Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Dumateng pinisepuh, sesepuh, Bapak, Ibu saha para wiranem langkung langkung Bapak Rohmadiyanto minangka selaku Kepala Dusun Ngijo ingkang atuhu kinurmatan, mboten kesupen monggo kita tansah ngunjukaken puji syukur dumateng ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kulo kaliahan panjenengan sedoyo, sahinggo kita saget makempal manunggal wonten ing papan menika kanthi hadicara malam Tirakatan. Bapak Ibu saha para rawuh sedoyo ingkang tansah kinormatan, kula selaku pranata adicara ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo pepindan awit rawuhipun Bapak, Ibu lan sedoyo tamu undangan ingkang sampun kerso rawuh wonten ing papan meniko dalam rangka malam Tirakatan mengeti Hari Ulang Tahun Proklamasi ingkang kaping 66 lan sekecakaken anggenipun lampahan dumugi paripurno acara puniko Gegandengan sampun dungkap ndalu monggo adicara wonten ing ndalu meniko enggal dipunpurwakani Sakderengipun kita purwakani, badhe kula waosaken adicara ingkang badhe lumampah Sepisan Pambuko Kaping kalih Atur Pambagyo harjo ingkang dipunslirani panjenenganipun Bapak Seno Subagyo Kaping tiga, Sambetan-Sambetan ingkang sepisan saking Bapak Dukuh Ngijo Ingkang kaping kalih saking Bapak Sri Prihartinto selaku Ketua RT 05 Kaping sekawan, pemotongan tumpeng ingkang badhe dipunslirani Bapak Sastrogolo Kaping gangsal, Lain-lain Kaping enem, Donga ingkang badhe dipunslirani bapak Tukimin Kaping pitu, panutup Mekaten adicara ingkang badhe lumampah Bapak, Ibu, para lenggah sedoyo, monggo kita purwakani adicara ingkang kaping sepisan inggih menika pambuko, monggo wonten ing adicara puniko kita doa sesarengan ingkang ngrasuk agama Islam monggo maos lafal Basmallah,, ingkang ngrasuk agama sanes kulo sumanggaaken Monggo kulo derekaken Adicara ingkang kaping kalih : Pambagyoharjo ingkang badhe dipunslirani deneng Bapak Seno Subagyo, dumateng Bapak Seno Subagyo Sumonggo katur Dumateng Bapak Seno Subagyo kulo aturaken matur nuwun Kito lajengaken adicara ingkang kaping tigo inggih meniko sambetan2 Sambetan saking Ketua RT 05, dumateng Bapak Sri Prihartinto sumonggo katur Dumateng Bapak Sri Prihartinto kulo aturaken matur nuwun Kita lajengaken,, adicara ingkang kaping sekawan pemotongan tumpeng ingkang badhe dipunslirani panjenenganipun Bapak Sastrogolo,, dumateng Bapak Sastrogolo kulo sumanggaaken.

Sakmeniko kita lajengaken adicara ingkang kaping gangsal inggih meniko lain-lain. Monggo para wiranem ............................................. Kita lajengaken,, adicara ingkang kaping enem inggih meniko donga Donga meniko badhe dipun pimpin deneng panjenenganipun Bapak Tukimin Dumateng bapak Tukimin Sumonggo katur Matur nuwun dumateng Bapak tukimin ingkang sampun mimpin donga menika Sakmenika adicara ingkang pungkasan inggih meniko panutup Sakderengipun acara meniko kita tutup kulo minangka pranatacara menawi wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun agunging samudro pangaksami Monggo wonten ing adicara pungkasan meniko kito tutup kanthi maos lafal Hamdallah ingkang ngrasuk Agami Islam, ingkang Agami sanesipun kulo sumanggaaken,, Monggo kulo derekaken Wasalamualaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai