SEPISAN LAN PUNGKASAN Wektu kuwi aku lagi muggah kelas 5.

Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang, nyaris gundul. Pokoke mesakake banget perawakane. Ing dina sepisan muggah kelas kuwi, Bu Guru ndawuhi saben murid kanggo ngenalkake awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas.. saiki gilirane cah anyaran lanang mau ngenalkake awake. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndawuhi murid-murid meneng. Nanging yo dasare bocah tetep ora bisa meneng, bocah-bocah ngempet ngguyu nganti rupane abang. Maksude kareben ora diseneni Bu Guru. Mlakune cah anyaran mau nagnti keseret-seret. Wektu dheweke ngadek sikile gemeter. Ing ngarep kelas, banjur dheweke ngenalke awake. ” Je . . jeneng . . jenengku . . Ad . . Adri ” jarene gagap. ” A . . aku . . sa . . saka . . ess . . SLB Harapan 1 .” Kanca-kanca sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone Adri ngomong tetep diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku. Adri mesti mangkat paling gasik ning sekolah. Sesuk esuk, pas Adri lagi mlaku karo nggawa buku saktumpuk, sikile disandung karo kancaku sing gaweane ngenyek Adri. Dheweke tiba, bukune morak-marik ning jubin. Atiku trataban weruh kedadean kuwi. Ora ana sij-sijia kancaku sing arep nulungi Adri. Malah padha nggeguyu, ana sing mung ndeloki kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadek, aku arep nulungi Adri karo mberesi bukubukune Adri sing morak-marik mau. Adri banjur ngucapkake maturnuwun karo aku, tangane isih ngebut-ngebutke klambine sing reged. Ing sekolah, Adri ora nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang malah pada ngenyeki awake Adri. Ana sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing ngenyek karo niru-niru solah bawane Adri. Nalika kanca-kanca sing wedhok ora gelem cedhak-cedhak karo Adri. Amarga perawakane Adri sing cacat mau. Wiwit prastawa pas aku nulungi Adri, dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Adri wis nganggep aku dadi kancane. Aku yo narima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku. Aku ora mbeda-bedakake kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak banget karo Adri, mung kanca biyasa. Soale aku nduwe kanca kenthel dhewe. Aku ora ngerti nek Adri nganggep aku dudu kanca biyasa. Nganti ing sawijining dina, pas aku lan kanca-kanca kenthelku lagi padha ngumpul, Adri teka banjur srawung marang aku lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan, yo ditutke karo Adri. Pokoke ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke. Wis ngrasa rak kepenak, aku ngusir Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedhaki aku, aku sing lagi sensitif dadi mbentak Adri. Karo kaget, Adri mlayu mboh ning endi. Udakara patang wulan sakbanjure kuwi, Adri wis seminggu ora mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani Adri. Bali sekolah, aku sakanca sekelas nggoleki omahe adri kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri marang Bu Guru. Aku lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat omahe Adri. Nganti tekan ing perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung. Banjur dhewe tekan ing ngarep omah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Aku ndodog lawang omahe sing gedhe dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero, ibuke Adri mbukake lawang. Ibune nduwe paras sing

Biyasane wong-wong padha ora gelem cedhakcedhak Adri amarga perawakane sing cacat. Ibune crita nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit sing serius.” wangsulane Bu Neli. Aku sakanca-kanca isih mlengo ndhelok omahe Adri sing megahe kaya gedung. Dek Olin pancen kanca sepisan lan pungkasane Adri. ” Wiwit cilik. Adri pengen ngucapake maturnuwun amarga Dek Olin gelem dadi kancane Adri. ”Iki ndak Dek Olin?” Aku manthuk alon. Aku wis ora sabar. Bu Neli. ” Adri wis nyusul Bapake. Sanajan mengkno. Adri ora nduwe kanca. Adri wis ditinggal Bapake wiwit umur 6 taun. Nyatane Adri isih nganggep aku kancane. Dheweke pengen banget mlebu sekolah umum kanggo nggolek kanca. Sadurunge Adri sekolah ning SLB. aku njaluk ngapura yo . Adr pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Olin. Ibune Adri nalika crita mandheg sedela. aku lan kanca-kanca liyane nangis ing kono.” Dening : Geraldine Mariauli Banurea . . malah sahabate. Dadi Adri wis meninggal ? Ngopo cepet banget ? Aku durung sempet njaluk ngapura marang Adri. nanging mripatne kethok bengkak kaya bar nangis. Atiku trenyuh. Aku ndredeg. ” Sadurunge lunga.ayu. Pikiranku wis ning endi-endi. Adri ora tau isin utawa ngeluh karo keadaane. mripate nerawang ing langit-langit omah. gara-gara bapak nduwe penyakit sing padha karo Adri. ”Lha Bu. ” critane Ibune Adri. Ibune Adri manggakake dhewe mlebu. Karo ngomong mripate mbrambang. karo ngombe obat-obatan saka dokter utawa obat-obatan tradisional kayata jamu. Teka-teka Bu Neli takon. aku nangis sesenggrukan maneh ing kono. Aku wis ora bisa ngmong apa-apa. Wis pirang-pirang kali Adri nglakoni terapi. Kanthi rasa ora percaya. Banjur Bu Neli maringi lipetan kertas saka kantonge.” Aku mbuka lipetan kertas mau. Bu Neli malah nunduk. atiku wis dagdigdug ora karuan. saiki Adri ting pundi? ” pitakonku nyela critane Bu Neli.. ” Dri. Ibune Adri wis ngerti tekane dhewe arep nakoni Adri.

