Anda di halaman 1dari 8

Ejaan Basa Jawa mawa Aksara Latin

Dening: Irfan Al Akbar i

Ejaan Basa Jawa mawa Aksara Latin Dening: Irfan Al Akbar i Basa Jawa asli ora duwe

Basa Jawa asli ora duwe swara f, q, v, x, lan z, nanging basa Jawa Anyar (Jawa Modern) duwe swara iku. Wong-wong Jawa sing mambu sekolahan utawa sing “terpelajar” bakal bisa ngucapake tembung fakir [fakϊr], kafir [kafϊr], film [filêm], vokal [vokal], utawa televisi [televisi]. Ananging, sing ora mambu sekolahan utawa sing “kurang terpelajar” bakal ngucapake tembung-tembung ing dhuwur dadi [pakϊr], [kapϊr], [pilêm], [pokal], lan [telepisi] utawa asring kasebut [tipi]. Anane pangocapan-pangocapan kaya mangkono jalaran basa Jawa asli pancen ora duwe swara f lan v.

A. Panulisan Vokal Basa Jawa Panulisan vokal basa jawa nganggo aksara Latin sing rada mbingungake iku panulisane antara swara [ä], swara [ϊ], lan [ü]. Kareben ora bingung, bisa miturut paugeran ing ngisor iki. 1). Panulise swara [ä] Ing basa jawa swara [ä] utawa a jejeg kudune katulis nganggo aksara a, dudu aksara o, sabab aksara Jawa iku unine nglegena, yaiku ha, na, ca, ra, ka, lsp. Yen katulis nganggo aksara Jawa, swara nglegena iku katulis tanpa nganggo sandhangan apa-apa. Manawa swara [ä] utawa swara a nglegena katulis nganggo aksara o, unine terus dadi ho, no, co, ro, ko, lsp. Lan yen katulis nganggo aksara jawa, kudu tinulis mawa taling lan tarung. Kajaba kuwi, swara [ä] lan [o] iku bisa mbedaake wujud lan surasaning tembung sabab kalebu fonem kang beda. Dadi, swara [ä] kang linambangake mawa aksara a iku beda banget karo swara lan aksara o. Panulisane swara [ä] nganggo aksara a utawa o bisa uga dititeni nganggo cara mangkene. Yen ana swara [ä] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi

panambang –e, swara [ä] ing tembung iku owah dadi swara [a] utawa a miring, panulise swara [ä] ing tembung kasebut kudu tinulis mawa aksara a.

arta

+

-e

artane

[artä]

[-é]

[artané]

bala

+

-e

balane

[bälä]

[-é]

[balane]

sega

+

-e

segane

[segä]

[-é]

[sêgané]

rupa

+

-e

rupane

[rupä]

[-é]

[rupané]

Katon cetha swara [ä] ing tuladha dhuwur bakal owah dadi [a] sawise kawuwuhan panambang –e. Mulane, tembung arta, bala, sega, lan rupa ora bener yen katulis arto, bolo, sego, lan rupo. Yen ana swara [ä] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, swara [ä] ing tembung iku ajeg utawa ora owah dadi swara [a], panulise swara [ä] ing tembung iku kudu tinulis mawa aksara o.

growong

+

-e

growonge

[gräwäŋ]

[-é]

[gräwäŋé]

bolong

+

-e

bolonge

[bäläŋ]

[-é]

[bäläŋé]

sorot

+

-e

sorote

[särät]

[-é]

[säräté]

kopi

+

-e

kopine

[käpi]

[-é]

[käpiné]

Kacetha yenta swara [ä] ing tembung growong, bolong, sorot, lan kopi ing dhuwur sanadyan diwuwuhi panambang –e, swara [ä] ing tembung iku ora owah dadi swara [a]. Sarehne ora owah, swara [ä] ing tembung kuwi kudu tinulis nganggo aksara o.

2). Panulise Swara [ϊ] Yen ana swara [ϊ] utawa i jejeg kang swarane memper [é] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, swara [ϊ] ing tembung kasebut malih dadi swara [i], panulise swara [ϊ] kasebut kudu tinulis mawa aksara i.

cacing

+

-e

cacinge

[cacϊŋ]

[-é]

[caciŋé]

maling

+

-e

malinge

[malϊŋ]

[-é]

[maliŋé]

pitik

+

-e

pitike

[pitϊЌ]

[-é]

[pitiЌé]

arit

+

-e

arite

[arϊt]

[-é]

[arité]

Swara [ϊ] ing tembung cacing, maling, pitik, lan arit ing dhuwur kudu katulis nganggo aksara i sabab swara [ϊ] ing tembung-tembung kuwi bakal malih dadi swara [i] sawise tembung-tembung kasebut kawuwuhan panambang –e. Dadi, jelas salah yen tembung-tembung ing dhuwur katulis caceng, maleng, pitek utawa aret.

