Anda di halaman 1dari 2

RAMALAN JAYABAYA

1. Ana kreta mlaku tanpa jaran, tanah Jawa kalungan wesi, prau mlaku ing awangawang, kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange. 2. Bumi saya mengkeret, sekilan bumi dipajegi. Jaran doyan sambel, wong wadon nyandhang lanang. 3. Akeh wong wadon dijamah, akeh wong liron bojo singa seneng. 4. Akeh janji ora ditetepi, akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe. 5. Manungsa padha seneng nyalah, ora nggatekake hukume Allah. Barang jahat diangkat-angkat, barang suci dibenci. 6. Akeh manungsa mung ngutamakake dhuwit, lali kamanungsan, lali kabecikan, lali sanak lali kadang. 7. Akeh bapa lali anak, akeh anak wani nglawan ibu, nantang bapa. Sedulur padha cidra, kulawarga padha curiga, kanca dadi mungsuh, akeh manungsa lali asale. 8. Ukuman ratu ora adil, akeh pangkat sing jahat lan jahil, akeh kelakuan sing ganjil, wong apik-apik padha kepencil. 9. Akeh wong nyambut gawe apik padha isin, luwih utama ngapusi, wegah nyambut gawe kepingin urip mewah, ngumbar napsu angkara murka, nggedhekake duraka. 10. Wong bener thenger-thenger, wong salah bungah-bungah, wong apik ditampik, wong jahat munggah pangkat. 11. Wong agung kesinggung, wong ala kepuja. 12. Wong wadon ilang kewirangane, wong lanang ilang prawirane. 13. Akeh wong lanang ora duwe bojo, akeh wong wadon ora setya marang bojone. Akeh ibu padha ngedol anake, akeh wong wadon ngedol awake. 14. Wong wadon nunggang jaran, wong lanang lungguh plangki. 15. Akeh wong ngedol ngilmu, akeh wong ngaku-aku, njabane putih njerone dhadhu. Ngaku suci nanging sucine palsu. Akeh bujuk oleh lojo. 16. Akeh udan salah mangsa, akeh randha nglairake anak, akeh bayi lair nakokake bapake. 17. Agama akeh sing nantang, perikamanungsan saya ilang, omah suci dibenci, omah ala dipuja, wong wadon lacur ing endi-endi. 18. Sing weruh kebubuh, sing ora weruh ketutuh. 19. Besuk yen wis ana paprangan teka saka wetan, kulon, kidul, lan lor, akeh wong becik saya sengsara, wong jahat saya seneng. 20. Akeh dhandhang diunekake kuntul, wong salah dianggep bener, pengkhianat saya nikmat, durjana saya sempurna, wong jahat munggah pangkat, wong lugu keblenggu, wong mulya dikunjara. 21. Sing curang garang, sing jujur kojur, wong dagang keplanggrang, wong main saya ndadi. 22. Akeh barang kharam. 23. Akeh barang-barang mlebu luwang, akeh wong kaliren lan wuda. 24. Wong tuku ngglenik sing dodol, sing dodol akal okol. 25. Wong golek pangan kaya gabah diinteri, sing kebat kliwat, sing telat sambat, sing gedhe kesasar, sing cilik kepleset, sing anggak ketungkak, sing wedi mati, sing nekat mbrekat, sing jirih ketindhih, sing ngawur makmur, sing ngati-ati ngrintih, sing ngedan keduman, sing waras nggagas, wong tani ditaleni, wong dora ura-ura.

26. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane. 27. Bupati dadi rakyat, wong cilik dadi priyayi. 28. Akeh omah sandhuwure kuda, akeh wong mangan wong. 29. Wong dagang barange saya laris, bandhane saya lidhis, akeh wong mati kaliren, ing sisihe pangan, akeh wong nyekel bandha ning uripe sengsara. 30. Sing edan bisa dandan, sing bengkong nggedhong, sing waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil. 31. Sing swarane seru oleh pengaruh, wong pinter diingar-inger, wong ala diuja, wong ngerti mangan ati. 32. Sing sewenang-wenang menang, sing ngalah kabeh salah. 33. Ana bupati saka wong sing asor imane, patihe kepala judi. 34. Pitik angrem sandhuwure pikulan. 35. Maling wani nantang sing duwe omahe, begal padha ndhugal, rampok padha keplok-keplok, wong momong mitenah sing diemong, wong jaga nyolong sing dijaga, wong njamin njaluk dijamin. 36. Akeh wong ijir, akeh wong cethil. Sing eman ora keduman, sing keduman ora eman, akeh wong mbambung, akeh wong limbung, akeh wong omah-omah padha bubrah. 37. Hore-hore wong Jawa kari separo, Landa Cina kari sajodho. 38. Selot-selote besuk wolak-waliking jaman teka. 39. Wong nyilih mbalekake, wong utang mbayar. 40. Wong curang keplanggrang, wong jahil drekikil, pengkhianat dipangan laknat, sing dosa rekasa, sing salah nemoni susah. 41. Akeh wong dicokot lemut mati, dicokot semut mati, akeh swara aneh sing ngundang-undang sapa sing dosa, akeh wong edan akeh wong musna, akeh wong rudatin amarga kakehan mangan suap. 42. Tukang tadhah padha susah, wong kendel padha kepetel, wong nganggur padha kebanjur. Wektu iku nyata, dadi untunge sapa sing waspada. (Sumber : Panjebar Semangat, No 26 30 Juni 2012)

Anda mungkin juga menyukai