Anda di halaman 1dari 1

Matur kesuwun dumateng anggota jamiyah tahlil ing kang hadir malam sakmeniko.

Monggo sami-sami maos syukur dumateng Allah SWT. keranten kulo lan panjenengan sedoyo diparingi kekuatan dining Allah ing kang arupi kesehatan, sehinggo saged hadir wonten panggonan meniko, maos syukur Alhamdulillahi robbil alamin. Sholawat ugi salam mugi mugi tetep dipun limpahaken dumateng junjungan kito nabi besar muhammad Saw.Amiiin. Matur nuwun dumateng tuan rumah ingkang yediyani panggenan jamiyatul tahlil ingdalu niki mugi-mugi sederek tuan rumah dipun paringi tetep kandel iman lan islamipun lan dipun paringi pedek rejekinipun .amiiin....amiin yarobbal alamiiin. Matur nuwun dumateng rencang-rencang kulo sedoyo ugi ibu-ibu anggota tahlil ingkang saget hadir mugi mugi angsalo barokah sangking Alloh SWT.amiin Anggota jamiyah tahlil ingkang kulo hormati, Kulo sebagai wakil tuan rumah,nuwun ikhlas manah anggota jamiyah tahlil,kelawan pemaosan fatehah serto tahlil sakmafadipun mangke inkang dipun khususaken dumateng ahli kuburipun tuan rumah ugi ahli kuburipun ,kulo lan panjenengan sedoyo,mugi mugi angsalo kenikmatan kubur.Amiin Amiin yarobal alamiin.. Selajengipun pemaosan tahlil sakmapadipun ing kang dipun imami sederek kulo ......................... wakdal kulo sumenggaaken. Matur kesuwun dumateng ing kang sampun ngimami ugi jamiyah tahlil ing kang maos kolo wau, mugi-mugi dipun kabulaken dining Allah SWT. Amin Selajengipun malam Senin ngajeng manggen teng griyanipun sederek kulo ......................... Matur kesuwun, kulo sebagai wakil tuan rumah, menawi awal ngantos akhir wonten ing kang kelintu, kulo nuwun gunge pangapunten.

Anda mungkin juga menyukai