Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum warahmatullahi Wabarakatuh. Bapak Kepala MTs Ell Firdaus 1 Sidareja ingkang kula bekteni.

Para Bapak lan Ibu Guru ingkang kula kurmati. Adhi-adhi kula kelas pitu lan wolu ingkang kula tresnani. Para kanca kelas sanga ingkang kula tresnani ugi. Puji syukur kita konjukaken dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring berkah lan rahmat dhateng kita sadaya. Kanti rahmat lan berkahipun Gusti Allah kita saged ngawontenaken adicara pepisahan ing siyang punika. Kula minangka wakilipun kanca kelas sanga keparenga matur dhateng ngarsanipun Bapak lan Ibu Guru sedaya. Kapindah, kula sekanca ngaturaken agunging panuwun dhateng para Bapak lan Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca sadangunipun sinau ing sekolah punika. Kaping kalih, kula sakanca nyuwun donga pangestu mugi-mugi saged nglajengaken sekolah ing tataran langkung inggil. Kaping tiga, kula sakanca tansah nyuwun pangapunten dhateng Bapak lan Ibu Guru sadaya, awit kula sakanca kathah kalepatan sadangunipun sinau ing sekolah punika. Kaping sekawan, kula sakanca nyuwun pamit badhe nglajengaken sinau sekolah ing tataran langkung inggil. Kanggo adhi-adhiku kelas pitu lan wolu, kangmas lan mbakyumu kelas sanga uga kepengin kandha karo kowe kabeh. Sepisan, tansah mempenga nggonmu sinau. Kapindho, aku sakanca njaluk donga lan pamujimu muga aku sakanca bisa nerusake sekolah ing tataran kang luwih ndhuwur. Kaping telune, akeh lupute kangmas lan mbakyumu kelas sanga sing gedhe pangapuramu. Kaping papat, aku sakanca njaluk pamit arep nerusake sinau ing sekolah ing sekolahan kang luwih ndhuwur tatarane. Mekaten atur pamita kula sakanca, kula minangka ingkang matur mbok bilih kathah kalepatan lan kirang subasita tansah nyuwun pangapunten. Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai