Anda di halaman 1dari 5

BUKU CEKELAN (BULAN)

Piwulang Basa Jawi


Kelas X TKR/PBN/MM/KI
Semester 1

Guru Pengampu: Agi Kustri Juniawan, S.Pd.

Nama

: ...........................................................

Kelas

: X TKR / PBN / MM / KI * ..............

Nomer

: ..........................................................

SMK MIFTAHUL HUDA RAWALO


2015/2016

Wulangan 1

Wara-wara
Wara-wara pancen beda karo iklan utawa pawarta. Iklan asipat komersil tegese golek
bathi, dene pawarta asipat informative, isine ngabarake marang khalayak umum. Wara-wara
uga ngabarake marang khalayak umum nanging luwih wigati ngajak-ngajak nyengkuyung apa
kang diwartakake utawa asipat persuasive. Wara-wara minangka pretelan kang martakake
saweneh kagaiatan, isine cekak aos sarta nganggo basa kang cetha, gamlang, mencutake, padet
lan gampang ditampa.
Perangan wara-wara kang baku yaiku :

Adangiyah
Pambuka
Surasa basa/ isi
Wasana basa/ panutup

Papan lan titi mangsa


Peprenah
Tapak asma
Asma terang

Tugas 1!

Gaweya wara-wara kanthi perangan kang jangkep ing buku, banjur wacanen warawara iku ing kelas!

Telepon kanthi Nganggo Unggah-ungguh

Wicara ing telpon minangka micara ora adu arep, sanajan kaya mangkono uga
kudu duwe subasita la nana tata carane, kayata luwih dhisik diwiwiti nganggo
salam. Apa maneh wicara basa jawa, antarane wong enom marang wong enom,
wong enom marang wong tuwa, wong tuwa marang wong tuwa kabeh beda.

Tugas 2!

Paragakna pacelathon nalika telepon nganggo unggah-ungguh kang temane


ditentukaken gurumu ing kelas!

Wulangan 3

Maca Cepet

Maca cepet yaiku maca kanthi cepet lan uga ngerti isine kanthi wijang.
Cara-cara ngukur cepete maca yaiku yen arep maca njaluka tulung kancamu supaya
ngabani anggonmu miwiti maca, kancamu kon nulis wektune anggonmu miwiti maca,
kancamu kon nulis suwene anggona maca, yen wis etungen cacahe tembung sing kok waca
saben menite, etungen nganggo rumus cepete anggonmu maca.
Rumus CMM = (gunggunge tembung sing kawac a : wektu kang digunakake) x 60
Katrangan: CMM ( cepete mahami maca ).
Tugas 3!

Wacanen teks kang disiapake gurumu ing batin, banjur cathet wektu anggonmu
maca. Jelentrehaken isi wacan kang wis diwaca iku ing kelas!

Wulangan 2

Wulangan 4

Nulis Geguritan
Guritan saiki wis ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis ana pangaribawaning
jaman, saengga guritan saiki wis beda karo giritan jaman biyen, tegese wis mardika.
Titikane guritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung
kang pinilih, cacahe larik ora katemtokake, sajak pungkasane bebas mardika, ora
nggunakake basa padinan, arang-arang nggunakake tembung pangiket, migunakake
tembung kawi, isine mentes, lan migunakake purwakanthi basa, swara lan sastra.

Carane nulis geguritan yaiku nemtokake tema, milih tetembungan kang mentes, endah lan
cekak, menehi irah-iarahan kang jumbuh karo isine geguritan.

Titikane geguritan :
Ora kawengku ing pathokan.
Migunakake tembung-tembung kang pinilih.
Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa.
Isine mentes.
Tugas 4!

Tulisa geguritan kanthi tema kang ditentukake gurumu ing buku tugas!

Wulangan 5

Cerita Pengalaman

Pengalaman mono wujude manekawerna. Ana pengalaman pribadi, ana


kedadeyan kang dialami dening masyarakat/ bangsa. Kedadeyan penting kang dialami dening

sawenehing bangsa kanthi bukti kang nyata dadi sejarah. Pengalaman pribadi yaiku
pengalaman sing dilakoni/ dirasakake dening manungsa dhewe.
Tugas 5!
Bayangake pangalamanmu kang bisa dicritakake marang kancamu, tulis
pangalamanmu iku ing buku, banjur critakake pangalaman iku ing kelas (Tanpa
teks)!

Wulangan 6

Parikan lan Wangsalan


Parikan yaiku unen-unen rong perangan, kapisan kanggo pancadan, kanggo
pencokaning swara. Dene perangan kapindho mawa teges kang dikarepake. Ana telu werna
paugeran kanggo gawe parikan yaiku:
a. Kadadeyan saka rong ukara kang dhapikane nganggo purwanthi guru swara.
b. Saben saukara kadadeyan saka rong gatra, lan
c. Ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kapindho minangka uwose.

Tuladha:

a. Duren,duren; kweni, kweni

Mbiyen, mbiyen; saiki, saiki

b. Nyangking ember kiwa tengen,

Lungguh jejer nggo tamba kangen

c. Purwodadi rak kuthane

Sing dadi rak nyatane

Wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman kanthi mratelake batangane utawa


tebusane sarana sinadi. Jinising wangsalan ana:
a. Wangsalan Lamba

Wangsalan kang isi batangane mung siji

Tuladha: aja jenang gula, Le! (jenang gula=gulali, dadi batangane lali).

b. Wangsalan rangkep

Wangsalan sing isi batangane luwih saka siji.

Tuladha: kolik priya, wanara anjani putra

Tuhu eman, wong enom dadi kangelan

(kolik priya= manuk tuhu, dadi batangane tuhu; anjani putra= anoman, dadi
batangane enom).
c. Wangsalan memet

Wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngonceki maksude


tetembungan ambal ping pindho.
d. Wangsalan padinan

Wangsalan sing prasaja ora disebutake batangane jalaran wong dianggep ngerti
jawabane.

Tuladha: roning mlinjo, yen wis sayah kena ngaso.

(roning mlinjo= so, dadi batangane ngaso).

e. Wangsalan purwakanthi basa

Wangsalan kang edi peni, kepenak dirungu sebab migunakake purwakanthi basa.

Tuladha: cipta arda, ardaning tyas miring sasama


Tyas susila, nur raga ambek jatmika.

(cipta arda= nepsu, ardaning tyas miring samama= ambek)

Tugas 6!

Gaweya 5 parikan lan 5 wangsalan ing buku tugasmu!

Wulangan 7
Maca lan Nulis Huruf Jawa

akSr = Aksara Jawa

a=ha n=na c=ca r=ra k=ka f=da t=ta s=sa w=wa l=la

p=pa d=dha j=ja y=ya v=nya m=ma g=ga b=ba q=tha z=nga
a=k jw = Angka Jawa

1=1
2=2
3=3 4=4
5=5 6=6 7=7 8=8 9=9 0=0
sWr = Swara

A = a I= i U= u E=e O=o
pszn\ = Pasangan

....H= Ha
....N = Na
....C=Ca
....R=Ra
....K=Ka

...F=Da
....TT=Ta
....S=Sa
....W=Wa
....L=La

....P=Pa
....D=Dha
....J=Ja
....Y=Ya
....V=Nya

....M=Ma
....G=Ga
....B=Ba
....Q=Tha
....Z=Nga
Tugas 7!
Salinen carita pangalamanmu ing tugas 5 nganggo aksara Jawa kang bener ing buku
tulismu!

Anda mungkin juga menyukai