3). Panulisane Swara [ü] Yen ana swara [ü] utawa u miring kang swarane memper [o] dumunung ing tembung lingga lan tembung kasebut diwuwuhi panambang –e, swara [ü] ing tembung iku malih dadi swara [u] panulise swara [ü] ing tembung kuwi kudu tinulis nganggo aksara u.

jagung

+

-e

jagunge

[jagüŋ]

[-é]

[jaguŋé]

wedhus

+

-e

wedhuse

[weĐüs]

[-é]

[weĐusé]

siwur

+

-e

siwure

[siwür]

[-é]

[siwuré]

parut

+

-e

parute

[parüt]

[-é]

[paruté]

Manut paugeran ing dhuwur, tembung jagung, wedhus, siwur lan parut kaya tuladha ing dhuwur kudu katulis nganggo aksara u, lan salah yen tinulis jagong, wedhos, siwor, utawa parot.

B. Panulisan Konsonan Basa Jawa Ing basa Jawa, antaraning pocapan lan panulisan kalamangsane ana gesehe. Ing kene paugeran panulisane kaperang dadi 5 perkara, yakuwi panulisan aspirat, prenasalisasi, glotal lan retofleks, panulisan mandaswara, lan swara hamzah.

1). Panulisan Aspirat Basa Jawa duwe konsonan khas kang kasebut aspirat (aspirata). Konsonan aspirat iku awujud swara [h] kang tansah tumempel ing swara anteb [b], [d], [Đ], [j], lan [g]. kabeh konsonan anteb iki ing basa jawa bakal kaucapake dadi [b h ], [d h ], [Đ h ], [j h ], lan [g h ]. Tuladha.

bapak

[b

h

apaЌ]

bisa

[b

h

isä]

sabar

[sab h ar]

dluwang

[d h

luwaŋ]

durung

[d h

urüŋ]

kidul

[kid h ül]

dhudhuk

[Đ h uĐ h üЌ]

kandha

[känĐ h ä]

kadhung

[kaĐ h üŋ]

jiwit

[j

h iwϊt]

jaran

[j h aran]

waja

[wäj h ä]

gusti

[g h usti]

sega

[sêg h ä]

wagu

[wag h u]

Manawa dijingglengi kanthi permati, konsonan khas iku jebule mung alofon, dudu fonem, sebab antarane swara [b] lan [b h ], [d] lan [d h ], [Đ] lan [Đ h ], [j] lan [j h ] sarta [g] lan [g h ] ing tembung kasebut ora njalari owahe teges. Mula saka kuwi, panulisan tembung kang mawa aspirat ngono kuwi, swara aspirat ora perlu katulis. Dadi, panulisan tembung-tembung tuladha ing dhuwur sing bener kaya ing ngisor iki.

bener

salah

bapak

><

bhapak

bisa

><

bhisa

sabar

><

sabhar

dluwang

><

dhluwang

durung

><

dhurung, dhurong

kidul

><

kidhul, kidhol

dhudhuk

><

dhudhok

kandha

><

kondho

kadhung

><

kadhong

jiwit

><

jhiwit, jhiwet

jaran

><

jharan

waja

><

wajha, wojho

gusti

><

ghusti

sega

><

segha, segho

wagu

><

waghu

Ing basa Jawa kuna, antarane swara [b] lan [b h ], [d] lan [d h ], [Đ] lan [Đ h ], [j] lan [j h ] sarta [g] lan [g h ] iku pancen dibedaake panulisane, sebab swara-swara iku kalebu fonem kang beda. Nanging ing basa jawa saiki panulisane swara iki ora dibedaake sabab swara-swara kasebut ora wujud fonem kang beda, mung wujud alofon.

2). Panulisan Prenasalisasi Prenasalisasi iku swara irung kang tansah ndhisiki sawijining tembung nalika tembung iku kaucapake. Ing basa Jawa, prenasal iki akeh-akehe kedadeyan ing tembung-tembung kang kawiwitan dening swara anteb, yaiku [b], [d], [Đ], [j], lan [g]. Swara irung kang

ndhisiki iki akeh-akehe tembung aran (kata benda), utawa tembung lingga kang nuduhake papan.

