Anda di halaman 1dari 3

BAWANG ABANG BAWANG PUTIH

Kelompok 2 1. Ani Rahidha P. 2. Bayu Ibnugroho 3. Envilia Putri H. 4. Sofa Daniyatul H. 5. Teofilus Robert

(03) (08) (13) (30) (31)

Ing jaman biyen, ing sawijining dusun, ana Mbok Rondo nduwe anak loro, siji anak kandung jenenge Bawang Abang, lan sing sijine meneh anak tiri jenenge Bawang Putih. Ing wanci esuk, Bawang Putih lan Bawang Abang lagi podo ngumpul, sakbanjure Mbok Rondo metu saka kamar nimbali Bawang Putih diutus ngumbahi ana ing kali gedhe. Mbok Rondo :Bawang Putih, kae kumbahane gek enggal dikumbahi menyang kali, selak kawanen! Bawang Putih :Inggih, biyung. (karo ngadheg mlebu memburi njikuk kumbahane. Mbok Rondo :Oh yo bawang putih, pesenku aja sampe ana barang siji sing kintir, nak ana sing kintir, kowe ora kena bali ngomah. Bawang Putih :Inggih biyung, kula bidhal sakmenika.(nyangking ember isi kumbahan) Esuk iku dina sing padhang, Bawang Putih kanthi seneng umbah-umbah nganti ora krasa nak popok beluk biyunge kintir. Bawang Putih saknalika bingung, mangka pesen biyunge ora kena bali ngomah yen ana barange siji sing kintir. Bawang Putih cepet-cepet mlaku nggoleki popok beluk sing kintir mau. Sampek setengah dino anggone mlaku nggoleki popok beluk ora ketemu, Bawang Putih banjur bali matur karo biyunge. Bawang Putih :Biyung, nyuwun pangapunten. Wekdal umbah-umbah kala wau wonten popok belukipun biyung ingkang kintir. Sampun setengeh dinten anggenipun madhosi, namung mboten kepanggih. Bawang Abang :Yung, Biyung, iki lho Bawang Putih ngintirake popok beluk e biyung. Mbok Rondo :Apa?? Bocah kok ora bisa ati-ati, wis moso bodho, saiki kowe lunga a saka kene, lan ojo bali nganti kowe nemokake barang sing kintir mau. Karo nangis, Bawang Putih metu saka ngomah, menyang kali nggoleki popok beluk sing kintir mau. Ing pinggir kali, ana paman lagi ngguyang kebo, Bawang Putih nyoba takon marang paman mau.

Bawang Putih :Man, paman sing lagi ngguyang kebo, napa sumerep popok beluk kula kintir, wernane limas limaran, rupine cengkir gadhing kir-ukiran. Paman :Ora e, nduk cah ayu. Coba kae, takonana pamanmu sing lagi ngguyang jaran. Bawang Putih :Inggih, matur suwun, paman. Bawang Putih banjur takon marang paman sing lagi ngguyang jaran. Bawang Putih :Man, paman sing lagi ngguyang jaran, napa sumerep popok beluk kula kintir, wernane limas limaran, rupine cengkir gadhing kir-ukiran. Paman :Ora e, nduk cah ayu. Coba kae, takonana nini nini sing lagi mususi. Bawang Putih banjur mlaku menyang nini nini sing lagi mususi. Bawang Putih :Ni, Nini sing lagi mususi napa sumerep popok beluk kula kintir, wernane limas limaran, rupine cengkir gadhing kirukiran. Nini :Iya, nduk. Kae ana ing omahe Nini. Ya wes ayo melu Nini njikuk popok belukmu sing kintir. Iki lho cah ayu, popok belukmu, nanging sakdurunge kowe bali, kowe kudu ngewangi Nini masak ndisik. Bawang Putih :Inggih, Nini. Kanthi seneng kula ngewangi Nini ingkang nembe masak. Nini :Ya wes, nduk. Wong masakane wis mateng, kowe gek enggal bali, mumpung durung udan, kok sajakke mendung petheng ning njaba. Iki ana labu entheng karo abot, kowe milih salah siji. Bawang Putih :Kula ingkang entheng kemawon, Nini. Nini :Ya wes tak dongakno uripmu bakal mulya ngger cah ayu. Bawang Putih :matur suwun, Nini. Kula badhe enggal-enggal wangsul. Bareng tekan omah, Bawang Putih dodhok-dodhok lawang marang biyunge lan Bawang Abang. Banjur dibukakake, Bawang Putih enggal ngaturake popok beluk sing kintir karo nyritakake kedadean sing dilakoni Bawang Putih lan langsung memburi ngiris labu paringane Nini mau. Bareng diiris, jebul isine mas-masan. Bawang Abang sing ngerti isine labu mau, banjur matur karo biyunge. Bawang Abang :Biyung, biyung, labu sing digawa bawang putih jebul isine mas-masan. Aku yo kepingin kaya ngono, yung sing dilakoni bawang putih. Mbok Randa :Ya wes, saiki gek enggal kowe mangkat umbah-umbah terus kintirna popok beluk biyung iki. Bareng tekan kali, bawang abang terus ngintirake popok beluk biyunge, karo ethok-ethok takon marang paman sing lagi ngguyang kebo. Bawang Abang :Heh, paman. Apa kowe reti popok belukku sing lagi kintir?

Paman

:Bocah ora nduwe sopan santun, takon kok karo ngamuk. Ora reti aku coba kae takonana pamanmu sing liyane.

Bawang Abang banjur takon karo paman sing lagi ngguyang jaran. Bawang Abang :Heh, paman. Apa kowe reti popok belukku sing lagi kintir? Paman :Ora reti, coba takonana nini nini kae. Bawang Abang banjur mlaku menyang nini nini mau. Bawang Abang :Ni, nini, opo kowe reti popok belukku? Nini :Iyo, iki tak temokno. Ning syarate kowe kudu gelem ngewangi aku masak. Bawang Abang :Aku ning omah ora tau masak kok dikon masak. Ya wes aku gelem nanging aku njaluk labu kaya sing diwenehake Bawang Putih. Nini :Iyo, ora usah khawatir. Sakbanjure masakane mateng, bawang Abang nakokake labu sing arep diwenehake mau. Nini :Ya wis nduk, kowe gek enggal baliya. Iki labu ana werna loro, sing siji abot sing siji entheng. Kowe mileho salah siji. Bawang Abang :Waaaaa, nak aku yo mesthi wae milih sing abot. Nini :Ya wis, enggal baliya. Iki labu karo popok belukke.

Bareng tekan omah, Bawang Abang dodhok-dodhok lawang marang biyunge. Bawang Abang :Yung, biyung iki aku wis teka. Gek enggal dibukak labune, aku selak kepingin weruh isine. Mbok Rondo :Yo, yo kene tak irise. Bareng diiris, jebul isine ora mas-masan nanging kewan-kewan kayata ula, kalajengking lan sapanunggalane. Kewan-kewan mau langsung mlathuk Bawang Abang karo Mbok Rondo. Wong loro pada mati bareng. Sakteruse Bawang Putih urip mulya.

Anda mungkin juga menyukai