pikiranku kelingan dhek jaman semana aku duwe kathok kodhok sing anyar.. Letug ngebrok! Letug ngebrok!" Mboko siji kanca-kancaku padha mlayu nyingkiri aku karo nutup irunge. Dineng-nengi ben ora ngganggu.." Aku banjur mlaku nyedhaki ponakanku sing umure durung ana limang taun. Mbok menawa bapak ibune mung durung sempat wae.preet.weeee..." Panjaluke adhiku wadon iki. Mergane yen dienggo anget tur ora mlotrak-mlotrok. njekut sinau nyiapake ujian komprehensif. Malah luwih akeh padha nganggo basa Indonesia." Teta jenenge ponakanku mau. kepengin ditukokake klambi anyar. nanging wis migunakake tembung Papa utawa Mama. "Ya. Sawatara crita bab kathok kodhok.. Aku mung bisa nangis nggugug ditinggal kanca-kancaku. Kan kasihan kalau adik nangis terus... .. Saben bocah yen krungu tembung kathok kodhok bisa banjur senenge ora mekakat. dijaga anakku iki. "Udah yah. "Kenapa menangis terus Teta? Apa karena dinakali Mama?" "We. Mulane ing kulawargane adhiku. Kathok kodhok dadi favorite bocah-bocah. Ora ngerti apa kuwi sing jenenge kathok kodhok. Aku dolanan ingkling karo kanca-kancaku neng ngomah.. Bocah-bocahe padha ora seneng. Suara pret.. dheweke banjur ketok lega. ing tengah-tengahe dolanan ingkling.mau enggak?" Krungu jawabanku mau.. Teta mau dibelikan baju baru . Iki gawe jengkele ibune sing lagi sibuk nyiapake mulang. Aku jan lagi buneg tenan lho. "Besok Pak Dhe belikan yang namanya celana kodok ya? Tahu enggak kamu?" Jawabane ponakanku mung gedhek-gedhek.. "Kang Letug.Cerkak: KATHOK KODHOK Dening Tangkisan Letug Ponakanku sing cilik dhewe lagi nangis.. Kamangka dhek jaman cilikanku. Banjur miwiti nganggo basa Indonesia. Rasane lucu yen aku nyoba nganggo basa jawa sing alus.. Bocah-bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang wongtuwane. dak neng-nengane. Aku banjur crita marang ponakanku ngenani kathok kodhok kuwi. basa padinane campur.we.. aku ngebrok (ngising neng kathok).. tulung ya. Ngusap luh neng pipine... Pancen bocah jaman saiki basa jawa sing alus ora padha ngerti. kathok kodhok kuwi istimewa banget... blaik.." Aku omong nganggo basa Indonesia. Tangise ora kaya biyasane. "Besok Pak Dhe belikan ya. Bojone durung mulih saka nyambut gawe.. senajan ta isih mimbik-mimbik manja banget..Mama sedang sibuk tuh.. preeet.wee.jan ora karuwan! Kanca-kancaku banjur padha bengok alok: "Oeeee.. banjur ambune wah. Nanging. Dene anak-anake liyane wis padha mlebu neng kamare dhewe-dhewe.

Ibuku ora wegah nyedhaki ambune regedanku. Aku mandeng ibu sing isih gumujeng lan gawe tentreme atiku. Aku ora dinesoni. sing nyedhaki aku ora liya ya ibuku. aku mung bisa ngguyu dhewe. nanging. . Nanging aku bisa nemu gumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku. Ibuku ora duka weruh kathok kodhok anyarku dadi reged.Aku nangis merga kathok kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuran saka wetengku. ngresiki reregedaning anak. Kelingan pengalaman mau. Ibuku malah mung gumujeng. Aku banjur dicandhak digawa menyang wc. Yen ing kulawarga isih ana ibu sing bisa gumuyu. Lan aku banjur meneng anggonku nangis. Ibuku ora wegah ngresiki regedanku. Ora let suwe. Kathok kodhokku sing anyar wis reged lan mambu. Ibuku ora wegah nyandhak awakku lan nyawiki aku. sepira begjane wong neng alam donya yen akeh sing isih padha bisa gumuyu uga ngresiki reregeding urip bebrayan.

