Anda di halaman 1dari 3

Golongan PUTRI

Geguritan Wajib
Soebaggio IN:
ILAT
Amung sawelat
Ambaning ilat
Pradene wasis murba wisesa
Gawe begja cilakaning angga
Aywa kendhat
Ngreksa ilat
Njaga wetuning swara saru
Kang njalari tatuning kalbu
Obahing ilat
Darbe kasiat
lamun nuju prana bisa mikat
Yen tan pener, gawe oreging rat
(saka : Geguritan, Antologi puisi Jawa Modern, 1985)

Geguritan Pilihan
(1) R.I Tjiptadi:
ULUNGNA TANGANIRA
Tumetesing bun
Sesarengan luh ing pasuryan
Pindha ilining luk bagawanta
Wingi iki rarase saya dawa
Critamu ngemu lindhu
Ning dhadhamu
Tatu kang saya jero
Tan kinira tan kena lunga
Sapa ta sing tega meksa
Gawe atimu nelangsa
Dakudharna bundhelanira
Dakusada lelanira
Ulungna tanganira
Daktampani sambatira
(2) Riyadi:
TARU LAMUNAN
Dhuh, kadi apa gedhene lan mendah eyupe
pucukanmu kadya jagad karoban ijonung ron marongge-rongge
pang-pangmu langit kang kebak pasren mega-mega kang sulak biru
sesekaran lintang-lintang kang kumelip lan bagaskara
Saka utamnira cahyaning pajar kasiram segering embun
sajroning mangsa panen sewuswasana rukun
dene oyod panjerira bantala kang aweh prasetya adi
ananging sangisoring taru lamunan kuwi
awaku amung kayadene wewayangan mligi
(jarwan mardika saka puisi pohon imaji, kamot ing antologi ruang jingga, 2 April 2010)

(3) Didiek Saputra:


PURWOREJO ING WAYAH WENGI
Gumebyar Purworejo ing wayah bengi
miwiti gawe bungah lan sumringah
marang rasa kang sadina-dina lungkrah
marang pakaryan sing panggah gawe susah
suka parisuka, nyawiji dadi taman ati
ciri wanci kang yektiu trus dumadi
Peteng remeng-remeng ing sakawit
malih rupa padhang sumilak
kaya wayah rahina, babar pisan tanpa beda
endah tansah agawe kangen
Purworejo ing wayah wengi
kagawa ing ompen
(saka Antologi Prasasti Taman Lawang, Nov 2009, 2011)
(4) Suyono:
MUNG TANSAH PRACAYA
Aku kangen siliring angin donya
sing kebak ayom, ayem tentrem
aku ngelak
kabegjan sing ngebaki para umat
urip ngengleng
urip kang tanpa dhuhkita
Donya, donya
yagene kowe kebak panandhang
daharu, paprangan
susah apa dene panggresah?
aku manungsa dosa, duraka
wis mesthi peleng ngadhepi jaman iki
nanging pangeran kang sugih
asih, piwelas
kaadilan lan kawicaksanan
mesthi datan kasmaran
marang para umat kang lurus ing ati
sing tumindak ing garis-garis pinasti

Anda mungkin juga menyukai