Anda di halaman 1dari 5

Cikal-Bakal Pandawa lan Kurawa

Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku
Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandawa lan Kurawa uga sinebut darah
Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang
dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan
Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.
Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata. Mula Bathara
Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para dewa. Sang Hyang Kanekaputra
matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging sapa?. Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana
liya maneh kejaba ya mung Manumayasa iku. Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung
Manumayasa dhewe kang ditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik?. Sawise
rembugan sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya melu
tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.
Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune uga salah
sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya kadhawuhan tumurun ing
ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanak-turune besuk, amarga anak-turune
Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin
kang
kudu
njejegake
kautaman.
Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu tlaten
ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener. Sabanjure Semar mapan ing
Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene Manumayasa banjur yasa padhepokan ing
Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang Retawu, prasasat meh saben dina. Sawise sawatara taun
Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru lan Bathara Narada bali ngrembug
bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya
duwe keturunan kang besuk dadi pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane
Manumayasa iku aja mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa
nurunake
anak-anak
kang
uga
becik
pakartine.
Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung darbe rupa
sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan Ismaya. Widadari kang
diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika tumurun ing ngarcapada, kekarone
memba rupa dadi macan. Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana
ing alas. Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa
Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing linepasake, ngenani
macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari. Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah
marang Manumayasa, lan matur yen kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.
Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi Kanastri dadi
bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati. Sekutrem nurunake para ratu
Astina, kalebu Pandawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para raja Mandaraka. Dene Semar, tetep dadi
abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan Bagong kang uga banjur melu dadi abdine
para anak-turune Manumayasa. Nanging uga ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan
Bagong kuwi dudu anake Semar, amarga dumadine saka dipuja.

Cerita PANDAWA LIMA Dengan Bahasa Jawa

PANDAWA LIMA

1.

Yudhistira / Puntadewa

Panjenenganipun punika pambarep saka Pandawa lima, utawa anak-anak Pandu


karo Kunti. Panjenenganipun punika inkarnasi Gusti Yama. Yudhistira mrentah ing
Kratoning Amarta.

Karakter: Menehi banget wicaksana, ora mungsuh, meh ora tau ngapusi kang gesang.
Duwe dhuwur banget moral, katresnan lan pangaksumo mema'afkan mungsuh sing
wis nyerah. Sifat liyane yoiku sabar, jujur, manut kanggo ajaran agama, kebak
kapercayan, lan wani berspekulasi.

2.

Bima / Werkudara
Putra kapindho Pandu karo Kunti. Iku jelmaan saka Dewa Bayu sehingga duwe julukan
Bayusutha. kuwat banget, dawa tangan, dhuwur, lan pasuryan sing paling sangar
antarane sedulur-sedulur. Malah dadi, kang nduweni ati sing apik. Pinter muter gada
gegaman. nduwe Rujakpala jenenge kang klub. uga diarani Werkudara. Ing wayang
jawa, Bima duwe anak sing jenenge Gatotkaca, Antareja lan Antasena.

Karakter: duwe sifat lan watak; wani, teguh, kuwat, wani, manut lan jujur.
Dheweke uga nduweni sifat atos lan medeni mungsuh, malah sanadyan dheweke
lanang, manut kanggo sikap, ora seneng basa basi, ora tau mendua lan ora tau ndilat
ludahe dhewe

3.

Arjuna / Permadi

Arjuna iku putra ragil saka Dewi Kunti lan Pandu. Panjenenganipun punika inkarnasi
Gusti Indra, Sang Dewa perang. Arjuna iku pinter lan seneng bertapa lan sinau
marang guru. Arjuna nduweni keahlian ing lmu Pemanahan lan dianggep minangka
ksatria. Kemahirane ing ilmu perang nggawe iku tumpuan saka Pandawa supaya bisa
oleh kamenangan gedhe nalika perang nglawan Kurawa. Arjuna uga dikenal
minangka Janaka. Dheweke mimpin karajan ing Madukara

Karakter: Arjuna nduwe perwatakan wicaksana,meneng, lemah lembut, teliti, sopan,


wani lan seneng nlindhungi sing lemah

4.

Nakula/Pinten

Nakula iku salah siji saka anak lanang kembar saka Dewi Madrim lan Pandu. Iku
titisane dewa jenenge Aswin kembar, dewa oengibatan. Nakula pinter muter pedhang
gegaman. Nakula wong sing paling bagus ing donya lan ksatria pedhang sing
tangguh
Karakter: watak jujur, setya, manut karo wong tuwane lan ngerti bali sih lan bisa
njaga rahasia

5.

Sadewa/Tangsen

Sadewa iku salah siji saka anak lanang kembar saka Dewi Madrim lan Pandu. Iku
titisane dewa jenenge Aswin kembar, dewa pengobatan. Sadewa iku rajin banget lan
pemikir. Sadewa uga pakar ing ilmu astronomi.

Karakter: watak jujur, setya, manut kanggo tuwane lan ngerti bali sih lan bisa njaga
rahasia.

Anda mungkin juga menyukai