Anda di halaman 1dari 4

PEMERINTAH KABUPATEN DEMAK

UPTD DIKPORA KECAMATAN WEDUNG

SEKOLAH DASAR NEGERI KEDUNGMUTIH I


ULANGAN HARIAN KELAS VI KE 1 SEMESTER II
Mata Pelajaran
: Bahasa jawa
Hari / Tanggal
: .
Waktu
: .
Tema
: Komunikasi
Gathekna tuladha pacelathon ing ngisor iki!
Ani
Wulan
Ani
Wulan
Ani

: Wis ta Lan, disabarake. Aku ngerti kaya ngapa susahe wong yen lagi nampa kabar kang
ala. Nanging sapa kang ngabari mau?
: Dheweke mung konda yen nemokake wong semaput ing dalan, lan bapak saiki digawa
menyang rumah sakit
: Kok weruh yen kuwi bapakmu saka ngendi?
: Saka KTP sing ana ing sak kathoke
: Yen ngono, saiki awake dhewe menyang RS kanggo boktekake kahanane

(Bocah loro tumuju menyang rumah sakit, banjur takon karo suster nanging jawabane ora ana pasien
kang aran Pak Sudarna. Nanging dumadakan Pak Sudarno rawuh)
Wulan
Ani
Bapak
Wulan
Bapak
Wulan
Bapak

Lho, Ani, lha kae rak bapak


Endi? Lho kok sehat temen.
Kowe kiwi menyang rumah sakit ngapa?
Bapak kok pirsa?
Bapak dikandhani Yati yen kowe sakloron menyang RS sawise nampa telepon.
Leresipun dospundi ta, Pak?
Iki mau Bapak rak nyuwun tulung Pak Jumiyo Foto kopi KTP. Ing tengah dalan Pak
Jumiyo tiba ora ngerti sebabe semaput. Dening sing nulungi digoleki layang-layange sing
ketemu KTPne Bapak. Banjur ngomah ditelepon.
Ani
:manawi makaten mangga sapunika besuk Pak Jumiyo mawon!
Wulan + Bapak : Yo wis, ayo!
I.

:
:
:
:
:
:
:

Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi wangsulan kang kok
anggep paling bener!

1. Apa sebabe Pak Sudarna dikabarake tiba semaput banjur digawa menyang rumah sakit, nanging
sejatine Pak Jumiyo sing semaput?
a. ana telepon nyasar
b. Sebabe Pak jumiyo didhawuhi foto copy
c. Sebabe sing temokake ing kathoke Pak Jumiyo KTPne Pak Sudarno.
d. Sebab Pak Sudarno KTPne disilih Pak Jumiyo.
2. Sifat welas asih mring sapodha-padha kuwi pantes tiniru kayata sifate
a. Wulan
b.Ani
c.Pak Sudarno
d. Pak Jumiyo
3. Ringkese crita ing dhuwur kang trep yaiku
a. Pak Jumiyo dijaluki tulung Pak Sudarno foto copy KTP, nanging ana dalan dheweke tiba
nganti semaput banjur digawa menyang rumah sakit.
b. Pak Jumiyo nyilih KTPne Pak Sudarno arep difoto copi nanging ana dalan tiba semaput
banjur digawa menyang rumah sakit.
c. Pak Jumiyo gawa KTPne Pak Sudarno tiba semaput digawa menyang rumah sakit
d. Pak Jumiyo Tiba ana dalan nganti semaput banjur digawa menyang rumah sakit.
4. .
Kantormu ing taman-taman asri
Kebak kembang lan wewangi
Mung madu legi sing digawa bali
..
Manut geguritan ing ndhuwur sing duwe kantor ing taman yaiku .
a. Kembang
b. Madu
c. taman
d. tawon
5. Kantormu ing taman-taman asri. Ukara gancaran kang trep karo baris geguritan ing dhuwur
yaiku .
a. sabane ing taman
c. nyambut gawe ing taman
b. omahe ing taman
d. kantore ing taman

6. Yen ana telepon nyasar kudu enggal dijawab .


a. nuwun sewu salah sambung
c. nuwun sewu panjenengan sinten
b. nuwun sewu panjenengan ngawur
d. cobi dipun bel sekedhap maleh.
7. Keparenga kula ing ngarsa panjenengan minangka sulihipun kanca kelas 6.
Jangkepe ukara ing nginggil ingkang leres
a. jumeneng
b. ngadeg
c. sumendhe
d. sedhakep
8. Layang kabar kang metune saben dina diarani ...
a. kalawarti
b. Candrawarti c. Ari warti
d. Warsa warti
9. Wong kang duwe watak culika lan licik, yen ing pewayangan digambarake kaya ....
a. Werkudara
b. Dasa Muka c. Punta Dewa
d. Sengkuni
10. Layang Kitir iku tegese ....
a. layang dines
c. Layang pribadhi
b. Layang kang kemitir
d. layang kang isine cekak aos
II. Gathukna wangsulan ing sisih kiwa nganggo cara nulis aksarane ana ing njero kothak sing
kok anggep bener!
11. Wektu lan papan kedadeyan
12. Piwulang kang kamot ing crita
13. Obahing rahi nalika maragakake crita
14. Karangan kang nganggo basa kang endah
15. karangan kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan
Guru gatra.

a.
b.
c.
d.
e.
f.
g.

mimik
macapat
geguritan
tembang dolanan
latar
polatan
amanat

III.Isenana titik-titik ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!