sangsaya ketara pupus panalare. Sing ditanggap iki ora mung dhagelan thok lho lur. Pak Bandi minangka jejere ketua rombongan kaya-kaya kentekan akal kanggo nguripake suksmane rombongan kethoprake. Lasirin ora nate keri. sithik baka sithik Lasirin bisa mersudi kabisane ing babagan gecul-geculan. Nanging bebasan dheweke mung keplok tangan sisih. Bebasan dheweke kuwi tanpa dhangka tanpa sengkan. le. Lasirin banjur nembang lelagon sing dipesen penonton lumantar tulisan ing dluwang sasuwek sing dikatutake njero wungkusan lan amplopan mau. Mbah Mangun gelem nampa panglamare Lasirin. “Eeeee…. Ing wektu-wektu iki pancen Lasirin kerep lowok ora melu manggung. Cekake. malah sok nganti kepentut-pentut. “Apa Pakdhe Lasirin kudu tak peksa munggah panggung maneh ya? Ah! Sajake nglengkara. “Nonton kethoprak Mangun Budaya nek gak ana Lasirin padha karo ora! Mulih mulih!” ngono aloke penonton. dalem nyuwun kali damar Gusti…… mesakaken lare-lare sami kecalan sandhang patedhanipun. wola-wali meh saben wengi. Lasirin nekad nyaguhi. Kenya sing dituju prana kuwi babar pisan ora nimbange katresnane. Sanadyan durung nate nglakoni dadi seniman kethoprak. ketua rombongan sing saiki. yu. ora nganggo lakon-lakonan ya ora apa-apa paribasane. yen perlu hengga puput nyawane. Mula saben rombongan kethoprake entuk tanggapan. Jare biyen dheweke ya duwe pengankah kaya wong wong akeh kae. Nanging ya kudu mbayar dhewe lho gus. Malah-malah amarga saking moncere. Gusti…” ngono pisambate Pak Bandi ing batin. dheweke ora nate ngandhaake asal usule. Nanging dheweke lali yen kahanan ragane wis ora kena diajak kompromi. Tanpa Lasirin wis kena dipesthekake yen Mangun Budaya ora bakal payu tanggapan. banjur katon siji baka siji padha bali kanthi nggawa ganjelan kuciwa ing ati. Uripe mung bakal diudhokake kanggo wong akeh. Lasirin kaya-kaya minangka suksmane rombongan kuwi. janjane dheweke wis wegah banget munggah panggung. sanadyan dikantheni bengkerengan adu gurung karo pimpinan rombongan kethoprak luwih dhisik. paribasane mbuwak mbuntel. Wis ben. Bola-bali wis klakon yen rombongan kethoprak kuwi pinuju pentas nanging tanpa Lasirin. sing nanggap lan penontone pisan mesthi kuciwa. Ora ana baguse sithik-sithika. Krungu wangsulane Lasirin ngono mau. para penonton malah nanggapi pating blerok sing ora jelas basane. Wusana dheweke minggat saparan-paran. wong kleyang kabur kanginan. Suwene-suwe ora payu tanggapan babar pisan. Bandha ora gableg. Banjur isih kudu nebar panglipur marang para penontone. sing kepengine mung kudu kepranan atine awit saka geculane. Lasirin diangkah supaya terus tetembangan lan jejogedan sewengi natas. Kena-kenoa. Upama dheweke munggah panggung tanpa lorengan ngono para penonton wis mesthi ngguyu kepingkel-pingkel. Banjur para penonton padha iwut nguncali wungkusanwungkusan wujud apa wae. Huh! Kesel! Dheweke pancen kesel tenan. Ndhagel. gene kethoprake dadi mati? Ora ana liya mung kajaba Dhagelan Lasirin sing klakon pensiun kuwi. nanging kethoprak komplit. Nalika samana sing dadi tetuwanggane Kethoprak Mangun Budaya ora liya Mbah Mangun. Mula dheweke banjur kepeksa prei ora kuwagang munggah panggung maneh. katimbang nyebut jeneng resmi rombongane: Sandiwara Kethoprak Mangun Budaya”. Penyakit tuwane arupa loyo lan watuk mengi saya ngrembaka. Tekade arep mbujang selawase. Lasirin pancen wis dadi dhuweke masyarakat pandhemen kethoprak ing wewengkon kono. wong-wong padha luwih gampang nyebut kanthi jeneng “Kethoprak Lasirin”. Mbok menawa jalaran rupa gawan bayine sing katon ala lan lucu kuwi. Ya ora jeneng mokal yen ana prawan sing nolak katresnane. Umure pancen wis ngancik eketan munggah.Lasirin Dhagelan Kethoprak Dening: Masdjup (Ki Dhalang Sulang) Paitane Lasirin ora liya ya mung saka rupane sing kawit biyen mula wis katon lucu. mesthi melu munggah pangung. nanging wose padha marem banget atine. nang. nyatane ora kepangan dening para penanggap lan pandhemen. Yen Lasirin wis tumandang ngono kuwi. tetembangane.Wusana dheweke klakon dadi bintang panggung. akandhang langit akemul mega. Mung wae ana sing nate krungu riwayat asmarandanane. Jan ala tenan. nalikane penonton padha alok supaya dheweke terus wae anggone ndhagel. Jenenge saya moncer. si Marno Singkek kuwi. lan uga kesel jiwane. Dhuh Gusti. malah ora kurang sing padha nguncali amplopan isi dhuwit kanggo saweran. kepuyuhpuyuh. Dene sabab musababe ora liya marga dheweke wis katon lara-laranen dipangan taun. Upama ora krana wis dadi sandhang pangane wiwit enom hengga seprene mono.” ngono wangsulane Lasirin karo plerak-plerok nggregetake. Kesel ragane. Mung wae sajake atine wis kadhung sengkleh ing bab donyane katresnan. Anggone nembang mesthi dikantheni njoged pethakilan sing katon unik lan nganyelake. lan solah tingkahe Lasirin ing panggung. karepe dhewe. penonton saya kranjingan lan gemes banget. bapake Pak Bandi. luwih-luwih dadi dhagelan. nanging dhapukan sing lowong mung minangka pendhagel. he he he he he….. Nek pengin nanggap khusus dhagelan Lasirin ya sesuk wae. Apa maneh isih kudu ngonthel sepeda tumuju menyang lokasi pentase. . Nganti tumeka sawijining desa sing nduwe rombongan kesenian kethoprak Mangun Budaya kuwi. Sing nanggap uga melu gela. Rokok. Dheweke nekad nglamar dadi anggota rombongan kuwi. Sing nonton dadi sepi. Dheweke ngerti banget underan perkarane. sahengga saya surut pamore. kesel pikirane. jajanan. Karo maneh yen dheweke tetep ngaya lan nekad penthalitan kuwi arep nggolekake sapa? Lha wong ya ora anak ora bojo wae! Kasunyatane dheweke pancen wis ora duwe kulawarga babar blas. Apa maneh rupa. Mula ora kurang sing banjur padha mangkas bayaran tanggapane. yakuwi kepengin mangun bale somah karo sawijining kenya nunggal kampunge. Rombongan Kethoprak Mangun Budaya klakon kelangan bintange. Aweh panglipur marang sapa wae lumantar ndhagele ing panggung. Njur kepriye caraku kanggo mbalekake nyawane Mangun Budaya? Wis tak jajal golek gantine Pakdhe Lasirin kanggo dhapukan dhagelan. Minangka ijole. Sadurunge manggon ing desane sing saiki kuwi. Ndilalah penonton padha nampa kathi senenge ati.

nanging dheweke malah miris nyawang polah tingkahe Lasirin sing sajak kebablasen semangate. saben ana tanggapan… aku kudu diparani…. Seminggu sepisan Pak Bandi nlateni ngeterake Lasirin menyang dokter kuwi mau. Tabuh sanga bengi pentas diwiwiti. mengko tak cobane…. sing ditiliki katon gumlethak lara. Kethoprak Mangun Budaya ditanggap. Sing baku Lasirin kala-kala bisa ngaso sawetara. Wis gilig tekade kanggo ngabdekake sisa umure. Rombongan kethoprak Mangun Budaya bali ngrembuyung. Amarga ing wewengkone dhewe tur kanggo pengetan ari kamardikan. sing baku Lasirin kudu gelem bali munggah panggung. lan ora nggigil maneh…. “Beres. lan dibocengake…. aku welasana. Bebasan kaya dene nyandhung kembang cempaka sawakul-wakul gedhene. Pak Bandi saya mantep yen pentas ing kutha kecamatane ora perlu nganggo dhagelan Lasirin.. dheweke malah rumangsa dosa marang kanca-kancane ngethoprak kabeh. Mula dheweke banjur mbudidaya supaya Lasirin bisa rada direm semangate sing tuwuh makantar-kantar kuwi. Sepi. Banjur panyawange dibuwang metu adoh maneh. “Pisan…. “Bisa! Aku yakin sampeyan bisa ngayahi kaya wingi uni. Wis padha diniyati setengah sambatan. Carane. Ya mung krana ndhagel iki modhale kanggo lelabuh marang sapada-padane urip. sijine maneh kudu nglabuhi kanca-kancane. Tangane Pak Bandi kumlebat mijeti pundak lan gulune Lasirin.. Laris manis. Dene angka loro…. wangsulane Lasirin sawise nimbang-nimbang sawetara. Mung kala-kala ajeg sineling gigil watuk saka pendhagel tuwa kuwi. Marga ora dikabari mula ing bengi pentas kuwi Lasirin ora teka temenan. Yen pengin dadi pegawe. Sing dirimuk durung kumecap. apa dene Jaeman Klithik gak paja-paja yen ditandhing karo sampeyan. Bengi kuwi kepeksa .”