Bali

Bandung

Bogor

Dili

Denpasar

Demak

dhuwur

dhipan

dhingklik

Jepara

Jember

Jatisari

Gresik

Grogol

Gondhanglegi

[

m

bali]

[

m

bandüŋ]

[

m

bägär]

[

n

dili]

[

n

dènp h asar]

[

n

demaЌ]

[ n

Đuwür]

[ n

Đipan]

[ n

ĐiŋklϊЌ]

[ ή j h [ ή j h [ ή j h

ep h ärä] êmb h êr] atisari]

[

ŋ

gresϊЌ]

[

ŋ

grägäl]

[

ŋ

gonĐaŋlegi]

Sanadyan ing pocapan swara irung tansah ndhisiki swara anteb, paugeran kang digawe netepake yenta prenasalisasi ngono kuwi ora perlu katulis. Dadi, panulisan tembung-tembung tuladha ing dhuwur sing bener kaya ing ngisor iki.

bener

salah

Bali

><

mBali, Mbali

Bandung

><

mBandung, Mbandung, mBandong, Mbandong

Bogor

><

mBogor, Mbogor

Dili

><

nDili, Ndili

Denpasar

><

nDhenpasar, Ndenpasar

Demak

><

nDemak, Ndemak

dhuwur

><

ndhuwur

dhipan

><

ndhipan

dhingklik

><

ndhingklik

Jepara

><

nJepara, Njepara, nJeporo, Njeporo

Jember

><

nJember, Njember

Jatisari

><

nJatisari, Njatisari

Gresik

><

ngGresik, Nggresik, ngGresek, Nggresek

Grogol

><

ngGrogol, Nggrogol

Gondhanglegi

><

ngGondhanglegi, Nggondhanglegi

Ana uga tembung lingga kang wiwitane awujud swara anteb lan nuduhake araning papan, nanging tembung iku ora kadhisikan swara irung. Tuladha, tembung Jakarta lan Jepang, ora nate kaucapake [ n jakarta] lan [ n jepaŋ]. Ana maneh tembung kang kagolong katrangan (adverbia) sing kawitane tembung uga swara anteb, ing pangucapan tembung iku tansah kadhisikan swara irung. Tembung kasebut yaitu boten, bokbilih, bokmenawa, lan bokmenawi. Tembung-tembung mau bakal kaucapake dadi [ m bätên], [ m Ќbilϊh], [ m Ќmenäwä], lan [ m Ќmênawi]. Nanging mangkono, ing panulisan, sing pener anuswara [m] kang ndhisiki tembung iku ora perlu katulis.

bener

salah

boten

><

mboten

bokbilih

><

mbokbilih, mbokbileh

bokmenawa

><

mbokmenawa, mbokmenowo

bokmenawi

><

mbokmenawi

3). Panulisan Glotal lan Retofleks Swara glotal kuwi swara ampang ing gorokan. Sing kalebu swara iki yakuwi swara [Ќ] utawa k ampang. Swara iki ora nate urip ing purwaning tembung, lan racake dumunung ing pungkasaning tembung. Swara Retofleks yakuwi swara untu utawa sinebut apikopalatal. Kalebu retofleks yakuwi swara anteb [Ť] utawa [Đ]. Meh kabeh swara untu bisa dumunung ing kawitan, tengah, lan pungkasan tembung, nanging retofleks [Ť] lan [Đ] iku mung bisa dumunung ing ngarep lan tengah tembung wae, lan ora nate manggon ing pungkasan tembung. Paugeran kang ditetepake, swara [k] ing pungkasan tembung kabeh bakal kaucapake dadi glotal [Ќ]. Swara glotal k manda-manda iki kudu katulis nganggo aksara k. mangkono uga swara [Ť] lan [Đ] retofleks, swara iku kudu katulis nganggo aksara th lan dh kaya tuladha ing ngisor iki.

[simbäЌ]

simbok

[gupaЌ]

gupak

[pidaЌ]

pidak

[Ťolé]

thole

[Ťukül]

thukul

[baŤäЌ]

bathok

[Đawäh]

dhawuh

[gaĐah]

gadhah

[päĐä]

padha

4). Panulisan Mandaswara Mandaswara iku swara manda-manda kang dumunung ing antarane vokal loro (ning dudu diftong) kang beda wujud lan unine. Sing kalebu mandaswara yaiku [y] lan [w]. Swara [y] bakal kaapit vokal /i/-/a/, lan /e/-/a/. Dene swara [w] bakal kaapit vokal /u/-/a/ lan /u/-/i/.

Gampangane bae mangkene. Yen ana tembung kang kedunungan vokal loro kang beda wujude, ing antarane vokal loro mau mesthi kapanjingan mandaswara. Paugerane, mandaswara kang dumunung ana ing tembung lingga kasebut kudu tinulis, dene mandaswara kang ana ing tembung andhahan ora perlu katulis. Tuladha.

a. Tembung lingga

Pocapan

 

tinulis bener

[pri

y ä]

priya

[ki y

ai]

kiyai

[dlu w aŋ]

dluwang

[Đu w ϊ t]

dhu w it

[ni y at]

niyat

[Satri y ä]

satriya

[raĐi y o]

radhiyo

[bi y asa]

biyasa

b. Tembung andhahan

andhahan

rabi

+

-a

wani

+

-a

tuku

+

-a

turu

+

-a

rene

+

-a

sare

+

-a

ngono +

-a

lunga

+

-a

Pocapan

[rabi y

[wani

[tuku w

[turu w ä]

[réné y ä]

ä]

y

ä]

ä]

[saré y

[ŋono w ä] [luŋä w ä]

ä]

><

tinulis salah pria

><

kiai, kyai

><

dluang

><

dhuit, duit, dhuet, duet

><

niat

><

satria, satrio, satriyo

><

radio, radhio

><

biasa, bhiasa, bhiyasa

tinulis bener

rabia

><

tinulis salah rabiya, rabio, rabiyo

wania

><

waniya, wanio, waniyo

tukua

><

tukuwa, tukuo, tukuwo

turua

><

turuwa, turuo, turuwo

renea

><

reneya, reneo, reneyo,

sarea

><

mrenea, mreneo, mreneyo sareya, sareo, sareyo

ngonoa

><

ngonowa, ngonowo

lungaa

><

lungawa, lungoo, lungowo

5). Swara Hamzah Kajaba mandaswara isih ana maneh swara kang mbingungake, yaiku swara hamzah. Swara hamzah iku swara [h] kang kaucapake manda-manda. Ing basa Jawa swara [h] ora perlu katulis, nanging ing basa Indonesia swara iki malah kudu tinulis. Paugeran ing swara hamzah yakuwi swara [h] ing tembung lingga kang kaapit vokal loro sing beda unine, ora perlu katulisake. Tuladhane,

pocapan

tulisan bener

tulisan salah

[mäjäpa h ϊt]

majapait

><

majapahit, mojopait, mojopahit

[pa h ϊŋ]

paing

><

pahing, paeng, paheng

[ja h é]

jae

><

jahe

[la h ϊr]

lair

><

lahir, laer, laher

[ja h ϊt]

jait

><

jahit, jaet, jahet

Liyane kuwi, manawa ana tembung lingga kang wekasane wujud aksara [h] lan tembung iku diwuwuhi panambang, swara [h] ing tembung kuwi ora ilang utawa ora luluh, nadyan pocapane swara iku kaya-kaya ilang, ing panulisane, swara [h] mangkono mau kudu tetep ditulis. Tuladhane,

andhahan

pocapan

bener

salah

kalih

+

-an

[kali h an]

kalihan

><

kalian, kaliyan

duduh

+

-e

[dudu h é]

duduhe

><

dudue, duduwe

weruh

+

-e

[wêru h é]

weruhe

><

werue, weruwe

adoh

+

-e

[adä h é]

adohe

><

adoe

uyah

+

-e

[uya h é]

uyahe

><

uyae

C. Paugeran Khusus Ing basa Jawa ana tembung kang pangucape ora padha karo tulisane, nanging tembung iki gunggunge ora akeh. Tuladhane,

tembung khusus tinulis

diwaca

punika

[mênikä]

punapa

[mênäpä]

ingkang

[iŋkêŋ]

bae

[waé]

Pustaka

Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu, 2001, Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa, Jakarta:

Yayasan Paralingua.

i Penulis adalah pemerhati bahasa jawa, lahir di Blitar, Jawa Timur, banyak mengikuti komunitas bahasa jawa dan sastra, semasa kuliah juga bergabung dengan Lembaga Pers Mahasiswa Teknik Universitas Brawijaya.