Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu.
Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu
basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok,
lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang
kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa
pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa,
utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges
nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa.
Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa
dipindhakake.
Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira
bakal kalah prakarane
Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana
kajibah nggoleki barang kang ilang
Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
Abag-abang lambe = guneme mung lamis
Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur
panguwasane
Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan
kepinterane
Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
Asu marani gebug = njarag bebaya
Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe
panguwasa)
Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake
pasedulurane
Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan
melu tanggung jawab
mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik,
bab becik dikandhakkke ala
Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang
ngimbuhi ribed
Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan
saranane
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing
dirembug
Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng
Dudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora ngerti
Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
Duk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone
Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa
kalakon
Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi
wewadi
Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu
nglakoni
Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele
Enggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa
Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten
Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh
Entek jarake = wis entek kasugihane
Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik
Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya
ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane
Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe
Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong
cilik sing dadi korban
Galuga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene
Gambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana wong
lanang sing nakokake
Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan
Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bis
keturutan
Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging
bisa kelakon
Golek banyu bening = meguru golek kawruh sing becik
Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener
Nggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
Gawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene
nGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas
Gecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala
Gedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe
Geguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah
Gemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu kabegjan
Gendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake
Geni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan
nGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati
nGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
nGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe
Giri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh
Golek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang
uga tumindak ala
Gondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
Gotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
Greget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
ngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
Gumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
ngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing
dipitenah
Gupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake
kepenake
Glugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene
Glundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe
sing lanang
Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni
Idu geni = sakuni-unine kelakon
Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep
nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan
orane
Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala
Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki
malah ora ketemu
Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa
kaluwargane dhewe
Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)
Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep
maju wis rekasa
Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa
omah tetep
Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih
ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin
Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan
Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe
utawa wong kuwasa
Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah
Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang
mbebayani
Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni
Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang,
tanpa oleh pangkat
Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)
Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak
Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna
Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora
mrantasi gawe
Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan
Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran
konangan wong akeh
Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya
kepiye wae nanging ora kasil
Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni
Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
Meneng kitiran = ora bisa anteng
Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput
saka bebaya
Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora
mempan
Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe
Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara
Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)
Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe
Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya
Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan
Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu
Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe
Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe
Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata
Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe
kagete wong akeh
Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
Nyolong pethek = luput saka pangira
Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune
Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan
Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane
Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya
Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran
Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot
Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur
dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe
cilaka)
Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan
Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane
Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen
kekurangan)
Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat
Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
Tunggal banyu tunggal guru
Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan)
Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane
Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong
Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu
gawe wong liya kang ala pakartine
Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim
Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru