane lan liya-liyane : nyampleng wong donya, sarta kahanane ing saben bangsa ya miturut kabangsane wong donya ing kono. Kabeh ora rumangsa ngalami alaming jin, apa maneh yen gelema diarani jin.

Dene kang ngalami kadewan bedane karo kang ngalami jin iku mung sabab luwih luhur, marga luwih padhang nalare. Bangsa dewa kang akeh-akeh rumeksa marang kaslametane manungsa ing donya, sabab rumangsa dadi leluhur utawa pepundhene. Apa maneh kang dewa kang luhur sarta kandel ka-mutmainahane. Aja maneh kang ngalami kadewan, sanajan kang ngalami jin, akeh kang padha becik bebudene, rumeksa marang wong donya, sabab rumasa dadi leluhur utawa pepundhene. Nanging sarehne momoran-momoran mau ana kaduk kamutmainah-an sarta ana kang kadhuk kanerakan (ora beda karo wong donya), dadi dewa utawa jin-a, ya mesthi ana luhur ana asor. Dewa luhur kang lugu ngenggoni sajatining dewa; ginambar ing wayang kang aran Bathara Guru. Kang sambung lan budi : ginambar ing wayang aran Bathara Narada. Kang wis nunggal misah karo kasunyatan, ginambar : SANG HYANG WENANG utawa SANG HYANG TUNGGAL. Kang kandel ka-mutmainahane sarta sambung karo rasa sejati, gimabar : Bathara Wisnu. Kang sambung lan kaswargan madya, ginambar : Bathari Durga (kang ngerehake lelembut ing pasetran ganda mayit). Kang sambung lan ka-lumawahan gunambar :Bathara Kala. (2) .. lan liya-liyane. (2). Bathara Kala Dewa kang kadadeyan saka luwamahing Dewa.

RASA LELIMA
Angka 1 : Ing alam donya : dhasaring rasane : RASANING JASMANI. Dene rasa liya-liyane kang papat, (kadewatan, ka-mutmainahan, kajiman, kanerakan) uga mecungul ing donyo sarta dadi ubarampening rasa kajasmanian, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong donya. Kang dianggep wujuding badane : bebakalaning Jasmani. Angka 2 : Ing swarga, dhasaring rasane : RASA ATIadhem padhang. Rasa liya-liyane kang papat uga mecungul ing swarga sarta dadi ubarampening rasa kaswargan, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong swarga. Kang dianggep wujude : bebakalaningMutmainah. Angka 3 : Ing naraka dhasaring rasane : RASA ATI lara lan panas. Rasa liya-liyane kang papat ung mancungul ing naraka, sarta dadi ubarampening rasa kaneraklan, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong naraka. Kang dianggep wujude : bebakalaningAmarah. Angka 4 : Ing jagading jin, dhasaring rasane : RASA ATIseneng utawa bungah. Rasa liya-liyane kang papat uga mencungul ing jagading jin, sarta dadi ubarampening rasa kajiman, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE, dening wong jin. Kang dianggep wujude : bebakalaningSupiyah.

Angka 5 : Jagading dewa, rasa dhasare : RASANING ENGETAN. Rasa liya-liyane kang papat uga mancungul ing jagading dewa, sarta dadi ubarampening rasa kadewan, nanging ORA DIANGGEP WUJUDING BADANE dening wong dewa. Kang dianggep wujude : bebakalaningAngen-angen. (1) Rasa limang warna ing duwur mau, dak arani PANCAINDRIYA, tegese : rasa lelima. Ing sabanjure yen ing layang iki ana tembung pancaindriya, karepe : rasa lelima kang kasebut ing duwur mau dalah bebakalane.
(1). Bebakalan warna-warna kang kasebut mau tumraping kajaten : dudu wujud, mung kedher (panguwasaning kajaten) kang bisa maujud dadi bebakalan (stof = anasir).

