Anda di halaman 1dari 1

SYAIR TANPO WATON (Al maghfurlah KH.

Abdurrahman wahid)
Astaghfirullah robbal baroya Astaghfirullah minal khotoya Robi zidni ilman naafia Wa waffiqni amalan sholiha Ya Rosulullah salamun alaik Ya Rofia syaani waddaraji Athfatan ya jiirotal alami Ya uuhailal juudi wal karomi 2x "Ngawiti ingsun nglaras syiiran Kelawan muji maring pengeran Kang paring rohmat lan kanimatan Rino wengine tanpo petungan 2x Duh,bolo konco prio wanito Ojo mung ngaji syariat bloko Gur pinter dongeng,nulis,lan moco Tembe mburine bakal sengsoro 2x Akeh kang apal Quran Hadise Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe dak digatekke Yen isih kotor ati akale 2x Gampang kabujuk nafsu angkoro Ing pepahese gebyare donyo Iri lan meri sugihe tonggo Mulo atine peteng lan nisto Ayo sedulur jo nglakake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhide Baguse sangu mulyo matine 2x Kang aran sholeh bagus atine Kerono mapan seri ilmune Laku Thoriqot lan marifate Ugo Haqeqot manjing rasane 2x Al Quran Qodim wahyu minulyo Tanpa tinulis bisa diwoco Iku wejangan guru waskito Den tancepake ing jero dodo 2x Kumanthil ati lan pikiran Mrasuk ing badan kabeh jeroan Mukjizat rosul dadi pedoman Minongko dalan manjinge iman Kelawan Allah kang maha suci Kudu rangkulan rino lan wengi Di tirakati diriyadhohi Dzikir lan suluk jo nganti lali Uripe ayem rumangso aman Dununge roso tondo yen iman Sabar narimo snajan pas pasan Kabeh tinakdir saking pangeran Kelawan konco dulur lan tonggo Kang podo rukun ojo gae sio Iku sunahe rosul kang mulyo Nabi Muhammad panutan kito Ayo nglakoni sekabahane Allah kang bakal ngangkat drajate Senajan asor toto dhohire Ananging mulyo maqom drajate Lamun palastro ing pungkasane Ora kesasar ruh lan sukmane Den gadang Allah suargo manggone Utuh mayite ugo ulese Ya Rasullauloh salamun alaik Ya Rofia syaani waddaraji Athfatan ya jiirotal alami Ya uuhailal juudi wal karomi 2x

Anda mungkin juga menyukai