Anda di halaman 1dari 16

MAKALAH BASA JAWI PIWULANG KASUSASTRAN JAWI BABAGAN SANEPA ING PAWIYATAN DASAR

Ditata kangge ngganepi tugas mata kuliah Basa Jawi Dosen Pengampu: Rohmatullaili Salamah, S.Pd.

Dening: RIZKA DIANA KAPRIATI A510100212

PROGRAM STUDI S1 PIWULANG DWIJA PAWIYATAN DASAR FAKULTAS KEGURUAN LAN ILMU PENDIDIKAN UNIVERSITAS MUHAMADIYAH SURAKARTA 2012

PURWAKANING ATUR

Assalamualaikum Wr., Wb. Muji syukur Alhamdulillah dateng Dzat ingkang Maha Murah, ingkang paring taufiq lan hidayah, Allah SWT, amargi kanthi rahmatipun, kula saged ngrampungaken makalah pembelajaran Basa Jawi punika. Ing susunan makalah punika, kula sadar menawi tasih kathah kirangipun ing teknis panulisanipun lan materinipun, pramila kula ngarepaken kritik lan saran saking sekabehanipun pihak supados makalah punika saged langkung sae. Ing panulisan makalah punika, matur suwun sanget dhumateng: 1. Drs. Saring Marsudi, selaku kaprodi PGSD, 2. Ibu Romatullaili Salamah selaku dosen mata kuliah Basa Jawi, ingkang sampun mbimbing panyusunan makalah punika. 3. Keluarga kula ingkang kila tresnani lan kanca-kanca ingkang sampun maringi arahan sarta pangerten marang kula, 4. Sedaya pihak ingkang boten saged kula sebataken naminipun setunggalsetunggal, ingkang paring pitulungan ing panulisan makalah punika. Mugi-mugi Allah paring pahala marang sekabehanipun pihak ingkang sampun paring bimbingan, lan saged ndadosaken bimbingan menika kagem ngibadah, Amiin Yaa Robbal Alamiin.

Surakarta, Juni 2012

Penulis

ii

ISINIPUN BUKU

HALAMAN JUDUL................................................................................................ i PURWAKANING ATUR ....................................................................................... ii ISINIPUN BUKU .................................................................................................. iii BAB I PURWAKA BASA A. Wawandaning Perkawis ................................................................................1 B. Momoting Perkawis ......................................................................................2 C. Ancasing Perkawis ........................................................................................2 BAB II SURASA BASA A. Kasusastran Jawi ...........................................................................................3 B. Piwulang Sanepa ing Pawiyatan Dasar .........................................................4 BAB III WASANA BASA ......................................................................................8 KAPUSTAKAN LAMPIRAN

iii

BAB I PURWAKA BASA

A.

Wawandaning Perkawis Sakmenika basa Jawi kapetang basa ingkang lumayan kathah dipunengge dening warga Indonesia, uga warga Jawi piyambak. Kawontenan menika kedah dipunjagi lan, menawi saget, derajat ingkang sampun dipungayuh menika dipunjunjung langkung inggil malih. Kathahing panganggep bilih para wiranom (generasi muda) basa Jawinipun risak, kaco, ngawur lan kathah sebutan sanesipun. Basa Jawi menika kedah dipun langgengaken. Menawi saget, malah dipuninggilaken. Boten wonten ingkang langkung rumaos remen ing penggalih kejawi tiang Jawi minangka warga tlatah asal mulanipun basa kasebat mbok menawi teng satunggaling mangsa mangke basa Jawi saget jaya ing jagad raya. Kangge nanggulangi bab menika, kita calon guru perlu ningkataken wawasan lan kaprigelanipun ing nyinaoni basa Jawi supados saged mbimbing siswa-siswa kanthi sae, supados saged nglestarikake lan ngrembaka ing basa lan budaya Jawi. Saderengipun damel cagak temtu masang pondasi langkung rumiyin. Menawi pondhasinipun kukuh lan bakuh, temtu cagak dalah sedaya wewangunan wau saget ngadeg jejeg kukuh lan santosa. Pondhasi tumrap ngrembaka lan lestarining Basa Jawi inggih menika pamulangan Basa Jawi ingkang leres. Kangge nglaksanakaken pamulangan Basa Jawi ingkang leres, kita selaku calon guru ing pawiyatan dasar, ingkang samangke ugi mucal Basa Jawi kedah mangertos pripun piwulang Basa Jawi ingkang leres. Salah setunggaling materi Basa Jawi ing pawiyatan dhasar inggih menika bab Kasusastran Jawi. Mucal kasusastran Jawi ing pawiyatan dhasar kalebet

2 tasih angel, amargi cacahipun kasusastran Jawi kathah sanget, lan siswasiswa SD dereng saged mbentenaken kanthi leres. Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken perkawis Piwulangan Kasusastran Jawi, ngenani bab Sanepa. Babagan sanepa minangka salah setunggalipun kasusastran Jawi miturut kula saged kagem tuladha piwulangan Kasusastran Jawi ing pawiyatan dasar. Kanthi panulisan makalah ngenani piwulangan kasusastran Jawi ing pawiyatan dhasar menika saged ndadosaken kita, mahasiswa PGSD, calon guru SD, boten kagok lan bingung menawi mucal wonten SD mangke.

B.

Momoting Perkawis Miturut wawandaning perkawis ing nginggil wahu, pramila saged dipunaturaken momoting perkawis inggih menika: 1. Punapa ingkang kasebat Kasusastran Jawi punika? 2. Pripun piwulang Sanepa ingkang saged diginakaken wonten Pawiyatan Dasar?

C.

Ancasing Perkawis Miturut momoting perkawis ingkang samput kasebat ing inggil, saged dipunaturaken ancasing perkawis inggih menika: 1. Kangge mangertosi punapa ingkang kasebat Kasusastran Jawi, 2. Kangge mangertosi piwulang Sanepa ingkang saged diginakaken wonten Pawiyatan Dasar.

BAB II SURASA BASA

A.

Kasusastran Jawi Tembung Kasusastran dumadi saking (ater-ater) ka susastra an (panambang); tembung susastra, dumadi saking tembung su + sastra. Tembung sastra dumadi saking wod sas- tegesipun mulang, ngajar, ngandhani, utawi nggulawentah. Imbuhan tra tegesipun piranti, alat, utawi sarana. Tembung sastra saking tembung Jawi kina astra tegesipun hukum utawi pranatan; ing Jawi enggal tembung sastra tegesipun sarana utawi piranti kangge mulang. Teges kalawau dangu-dangu ngalami ewah-ewahan utawi owah gingsir; inggih menika mujudaken salah setunggaling sarana utawi piranti kangge memulang. Mekaripun surasa lan tegesipun tembung sastra kalawau, satemah anggadahi teges menapa kemawon ingkang dipunserat. Sedaya ingkang kaserat, dipunwedhar sarana basa, karumpaka kanthi olahing budhi saha pikiranipun manungsa. Wohipun cipta saha budinipun manungsa ingkang kawedhar sarana basa utawi karacik kanthi wujudipun tulisan utawi basa lisan menika kalebet ewoning sastra. Wansa su- tegesipun sae, becik, utawi endah: dados tembung susastra ateges sastra ingkang sae, becik, utawiendah. Kanthi adhedhasar mulabukanipun utawi etimologi tembung kalawau, kasusastran tegesipun wohing pamikir saha budinipun manungsa ingkang awujud racikanipun basa lesan utawi tulisan ingkang ngemu kaendahan. Pramila berayan Jawi sami anganggep bilih basa lan sastra Jawi menika mujudaken peranganipun budaya ingkang adiluhung. Kasusastran menika mujudaken satunggaling sarana kangge nyumerepi saha mengertosi babagan tatakrama, subasita, unggah-ungguh, miwah gegayuhanipun bebrayan agung; kalebet kasusastran Jawi menika mujudaken peranganing kabudayan lan kabudayan dumadi saking kapitadosan, tatacara, lan upacara adat, cipta rasa budi karsa, saha sedaya 3

4 gegayuhaning bebrayan ingkang tansah dipunwarisaken utawi

dipunturunaken dhumateng para putra wayah, kalebet kita minangka calon guru SD kedah nyinau kasusastran Jawi kanthi leres.

B.

