Anda di halaman 1dari 4

Nama : 1. Albertus Kurnia L.

2. Annisa Diah M. (05)


3. Desyana Shoima N.
4. Krisna Nur D.
5.Nanda Ayu P.
6. Rizza Hardianti R.
Kelas : X MIA 2

(03)
(12)
(21)
(23)
(26)

BIMA BUNGKUS
Ing jejer ngastina, wonten Prabu Pandu saha Dewi Kunthi lagi nandang duka amargi
miosipun putra kaping kalih kang awujud bungkus.
Dewi Kunthi : Putraku... Kang mas niki pripun? Putra kita sampun mios ananging tasih
kawujud bungkus... menika pripun kakang mas?(Kalihan nangis.)
Prabu pandu : Sabar, adinda.. aku yo sedih.
Dewi kunthi : Kang mas, padosaken patulungan kangge si putra kita kang awujud bungkus.
Prabu pandu : Iyo, wis ojo sedih maneh.
Prajurit... prajurit.... gowonen pusaka sing paling sakti!
Prajurit
: Niki pusakanipun, paduka.
Prabu pandu : Prajurit... pecahen si bungkus!
Prajurit
: Inggih, Paduka. (Prajurit bola-bali mecah si bungkus ananging ora pecahpecah, nganti kesel ora kasil.)
Prajurit
: Ngapunten sanget, paduka... kula sampun mecah si bungkus ngangge pusaka
sakti ananging si bungkus dereng saged pecah.
Dewi kunthi : Iki pripun kakang? Pusaka kang banget saktine mawon mboten saged mecah si
bungkus
Prabu pandu : Wis ngene wae, mengko aku sowan ing dalemipun Roo Abiyasa.
Prabu Pandu saha Dewi Kunthi bingung amargi sampun pados patulungan
kanggo si bungkus ananging mboten pecah-pecah. Sengkuni ingkang mirengake pawarta menika
banjur nemoni kurawa.
Sengkuni
Kurawa
Sengkuni
Kurawa
Sengkuni
Kurawa
Sengkuni
Kurawa
Sengkuni
Kurawa
Sengkuni
kurawa

: Kurawa.... aku entuk pawarta yen prabu pandu karo dewi kunthi wis nglahirke
putra keloro.
: Haha.. kula inggih sampun mangertos, trus kula kedah pripun?
: Yo.. kuwe mecah anake kuwi.
: Pripunleh... pripun?? Putra kok dipecah, nopo ingkang kedah dipecah?
: Woooo... kuwe durung reti yo...makane yen ono wong ngomong ojo di pedot.
: Kula nyuwun pngapunten.
: Ngene lho... rungokake... Prabu Pandu karo Dewi Kunthi nglairke anak
ananging awujud bungkus nanging durung ono sing bisa mecah.
: Panjenngan niku lho kok aneh-aneh mawon, kok wonten bayi dados bungkus?
: Lho lho.. kuwe ora percoyo karo aku..?
: Inggih inggih kula percoyo kalih panjenengan, trus kula kedah pripun?
:yo kuwe mecah si bungkus! (Sengkuni kanthi ngamuk Kurawa.)
: Inggih .. kula nyuwun pamit kangge mecah si bungkus.
(Kurawa menyang kerajaan Prabu Pandu kangge mecah si bungkus.)

Kurawa
Sengkuni

: Ngapunten sanget, kula mboten saged mecah si bungkus, si bungkus kuat


banget.(Karo ngos-ngosan ngadep Sengkuni kang lagi murka.)
: Ra becus!
Dinten saklajengnipun Prabu Pandu sowan menyang dalemipun Romo Abiyasa.

Prabu pandu
Romo abiyasa
Prabu pandu
Romo abiyasa
Prabu pandu

: Kulanuwun Romo.
: Iyo... ono opo, ngger?
: Putra kula sampun lair Romo.
: Yo syukur.. ananging kenopo rai mu ketok susah, ngger?
: Mekaten romo, putra kula sampun mios ananging awujudipun tasih bungkus
amargi ketubanipun dereng pecah, kula sampun nyobi mecah kalihan pusaka
ingkang sakti, si bungkus inngih dereng pecah-pecah.
Romo abiyasa : Ngene wae ngger.. buak si bungkus ono alas Krendawahana!
Prabu pandu : Inggih matur nuwun, Romo. Kula nguyun pamit.
Romo abiaya : Iyo ngger... ati-ati.
Prabu pandu kondur sangking dalemipun Romo Abiyasa banjur bucal bungkus
ana ing alas Krendawahana.
Bungkus ana ing alas Krendawahana ngawe ribut ing kono amargi kakuatane si
bungkus kang gedhe sing seneng obah ngalor ngidul saha nyebabake kabeh isi alas
Krendhawahana keganggu.
Pengadu

: Walah.. walah iki ono opo?? Kok koyok gempa. Walah walah opo iku kok ono
bungkus obah-obah dewe, nyoro iki... kudu diandake Bathara Guru iki.
Pengadu menyang kayangan kangge madep Bathara Guru kanggo madulake
babagan polahing si bungkus kang nggawe seisi alas kekanggu.

