Anda di halaman 1dari 1

Kualat

Nalika aku isih cilik, aku seneng nyeser iwak ing kali. Opo maneh lek lagi musim katigo, iso-iso saben mole madrasah aku budal nyeser, sampai- sampai aku bola-bali didukani ibuk. Ibuk ndhawuhi aku yen ing kali iku bahaya, banyune akeh penyakite, akeh lintane, akeh jeglongane, lan akeh liya-liyane. Tapi, pancen aku bocah mbetik, masih wis bola-bali didhawuhi marang ibu, aku pancet nang kali karo kanca-kancaku. Supaya aku ora mole telat lan didukani ibuk, dadi aku milih pas jam istirahat madrasah. Tapi, rupane Allah lagi ora ngekei nasib mujur marang aku lan kanca-kancaku, kali sing asat nyebabno akeh iwak mati lan gampang dijupuki uwong akhire tangkepan kita titik banget. Amarga iku, aku nekat nang kali gede. Aku ngrasa yen ing kali gede isih akeh iwake, amarga isih titik sing nyeser ing kono, lan kaline luwih gede lan ombo tinimbang kali sing gawene aku dolek iwak mau. Niatku tambah bunder nalika ketok kancaku sing nang kali gede luwih disek oleh iwak pembersi kaca, iwak sing terkenal ing kalangan bocah-bocah, amarga keunikane lan sorone nangkape. Tibake sing dakbayangake ora podo karo kenyataane. Ing kali gede iwak sing daktangkep yo titik pisan, amargo saking sorone nangkepe, malah luwih soro tinimbang nyeser ing kali cilik mau, amarga luwih gede, ombo lan jero. Sakdurunge aku mbalik menyang madrasah, aku muter-muteri kali gede disek, bee lek onok iwak nyasar nang seserku.Tapi, duduk iwak sing nyasar nang seserku, tapi sampahsampah, godong, lan barang-barang liyane sing dakolehi. Akhire, dakputusno aku balek. Tapi, moro-moro ana iwak pembersi kaca sing liwat ing ngarepku. Dakgodak iwak iku sampai akhire byuuuur aku tibo kenek jeglongan. Celana sing mau dakpingkis teles kabeh amarga tiba. Untunge klambiku ga melok teles. Duduk pada nulungi, kanca-kancaku ngece-eceakuaku kabeh. Duduk iwak sing dakoleh malah rasa isin sing daktrima. Iki mesti akibate ngelanggar perintahe wong tuwo. Aku kualat. Wiwit kedadeyan iku, aku ora wani nyeser iwak maneh.

Nama : Robby K. Afandi Absen : 25 Kelas : 8a

Anda mungkin juga menyukai