Anda di halaman 1dari 1

UDAN WAYAH SORE

Saka : Muhammad arya d. klas 7D/21 gumanti

udan riwis-riwis nggawa angin

ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung tak kanthi lakumu tumeka ngendi mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis marakake gawe kekesing ati manuk kepodang wus mabur mangulon nanging tetep tak tunggu tekamu

SEDYAKU Wis, Jeng Aku sumeleh nyelehake pangarep-arepku marang katresnan lan kawigatenmu sing semu yen nyatane amung semene cunthele lelakonku Pepenginku tansah sumandhing lan nresnani sliramu kudu dakprunggel sing luwih wigati, Jeng donga lan pengestumu wae tansah mili kanggo aku Wis, Jeng aku pamit becik njembarake pikir nggayuh kabegjan mring ati lan katresnan satuhu

Anda mungkin juga menyukai