. Mula Lasirin uga ora dijawil. Ngepasi dina pengetan ari kamardikan pitulas Agustusan ing kutha kecamatane. lan ora kena ulah gawe sing abot-abot. nganti tekan panggonane sing nanggap… ya mung kuwi sarate…. Luwih-luwih sedina sadurunge. Ora kena melek bengi. Pak Bandi disawang satleraman. “Ya wis…. Bisa nglancarake dalan pangane kancakancane. Ora ana dalan liya maneh. Apa ya … isih kuwawa… mbadhut?” wangsulane Lasirin karo menggeh-menggeh ngampet mengine. Sadurune mlebu ing omah sing luwih pas disebut gubug kuwi. Pak Bandi tetep sabar angranti wangsulan saka wong tuwek elek nanging sing tansah dadi klangenane wong akeh iki. lan uga…. kala-kala Lasirim ora dikabari yen pinuju entuk tanggapan ngedhur tanpa leren. Lasirin bali manggung. Marno Singkek. Sanadyan penontone mengko bakal padha kuciwa ya ora dadi apa. Sajake padha kentir marang arusing lamunane dhewe-dhewe. Landhung banget. Lik. aku isih dibutuhake kanca-kanca…. para warga kabeh…. Wis ta. “Sarate apa. Lasirin gedheg-gedheg. dheweke sing rumangsa paling luput. Embuh apa tegese unjal ambegane kuwi. Mula ing sawijining sore dheweke klakon nyambangi Lasirin ing omahe. sing didhapuk minangka dhagelan ora liya Damin sing adate dadi pasangane Lasirin. penthalitan. Lasirin unjal ambegan nyendhat-nyendhat.Sidane dheweke nekad nyoba ngglembuk marang Lasirin. Embuh carane. Sampeyan nyimpen kabisan sing ngedab-edabi ing babagan gecul-geculan. Uga bisa aweh panglipur marang sagunging warga sakiwa-tengene. Sing siji kepengin ngeman awak. hengga rada lerem watuke Lasirin. Dheweke krasa mongkok lan marem banget atine. “Sampeyan apa gak mesakake marang kanca-kanca ta. Nardi Meler. Yen pancen ngono tenan. anak bojone njur dha dipakani apa coba! Kamangka yen arep padha nyambut gawe liyane ngethoprak. Macul wis dha wegah. karo sedhela-sedhela watuk menggehmenggeh. nek pancen…. sajake wis padha lali carane. Yen dheweke klakon waras lan kudu mangkat manggung maneh. Yen nganti ana apa-apane Lasirin. njur kantor ngendi sing gelem nampa wong mbambungan kaya kanca-kancane dhewe iki? Mula ya. Kekarone dadi meneng-menengan. Mripate kethap-kethip nyawang menjaba. Ganep patang minggu sajake Lasirin wis katon sehat. Pak Dhe! Tak sanggupi. Sanadyan Mangun Budaya bali gumregah. jalaran ya dheweke sing ngojok-ojoki Lasirin supaya gelem manggung maneh. Sanadyan ta nggawa resiko gawe kuciwane wong sing nonton apa dene sing nanggap. Piye Pak Dhe?” pandheseke Pak Bandi. Lasirin saya ngedan anggone dhapuk dhagelan. Ya mung iki siji-sijine syarat-sarengat amrih pakumpulan kethoprak Mangun Budaya bali moncer. Dheweke ora tega marang nasibe kanca-kancane yen nganti padha kaliren krana wis ora payu tanggapan. Pak Bandi unjal ambegan. nalika Pak Bandi tilik menyang omahe Lasirin.. Nganti sawetara wektu. ngono dheweke mbatin kanggo nguwatake tekade. Nanging Lasirin mbatin yen ora bakal bisa nuruti nasekate dokter iki. Sidane dheweke nibakake pilihan kanggo kapetingane wong akeh. Pak Dhe? Yen ora ana sing nanggap. awakku… wis gapuk kaya ngene….”.. aku gelem bali manggung…. mula Pak Bandi sarombongan ora mathok rega tanggapan kaya adate. Mung wae dokter pesen yen Lasirin kudu gelem njaga awak lan mangane. mesthine kudu melek bengi. kalamun kepeksa pentas kethoprakan tanpa Dhagelan Lasirin.. “Sampeyan… rak ngerti dhewe ta. lan pethakilan ing ndhuwur panggung.”Luwih becik sisa umur iki tak anggo aweh pitulung marang bala-bala mbabungan kae”. Kosok balen karo Pak Bandi. mbakul gak dha gableg modhal. Pak Dhe! Dene bab penyakite sampeyan mengko bakal tak tambakake nyang dokter nganti saras. sampeyan njaluk apa lan bayaran pira anggere gelem bali manggung maneh!” pangrimuke Pak Bandi marang Lasirin sawise kekarone lungguh lincak pring njero omah kuwi. Nalika tiba giliran ekstra geculan sawise jejeran kedhatonan. Omah cilik balungan lan gedheg pring sing saya dhoyong sajak arep rubuh. sing abote ora kalah yen ditandhing karo wong nggoluk ing sawah apa dadi manol kae. Wis saiki sampeyan ndang salin klambi. Tenan iki.ning ana sarate…. Pak Dhe. Pak Dhe?” panyaute Pak Bandi karo wiwit katon padhang raine. Ayo saiki uga tak gawa nyang dokteran!” Ing wektu kuwi uga Lasirin klakon diobatake menyang dokter ing kutha sing ora patiya adoh saka desane. Embuh lerem temenan apa pancen diampet. Ing batine dumadakan tuwuh perang tandhing swara loro saka njero sing padha sorane. Banjur nggigil maneh. yen wis waras….

merdekaaaaa!. Bareng keber ngarep ditutup. Terus lan terus anggone nglucu. “Merdekaaaa!…. Sing dikuwatirake Pak Bandi klakon temenan. Lan……meh kabeh padha njerit nalika Lasirin klakon nggeblag ing ndhuwur panggung.dipasangi Pak Bandi dhewe. Ing tengah-tengahe penonton ana sawijining pawongan sing nganggo klambi kimplongan werna putih. Pawongan sing nganggo sandangan putihputih lan nganggo udheng merah putih kuwi ora liya pancen Lasirin temenan. Kekarone banjur katon ngoyog-oyog awake Lasirin. Pak Bandi nyoba aweh sasmita marang Lasirin supaya anggone ndhagel dilereni luwih dhisik.merdekaaaaa!” dumadakan ana swara saka tengah-tengahe penonton sing lagi padha ngamuk kuwi. Kabeh nuli katon mlengaki asaling swara. Lasirin klakon ndhagel. Penonton ora bisa nampa alesan kuwi. Banjur liyane padha kepancing niru. sinambi jogedan pethakilan. Sirahe nganggo udheng abang putih saka dhuk Pramuka. Swasana dadi rame semrawut. para penonton padha genti ngrangsang para pengrawite. Lasirin tumekeng pati nalika lagi ngayahi jejibahan sing wis diyakini. Kabeh-kabeh padha nuntut supaya Lasirin bisa ditekakake ing bengi kuwi uga.Keber bali dibukak. Banjur kaya adate akeh sing padha nguncalake wungkusan isi rokok. Para paraga Mangun Budaya liyane uga banjur melu ngrubung Lasirin. Penonton ora mendha pangamuke malah saya ndadra. “Hidup Lasirin! Hidup Lasirin! Hidup Lasirin” ngono sorake penonton kaya ambata rubuh. Jumbuh marang solah tingkahe Lasirin sing saya ngedan.*** . Pak Bandi lan Damin padha gugup mrepegi Lasiran sing tiba mlumah ora obah ora onthek kuwi. Kekarone padha mbudidaya gawe geculan lan jejogedan kanggo aweh panglipur marang penonton. Para punggawa Hansip padha nyoba melu nentremake penonton. kajaba amung Gusti Kang Maha Suci... Salah siji ana sing mbalangake gelas wadhah aqua menyang panggung. dikancani Pak Bandi lan Damin. Ing bengi iki ngepasi pengetan ari kamardikan. Kabeh kepengin nyumurupi kahanane Lasirin sing sabenere. Siji baka siji layang pesenan lelagon saka penonton dileksanani. “Merdekaaaa!” aloke Lasirin karo ngepelake tangan tengene. Nanging Lasirin tetep ora kemruget babar pisan. Pak Bandi lan Damin mudhun saka panggung bali menyang kombongan. nanging wis ora digubris babar pisan. Penonton padha kuciwa bareng diwenehi ngerti yen bengi kuwi Lasirin ora bisa aweh panglipur amarga lagi nandhang lara. Banjur nganti ganep pirang ndina jenenge Lasirin bakal dieling-eling dening para warga? Kabeh ora padha ngerti.. nembang. Lasirin kanthi trengginas munggah panggung sing kebere isih durung dikerek munggah. nglawak. Keber ngarep dikerek mundhun. uga karo ngangkat tangane. Apa ya dheweke wenang sinebut minangka sawijining pahlawan? Sing cetha dheweke ora bakal dikubur ing Taman Makam Pahlawan ngendi wae. Salah sijining penonton ana sing alok ngundang jenenge Lasirin. Penonton saya kranjingan. Nanging Lasirin ethok-ethok ora ngerti sasmita saka Pak Bandi. nyawatake apa wae sakecekele marang Pak Bandi lan Damin. . lan amplopan kanggo nyawer. Mula para penabuh gamelan nuli padha buyar mlayu ngadohi panggung. Pancen bener. Mengko yen wanci tengah wengi bisa ditutugake maneh. kaya-kaya dheweke kepengin ngesok glogok kabeh kabisane kanggo aweh panglipur marang kabeh warga masyarakat. Nanging sajake pancen wis tiba marang pepesthene. ndhagel. Swasana malik grembyang. Kaya dudu sabaene. Penonton padha lega atine. “Merdekaaaa!” kabeh penonton padha nyaut kanthi serempak. Pak Bandi lan Damin wiwit kuwatir marang polahe Lasirin kanggo nglanggati panjaluke para penonton.

