Anda di halaman 1dari 1

Wilujeng siyang pamirsa, wilujeng pepanggihan kalih kula ...

, wonten ing pawarta basa Jawi Kabar Siyang lumantar SMANSA TV.

ANGGARAN DHUWIT BOS MUNDHAK


Menteri Pendidikan lan Kebudayaan M.Nuh, Selasa (6/12) ngandharake, dhuwit bantuwan operasional sekolah (BOS) 2012 dijadwalke cair ing kabeh sekolah tanggal 9-16 Januari. Caire BOS taun ngarep, miturut Nuh, bakal luwih cepet katimbang taun sadurunge saengga ora ana alesan telat kanggo nyalurake menyang sekolah-sekolah. Nuh nambahake, penyaluran dhana BOS sadurunge rendhet merga saka pamarentah pusat diliwatake pamarentah kabupaten/ kutha sadurunge diecer menyang SD lan SMP sing njalari pencairane telat, kandhane Nuh, merga sok nyanthol ing proses penetepan APBD kabupaten/kutha. Blajar saka kesalahan mau, pamarentah pusat banjur ngowahi metodhe penyalurane BOS, yaiku saka pusat menyang pamarentah propinsi sing sateruse diedum menyang sekolah-sekolah. Wondene tumrap dhaerah kapencil, penyalurane dhana BOS mau bakal diwenehake setaun kaping pindho amrih ora telat. Isih miturut Nuh, ana undhak-undhakan nominal BOS taun ngarep dibandhing sing uwis. Yen taun 2011 nominale BOS Rp 16 trilliun, taun 2012 iki munggah 43,75 persen dadi Rp 23 trilliun.
Para pamirsa mekaten pawarta basa Jawi Kabar Siyang ingkang saged kula aturaken mugi wilujeng ingkang sami pepanggihan. Tetep wonten ing SMANSA TV. Nama No/Kelas : Maradani Budi NS : 24 / X-3

Anda mungkin juga menyukai