Anda di halaman 1dari 2

Nama : Besti Anggraeni (07)

Dita Ayuning Tyas (14)


Putri Tri Mulyani (27)
Rina Actaviani (30)
Kelas : XI Akuntansi 1

Legenda Putri Ayu Limbasari


Neng daerah Karesidenan Banyumas sebelah lor, yakuwe Purbalingga. Ana legenda Putri
ayu limbasari asale sekang desa limbasari,ceritane jaman gemiyen neng daerah kue ana wit
witan ,ya kue wit Klemba wujude wit kue cilik anane neng duwur lan nempel maring wit
gede.lan buaeh rasane legi .makane akeh wong sing mangan buah kue dadi krasa legi anger
mangan panganan liane juga legi rasa llegine buah klemba.dadine daerah kue di jenengi desa
Limbasari paduan antarane buah Klemba lan sari.
Neng desa limbasari ana keluarga cilik sing dueni keturunan Raden,keluarga kue due
anak wadon sing Ayu Rupane lan dueni sedulur lanang angkat.bocah wadon kue di jenengi Sari.
Seliane ayu Sari nduweni kepribadian sing mulia.
Kerjaane Sari saben dina dadi petani dadine kehidupane sederhana banget,lan kabar Sari
wonge ayu nyebar tekan ngendi ngendi dadine akeh wong nom nom sing krungu lan teka
nglamar Sari.Krungu sari akeh sing nglamar,sedulur lanang angkat dadi cemburu lan
jengkel.saking jengkele dulur lanang angkat sari ,sari di kon aja nemoni wong sing arep nglamar
sari.
Sikape sedulur lanang angkate sari nggawe bingung sari lan akeh pitakonan ,apa sing di
karepna sedulur lanang angkat sari maring sari,ben dina akeh perubahan sikape sedulur lanang
sari maring Sari ana rasa tresna critane ,lah akhire si sari tambah penasaran maring dulur lanang
kue apamaning pas ana wong sing nglamar sari deweke kesel lan jengkele keliwatan,akhire si
sari sue sue ngerti nek dulur lanang angkate deweke seneng karo sari.
Pas rama biyunge sari ora ning ngumah ceritane sedulur lanange sari ngomong lan
ngetokna isi atine sing mbarang gemiyen di pendem, yakuwe rasa demen utawa tresna maring
sari.Krungu kaya kue,Sari langsung raine abang ireng lan pucet.
Apamaning sedulurlanange ngancem angger sari nampa lamaran sekang wong lia jere sari arep
di pateni.langsung sari mlayu maring kamar njur nangis nggembor ngembor karo mikir apa ya
arep nampa lamaran sekang wong lanang sing wis di anggep adi lanange dhewek.
Pas dina liane esuk esuk sari nyeluk Rama Biyunge sing lagi ning mburi
umah,kebeneran dulur lanange pas ora ning ngumahterus sari cerita karo Rama Biyunge masalah
sedulur lanang mau seneng karo sari lan jere arep ngancam mateni sari angger ora gelem nampa
lamarane dulur lanang mau.
Mangkane sari njaluk tulung karo wongtuane kon mateni sari ,sari nglakoni kaya kue karena ora
gelem nglarani ati adine maumergane ora nerima cintane adine.karuan wong tuane sari kaget.
Bar krungu kaya kue wong tuane sari setuju karo penjaluke sari,karo atine melas lan ora tega
karo sari wongtuane sari mau ngubur sari urip urip.sari ngomong karo wong tuane angger
benang sing neng duwur esih gerak gerak kue berarti aku esih urip sebalike angger benang sing
neng duwur wis ora gerak berarti aku mati kue omongane sari.ngrungokna omongane sari
Rama Biyunge sari langsung nangis lan sedih.

Wis pirang dina ora ketemu sari sedulur lanange sari panic lan bingung,mbatine ngomong
apa sari lunga ninggalna umah karo penasaran adi lanange sari takon karo wong tuane sari.adi
lanange sari ndesek takon lan maksa karo wong tuane sari yen sebenere sari maring ngendi.
Ahire wongtuane sari cerita kedadian mau masalah sari pas adine sari ora ning
ngumah,ahire adine sari merasa bersalah atas kedadian mau .
Kaya kue cerita gadis ayu sing rela korban deweke demi wong lia,lan kuburane sari siki esih ana
ning desa limbasari lan terjaga kantti apik.
Makane nganti siki akeh gadis limbasari sing ayu ayu kanggo bukti nek ana ceritane
PUTRI AYU LIMBASARI.

Anda mungkin juga menyukai