Pengadu
Batara guru
Pengadu
Batara guru
Pengadu
Batara guru

: Batara Guru.. nuwun sewu..


: Ono opo?
: Ing alas Krendawahana wonten bungkus ingkang polah ngaler ngidul, ingkang
ndadosaken karusakan lan ngganggu ing alas Krendawahana.
: E.., si bungkus??
: Inggih, leres.
: Iyo.. bakal tak urus.
Bathara Guru nimbali Gajah Sena saha Dewi Umayi kangge ngurus si bungkus.

Batara guru

: Gajah Sena......! Dewi Umayi........! rene ngerr...!

Gajahsena saha : Inggih guru.


Dewi umayi
Batara guru

: Gajah Sena tak utus kowe kanggo mecah si bungkus kang gawe alas
Krendawahana iki gonjang ganjing, saha kowe Dewi Umayi tak utus dandani si
bungkus nganggo busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih,
pupuk, sumping, gelang lan maringi kuku pancanaka.
Gajahsena saha : Inggih guru.
Dewi umayi

Batara guru
: Kono ndang budal ing alas Krendawahana.!
Gajahsena saha : Sandika dawuh ,guru.
Dewi umayi
Dewi Umayi saha Gajah Sena tindhak saking khayangan menyang ing alas
krendawahana, saklajengnipun dewi umayi saha gajahsena dugi ing alas krendawahana kekalihe
ngelaksanaake tugas saking batara guru.
Dewi umayi
Gajahsena
Dewi umayi

: Gajah Sena! Kowe mangerti ing ndi si bungkus?


: Mangko ya bakal lewat ,lha wong sing bungkus gaweane glundang-glundung
ing alas iki.
: O.. mangkono to..
(gruk....grukkk....)

Dewi umayi
Gajah sena

: Suara apa iku!


: Oh! Iku si bungkus!

Dewi umayi saha Gajah Sena nututi si bungkus, kanthi ing lemah kang lapang
ing njerone alas Krendawahan.
Gajahsena

: Mendekkk....!
(Grukk..Grukk...)

Dewi umayi
Gajahsena

: Wes, ora perlu kakehan omong! Langsung wae pecah!


: Jiaaatttttt!!

Gajah Sena mecah si bungkus nganggo gadinge kang sakti saha Dewi Umayi
nyungsup ing njero bungkus kanggo ndandani si bungkus.
(Bruakkk...)
Gajahsena

: Akhire pecah bungkus iki!!

Sakbanjure bungkus pecah, Gajah Sena ketemu kalih Bima Bungkus saha
nggawe peperangan ing kekalihe, si bungkus terus ngelawan marang Gajah Sena.
Gajahsena
Dewi umayi

: Urgghh..., aduh loro....!


: Gajah Sena!

Amargi kekuatane si Bima Bungkus kang gedhe sahengga Gajah Sena kalah
saha pejah ing peperangan kekalihe. Banjur kakuatan Gajah Sena pindah marang slirane Bima
Bima bungkus : Haha...haha.... aku ndue kakuatan kang gedhe ora ana uwong kang bisa
ngalahke aku, termasuk kowe Gajah Sena, haha...
Bima bungkus kluntang-kluntung banjur ngadep dhumateng Sang Kabayandewa.
Bima bungkus : Kulanuwun..
Kabayandewa : Iyo..,melbu o
Bima bungkus : Kula wonten mriki badhe nyuwun persa... kula niki sinten?

Kabayandewa

: Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra


kapindho ratu ing Amarta Prabu Panadu Dewanata. Sira lahir awujud bungkus lan
kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama.... lan sira tak paringi tetenger
Bratasena ya ngger....
Bima kanthi mulih lan nemoni Rama saha Ibundane. Lan Bima dadi kesatriya
kang sakti mandraguna.

Anda mungkin juga menyukai