Anda di halaman 1dari 3

jeneng Yudhistira, ing crita Jawa, asline dianggo dening raja jin ing alas Mertani.

Ing lakon
Babad Alas Mertani, Pandhawa kasil ngalahake jin-jin ing alas kuwi. Yudhistira manjing ana ing
ragane Puntadewa, pembarepe Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih kondhang dienggo dening
Puntadewa kang banjur dadi raja ing Amarta, Indraprasta, iya Cintakapura, utawa
Batanakawarsa, sing tilas alas Mertani.
Ing Mahabharata, Yudhistira (utawa tinulis Yudisthira) iku ya Puntadewa dhewe. Dheweke lair
saka bun-bunan Dewi Kunti, mula saka iku dijenengi Puntadewa kang tegese punjering
kaluhuran. Yudhistira dhewe maknane raja prajurit. Ing Mahabharata, Pandhawa duwe bojo kang
padha, yaiku Dewi Drupadhi (poliandri). Nanging ing wayang, Drupadhi iku bojone Puntadewa.
Seka jejodhoan iki nuwuhake Pancawala.
Pandhawa
Yudhistira
Bima
Arjuna
Nakula
Sadewa

Ing padhalangan, Puntadewa iku putra pembarepe Prabu Pandhu Dewanata (ratu Astina) lan
Dewi Kunthi. Dasanamane, Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmaraja, Darmawangsa,
Wijakangka(Dwijakangka), Gunatalikrama,Samiaji, lan Sang Ajathasatru. Miturut layang
Mahabharata,salugune Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane keadilan, srana Bathara
Dharma manunggalake rasane karo Dewi Kunthi kang mateg dayane aji Adityahredaya (yen
miturut padhalangan "mateg aji Panggendaming dewa" kang aran Puntawekasing Rasa Tunggal
Sabda tanpa Lawanan). Rehne bab mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula dening para
pujangga kita banjur diowahi, di jumbuhake laro tuntunan budaya Jawa lan kapribaden Jawa
kang isine yane peputra ora karo bojone dhewe kuwi klebu tumindak sing nistha. Mulane ing
crita padhalangan, Puntadewa iku putrane Prabu pandu, ratu ing Astina (Ngastina) lan Dewi
Kunthi, dene Bathara Dharma kuwi dadi bapa angkate, kang uga banjur manitis ana anggane
untadewa. Mula saka iku, Puntadewa uga sinebut Darmakusuma. Garwa prameswarine Prabu
Puntadewa iku mung siji, Dewi Drupadi, putrine Prabu Drupada, ratu ing negara Pancala iya
Cempala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra siji aran Pancawala.
Ing versi Mahabharata India, Yudhistira pinter olah kaprajuritan lan gagah nalika perang.
Yudhistira iku artine raja prajurit. Nanging ing crita Jawa, Yudhistira iya Puntadewa iku
kondhang kadidene titah ludira seta. Kang mengkono mau kagawa saka watake sing jujur,
salawase urip ora gelem dhora (ngapusi. Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yen dijaluk
wong liya diwenehake. Mula Puntadewa uga kondhang sinebut manungsa lega donya lila ing
pati.

Minangka tuladha, ing lakon Indrajala Maling (lakon carangan), Prabu Puntadewa ditembung
dijaluk patine kanggo numbali wewalak ing negara Buluketiga. Sang Prabu ya manut. Dhirine
dipasrahake. Ngenani wewatakane paraga siji iki, oncek-oncekane utawa anggone ndudah kudu
permati. Awit akeh bab-babe sing rasane angel ditrapake ing sajroning penguripane wong
sawantah.
Ing lakon Baratayuda, Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing ora gelem ngapusi. nalika
Pandhita Durna madeg senopati agung, kabeh Pandhawa rumangsa bingung. Sebab, dikaya
ngapaa wae Pandhita Durna kuwi gurune Pandhawa. Apa hiya murid arep wani marang gurune ?
Untung Prabu Kresna ora kurang iguh pertikele. Terus sing didhawuhi ngadhepi Pandhita Durna
iku putra Pancala, Raden Dhresthajumena. Kresna mung dhawuh marang Werkudara supaya
merjaya gajah titihane senopati pengampinmg (Prabu Prameya) kang aran Gajah Esthitama.
Sawise gajah kelakon mati dikepruk gada Rujakpolo, kabeh wadya Pandhawa banjur
kadhawuhan alok yen Esthitama mati. Pamirenge Pandhita Durna sing mati mau Aswatama.
Mula Pandhita Durna banjur nglumpruk otot bebayune, kaya wis kelangan daya. Kanthi ati sing
bingung, urna banjur takon mrana-mrene, kalebu marang para panakawan, marang Werkudara,
arjuna, Nakula, sadewa, lan sapitutrute. Kabeh anggone mangsuli padha gelem dhora yen
Aswatama pancen mati. Durna akhire takon marang Puntadewa. bareng ditakoni kaya
mengkonmo mau mesthi wae Sang Prabu bingung banget, mosok arep goroh ?
Dibisiki karo Prabu Kresna yen kala-kala wong kena goroh sethitik-sethitik ora apa-apa, nanging
Puntadewa tetep puguh ora gelem goroh. Kresna golek cara liya, supaya anggone matur marang
Durna nalika ngucapake tembung sthi"sing lirih banget wae, dene anggone ngucapake tembung
"tama"sing cukup sero.
Tenan, diucapake dening Prabu Puntadewa ngono kuwi. Saka pangrungune Pandhita Durna,
Aswatama mati, mula Durna banjur nglumpruk ing sangarepe Puntadewa, ning Sang Prabu
banjur digandheng Kresna sumingkir saka papan kono. Karimijen tanpa daya, Durna ketekan
Dhresthajumena kang wis kepanjingan yitmane Prabu Ekalaya iya Palgunadi kang pingin males
ukum. Kanthi pedang ligan, Pandhita Durna ditigas janggane, satemah pralaya.
Prabu Puntadewa sing sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau diapusi Kurawa lumantar
Patih Sengkuni srana kasukan main dadu kanthi totohane negara. Satemah para Pandhawa
sakadang kudu gelem nglakoni dadi wong buangan ing alas suwene 12 taun. Ing pakeliran
pusakane kang asring dadi kembang lambe dhalang yaiku Jimat Kalimasada Pustaka Jamus.
Ana uga Payung Kyai Tunggulnaga lan tombak tumbak Kyai Karawelang, lan sangsangan
robyong (tilarane Prabu Yudhistira, ratu Mertani) kang dayane, menawa Puntadewa nesu lan
astane nganthi nyeggol kalung iki, sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta kang
gedhene sagunung anakan kanthu kulit putih kang apraceka Dewa Amral iya Dewa Mambang.
Ing pungkasaning crita, Puntadewa munggah swarga bareng karo sedulur-sedulure. Puntadewa
bareng karo asune moksa sing pungkasan. Tinimbang Pandhawa liyane, raja iki luwih resik atine.
Ora kumalungkung, ora sok kuwasa, jujur, lan ngugemi agama kanthi ngati-ati.

Ing sorga, Puntadewa ora trima amarga sedulur-sedulure padha mlebu neraka. Dheweke njaluk
supaya melu mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah enak-enak ana surga. Jebul kuwi
mung sawetara. Pandhawa kudu nglebur dosa dhisik sawetara banjur mlebu surga. Dene Kurawa
bisa ngrasaake endahing surga amarga ana sawetara kabecikan, nanging ora akeh. Sawise
Kurawa ngrasakake sorga banjur dilebokake ana ing neraka.

Anda mungkin juga menyukai