abóót… bangêt. aku duwé kênalan kang sajaké ngajak sériús. aku arêp tilík wóng tuwaku yå…!” Aku pamít bojoku. Pas sliramu dadi mantèn kaé aku ora biså jagóng. bangêt…. “Åpå karo garwamu? Ndi aku péngín kênalan.Katresnan Sejati Ora Teka Bola Bali Katrêsnan iku pancèn naté ånå. atiku kåyå suwúng …. têrús diajak rabi. Suwé-suwé aku yå pasrah. Mula sênajan lagi têlúng sasi nggónku kênalan. mulå aku yå didhawuhi ngêdóh såkå mas Pram. Pancèn tênan. aku ora bisa sélak yèn råså trêsna iku pancèn ånå. Såpå tå sêjatiné síng manggón nèng njêro atiku? Mas Pram apa bojoku? Ah… bingúng aku… Ladènanku kang adhêm gawé cuwaníng bojoku. yèn mas Pram iku putrå pupón. “Åjå yå… ndhúk…. Arang mulíh. Iku ora apík. nangíng aku kêpéngín nudúhaké marang såpå waé – utamané Budhé. Upåmå panjênêngan ngêrti sêjatiníng atiku…. nangíng énggal tak usap nganggo tangan… “Mas ora usah nggodhå aku kåyå ngono. Aku mundhak têrsanjúng lho mêng…!” aku isíh mbudidåyå ngguyóni. sênajan aku ngêrti yèn pênggalihé sêjatiné ajúr amargå kudu maprasi thukulé katrêsnan antarané aku lan mas Pram. Bapak banjúr ngutús aku pindhah sêkolah mênyang kuthå liyå kang adóh såkå mas Pram karêbèn critané tamat lan sêminé katrêsnan ora tansåyå ngrêmbuyung. sêpi… pêríh. “Dhík Santi. amargå tugas nyang luwar Jawa”.. Njênêngan kuwi yå ånå-ånå waé. “Lagi waé kók mas …. Tênan yå mas aku nyuwún kanthi bangêt Pancèn kabèh mau bênêr. mas Pram. Aku pancèn salah. Nangíng ora ånå…!” “Ora ånå … piyé?” “Ora ånå wêktu kanggo aku…. “Lha êndi…?” takóné bali marang aku. Kamångkå sêjatiné mas Pram kuwi putrå angkaté Budhé. mêsaknå Budhé yå… Åjå nganti mbók tåmpå trêsnané masmu…. ”Wístå åjå mbók turuti atimu. Róng taún såkå kuwi. Barêng wís nêm sasi aku omah-omah. yèn aku bocah kang “tahu diri”… bocah kang bisa ngêrtèni pênggalihé wóng tuwå. Sêríng bangêt. mósók yèn ora. aku ora duwé dåyå. Énggal golèkå pacar liyå bèn pênggalihé Budhému ayêm…“ mangkono ngêndikané Ibu makapíng-kapíng. Nangíng kêrsaníng wóng tuwå síng ora bisa dak sélaki. Lha Budhé tansah nutupi marang såpå waé.kirå-kirå sakjam kêpungkúr”.” wangsulanku rådå cuwå. Oh …. sênajan sêjatiné atiku abót. Aku ora maido yèn dhèwèké dadi sêríng plêsír karo kanca-kancané. “Ah kók ånå-ånå waé… Gèk kåyå ngåpå tå gawéyan iku… Nganti tégå nguciwakaké adhiku síng ayu dhéwé ngéné iki…!” kandhané bantêr. nganti ora bisa ngêtêraké sliramu réné…?!” “Yå ora sibúk…. nganti suwésuwé aku risíh dhéwé. amargå piyé-piyéå mas Pram iku kangmasmu dhéwé…“ Budhé tansah ngêndikå mangkono. Aku ora biså ngapusi atiku. ugå mas Pram. Mas Pram gagéyan mlêbu omah nggolèki bojoku …. aku nganti kayungyún… Nangíng trêsnaku ora naté éntúk ati…“ “Mak plêng rasaníng atiku. ati iki ora biså gampang ditåtå. tênan åjå yå… Émana marang Budhé…. “Åpå aku ayu tênan tå mas…?” aku mbédå mas Pram. Dadi Budhé mati-matian mênggak iki kabèh. arang gunêman. lårååå…. yå Ibuné mas Pramónó. nangíng yå amargå mêsakaké lan ngajèni pênggalihé Budhé. Aku pasrah. Sêjatiné Ibuku wís pirså sakabèhé kuwi. “Lha iyå tå…. sêjatiníng rasaku… Alón lúhku tumètès…. Budhé ora kêrså yèn mas Pram jêjodhowan karo aku mêrgå isíh misanan. “Såpå tå mas síng panjênêngan golèki? Lha wóng aku têkå ijên kók …!” kandhaku. Råså iku pancèn naté dak rasakaké. aku kêpéngín golèk dalan . nangíng nganti mubêng-mubêng ora kêtêmu. Aku ora bisa sélak… Aku ora bisa ngapusi atiku… Dhúh Gusti nyuwún pangapuntên déné raós punika taksíh njanggêt wóntên manah kulå íngkang ringkíh. aku manút waé. “Kók ngono? Åpå garwamu sibúk. Yå wís… sênajan ati iki isíh lårå. “Mas. yå… dadi arang sak kabèhé. Råså iki ora gampang diapusi. kapan têkamu…? Aku kók ora dikabari yèn sliramu arêp têkå…?” pitakóné nalikå wêrúh aku nèng dalêmé Budhé.