BAB ALAM TETELU


Alaming RASA JASMANI (kang alus lang kang kasar) arane : ndonya, janaloka utawa Aarde. Alaming RASA ATI tetelu (kang alus lan kang kasar) arane : rohiyah, endraloka, utawa Asraal. Alaming ANGEN-ANGEN utawa ENGETAN (kang alus lan kang kasar) arane : huluhiyah, guruloka, utawa Dewacan. Pamerangan dadi telu ing dhuwur iku prelune mung murih ringkes. Telung warna mau : I. Alaming Jasmani; II. Alaming Ati; III. Alaming Engetan. .kaaranan TRILOKA. Yen ing basa Arab, tetelu mau ka-aranan Betal-makmur, Betal-mukaram, Betalmukadas. Bebakalan warna telu iku rinasuk dening kang maca lan nulis layang iki. Marga saka iku, kang maca lan kang nulis layang iki, manawa ngudi kalawan tementemen, bisa manjing ajur-ajer marang endi bae. KATRANGANE KANG ARAN BEBAKALAN Kang sinebut : KAJATEN, yaiku : KANG bisa makarti. Yaiku awak kang mesthi anane, ora wiwitan ora wekasan. Ing basa Arab sinebut : D A T. BISANE makarti PAKARTINE ka-aranan : sipat. BISANE ka-aranan : sipat maknawiyah. PAKARTINE ka-aranan : sipat mangani.

MAKARTI ka-aranan : apngal. BISA MAKARTI ka-aranan : urip. MAKARTI ateges : NGANAKAKE utawa MUJUDAKE. PAKARTINE ateges : ANANE utawa WUJUDE. Endita ANANE utawa WUJUDE, kang diwujudake sarana MAKARTI mau. Yaiku SA-LIRING BE-BA-KAL-AN kang alus lan kang kasar. Kang diarani kawujudan, ya iku KAHANANING PAKARTI tegese MAUJUDING pakarti. Olehe ANA utawa olehe MAUJUD, ya sajroning wektu lagi makartekake wujud iku. Lire : enggone ANA sawenehing kawujudan, iya mung sajroning wekru kaalane pangawasa makartekake wujud iku. Sirnaning pakarti : salerening makarti. Iku lire : sirnaning kawujudan : salerening makarti. Sirnaning kawujudan ateges sirnaning bebakalan, yaiku : yen pakarti mau leren. Makarti, uga ateges nganakake kekedher (trilling). Pakartine uga ateges kedhere. Pakartine uga kedhere, uga ateges : bebakalan, tembunge Walanda staf, tembunge Arab anasir. Marga saka iku, tetela, saliring wujud, bebakalan, utawa stof iku, enggone ANA, mung nalika isih ana KEDHERING ETHER, kang durung leren. Yen kedher mau leren, genine milu leren enggone maujud. Molah-malihing kahanane RASA, uga ateges molah-malihe kahanane bebakalan, uga ateges molah-malihing carane pangedher. PENGET Kanalaran kang mangkono iku, bisane tinampa, sarana rinasa kang sabar sareh kanthi kaweningan. @@@ GAMBUH Samengko ingsun tutur, sembah catur : supaya lumuntur. Dhihin : raga, cipta, jiwa, rasa, kaki; ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon. (Wedhatama Winardi).