Piwulang Sanepa ing Pawiyatan Dasar 1. Standar Kompetensi lan Kompetensi Dasar Piwulang Sanepa ing Pawiyatan Dasar anggadahi SK lan KD inggih menika: Standar Kompetensi: Siswa bisa mangerteni tembung sanepa, ngrucat tembung, ndapuk ukara kanti bener, ngangsu kawruh basa babagan pepindhan, panyandra lan kasusastran jawa bab pedalangan. Kompetensi Dasar: Paramasastra - Mangerteni Sanepa - Mangerteni ngrucat tembung - Mangerteni dhapuk ukara Kawruh Basa - Mangerteni pepindhan lan tembung panyandra Kasusastran - Paring apresiasi marang susastra Jawa babagan pedhalangan 2. Indikator lan Ancasing Piwulang Menawi indikator saged kaperang inggih menika: Paramasastra - Siswa paring pangertene sanepa - Siswa paring tuladha tembung sanepa - Siswa paring pangertene ngrucat tembung - Siswa paring tuladha ngrucat tembung - Siswa paring pangertene dhapuk ukara - Siswa paring tuladha carane dhapuk ukara Kawruh Basa

5 - Paring pangertene pepindhan lan tembun panyandra - Aweh tuladha carane dhapuk ukara Kasusastran - Paring pangertene marang susastra Jawa babagan pedhalangan - Mangsuli pitakon babagan susastra pedhalangan Ancasing piwulang ingkang dipunkarepaken inggih menika: Paramasastra - Siswa saged paring pangertene sanepa - Siswa saged paring tuladha tembung sanepa - Siswa saged paring pangertene ngrucat tembung - Siswa saged paring tuladha ngrucat tembung - Siswa saged paring pangertene dhapuk ukara - Siswa saged paring tuladha carane dhapuk ukara Kawruh Basa - Siswa bisa ngidentifikasi pepindhan lan tembun panyandra - Siswa bisa aweh tulada carane dhapuk ukara Kasusastran - Siswa bisa ngidentifikasi susastra Jawa babagan pedhalangan - Siswa bisa mangsuli pitakon babagan susastra pedhalangan 3. Materi Piwulangan Paramasastra - Sanepa - Ngrucat tembung - Dhapuk ukara Kawruh Basa - Pepindhan lan tembun panyandra Kasusastran - Pedhalangan 4. Lelampahan Piwulangan Dene wonten ing ngajeng wau sampun kasebat SK, KD, indikator, tujuan, saha materi, amargi sampun patokan saking silabus (silabus

6 kalampir), ing mriki badhe dipunjlentrehaken piwulangan babagan sanepa kemawon. a. Kegiatan Awal - Guru paring apersepsi marang siswa, inggih menika guru paring pitakenan lisan marang siswa ngenani napa kemawon ingkang sampun dimangertosi siswa ngenani sanepa. - Guru njlentrehaken ancasipun piwulang sanepa menika marang siswa. b. Kegiatan Inti Elaborasi - Guru paring salah setungalipun tuladha sanepa lajeng paring pitakenan marang siswa ngenani pangertenipun sanepa menika, siswa mangsuli pitakenanipun guru. - Guru paring pangerten ngenani sanepa saha tuladhanipun marang siswa (materi kalampir). - Guru paring tugas marang siswa kangge ndamel setunggal utawi kalih tembung ingkang ngemu ukara sanepa, sarta menehi pangertenipun saking tembung ingkang didamel siswa. - Lajeng tembung ingkang sampun didamel siswa dipunpresentasikaken ing ngajeng kelas. Guru nunjuk 4 6 siswa kangge maju satunggal-setunggal. - Siswa ingkang dereng angsal kasempatan presentasi saged ngempalaken tembung ingkang dipundamel. Eksplorasi - Kelas dipunbagi dados kelompok ingkang kaperang 2 siswa, bisa saking kanca sak bangkune. - Guru paring tugas kelompok marang siswa kangge damel pacelathon ingkang ngemu paling boten 3 utawi 4 sanepa. - Menawi siswa sampun purna damel pacelathon, guru nunjuk 8 nganti 10 kelompok kangge mraktekaken pacelathonipun.

7 - Siswa ingkang ditunjuk inggih menika siswa ingkang dereng maju nalika tugas individu. - Pacelaton ingkang boten sempet dipraktekake lajeng

dikempalaken. Konfirmasi - Guru nyerat salah setunggal tuladha sanepa, lajeng nunjuk siswa kangge mangsuli pangertenipun sanepa punika. - Guru kaliyan siswa damel kesimpulan ngenani sanepa c. Kegiatan Akhir - Siswa nggarap soal latihan, lajeng dikempalaken (lembar tugas kalampir). - Guru paring informasi ngenani materi ingkang badhe diucal wonten pertemuan salajengipun. - Guru nutup pawulangan. 5. Penilaian Penilaianipun saking tes (seratan), lan non tes (lisan, paraga). Instrumenipun ngangge lembar tugas utawi evaluasi kangge tes, lan lembar penilaian kangge evaluasi lisan lan peraga (lembar penilaian kalampir).