kêmpút ngubêngi kuthå. “Lårå piyé dhík…? Åpå garwamu nglarani atimu…?” mas Pram takón sajak kagèt. aku yå ngrasakaké kåyå síng panjênêngan rasakaké. nalikå lungguhan. Punikå sanès mblénjani janji…. sêjatiné aku arêp crita yèn sêjatiné atiku iki yå lårå… lårååå bangêt lho mas…. piyé yèn mêngko bêngi aku panjênêngan têraké mlaku-mlaku …? Wís kangên kutha iki…Wís suwé ora mulíh …. “Dudu … dudu kuwi mas. kawulå namúng badhé padós margi. lan aku sowan Budhé.co. Nutúp crita lawas lan mbukak lakón anyar. bali marang bojoku priyå kang kudu dak trêsnani.kanggo mêtu såkå råså bingúngku iki. kudu bisa milah-milih êndi síng pantês lan síng ora pantês. Nangíng kabèh kudu dak sélaki…. Bèn kuwi dadi rahasiaku dhéwé. nangíng ayo lårå iki kita dadèkaké pamêcút kanggo ngadêg luwíh jêjêg. Sésuké aku bali….com/index. Níng yèn ora ånå síng cêmburu lho…!” “Åjå anèh-anèh dhík … Síng cêmburu durúng laír. Aku kêtêmu manèh karo Mas Pram. Golèknå aku mbakyu kang biså dak dadèkaké pêlabuhanku. sênajan múng dilambari wêlas asíh marang liyan…“ tangísku ora kênå dak êmpêt. kangmasku. Aku lêgå mêrgå panjênêngan wís ngêrti isiníng atiku síng sak tênané…. “Mas Pram. supåyå ditrêsnani kåyå aku adhiné kang nrêsnani panjênêngan”. dadi sandiwårå …?” “Tênan mas… Kabèh iki åjå nganti ånå síng mangêrtèni.id/ http://ki-demang. Aku mênêng éthók-éthók ora krungu waé. angèl anggónku arêp mangsuli. aku mbukak rêmbugan. sênajan múng lêlambaran wêlas asíh. Aku lan panjênêngan wís diwåså.panjebarsemangat. dadi tênang waé…“ “Kók iså durúng laír tå mas… ?” “Lha iyå tå… wóng trêsna sêjati ngono ora têkå bola-bali…“ Atiku mak tratab. “Yåwís… Níng aku sibuk ora bisa ngêtêraké …“ bojoku pancèn sabar síng sak tênané. Amargå katrêsnan sêjati pancèn ora têkå bola-bali. Gústi Allah ora saré kók. kudu dak buwang adóh sênajan angèl… Amargå aku kêpéngín ngajèni pênggalihé Budhé… !” “Åpå iyå dhík…? Åpå iyå ngono…? Dadi saksuwéné iki kabèh dadi mistêri…. mugå-mugå tansah paríng pêpadhang marang awaké dhéwé. dadi åjå nganggêp múng panjênêngan dhéwé síng lårå. aku arêp nitipaké panjênêngan…. Mas Pram mlongo. punikå sanès lampah sèdhèng. Sidané bêngi iku aku lan mas Pram mlaku-mlaku. 2011 http://www. “Tênan ya mas… Aku nyuwún kanthi bangêt. nêkani panggónan síng biyèn naté dadi panggónan dolan. “Mas…. Cukúp awaké dhéwé waé síng ngêrti. kawulå nyuwún pangapuntên. atiku wis plóng! Yå iki síng dak péngini. mlaku luwíh bantêr lan nglairaké katrêsnan anyar. ayo nyawang ngarêp… Anggêpên aku adhikmu tênan sênajan gêtíh kita ora pådhå. Posted by admin on July 28. kêmbêng-kêmbêng ora bisa wangsulan.php?option=com_content&view=article&id=849&Itemid=748 . Sêpi… ora ana manèh kang biså dak ómóngaké. Dhúh Gústi…. Kapethik saking : Majalah Panyebar Semangat. Sidané aku budhal dhéwé …. margi íngkang padhang kanggé kawulå lan mas Pram.

Sign up to vote on this title
UsefulNot useful