DANDANGGULA Hananing wong sing ENENG duk dihin, Hawarana anasir samoha,

Hagni angin bantala her, Hiya Hyang Maha Luhur, Hingkang wujud Eneng menuhi, Hisining rat winahya, Hobah osik tuhu, Hamung saking ananing Hyang, Hanartani jroning alam kabir sahir, Hananing titahing Hyang. 1. Asale manungsa kuwi saka Eneng ngrasuk awak-awakan anasir geni,angin, bumi, banyu. 2. Ana dene sing kita jejuluki asma Allah kuwi ENENG ngebaki alam semesta. 3. Kabeh isining jagad iki lan kabeh mobah mosik iki, sanyata saka anane Allah 4. Panjenengane anglimputi sadjroning jagad gede lan jagad cilik. 5. . kalebu ing aksara NA. Nora akeh ingkang arsa uning, Nalaring reh yen Sang Hyang Suksmana, Nartani ing saanane, Nadyan aran dumunung, Neng isining jagad tan keni, Netepken winastanan, Neng kono dumunung, Nanging mungguh Hyang Suksmana, Namung namar namur more anartani, Nora manggon mring ana. Ha (10) ananing titahing Pangeran kuwi 1. Ora akeh kang kepengin mangerti bab Allah, sing sipate nglimputi alam semesta iki. 2. Sanadyan katembungake dumunung ana ing isining jagad iki, ora kena diarani manggon ana ing kono 3. Allah kuwi, dumununge, momore, lan panglimpute, tembunge mung namar lan namur (tegese: ora katon tetela), mulane ya ora kena diarani manggon ana ing kahanan sing katon gumelar iki. Cekakane Hyang Kang Maha Suci, Cetha nanging tan kena wineca, Cag-ceg lamun nora ceceg, Curna temah katrucut, Cupet cacad yen nora lancip, Ciptane tan trawaca, Cutel nora cancut, Caritane kang wus lancar, Careming Hyang cihnane neng ati suci, Cewet lamun den ucap. 1. Cekakane bab anane Allah kuwi ceta, nanging angel anggone nerangake 2. Cag-ceg pada duwe pangira, sing kita tengeri jejuluk asma Allah kuwi iki utawa iku , nanging pangira mau ora bener 3. Katrucute panganggep sing ora bener mau ateges cacat, awit pancen ora dong, mung awur-awuran wae, katarik saka buntune lan ketule akal pikirane. 4. Ana dene ngandikane sang wicaksana manunggale Pangeran kuwi kacihna ana ing ati suci, nanging yen dikandakake mengkono, iya kliru. Rasakena jroning sanubari, Rumakete lawan angganira, Raket lan rasa pamore, Rorone lwir sajuru, Rina wengi awor lestari, Rata jroning sarira, Rumasuk anurut, Rosing urat daging darah, Rambut-rambut kabeh kasrambah tan kari, Rinoban uripira. 1. Rasakena ing ndalem atimu, sang Eneng sing nganggo awak- awakan anasir mau, anggone anjumenengi wadagmu, awor manunggal karo rasamu. 2. Anasir lan rasa kuwi bleger loro nanging kaya mung siji, sakarone rina wengi tansah awor. 3. Nyrambahi sajroning badan sakojur, rumasuk ing urat, daging, getih, dalah rambut pisan, ora ana sing kliwatan ora kesrambah. Ngerobi uripe manungsa iki. Kakekate kawruhana kaki, Kaya priye yakine ingkang khak, Kahanane Pangran mangke, Kalamun sira ngaku, Kahanane Hyang Suksma kaki, Kumpul lan sira mangkya, Kompra kumalungkung, Kena ingaranan mokal, Kudu ngaku kumpul lan kang mengku kaki,