BAB III WASANA BASA

Kasusastran Jawi minangka salah stunggalipun budaya Jawa kedah tansah dipunlestarikaken, utamanipun saking kita kiyambak minangka calon guru ing pawiyatan dasar. Supados samangke menawi mucal wonten pawiyatan dasar, saged kanthi leres lan sae mbimbing siswa-siswa nyinau basa Jawi, lan nglestarikake saha ngrembakakaken budaya Jawi. Sanepa minangka salah setunggaling jinis kasusastran uga perlu diwulangaken ing pawiyatan. Piwulang sanepa ing pawiyatan dasar, inggih menika wonten kelas 6 semester 1, saged kalakon ing metode ceramah, pawenehan tugas, diskusi, kerja kelompok, pitakon lan wangsalan, lan sakpinunggalanipun. Ing piwulang sanepa saha piwulang kasusastran jawi sanesipun, kedah ngajak siswa aktif wonten pamulangan supados siswa saged mangertos ngenani materi ingkang dipunucal, lan ancasing pawulang saged kawujud. Penilaian utawi assesmen ugi kedah kalakok kanthi komprehensif. Inggih menika boten namung saking ulangan lan tugas, naging uga presentasi lan proses nalika nggarap tugas iku. Menawi mangke kita dados guru wonten pawiyatan dasar lan saged mucal kanthi sae lan leres, mangka siswa saged mangertos lan paham punapa materi ingkang disampekake, saengga palestarenipun basa lan budaya Jawi saged kalakon kanthi lancar.

KAPUSTAKAN

Hartanto, Duic. 2011. Tugas Bahasa Jawa MAKALAH Bahasa Jawa (online), (http://www.sayaduic.blogspot.com/, dipunakses tanggal 12 Juni 2012). Roisna. 2010. Sanepa (online), (http://roisna.blogspot.com/2010/03/sanepa.html, dipunakses tanggal 12 Juni 2012). Sutardjo, Imam. 2008. Kawruh Basa saha Kasusastran Jawi. Surakarta: JURUSAN SASTRA DAERAH FAKULTAS SASTRA DAN SENI RUPA UNIVERSITAS SEBELAS MARET SURAKARTA.

LAMPIRAN

MATERI SANEPA KANGGE KELAS 6 SD

Tegese sanepa Sanepa yaiku unen-unen bangsane pepindhan, angemu surasa mbangetake, nanging nganggo tembung sing tegese kosok balek karo karepe. Tuladha Ambune arum jamban banger Ambune banger banget Awake kuru aking Balunge atos debog Barang aji godhong garing Bobote abot kapuk Cahyane abang dluwang Dedege dhuwur kencur = awake kuru banget = balunge empuk banget = barange ora aji babar pisan = bobote entheng banget = cahyane pucet banget = dedege cendhek banget

Enggale suwe banyu sinaring = wektune cepet banget Eseme pait madu Kawruhe jero tapak meri Tatune arang kranjang = eseme manis banget = kawruhe sethitik = tatune akeh banget

Kulite wuled gedhong lumbu = kulite mbedhel banget Lan sak pinunggalanipun.

LEMBAR TUGAS

Apa wae tegese sanepa ing ngisor iki? 1. Rasane legi bratewali 2. Rembuge peret beton = rasane pait banget = ...

3. Sesrawungan renggang gula = ... 4. Tembunge pait madu 5. Tembunge resik peceren 6. Ulate bening leri 7. Utenge arang wulu kucing = ... = ... = ... = ...

8. Wektune suwe mijet suwe wohing ranti = ... 9. Wujude agal glepung 10. Adheme njengkut 11. Petenge dumuk irung = ... = ... = ...

LEMBAR PENILAIAN

Maca tembung kang ngemu sanepa (individu) No. 1 2 3 4 Nama Penilaian Tembung Volume Mimik Gestur

Pacelathon kang ngemu sanepa (kelompok) No. Nama Penilaian Tembung Volume Mimik Gestur

Skala Penilaian 4 = Baik Sekali 3 = Baik 2 = Cukup 1 = Kurang

Anda mungkin juga menyukai