16. Lembaran ing koran kang kanggo nawarake samubarang diarani .
17. Yen mentasake drama umume ana ing .
18. Pacelathon kang katindakake dening para paraga, dene tema, amanat, alur crita, lan setinge
(latar) karantam kanthi tumata diarani .
19. Kabeh bab kang perlu diwedharake ana ing pidhato diarani .
20. Layang sasuwek kang cekak aos diarani layang .
21. Piranti sesambungan kang adoh papane nganggo .
22. Papan kanggo pawongan kang nindakake pidhato diarani .
23. Muji syuku mring Gusti Ingkang Maha Agung ing pidhato mapan ing pidhato/ sesorah.
24. Geguritan Kitir .
Dening Sumono SA
25. Wasana cekap semanten, manawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten. Ukara iku kalebu
ukara
.
Pidhato.
IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
26. Apa bedane layang resmi karo layang pribadhi?
Wangsulan : _________________________________________________________________
_________________________________________________________________
_________________________________________________________________
27. Apa geguritan iku?
Wangsulan : _________________________________________________________________
28. Coba gaweya ukara pakurmatan ana ing pidhato!
Wangsulan : _________________________________________________________________
29. Coba sebut 3 wae saka 6 rantaman pokok sesorah!
Wangsulan : _________________________________________________________________
30. Gaweya tuladha pacelathon karo kancamu kanthi tema sesambungan/komunikasi!
Wangsulan : _________________________________________________________________

TES LESAN
1. Kang ditindakake sepisanan manawa arep pidhato yaiku ....
2. Demak 30 Nopember 2009. Panulisane titi mangsa kang bener yaiku ....
3. Ngaturaken panuwun marang para tamu anggone rawuh ing pahargyan iku kalebu perangan
pidhato babagan ....
4. Perangan layang kang mratelakake isi utawa kekarepan layang diarani ....
5. jenis layang kang nggunakake kop surat, lampiran, lan lita-liyane klebu jenis layang ....
6. Crita bocah kang isine ngaya wara ora ana kasunyatane diarani ....
7. Pidhato uga sinebut ....
8. Panggonan kanggo nyimpen barang-barang kang antik ana ing ....
9. Lembaran ing koran kang isine nawarake sawijine khasiling produksi diarani ...
10. Sengkuni iku patih ing kraton ....
TES PERBUATAN
Wacanen kanthi permati wacan ing ngisor iki kanthi permati!
Budi bocah kang tininggal bapake nyambut gawe ana Jakarta, deweke saiki ana Demak melu
embahe. Saikine Budi wis lungguh ing kelas VI SD Bintoro 1. Miturut ngendikane Bapak-Ibu
Guru yen ing wulan Mei mengko Kelas VI bakal dianakake Ujian Akhir Nasional. Ing angenangenane Budi yen wis nyedhaki wulan Mei dheweke bakal nggawe layang marang bapake kang
isine bakal nyuwun donga pangestu.
Sawise tok waca wacan ing dhuwur, bantunen Budi nggawe layang kang bener marang
bapake ing Jakarta!

KUNCI JAWABAN UNHAR BHS. JAWA KL.VI SM 2 KE 1


TES TERTULIS
I. PILIHAN GANDA
1. C
2. B
3. A
4. D
5. A
6. A
7. B
8. C
9. D
10. D

III. ISIAN
16. Iklan
17. panggung
18. drama
19. isi
20. kitir
21. telepon
22. mimbar
23. pambuka
24. kaanggit, karipta, kagurit
25. panutup

II. MENJODOHKAN
11. E
12. G
13. A
14. C
15. B.
IV. URAIAN
26. Bedane yaiku a. Layang resmi layang kang nggunakake basa baku lan panulisane nganggo
paugeran paugeran kang gumathok
b. layang pribadhi layang kang migunakake basa padinan
27. Geguritan yaiku : karya sastra kang awujud puisi nganggo basa jawa kang endah.
28. Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinormatan (kawicaksanan guru)
29. a. Salam pambuka
d. dudutan (simpulan)
b. purwakaning atur
e. pangajeng-ajeng
c. isi (wigatining atur
f. panutup.
30. kawicaksanan guru
TES LESAN.
1. Salam pambuka
2. Demak, 30 Nopember 2009
3. Purwakaning atur
4. Surasa basa (isi)
5. Dhines
6. Dongeng
7. Sesorah
8. Mosium
9. Iklan
10. Astina
TES PERBUATAN
Kawicaksanan guru

Anda mungkin juga menyukai