Kuwur kurang weweka. 1. Kawruhana kanti yakin kepriye sanyatane kahanane Allah kuwi 2. Yen kowe ngrumangsani kahanane Allah kuwi kumpul karo kowe, kuwi panganggep kliru lan kumalungkung 3. Mokal banget ingatase kowe kuwi kawula sing kawengku, teka kumpul karo Allah sing mengku. Panganggep sing mangkono mau kuwur (kupur?) lan lacut (kurang weweka). Dene lamun sira angingkedi, Dumadinta datan awor ing dat, Durung weruh ing kadaden, Dadi mungkir ing pandum, Dinalih yen dadi pribadi, Duraka dora arda, Datan wruh ing udur, Dunungena kang waspada, Darunaning jatining dat dennya dadi, Dandananing dumadya. 1. Dene yen kowe anekadake dumadimu kuwi ora kasamadan Dattullah, sanyata kowe durung dong bab asaling dumadi. 2. Panganggep mengkono mau (ora ngrumangsani) ateges nyelaki kuwasaning Pangeran, pangiramu dumadimu kuwi dengan sendirinya . Panganggep mangkono mau duraka lan goroh banget, terang yen kowe ora ngerti marang kawruh bab dumadi. 3. Genahna sing gamblang, kepriye sabab musababe (darunane), dattullah (jatining dat) ngeja wantah awujud titah iki. Takokena mring kang wus patitis, Teraping dat dennya moring titah, Terangena wit tumetes, Tekeng tlanakan tuntum, Tata-tata amurweng gati, Triloka amirantya, Tigang candra tamtu, Tamat rampung wujud kita, Tinengeran kakung atanapi estri, Tetela daya titah. 1. Takokna marang gurumu kepriye jelase pangeja wantahe dating Pangeran, awujud titah manungsa iki. 2. Terangna wiwit banyuning Bapa tumestes ana ing guwa garbaning biyung, perkembangane dadi getih, banjur dadi daging, sabanjure kasinungan triloka (betalmakmur, betalmucharam, betalmukadas). 3. Sawise ganep telung sasi, sempurna wujud bayi, katamtokake dadi manungsa lanang utawa wadon. Sang Hyang Esa sangang wulan keksi, Saking jroning guwa garba mesat, Sumeleng suwung wiyose, Sampun sarira rasul, Sulihing Hyang minangka saksi, Sing kwaseng Hyang Wisesa, Sinung sih rinasuk, Sinedhahan amisesa, Sesining kang sarira Sang Hyang Sa maksih, Sipat siki tan pisah. 1. Jatining dat sing ngejawantah mau, sawise sangang sasi, banjur metu saka guwa garba, awujud jirim mawa papan, jirim. 2. Bayi sing lahir saka guwa garba mau apengawak utusan minangka pratanda bab kuwasaning Pangeran. 3. Saka kuwasaning Pangeran, deweke kaparingan sih sarta ditugasake mranata dirine sakojur. Dene jatining Dat kuwi isih lestari sipat siji karo dirine, ora tau pisah. Wasitane pra parameng kawi, Wali-wali neng srat kawi jarwa, Wong urip jwa salah weweng, Wruha wosing tumuwuh, Wit sing purwa myang madya tuwin, Wusana ajwa kewran, Waskitaning kawruh, Wruh woring kawula lawan, Wujuding Hyang Winastan waluyeng uwit, Wawasen den kawang-wang. 1. Para pujangga rambah-rambah paring wejangan kamot ing layang-layang tembang lan banjaran ngelingake wong urip mono aja salah weng-weng. 2. Kudu ngerti wose anggone dititahake kuwi kepriye. Kudu damang purwa, madyo, lan wusanane. 3. Waskitaning kawruh kuwi ngerti sagunging titah karo sing nitahake. Persudinen sing gamblang bab bisane mulih marang asal (asal saka pangeran, mulih marang pangeran). Laksitane lena den kalingling, Lalangene nalikarsa ilang, Luwih angel yen tan oleh, Laraping kang pitulung, Lenging wulang ingkang dumeling,

Luluh aneng dadalan, Lingak-linguk linglung, Liyepe kyeh kang kawulat, Lalu lali kalunglun kang ngatingali, Lebur keneng begalan. 1. Mangertio pangalaman nalikane sakaratul maut (ngancik plawanganing pati). Goda rencanane, nalika arep pecating nyawa kuwi Gawat, tumrap wong sing durung oleh wejangan sing ceta gamblang. 2. Sajroning ngalami krisis (gawat) kuwi, rumongso ora biso nerusake lakune, tingak tinguk bingung atine. 3. Ing waktu kuwi katon sesawangan werna-werna, samongso deweke lali kerem marang sawangan mau, ateges kebegal, ora patitis patine. Pati papa kalempiting kapir, Pakolehe duk uripe tanpa, Puruita panganggepe, Patrape prapteng lampus, Pantog tanpa kawruh nyukupi, Prandene bareng wapat, Paksa kempas-kempus, Pan nora pasrah amapan, Polahane palintiran nora apik, Pratanda yen kalepyan. 1. Mati sing kasebut ing aksara LA baris angka sepuluh mau: mati sasar, jalarane suwung tanpa kawruh (kapir). Yakuwi akibate nalika isih urip ora gelem golek kawruh. Pamikire patrape mati kuwi gampang cukup tanpa kawruh. 2. Bareng ngancik plawangane pati kempas kempus, ora pasrah, ora mapan polahe palintiran, mracihnani yen deweke lali. Dhasar beda lan kang wus amundhi, Dhawuhing sang Pandhita kang medhar, Dhanurdara mung sumendhe, Dhatenging kang riridhu, Dhadhag dhokoh tyas tan kalindhih, Dhineseg gora godha, Dhangan nora kidhung, Dhangah-dhangah mandi pedhang, Dhatenging kang ripu wirodha tinandhing, Dhinendha tadhah dhadha. 1. Wong sing wis tampa wejanganing guru bab kawruh kasampurnan, sayekti beda karo sing kasebuting aksara PA mau. Wong sing wis tampa wejangan kuwi, nalika ngancik sakratul-maut, mung sumendhe 2. Ana reridu teka, ana goda rencana teka, deweke tatag wae, ora kaget lan ora mrebawani atine. 3. Kaya wong anggawa pedang ligan, ana mungsuh teka nrajang yo ditandingi. Mungsuhe menthung nganggo DHENDHA dadhane diungalake. Jatining kang wus weruh ing janji, Janji-janji janjining sang Dwidja, Jenak jenjem karem ijen, Jangkane mung angejum, Jumenenging jiwangga mbenjing, Jinungkung jro pamujan, Jejeg terus tuwajuh, Jejering driya prasaja, Joging seja ing mbenjing praptaning janji, Jatmika srah jiwarja. 1. Sing kacaritake ana ing aksara DHA kuwi wong sing wis insyaf yen wong urip kuwi pacangane pati. Lan wis oleh kaweruh saka gurune (utawa saka maca buku-buku) banjur tawakal lungguh ijen olah cipta . 2. Tujuane ora liya, supaya sakwise ninggal donya iku jiwane nemu lelakon opo benere. Mulane deweke ngulinake ngolah cipta ana papan mirunggang. Kanti temen-temen, sabar lan telaten. 3. Adege uripe prasaja, dene yen wis teka wektune kudu mati, iya bakal dilakoni kanti anteng lan pasrah. Ya marmane kulup kang kariyin, Yaktekena waluyaring laya, Yakina jrone urip kiye, Yakti tan wurung layu, Yen sira tan weruh kariyin, Yuda-brataning laya, Yatna liyep luyut, Yitmanta wastu ngalaya, Ywa pepeka myang mamrih mulyaning mayit, Yogya den parsudiya. 1. Kulup, mulane wong kuwi perlu ngudi kawruh, supaya patine ora sasar. Soal pati kudu diyakinake sajrone isih urip iki. 2. Sabab wong urip mono mesti bakal mati. Yen kowe ora ngerti kawruh bab pati, iyo kuwi yatno liyep luyut , oncate jiwamu saka raga bakal klambrangan. 3. Aja gumampang Lho !. Lan maneh, kawruh supaya jinasahmu mulya, uga perlu kok parsudi. Nyataning neng nyatakna ing sunyi,

Nyenyeting rat lawan kahanannya, Nyirnakna nyet ajwa grenyeh, Nyaring ilining banyu, Nyuda rasa kang monyar-manyir, Nyirnakake kedunyan, Nyarong sirna kanyut (kang nyut), Nyeneni naya kumenyar, Nyamleng tentrem ayem tyase mari nyang-nying, Nyata wus tekeng sunya. 1. Enenge atimu terusna nganti tekan ora rasa rumongsa (suwung).Kahananing jagad aja kok rasakake, aja mikir kae-kae. 2. Napasmu sarehna kaya nyaring ilining banyu, rasamu sing monjar-manjir temahan lerem. Bakune aja mikir bab kadonyan, amesthi rasa kang monjar-manjir mau ilang. 3. Wusana kaya kataman cahya, polatanmu dadi sumringah, atimu ayem tentrem, ora karoneyan. Pranyata wis tekan ing kahanan suwung. Mulane ta pra taruna sami, Marsudiya ngelmu kang utama, Mrih marem karem tumameng, Madyeng ngalam ngalimun, Meneng mrih wruh mring kang ngayomi, Manawa wus tan samar, More mring anggamu, Muksane luwih utama, Marga uwus tan samar denira mamrih, Mulih alame lama. 1. Mulane para anom, prayoga pada marsudio ngelmu CHAK (utama). 2. Temahan kowe rumongso marem, lan duwe sedya ngambah alam gaib-gaib sarana meneng, supaya ngerti kanthi yakin bab anane Allah (kang ngayomi). 3. Yen kowe wis yakin temenan: Allah kuwi ora tau pisah karo kowe,patimu ora bakal sasar. 4. Amarga kowe wis ora samar anggonmu nedya mulih marang asalmu. Gagarane kang luwih prayogi, Gagayuhan arsa munggah swarga, Gunung Tursena jujuge, Grane kang luwih munggul, Gondhelana den amaligi, Gulunganing jiwangga, Gumeleng saglugut, Gigiten jwa ringga-ringga, Gagar lamun sira tan nurut ing margi, Graning Tursena arga. 1. Sarate sing prayoga banget tumrap setya munggah swarga kuwi:ngliwatane gunung TURSINA sing puncake duwur banget. 2. Puncake kuwi anggonen sipatan aja mangro mertelu. Anggonmu nyawijekake jiwa rogomu, sing nganti gumolong temenan, bebasan dadi sak glugut. Pangestimu aja samar-samar. 3. Yen kowe ora ngliwati puncake gunung tursina mau, sedyamu munggah swarga ora bakal kaleksanan. Babarane prapteng alam kabir, Bali murba angebaki keblat, Busana kauban kabeh, Bumi baruna klebu, Badaning Hyang tetep ngelebi, Babaran njero njaba, Bola bali jumbuh, Balik yen tan bangkit murba, Bakal bali kapurba ing alam kabir, Bubrah tan bisa mbabar. 1. (Yen kaleksanan tekan ing kahanan suwung) temahan babar apengawak jagad gede (alam semesta), ateges bali kaya asale angebaki keblat. Jagad iki: bumine, segarane, kauban kabeh. 2. Pranyata njero (jagad cilik, mikro kosmos) lan njaba (jagad gede,makro kosmos) kuwi kaebekan datullah, kalimputan sipatullah, tetep salawaslawase. 3. Yen ora biso tekan ing kahanan suwung, kapeksa bakal kapurba maneh dening angger-anggering kodrat: nandang penderitaan bungah susah. Thenging dwista tan ana kang kaesthi, Thileg-thileg tan lalu palastha, Thenger-thenger tanpa canthel, Thok-thele mung ngalunthung, Thering sedya tan bangkit mesthi, Thukule pasti nistha, Thinotol blegthuthur, Thong-thongsot prapta pepathan, Thek-ethekan nuthuki si kuthung nisthip,

Thinethel mring kanisthan. 1. (Sing ora biso bali marang asale mau): bingung ora karuwan sedyane.Temah tilek-tilek lan tenger-tenger wae. Pepuntone mung ngeluntung kanthisedya sing ora gumatok. 2. Bareng tukul sedyane, mesthi sedya sing remeh-remeh, dituntun blekutur. Para tong-tongsot teka, pada milara wong sing bingung kuwi,digeret marang kanisthan. Nging kang paksa ngemba pra wirangi, Nganggit ngelmu ngawag tan uninga, Ngawur muhung andedongeng, Ngluluri reh ing dangu, Ngandikane pra mrih lulungit, Ngudiya wadining rat, Nging ywa rangu-rangu, Ngungseda nganti uninga, Ngracut ngukut wosing angga kang piningit, Ngayuh wor kang wurweng rat. 1. Pengarange buku iki agahan tiru-tiru para pandhito: medharane ngelmu, satemene ora weruh. Mung ngawur kaya adongeng wae. 2. Mung ngestoake ngendikane para leluhur, ahli kebatinan, supaya kita ngudi kaweruh wadhine buwana kanthi temen- temen. 3. Supaya telaten mangsah semadi, nganti kasil ngalami kahanan suwung,yakuwi manunggale titah karo sing nitahake.

Anda mungkin juga menyukai