Anda di halaman 1dari 4

Assalamualaikum wr.

wb

Para sederek muslimin engkang kaula hurmati. Langkung rumiyin kaula ngajak dumateng
panjenengan sedaya lan dumateng diri kaula. Mangga sareng-sareng netepi takwa dumateng
Allah. Lan samiyo mangertos, bilih dinten menika dinten medalipun umat islam saking bulan
mulya bulan ramadhan dumateng hari raya idul fitri. Hari gembira, dinten wangsulipun umat
islam engkang nindaaken shiam dumateng fitratil islam. Mangga samiyo nujani manahmanah kita sedaya saking sifat sambang pamer lan saking unak-unak hasud (drengki utawi
wadipanasten) lan adu-adu tuwinmungsuhan. Mangga samiyo syukur dumateng Allah atas
sedaya keningmatan ipun engkang dipun parengaken dumateng kita sedaya. Baik nikmat lahir
maupun nikmat batin langkung-lankung nikmat arup iman lan islam. Hingga kita
alhamdulillah saget melaksanakaken tugas kewajiban kita arupi nindakaken shiam ramadhan.
Mangasyiral muslimin rahimakumuallah. Kita umat islam nembekemawon lepas
menyelesaikan tugas kewajiban kita sebagai muslim. Tugas engkang luar biasa, tugas
perjuangan engkang suci engkang ambeta haken pangurbanan batin fisik maupun
mental.Inggih punika pengerjaan puasa ramadhan selama satu bulan wonten ing sak lebetipun
nindakaken shiam ramadhan selama satu bulan. Fisik kita dipun latih supadas mengendalikan
makan lan minum ing dalem sedintenipun kirang langkung tigawelas jam yakni 700 wulan
dasa menika, Menawi dipun total. Selama langkung saking setengah wulan kanthi terus
menerus fisik kitho dipun latih mboten kengeng dahar lan nginum. Ing dalem hal meniko
senunggal tugas lan pekerjaan ingkang owerot sanget. Badan jasmani kitho dipun purih kerjo
kanthi pekerjaan ingkang sae-sae. Mintal utawi rohani kitho dipun purih bertempur melawan
musuh ingkang paling besar dan berbahaya, inggih puniko nafsu syethon. Nafsu sethon
meniko satunggaling musuh ingkang paling berbahaya lan paling besar umat islam.
Sebagaimana sabda rosulullah saw didalam menjawab pertanyaan para sohabatipun. Pada
suatu ketika rosulullah saw dipun takoni deneng poro sohabatipun Ma jihadul Akbar?

Berjuang menopo toh ingkang paling hebat lan ageng? Rosulullah menjawab: Jihadun nafsi.
Perang lan berjuang ingkang paling gede yoiku merangi hawa nafsu.
Maasyirol muslimin,
Mila untung sanget tumeraping umat islam ingkang nindakaken shiyam ingkang merangi
hawa nafsunipun. Insya allah bade pikanthuk kauntungan lan pahala ingkang besar mboten
wonten bandinganipun. Mekaten miturut menopo ingkang dipun dawuhaken deneng
kangjeng nabi:

Cerito sohabat Abu Hurairoh RA, saking kanjeng nabi SAW ngendiko: wus ngendiko Allah
wonten hadits qudsi: kabeh amal bagus kang den lakoni deneng menungso anak adam iku den
tikelaken ganjaran. Wiwit sepuluh tikelan tumeko pitung atus kejobo amal puasa. Mergo
puasa iku kedue ingsun. Dadi ganjaran puasa iku ingsun dewe kang paring piwales kang ora
biso den weruhi tikelane deneng sopo bae. Kerono ibnu adam iku anggone ngendali syahwate
ninggal panganane lan inumane kerono murih rodho ingsun. Dene puoso iku bakal dadi
tameng saking geni neroko. Lan wongkang puoso iku oleh kebungahan loro:
1. Nalika buka rasa nikmat nalika teka idul fitri, raa gembira, numpak suguhan saking
pangeran
2. Bungah nalika ketemu pengirane
Mangashira hadhirin rahimakumuallah. Saklajengipun kita wonten ing dinten menika menuju
dateng hari raya idul fitri hari bersuka riya dan gembira riya. Hari raya punika haqiqahipun
sebagai suguhan lan undangan dumateng umat islam, ingkang melaksanakaken shiyam
romadlon. Mila bilih wonten sebagian saking umat engkang mengakeni dirinipun dados
umat islam kabuten nindakake shiam nanging tumut-tumut ngerayah hari raya tiyang menika
berarti masbuk, sami kalayan tumut walimah tapi boten pikantuk undangan.
Mangasira hadhirin rahimakumuallah. Wonten ing sak lebatin idul fitri menika. Mangga
samiyo ngatah-ngatahaken maos lailahailallah. Maos tasbih, maos shalawat, maos istighfar,
lan ngatah-ngatahaken sadakoh, lan samiyo maaf-maafan kelayan sami kita. Nyuwun
ngapunten saking sedaya kalepatan lahir lan batin, nuwun halal sekinten ingkang dipun
suwun halal menika ngalalaken. Jalaran saking sekedik ipun sangkutan hak adam. Nanging
bilih sangkutan hak edame utang piutang menika katah, kersaha engkal-engkal dipun selesa.
Ampun ngantos tilar dunya tasih gadah sangkutan hak adam. Nanging bilih sangkutan hak
edami/utang piutang meniko kathah. Kersoho enggal-enggal dipun seleseikke, ampun
ngantos tilar dunyo tasih gadah sangkutan hak adami. Kanjeng nabi punika boten kersa

nyalati mayit engkang gadah utang lan boten wonten persediaan arto kangge nyaur lan boten
wonten engkang nanggel jawab. Dipun ceritakaken saking sahabat abi hurairah r.a engkang
maksud ipun mekaten: ana mayit isih duwe utang den ajoakken marang kanjeng nabi supaya
kanjeng nabi nyalati bareng-bareng sahabat, ing kana takon kanjeng nabi,
(
Apa mayit iku ninggal banda kang ginawi nyahur? Menawi den ucapaken yen mayit iku
bener-bener ninggal banda kang ginawe nyahuri , mangka kanjeng nabi kersa nyalati, tapi
menawa den ucapaken yen mayit iku ora ninggal banda kang ginawe nyahuri lan ora ono
wong kang nanggung jawab. Mangka ngendika kanjeng nabi:
. pada nylatana
sira kabeh marang kanca iro, ingsun ora arep nyalati marang mayit ingkang isih duwe
sangkutan utang piutang. Mila sinten engkang rumangsah gadah utang mangga engkal-engkal
dipun bayar. Bilih boten engkal-engkal dipun bayar padahal mampu bayar, mangka termasuk
zalim atawa nganiyaya. Kanjeng nabi ngendika :
, ngendi-ngendine wong kang
mampu bayar utang iku nganiyaya. Lan ngamal sahinipun tiyang engkang gadah utang kang
sampun dumugi mangsa nipun bayar punika boten saget munggah, lan tiyang pejah engkang
taseh gadah utang punika dipun belenggu wonten kuburipun engkang boten saget dipun uculi
kejawi kebayar utangipun. Mila, kersoho ngatos-atos, kersoho merhatosaken bayar utang
senuhuso mawi sodo perhiasan utawi tivi utawi kendaraan.
Poro khadirin ingkang minulyo,
Monggo-monggo samiyo memperkuat ukhuwah islamiyah samiho damai, samiho sederekan,
samiho silaturrahim, lan jabatan tangan, ampun sami dendam, ampun sami mungsuhan,
ampun sami pisuh-pisuhan, lan pado padu, ampun sami jengkel-jengkelan, ampun sami
drengki-drengkinan, wodo-wodonan utawi panas-panasan, ampun sami acung-acungan kepel,
ampun sami neng-nengan. Ngendika kanjeng nabi SAW:

Sopo wonge pengen den paringi jembar rizkine lan den panjangaken umure, mangka becik
nepungo sanak. Lan ngendikane kanjeng nabi SAW:

Maksudipun endi-endi wong islam loro ketemu banjur podo jabatan tangan karone, mongko
wongloro iku den ngapuro dosone sedurunge podo pisah. Lan ngendika kanjeng nabi SAW:

Maksudipun ono perkoro telu sopo wonge biso ngelakoni perkara telu, mangka waong mau
bakal den landerat dening Allah kelawan landerat kang sedelo, lan den lebokaken ing dalem
suargo kelawan rohmate Allah. Podo matur poro sohabat punopo rupinipun perkawis 3 ya
rosul? Mangsuli kanjeng nabi yoiku: 1. Siro gelem sodaqoh marang wong kang ora gelem
sodaqoh marang soro. 2. Arep nepung (silaturrahim) siro marang wong kang ora gelem

silaturrahim ing siro. 3. Areo ngapuro marang wong kang nganiyoyo ing siro. Menawa
sliramu biso ngelakoni perkoro 3 mau, mangka bakal melebu suargo siro.
Poro sederek sedoyo, ampun sami ngenengaken sederekipun islam, jalaran wonten hadits
dawuh rosulullah SAW mekaten:

Ora khalal, ateges harom arep ngenengaken dulure islam punjl telung dino. Sopo wonge
ngenengaken dulure islam luwih telung dino nuli mati, mangka wong mau tetep mlebu
neraka. Mekaten bahayane tiyang islam ingkang ngenengaken sederekipun islam.
Poro hadirin ingkan minulyo, wonten saklebetipun dinten ingkang fitri meniko, samiyo
sowan wonten ngarsanipun tiyang sepuhipun piyambak, tiyang sepuh guru, lan tiyang sepuh
morotuo. Keranten sowan wonten ngarsanipun tiyang sepuh puniko ageng ganjaranipun,
terutama sowan wonten ngarsanipun kiyai/tiyang alim. Masya Allah ageng sanget
fadilahipun. Mila ampun ngantos ngalap cekap sampun pinanggih wonten mriki. Ngendikane
kanjeng nabi:

Sopo wonge ziyaroh (sowan) ana ngersane wong alim, mangka berarti sowan ono
ngersoningsun. Lan sopo wonge sowan ono ngersoningsun, mongko tetep wong mau bakal
nompo safaat ingsun. Lan ono keduwe wong iku kelawan saben-saben sak jangkah oleh
ganjarane wong mati syahid. Mekatenlah fadilahipun ziaroh wonten ngarsonipun tiyang alim.
Mugi-mugi Allah taala paring panjang umur sarono berkah dumateng kito sedoyo lan thoat
Allah, sehinggo menangi idul fitri ingkang vade dumugi sarono sehat afiyat, barokah
rizki,barokah keluargo, pinaringan taufik saget nindakaken sedoyo perintah-perintah sarono
nebihi larangan-laranganipun hinggo pinaringan wilujeng fiddunya wal akhiroh, pinaringan
syahadah khusnul khotimah. Amin-amin ya robbal alamin..

Anda mungkin juga menyukai